PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 138
  • ”Kowé Bakal Krungu Swara Perang”

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • ”Kowé Bakal Krungu Swara Perang”
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Sing diomongké Yésus
  • Yésus bakal ngendhegké perang
  • Menurut Alkitab, Kapan Perang Bakal Berakhir?
    Topik Liyané
  • Tanggepané Gusti Allah bab Perang ing Jaman Saiki
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2015
  • Apa Hubungané Perang ing Timur Tengah karo Ramalan ing Alkitab?
    Topik Liyané
  • Dampak Perang kanggo Kabèh Wong
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2025
Topik Liyané
mrt artikel 138
Gambar: Yésus lagi ngandhani murid-muridé apa sing bakal kelakon ing akhir jaman. Kutha sing hancur merga perang. Ledakan bom nuklir. Tentara lagi patroli lan ana tank ing mburiné.

NIRU CONTONÉ YÉSUS

”Kowé Bakal Krungu Swara Perang”

”Selama 60 taun aku dadi jurnalis, ana luwih saka 40 perang ing sak donya sing beritané tak liput. Tapi menurutku, perang-perang sing kelakon selama taun 2025 kuwi sing paling medèni. Misalé mbiyèn pas Perang Dingin antara Amerika Serikat karo Uni Soviet, wong-wong mémang padha wedi. Tapi pas Uni Soviet bubar, perangé langsung mandheg. Nah perang-perang sing saiki kuwi béda, soalé dampaké dirasakké ing sak donya lan salah siji perang kuwi isa marakké negara-negara liya dadi mèlu-mèlu.”—John Simpson, penulis berita politik internasional saka BBC.

Merga akèh perang ing sak donya, wong-wong dadi wedi. Meréka mesthi ya péngin bèn ora ana perang manèh. Nah saka kata-katané Yésus, awaké dhéwé isa ngerti kenapa kok saiki ana akèh perang lan apa perang bakal ana terus.

Sing diomongké Yésus

Yésus mbiyèn tau ngomong karo murid-muridé, ”Kowé bakal krungu swara perang lan berita-berita soal perang.” (Matius 24:6) Omongané Yésus kuwi saiki kelakon tenan.

Berita-berita soal perang mémang isa marahi wedi, tapi awaké dhéwé nduwé harapan. Kok isa? Yésus ngomong nèk perang, bencana alam, lan sifaté wong-wong sing tambah jahat kuwi dadi ”tandhané akhir jaman”. (Matius 24:3; Lukas 21:7) Terus ing akhir jaman, Yésus bakal nyingkirké kabèh masalah sing marahi perang.

Yésus bakal ngendhegké perang

Sedhéla manèh, Yésus sing wis dadi Raja Kerajaané Gusti Allah bakal ”ngendhegké perang ing bumi”.—Mazmur 46:9.

Nèk péngin ngerti carané Yésus nyingkirké kabèh masalah sing marahi perang lan nggawé bumi dadi damai, wacanen artikel ”Piyé Perang Bakal Disingkirké?”

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2026 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim