17-23 AGUSTUS 2026
LAGU 90 Nyemangati Liyané
Tetep Akrab karo Sedulur Seiman
”Kudu sayang karo liyané, nduwé rasa mesakké, apikan, rendah hati, nduwé watak sing alus, lan sabar.”—KOL. 3:12.
INTI
Sing isa diupayakké nèk ana hal-hal sing marakké dadi ora akrab karo sedulur seiman.
1. Ing endi isa nemokké kanca sejati?
”ORA gampang kanggo nggolèk kanca ing jaman saiki. Yéhuwah ngerti bèn terus setya, butuh kanca sejati.” Kuwi lirik saka lagu JW Broadcasting® sing judhulé ”Kanca Sejati”. Yéhuwah ngerti nèk awaké dhéwé butuh kanca bèn isa saling nguwatké. Awaké dhéwé isa nemokké kanca sejati ing antarané umaté Yéhuwah. (Mzm. 119:63) Mesthi seneng banget isa nggabung ing organisasi sing wong-wongé saling menyayangi.
2. Awaké dhéwé pénginé piyé karo sedulur seiman?
2 Awaké dhéwé mesthi péngin akrab karo sedulur seiman, ora mung sekedar kenal thok. Awaké dhéwé isa kaya ngono merga padha-padha sayang karo Yéhuwah lan Yésus. (Yoh. 13:35) Meskipun ngono, ora selalu gampang kanggo tetep akrab karo sedulur seiman. Merga padha-padha ora sempurna, isa waé ana masalah sing marahi dadi ora akrab.
3. Apa waé sing isa marakké dadi ora akrab karo sedulur seiman?
3 Awaké dhéwé mungkin isa sahabatan karo beberapa sedulur seiman merga nduwé hobi sing padha utawa sifat-sifaté cocog karo awaké dhéwé. Tapi, awaké dhéwé mungkin ngrasa ora isa akrab karo sedulur liyané merga tau béda pendapat utawa ora cocog karo kepribadiané. Terus, ya ana sing omongan utawa sikapé ora pénak merga lagi lara utawa nduwé akèh masalah. Nah, ing artikel iki bakal dibahas sifat-sifat apa sing kudu diupayakké bèn isa tetep akrab karo sedulur seiman. Terus, mengko ya bakal dibahas contoné Yésus sing isa awaké dhéwé tiru.
SING KUDU DIUPAYAKKÉ BÈN ISA TERUS AKRAB
4. Bèn isa terus akrab karo sedulur seiman, kudu piyé?
4 Awaké dhéwé isa terus akrab karo sedulur seiman nèk ngupaya luwih kenal lan ngerti sifat-sifat apiké meréka. Bèn isa ngono, ya kudu bergaul. Kuwi sing diupayakké karo Rasul Paulus. Dhèwèké ngomong karo sedulur-sedulur ing Tésalonika, ”Aku ngupaya tenanan bèn isa marani kowé, merga aku péngin banget ketemu langsung karo kowé.” (1 Tés. 2:17) Kaya Rasul Paulus, awaké dhéwé isa terus akrab karo sedulur seiman nèk bergaul karo meréka, misalé isa nginjil bareng lan bergaul ing pertemuan ibadah utawa ing pertemuan-pertemuan liyané. Tapi nèk sering bergaul, kuwi dudu jaminan ora bakal ana masalah.
5. Apa manèh sing kudu diupayakké bèn isa terus akrab karo sedulur seiman? Kèkana perumpamaan. (Kolose 3:12)
5 Awaké dhéwé ya kudu ngupayakké sifat-sifat kaya ’nduwé rasa mesakké, apikan, rendah hati, lan sabar’. (Wacanen Kolose 3:12.) Ngupayakké sifat-sifat kuwi isa dipadhakké kaya ngekèki oli ing mesin mobil. Oli isa ngurangi gèsèkan ing mesin mobil. Padha kaya ngono, nèk ngupayakké sifat-sifat mau, awaké dhéwé dadi isa terus akrab karo sedulur seiman. Terus meskipun ana masalah, kuwi isa cepet dirampungké. Saiki, ayo mbahas telu masalah sing isa marakké dadi ora akrab karo sedulur seiman. Saben mbahas masalahé, gatèkna piyé awaké dhéwé isa niru sifat-sifaté Yésus, kaya rendah hati, sabar, apikan, lan nduwé rasa mesakké.
