PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 136
  • Nyisihké Wektu Bèn Isa Luwih Akrab karo Gusti Allah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nyisihké Wektu Bèn Isa Luwih Akrab karo Gusti Allah
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Yésus ngajarké apa?
  • ”Wong-wong sing sadhar nèk mbutuhké tuntunané Gusti Allah kuwi wong sing bahagia.”—Matius 5:3.
    ”Wong-wong sing sadhar nèk mbutuhké tuntunané Gusti Allah kuwi wong sing bahagia.”—Matius 5:3.
  • Carané Bèn Bener-Bener Bahagia
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
  • Sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah Kuwi Kaya Piyé?
    Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
Topik Liyané
mrt artikel 136
Cah-cah enom saka negara sing béda-béda. Ana sing lagi maca Alkitab, ndonga, lan nggawé jadwal kanggo pelajaran pribadi.

NIRU CONTONÉ YÉSUS

Nyisihké Wektu Bèn Isa Luwih Akrab karo Gusti Allah

Uripé njenengan bakal dadi luwih bahagia nèk nyisihké wektu kanggo sinau soal Gusti Allah lan ngupaya bèn isa nduwé hubungan sing akrab karo Gusti Allah. Nèk ngupayakké kuwi, berarti njenengan sadhar nèk mbutuhké tuntunané Gusti Allah. Gatèkna ajarané Yésus soal kuwi.

Yésus ngajarké apa?

”Wong-wong sing sadhar nèk mbutuhké tuntunané Gusti Allah kuwi wong sing bahagia.”​—Matius 5:3.

  • Njenengan mungkin péngin ngerti jawaban saka pertanyaan-pertanyaan iki: Kenapa awaké dhéwé diciptakké? Kenapa kok ana akèh wong sing uripé sengsara? Piyé keadaané wong mati? Nèk ngerti jawaban saka pertanyaan-pertanyaan kuwi, awaké dhéwé bakal ngrasa ayem.

”Manungsa kudu urip ora mung saka panganan waé, ning saka saben omongan sing diucapké Yéhuwaha.”​—Matius 4:4.

  • Awaké dhéwé butuh mangan saben dina bèn tetep séhat. Padha kaya ngono, saben dina awaké dhéwé ya butuh tuntunané Gusti Allah bèn isa nduwé hubungan sing akrab karo Gusti Allah. Mula, Yésus ngandhani nèk awaké dhéwé kudu nggolèk tuntunané Gusti Allah.

”Omongan-Mu kuwi sing bener.”​—Yohanes 17:17.

  • Omongané Gusti Allah kuwi dicathet ing Alkitab. Yésus ngajarké nèk Gusti Allah nggunakké Alkitab kanggo mènèhi awaké dhéwé tuntunan.

Njenengan bakal bener-bener bahagia nèk nyisihké wektu kanggo Gusti Allah lan ngupaya bèn isa nduwé hubungan sing akrab karo Gusti Allah. Njenengan isa nyoba cara-cara iki:

  • Maca Alkitab.

  • Njaluk sinau Alkitab gratis karo salah siji Seksi Yéhuwah.

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah. (Mazmur 83:18) Wacanen artikel ”Yéhuwah Kuwi Sapa?”

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2026 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim