PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 134
  • Kekerasan Dudu Solusi sing Apik kanggo Ngatasi Masalah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Kekerasan Dudu Solusi sing Apik kanggo Ngatasi Masalah
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Yésus ngajarké apa?
  • Yésus mènèhi conto apa lan ing masa depan bakal ngapa?
  • Sak Donya Bakal Damai
    Topik Liyané
  • Aturan Emas Kuwi Apa?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Ceramah ing Gunung
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • ”Kratonku Dudu Bagéan saka Donya Iki”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
Delok Kabèh
Topik Liyané
mrt artikel 134
Yésus mulang akèh wong, termasuk wong lanang, wong wédok, lan bocah-bocah.

NIRU CONTONÉ YÉSUS

Kekerasan Dudu Solusi sing Apik kanggo Ngatasi Masalah

Wektu nduwé masalah karo wong liya, akèh wong nganggep nèk solusiné kuwi nganggo kekerasan. Tapi sakjané kuwi ora cocog karo ajaran lan contoné Yésus Kristus.

Yésus ngajarké apa?

Wektu Ceramah ing Gunung, Yésus mulang soal piyé kuduné sikapé awaké dhéwé wektu nduwé masalah karo wong liya. Aja nganti awaké dhéwé dadi nesu, kasar, lan kejem soalé kuwi dudu solusi sing apik. Iki beberapa ajarané Yésus.

  • ”Apa sing mbok karepké supaya ditindakké wong liya marang kowé, kuwi ya kudu mbok tindakké marang wong kuwi.” (Matius 7:12; Lukas 6:31) Ajaran kuwi kerep disebut Aturan Emas.a Kuwi berarti nèk péngin wong liya apikan karo awaké dhéwé, awaké dhéwé ya kudu apikan karo wong liya. Mesthiné ora ana wong sing gelem dikasari, berarti awaké dhéwé kudu ngajèni lan apikan karo wong liya meskipun lagi nduwé masalah karo wong kuwi.

  • ”Nèk pipimu tengen ditapuk, wènèhna sisan pipimu kiwa.” (Matius 5:38, 39; Lukas 6:29) Kuwi ora berarti Yésus ngajari kanggo nantang wong liya. Tapi, Yésus péngin ngajari murid-muridé bèn ora mbales lan ora kasar wektu dijahati soalé para pemimpin agama wektu kuwi ngajarké nèk balas dendam kuwi ora salah. Saka ajarané, Yésus péngin nduduhké nèk sing diajarké para pemimpin agama kuwi klèru.b

  • ”Kowé kudu terus nresnani mungsuh-mungsuhmu.” (Matius 5:43, 44; Lukas 6:27) Yésus ngajari awaké dhéwé bèn tetep apikan karo wong sing sengit lan njahati awaké dhéwé. Kuwi ora berarti awaké dhéwé setuju karo kelakuané wong kuwi.c Tapi, nèk tetep apikan karo wong sing sengit karo awaké dhéwé, isa waé wong kuwi dadi ora nesu manèh lan malah dadi apikan karo awaké dhéwé.

Yésus mènèhi conto apa lan ing masa depan bakal ngapa?

Saka ajarané, Yésus nduduhké nèk kekerasan kuwi dudu solusi kanggo ngatasi masalah. Yésus ngetrapké apa sing dhèwèké ajarké, misalé ing peristiwa pas Yésus dicekel. Merga péngin nglindhungi Yésus, ana salah siji muridé sing nyerang wong sing nyekel Yésus. Terus Yésus ngomong, ”Lebokna pedhangmu ing wadhahé. Kabèh wong sing nggunakké pedhang bakal mati merga pedhang.” (Matius 26:52) Yésus nresnani mungsuh-mungsuhé. Buktiné, meskipun wis dianiaya Yésus gelem ngapurani wong-wong sing nganiaya dhèwèké, bahkan ya gelem ndongakké meréka.—Lukas 23:33, 34; 1 Pétrus 2:23.

Ing Alkitab ana janji nèk Yésus, sing dadi Pemimpin sing Nggawé Rukun lan Tentrem, sukmbèn bakal nyingkirké kabèh penyebab kejahatan. (Yésaya 9:6, 7) Nèk péngin ngerti luwih akèh soal janji kuwi, wacanen artikel ”Piyé Perang Bakal Disingkirké?”

a Keterangan luwih akèh, wacanen artikel ”Aturan Emas Kuwi Apa?”

b Keterangan luwih akèh, wacanen artikel ”Apa Artinya ’Mata Ganti Mata’?”

c Keterangan luwih akèh, wacanen artikel ”Apa Artinya Mengasihi Musuh?”

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2026 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim