Jumat, 16 Oktober
Aja gelem dipengaruhi wong wédok kuwi. Aja nganti ngetutké wong wédok kuwi.—WB. 7:25.
Sing dialami cah lanang ing Wulang Bebasan 7 ya isa dialami karo kabèh penyembahé Yéhuwah. Kerep-kerepé, wong sing nggawé dosa gedhé mungkin ngomong nèk dhèwèké nggawé dosa kuwi merga ngerti-ngerti ana godhaan sing muncul. Padahal nèk dhèwèké gelem mikirké manèh, mungkin dhèwèké dadi sadhar nèk sakjané wis nggawé beberapa kesalahan cilik sing ngarah ing dosa gedhé kuwi. Misalé, dhèwèké mulai kancanan karo sing dudu penyembahé Yéhuwah. Utawa, dhèwèké seneng mbukak situs wèb, milih hiburan, utawa lunga ing panggonan sing ora pantes kanggo wong Kristen. Terus, mungkin dhèwèké wis ora maca Alkitab, ndonga, teka ngibadah, utawa nginjil manèh. Dadi, kaya cah lanang ing Wulang Bebasan mau, dhèwèké nganti nggawé dosa gedhé kuwi dudu merga ngerti-ngerti ana godhaan. Apa pelajarané? Aja mung berupaya bèn ora nggawé dosa, tapi ya aja nganti nglakoni hal-hal sing isa marakké nggawé dosa. Kuwi sing ditandheské Salomo bar nyritakké soal cah lanang enom lan wong wédok kuwi.—Mat. 5:29, 30. w24.07 16 ¶10-11
Setu, 17 Oktober
Aku iki kaya wadhah saka tanah liat sing isiné harta sing berharga.—2 Kor. 4:7.
”Harta sing berharga” kuwi maksudé tugas kanggo martakké soal Kerajaané Gusti Allah sing isa marakké wong urip saklawasé. (2 Kor. 4:1) Terus, ”wadhah saka tanah liat” kuwi maksudé umaté Yéhuwah sing martakké kabar apik. Pas jamané Paulus, wadhah saka tanah liat dienggo nyimpen barang-barang berharga, misalé panganan, anggur, lan dhuwit. Padha kaya ngono, awaké dhéwé ya wis dipercaya kanggo martakké berita sing penting. Kuwi tugas sing istiméwa banget. Awaké dhéwé isa terus nginjil mung nèk dibantu Yéhuwah. Pas nginjil, kadhang awaké dhéwé wedi ditolak utawa wedi disenèni. Nah, bèn ora wedi manèh, isa niru contoné para rasul. Meréka ya tau dilarang nginjil. Tapi, meréka ndonga njaluk tulung Yéhuwah bèn mbantu meréka ”terus kendel”. Yéhuwah langsung njawab dongané meréka. (Kis. 4:18, 29, 31) Dadi nèk wedi, isa langsung ndonga karo Yéhuwah bèn dibantu dadi luwih sayang karo wong-wong. w24.04 16 ¶8-9
Minggu, 18 Oktober
Bapakku sing ana ing swarga, muga-muga jeneng-Mu disucèkké.—Mat. 6:9.
Merga sayang Yéhuwah, awaké dhéwé péngin nyucèkké jenengé. Kuwi berarti péngin ngandhani wong-wong nèk tudhuhané Sétan soal Yéhuwah kuwi ora bener. (PD. 3:1-5; Ayb. 2:4; Yoh. 8:44) Wektu nginjil, awaké dhéwé seneng nyritakké soal Yéhuwah karo sapa waé sing gelem ngrungokké. Awaké dhéwé péngin nyritakké nèk sifaté Yéhuwah sing paling menonjol kuwi katresnan, carané Dhèwèké mréntah kuwi mesthi bener lan adil, lan ora suwé manèh Kerajaané bakal nyingkirké kabèh masalah lan nggawé manungsa isa bahagia. (Mzm. 37:10, 11, 29; 1 Yoh. 4:8) Wektu nyritakké kuwi kabèh pas nginjil, sakjané awaké dhéwé lagi nyucèkké jeneng Yéhuwah. Awaké dhéwé ya isa bahagia merga mbuktèkké nèk bener-bener dadi seksi kanggo Yéhuwah. w24.05 18 ¶12