PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 131
  • Bantuan Kanggo Wong sing Wuta

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Bantuan Kanggo Wong sing Wuta
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Gusti Allah perduli karo wong sing wuta
  • Carané Seksi Yéhuwah mbantu wong sing wuta
  • Bahan-bahan kanggo sinau Alkitab sing disedhiakké Seksi Yéhuwah
  • Mbantu Wong Wuta Sinau bab Yéhuwah
    Kagiyatané Abdiné Allah—2015
  • Nggawé Buku Nganggo Huruf Braille
    Carané Sumbangané Njenengan Digunakké
  • Tambah Trampil Nginjil—Nginjil marang Wong Wuta
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2020
  • Carané Nggunakké Rekaman Audio
    Kagiyatané Abdiné Allah—2015
Delok Kabèh
Topik Liyané
mrt artikel 131
Wong wuta lagi lungguh ing taman karo ngrungokké rekaman audio sing ana ing aplikasi ”JW Library”.

Bantuan Kanggo Wong sing Wuta

Ing sak donya, ana sekitar 43 yuta wong sing wuta lan 295 yuta wong sing penglihatané terbatas.a Sayangé, wong-wong kuwi akèh sing dirèmèhké utawa malah dijahati.

Piyé perasaané Gusti Allah ndelok wong sing wuta? Piyé carané Seksi Yéhuwah mbantu meréka?

Gusti Allah perduli karo wong sing wuta

Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwahb perduli karo wong sing wuta. Yéhuwah péngin bèn meréka isa kenal karo Dhèwèké, lan ngekèki tuntunan bèn meréka isa bahagia. Dhèwèké ya ngekèki harapan kanggo meréka. Terus nèk ana sing jahat karo meréka, Yéhuwah ya ora seneng.

Ing Alkitab disebutké: ”Wong sing nyebabké wong wuta keblasuk bakal dikutuk.”​—Pangandharing Torèt 27:18.

Maksudé: Hukum sing diwènèhké Gusti Allah kanggo umaté mbiyèn nglindhungi wong wuta bèn ora dijahati wong liya.

Ing Alkitab disebutké: ”Gusti Allah kuwi ora mbédak-mbédakké.”​—Kisah 10:34.

Maksudé: Gusti Allah sayang lan nganggep berharga kabèh wong, termasuk sing wuta.

Ing Alkitab disebutké: ’Yésus nggawé akèh wong wuta isa ndelok manèh.’​—Lukas 7:21.

Maksudé: Pas ing bumi, Yésus marèkké akèh wong sing wuta. Iki nduduhké apa sing bakal kelakon pas Kerajaané Gusti Allah mréntah ing masa depan.

Ing Alkitab disebutké: ”Wong wuta bakal isa ndelok.”​—Yésaya 35:5.

Maksudé: Yéhuwah janji nèk sedhéla manèh, pas Kerajaané Gusti Allah mréntah bumi, kabèh wong wuta bakal isa ndelok manèh.

Carané Seksi Yéhuwah mbantu wong sing wuta

Seksi Yéhuwah ing sak donya seneng nyritakké harapan saka Gusti Allah kanggo wong sing wuta. Carané piyé?

  • Nyedhiakké Alkitab lan bacaan sing dhasaré Alkitab nganggo huruf Braille utawa tulisan sing luwih gedhé. Terus, kuwi ya ana rekaman audioné. Sakliyané kuwi, ya ana vidéo sing rekaman swarané wis disesuaikké khusus kanggo wong sing wuta lan penglihatané terbatas.

  • Ing pertemuan ibadahé Seksi Yéhuwah kabèh wong éntuk mèlu, termasuk sing wuta.

  • Nyedhiakké kursus Alkitab kanggo sapa waé sing gelem, termasuk sing wuta.c

Nèk péngin maca Alkitab utawa bacaané Seksi Yéhuwah, teka ing pertemuan ibadah, utawa mèlu kursus Alkitab karo Seksi Yéhuwah, njenengan ora perlu mbayar. Kok isa? Soalé Seksi Yéhuwah manut omongané Yésus yaiku, ”Kowé nampa tanpa mbayar, mula wènèhna tanpa njaluk bayaran.”​—Matius 10:8.

Seksi Yéhuwah bener-bener perduli karo wong sing wuta. Nèk mèlu pertemuan ibadahé Seksi Yéhuwah, njenengan isa éntuk kanca-kanca sing apikan lan sayang karo njenengan. Ana wong-wong sing wis ngrasakké kuwi. Gatèkna pengalamané meréka.

Talita Alnashi, saka Swedia. Kèt cilik, mripaté wis kena katarak. Ing vidéo iki, coba gatèkna piyé wong tuwané mbantu dhèwèké sinau Alkitab lan piyé sedulur-sedulur seimané nduduhké nèk sayang karo dhèwèké lan keluargané.

James Ryan, saka Amerika Serikat. Kèt lair dhèwèké tuli, lan suwé-suwé dadi wuta. Ing vidéo iki, coba gatèkna kenapa kok dhèwèké isa tetep bahagia lan puas.

Cynthia Pablo.

Cynthia Pablo, saka Filipina. Dhèwèké wuta lan tuli. Selama pandemi COVID-19, sedulur-sedulur seimané mbantu dhèwèké. Crita lengkapé ana ing artikel ”Dukungan Sidang Selama Pandemi untuk Seorang Saudari yang Buta Tuli”.

Bahan-bahan kanggo sinau Alkitab sing disedhiakké Seksi Yéhuwah

Wong wuta lagi nganggo alat pencatat Braille (notetaker).

Bacaan nganggo huruf Braille. Seksi Yéhuwah nyedhiakké Alkitab nganggo huruf Braille. Ing beberapa basa lagi ana beberapa kitab, tapi ing basa liyané wis lengkap. (Bèn isa ngerti basané apa waé, deloken kothak ”Alkitab Terjemahan Donya Anyar Huruf Braille”.) Terus, ana akèh bacaan kanggo sinau Alkitab sing nganggo huruf Braille. Seksi Yéhuwah ya nyedhiakké buku panduan carané maca huruf Braille sing judhulé Sinau Huruf Braille. Tapi nèk ana wong wuta sing péngin nggunakké buku iki, dhèwèké perlu dibantu wong sing ora wuta.

  • Nèk péngin éntuk bacaan nganggo huruf Braillé, njaluka langsung karo Seksi Yéhuwah utawa njaluka diparani karo Seksi Yéhuwah.

  • Nèk péngin éntuk bacaan vèrsi èlèktronik sing isa diwaca nganggo alat pencatat Braille (notetaker),d njenengan isa download ing situs wèb jw.org.

Bacaan vèrsi tercétak sing ukuran tulisané gedhé lan vèrsi èlèktronik sing ukuran tulisané isa disesuaikké. Seksi Yéhuwah nyedhiakké akèh bacaan nganggo tulisan sing luwih gedhé kanggo wong sing penglihatané terbatas. Terus, ing situs wèb jw.org lan aplikasi JW Library ana bacaan vèrsi èlèktronik sing ukuran tulisan utawa gambaré isa digedhèkké.

  • Nèk péngin éntuk bacaan sing ukuran tulisané gedhé, njaluka langsung karo Seksi Yéhuwah utawa njaluka diparani karo Seksi Yéhuwah.

  • Nèk péngin éntuk vèrsi èlèktronik saka bacaan kuwi, njenengan isa download ing situs wèb jw.org.

Rekaman audio. Seksi Yéhuwah nyedhiakké rekaman pembacaan Alkitab Terjemahan Donya Anyar sing ana ing luwih saka 200 basa. Terus, bacaan-bacaan sing dhasaré Alkitab ya ana rekaman audioné. Ing rekamané kuwi biasané ana penjelasan kanggo gambar sing ana ing vèrsi tercétaké.

  • Nèk péngin ngrungokké utawa download rekaman audioné, njenengan isa mbukak ing situs wèb jw.org utawa aplikasi JW Library.

  • Nèk péngin éntuk bacaan vèrsi èlèktronik sing isa diwaca nganggo pembaca layar (screen readers) utawa pembaca buku èlèktronik (digital talking book players),e njenengan isa download ing situs wèb jw.org.

Gambar wong lagi ngomong.

Vidéo sing rekaman swarané disesuaikké. Seksi Yéhuwah nyedhiakké vidéo-vidéo sing dhasaré Alkitab sing rekaman swarané disesuaikké. Kuwi disebut dèskripsi audiof lan wis ana ing luwih saka 100 basa. Vidéo-vidéo kuwi mbantu wong-wong bèn isa ngerti lan ngetrapké isiné Alkitab.

Contoné, ana ing sèri vidéo iki:

  • Kunci Perkawinan yang Bahagia

  • Alkitab Mengubah Kehidupan

  • Animasi Papan Tulis

Pertemuan-pertemuan ibadah. Seksi Yéhuwah ngumpul kanggo ngibadah lan sinau Alkitab saben minggu. Terus, biasané setaun ping telu ya ana pertemuan sing luwih gedhé. Seksi Yéhuwah berusaha bèn kabèh sing teka isa menikmati acarané, termasuk nèk ana sing wuta. Misalé nèk ing acara kuwi ana vidéoné, wong sing wuta isa ngrungokké vidéo sing ana dèskripsi audioné. Terus nèk sing wuta kuwi ya tuli, biasané ana penerjemah sing mbantu dhèwèké selama acara kuwi.

  • Nèk péngin ngerti panggonan pertemuan ibadahé Seksi Yéhuwah, deloken ing kéné.

  • Nèk péngin éntuk informasi soal pertemuan sing luwih gedhé, deloken ing kéné.

  • Njenengan ya diundang ing acara Peringatan Kematiané Yésus. Iki dadi acara sing paling penting kanggo Seksi Yéhuwah.

José Luis Ayala manggon ing Meksiko. Kèt lair dhèwèké tuli, lan pas umuré 29 dhèwèké wuta. Tapi, uripé berubah sakwisé teka ing pertemuan ibadahé Seksi Yéhuwah. Dhèwèké ya dilatih bèn isa dadi guru Alkitab sing trampil. Njenengan isa ndelok pengalamané ing vidéo iki.

Alkitab Terjemahan Donya Anyar Huruf Braille

Kèt 1 Mei 2025, Alkitab huruf Braille wis tersedia ing basa-basa iki:

Belanda

Chichewa

Georgia

Hungaria

Inggris

Italia

Jepang

Jerman

Korea

Portugis

Prancis

Rusia

Spanyol

Ukraina

Yunani

a Istilah ”wuta” ing artikel iki maksudé wong sing babar blas ora isa ndelok utawa wong sing penglihatané terbatas. Wong sing ”penglihatané terbatas” kuwi ora isa ndelok jelas meskipun wis nganggo kacamata, lan kuwi ngganggu kegiatané saben dina.

b Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah. (Mazmur 83:18) Wacanen artikel ”Yéhuwah Kuwi Sapa?”

c Nèk péngin nyoba kursus Alkitab karo Seksi Yéhuwah, njenengan isa njaluk dikunjungi.

d Alat pencatat Braille (notetaker) kuwi alat èlèktronik sing isa ngubah tulisan dadi titik-titik sing mbentuk huruf Braille. Kadhang, alat iki ya dilengkapi fitur sing isa ngubah tulisan dadi swara. Merga ukurané ora pati gedhé, alat iki isa digawa-gawa. Terus nèk wis nganggo alat iki, wong sing wuta ora perlu nganggo buku manèh.

e Pembaca layar (screen readers) kuwi software sing isa ngubah tulisan sing ana ing layar dadi swara. Pembaca buku èlèktronik (digital talking book players) kuwi alat èlèktronik sing isa ngubah tulisan ing bacaan vèrsi èlèktronik dadi swara. Tèknologi iki mbantu wong sing wuta isa langsung ngrungokké bagian tertentu saka bacaané, tanpa kudu nyetèl saka awal.

f Dèskripsi audio kuwi swara tambahan kanggo njelaské gambar apa sing muncul utawa apa sing lagi kelakon ing vidéoné.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2026 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim