Courtesy Jamie Christiani/Bulletin of the Atomic Scientists
KUDU TERUS JAGA-JAGA
Apa Sedhéla Manèh Bakal Kiamat?
Tanggal 27 Januari 2026 para ilmuwan ngubah jarum jam ing Jam Kiamata dadi luwih cepet kanggo nduduhké nèk kiamat saya cedhak.
”Dewan Sains dan Keamanan saka Bulletin of the Atomic Scientists ngubah Jam Kiamat dadi luwih cepet, lan saiki wektuné tinggal 85 detik menuju kiamat.”—Bulletin of the Atomic Scientists.
”Para ilmuwan nggunakké Jam Kiamat kanggo nduduhké nèk keadaan ing donya iki tambah parah. Nèk wong-wong ora ndang kerjasama kanggo ngatasi masalahé, isa waé buminé hancur tenan. Sakjané, awaké dhéwé isa nggawé keadaané dadi luwih apik, tapi nèk péngin isa berhasil para pemimpin ya kudu ndang nggawé perubahan.”—Alexandra Bell, Présidèn Dirèktur Bulletin of the Atomic Scientists.
Apa bumi bakal hancur lan kabèh wong bakal mati? Apa awaké dhéwé perlu wedi karo apa sing bakal kelakon ing masa depan? Ing Alkitab ana keterangan apa soal kuwi?
Sing bakal kelakon ing masa depan
Ing Alkitab disebutké nèk ’bumi bakal tetep ana’ lan manungsa ”bakal manggon ing kono saklawasé”. (Pengkhotbah 1:4; Mazmur 37:29) Dadi, manungsa ora bakal isa ngancurké bumi utawa ngrusak bumi nganti ora isa dienggoni manèh.
Tapi, ayat liyané ing Alkitab mémang nyebutké nèk ’donya iki arep disingkirké’. (1 Yohanes 2:17) Maksudé apa?
Nèk péngin ngerti maksudé ayat kuwi, wacanen artikel ”Apakah Sebentar Lagi Kiamat? Apa Itu Apokalips?”
Nèk péngin ngerti kapan donya iki disingkirké lan apa sing bakal kelakon bar kuwi, wacanen artikel ”Kapan Dunia Ini Akan Berakhir?”
Ora perlu wedi
Nèk maca ayat-ayat ing Alkitab, awaké dhéwé dadi ora wedi meskipun keadaan ing donya tambah parah. Kok isa?
Ing Alkitab ana saran-saran sing bermanfaat. (2 Timotius 3:16, 17) Misalé, nèk péngin ngerti carané bèn ora terlalu kuwatir wektu ngadhepi masalah sing abot, wacanen artikel ”Piyé Carané Bèn Ora Terlalu Kuwatir?”
Ing Alkitab ana harapan soal masa depan. (Roma 15:4) Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti apa sing bakal kelakon saiki lan ing masa depan. Nèk ngerti soal kuwi, awaké dhéwé dadi ora wedi ora soal apa sing bakal kelakon ing donya iki.
Nèk péngin ngerti luwih akèh soal Alkitab, njenengan isa sinau Alkitab gratis karo Seksi-Seksi Yéhuwah.
a ”Jam Kiamat kuwi gambaran sing digunakké karo para ilmuwan kanggo ngélikké wong-wong nèk sedhéla manèh bumi bakal hancur akibat saka tèknologi sing digawé manungsa sing berbahaya. Dadi, nèk awaké dhéwé péngin isa terus manggon ing bumi, kudu isa ngatasi masalah-masalah sing isa nyebabké bumi hancur.”—Bulletin of the Atomic Scientists.