NIRU CONTONÉ YÉSUS
Sak Donya Bakal Damai
Kabèh wong péngin sak donya keadaané damai. Kèt jaman mbiyèn, pamréntahan ing sak donya wis ngupaya nggawé keadaan ing bumi dadi damai lan ora ana perang manèh. Kadhang upayané meréka berhasil, tapi kuwi mung sementara soalé bar kuwi ana masalah manèh sing marahi wong-wong ora rukun. Apa mungkin sak donya isa bener-bener damai? Isa. Tapi piyé carané? Gatèkna apa sing bakal ditindakké Yésus ing masa depan lan apa sing dhèwèké ajarké.
Sing bakal ditindakké Yésus
Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti apa sing bakal ditindakké Yésus kanggo nggawé keadaan ing bumi iki damai.
”[Yésus] bakal disebut . . . Pemimpin sing Nggawé Rukun lan Tentrem. Kuwasané bakal saya gedhé, lan pamréntahané bakal terus nggawé rukun lan tentrem.” (Yésaya 9:6, 7) Yésus sing dadi raja Kerajaané Gusti Allah bakal nggawé keadaan ing donya iki damai nganti saklawasé.
”Dhèwèké bakal nylametké wong mlarat sing njaluk tulung . . . lan wong sing ora digatèkké.” (Mazmur 72:12-14) Pas Yésus mréntah dadi raja, ora ana manèh wong-wong sing dijahati lan sengsara. Terus, perang lan kekerasan ya ora ana manèh.
”Bangsa ora bakal perang nglawan bangsa lan ora bakal ajar perang manèh.” (Yésaya 2:4) Pas Yésus mréntah bumi, kabèh wong bakal diajari carané urip rukun lan ora ana sing diajari perang.
Dadi sukmbèn, Yésus bakal nggawé keadaan ing bumi iki bener-bener damai. Tapi piyé carané, lan apa sing kudu diupayakké bèn isa manggon ing kono? Deloken vidéo Kerajaané Gusti Allah Kuwi Apa?
Sing Yésus ajarké
Saiki, ajarané Yésus isa mbantu akèh wong urip rukun lan damai. Pas nyampèkké Ceramah ing Gunung, Yésus mulang pathokan-pathokan sing bermanfaat kanggo urip saben dina. Nèk ngetrapké pathokan kuwi, awaké dhéwé isa rukun karo wong liya. Contoné apa waé?
”Wong-wong sing seneng nggawé rukun kuwi wong sing bahagia.” (Matius 5:9) Yésus mulang murid-muridé bèn dadi wong sing seneng nggawé rukun. Kuwi berarti wektu dhèwèké ana ing situasi sing ora damai, dhèwèké bakal ngupaya kanggo nggawé keadaané damai manèh.
”Rukuna dhisik karo sedulurmu, terus balia, lan wènèhna korbanmu.” (Matius 5:23, 24) Yésus ngandhani murid-muridé nèk ana sing nduwé masalah karo wong liya kudu ndang dirampungké. Yésus mulang murid-muridé bèn isa nduwé hubungan sing cedhak karo Gusti Allah ya kudu rukun sik karo wong liya.
”Aja ngadili wong manèh supaya kowé ora diadili.” (Matius 7:1) Yésus ngandhani awaké dhéwé bèn aja nganti seneng menghakimi wong liya, utawa nuntut wong liya kanggo nglakoni sesuatu padahal awaké dhéwé ora nglakoni kuwi. Yésus ya mulang awaké dhéwé, timbang nggolèk-nggolèk kesalahané wong liya, luwih apik ’terus ngapurani’ wong-wong sing nduwé salah karo awaké dhéwé.—Lukas 6:37.
Akèh wong ing sak donya ngetrapké ajarané Yésus. Meskipun ing lingkungan sekitaré ana akèh kejahatan lan masalah, tapi wektu ngatasi masalah meréka ngupaya tetep alus, gelem ngapurani, lan tetep apikan karo wong-wong sing wis njahati meréka.
Nèk péngin ngerti manfaat apa waé sing wis dirasakké wong-wong merga ngetrapké ajarané Yésus, wacanen artikel ”Isa Ayem Meskipun Ana Perang”.