BÉDA PENDAPAT
6. Nèk béda pendapat, isa marakké apa?
6 Ngapa kok kuwi isa dadi masalah? Wektu béda pendapat, biasané masing-masing pihak ngrasa nèk pendapaté sing paling bener. Bayangna ana loro sedulur ing kelompok nginjil sing padha tapi nduwé idé sing béda soal carané ngatur kegiatan nginjil ing kelompok kuwi. Merga loro-loroné ngrasa nèk idéné sing paling apik, kuwi isa dadi masalah. Terus nèk ora cepet dirampungké, masalahé isa tambah gedhé. Mungkin dadi males omong-omongan lan suwé-suwé ora gelem kancanan. Kuwi kabèh isa kelakon merga béda pendapat.
7. Piyé carané Yésus ngajari murid-muridé ngrampungké masalah merga béda pendapat?
7 Conto saka Yésus. Yésus ngajari murid-muridé carané ngrampungi masalah merga béda pendapat, yaiku kudu rendah hati. Pas kaé, murid-muridé ribut soal sapa sing paling penting ing antarané meréka. Tapi, Yésus ngandhani nèk meréka kuduné nganggep wong liya luwih penting. (Mat. 20:25-28) Bahkan sakdurungé Yésus mati, murid-muridé isih ribut soal kuwi. Tapi sepisan manèh, Yésus ngajari murid-muridé bèn rendah hati. Dhèwèké gelem ngwijiki sikilé meréka, padahal kuwi tugasé pelayan. (Yoh. 13:3-5, 12-16) Yésus péngin meréka dadi wong sing rendah hati. Nèk nganggep wong liya luwih penting, mesthi dadi gelem ngalah pas béda pendapat lan akhiré isa tetep akrab.
8. Pas béda pendapat, apa manfaaté nèk tetep rendah hati? (Kolose 3:13) (Deloken gambar.)
8 Piyé bèn isa tetep akrab karo sedulur seiman? Ngupayaa rendah hati. Nèk rendah hati, ora bakal gampang nesu pas béda pendapat karo sedulur seiman. (Mzm. 4:4) Bahkan meskipun omongané sedulur kuwi ora pénak, awaké dhéwé bakal éling nèk awaké dhéwé kadhang ya isa salah ngomong. (Pkh. 7:21, 22) Terus nèk rendah hati, awaké dhéwé ora bakal nggedhèk-nggedhèkké masalahé lan luwih gampang ngapura. (Wacanen Kolose 3:13.) Pas béda pendapat, coba pikirna iki: ’Apa pendapatku luwih penting timbang hubunganku karo dhèwèké?’ Nèk rendah hati, awaké dhéwé bakal milih kanggo ngalah waé, terus ya ora bakal ngungkit-ngungkit masalahé.
Nèk rendah hati, ora bakal gampang nesu pas béda pendapat lan dadi luwih gampang ngapura (Deloken paragraf 8)a
9. Nèk masalahé durung rampung, kudu piyé? (Wulang Bebasan 17:9)
9 Tapi, piyé nèk masalahé isih durung rampung? Awaké dhéwé bakal ngupaya mbahas masalahé karo sedulur kuwi bèn isa akrab manèh karo dhèwèké. (Mzm. 34:14) Mungkin awaké dhéwé isa ngomong, ”Mas, utawa Mbak, aku péngin isa akrab manèh karo njenengan. Piyé nèk awaké dhéwé ngobrolké masalahé bèn isa rampung?” Nèk ngupaya tetep rendah hati, ora bakal kepancing kanggo mbuktèkké sapa sing bener lan sapa sing salah. (Wacanen Wulang Bebasan 17:9; 1 Kor. 6:7) Terus, ya isa ngakoni nèk njenengan ya ana salahé, lan aja isin njaluk ngapura. Nèk wongé njaluk ngapura, njenengan kudu tulus ngapura. (Luk. 17:3, 4) Awaké dhéwé mesthi péngin ngupayakké kuwi kabèh bèn isa akrab manèh karo sedulur seiman.—WB. 18:24.
ORA COCOG KARO KEPRIBADIANÉ
10. Apa manèh sing isa marakké dadi angèl akrab karo sedulur seiman?
10 Ngapa kok kuwi isa dadi masalah? Biasané awaké dhéwé angèl cedhak karo wong sing kepribadiané béda. Mungkin ana sedulur sing sifaté njèngkèlké. Sing liyané, ana sing menengan merga trauma ing masa lalu utawa merga carané digedhèkké. Tapi, ya ana sing cerèwèt lan ora isa meneng, kaya-kaya tenagané ora ana entèké. Nah, perbédaan-perbédaan kaya ngono kuwi isa marakké dadi angèl akrab karo sedulur seiman.
11. Apa sing marakké Yésus isa tetep akrab karo wong sing kepribadiané béda karo dhèwèké?
11 Conto saka Yésus. Yésus sabar, makané isa tetep akrab karo wong sing kepribadiané béda karo dhèwèké. Misalé, karo Rasul Yakobus lan Rasul Yohanes. Pas kuwi, meréka njaluk bèn isa lungguh ing sisih tengen lan kiwané Yésus ing Kerajaan swarga. Kuwi nduduhké nèk meréka péngin diistiméwakké. (Mrk. 10:35-37) Kuwi béda banget karo Yésus. Yésus gelem ninggalké kedudukané ing swarga kanggo nglayani ing bumi lan ”dadi kaya budhak”. (Flp. 2:5-8) Meskipun ngono, Yésus tetep sabar karo Yakobus lan Yohanes. Makané Yésus isa tetep akrab karo meréka.
12. Ngapa Yésus isa sabar?
12 Yésus isa sabar karo wong liya merga ngupaya memahami ngapa kok meréka kaya ngono. Yésus ngerti nèk wektu kuwi para pemimpin agama ngajarké pentingé nduwé kedudukan utawa jabatan. Makané, Yésus isa paham ngapa kok Yohanes lan Yakobus njaluk kaya ngono. Bahkan, sing terpengaruh ajaran kuwi ora mung meréka, tapi ya murid-murid liyané. (Mrk. 9:34) Merga paham soal kuwi, Yésus isa nduwé pandhangan sing masuk akal soal murid-muridé. Dhèwèké ya sabar ngandhani meréka lan ngekèki kesempatan kanggo berubah.—Mrk. 10:42-45.
13. Ngapa kok nèk terus sabar isa marakké tetep akrab karo sedulur seiman? (Éfésus 4:2)
13 Piyé bèn isa tetep akrab karo sedulur seiman? Ngupayaa tetep sabar karo sedulur sing kepribadiané béda karo awaké dhéwé. (Wacanen Éfésus 4:2.) Kabèh wong nduwé sifat lan kebiasaan sing béda-béda sing durung tentu èlèk. Justru kuwi sing marakké kabèh wong unik. Mesthi seneng ya nèk umaté Yéhuwah ngupaya memahami perbédaan iki. (WB. 14:29) Terus, aja nuntut wong liya selalu sesuai karo karepé awaké dhéwé. Misalé, aja nuntut wong sing menengan dadi wong sing gampang bergaul, merga kanggo ngejak wong liya omongan waé mesthi dhèwèké kudu ngupaya tenanan. Sewaliké, aja nuntut wong sing cerèwèt dadi wong sing kalem. Wajar nèk awaké dhéwé ora isa sahabatan karo kabèh sedulur seiman. Tapi, awaké dhéwé isa tetep akrab karo meréka meskipun nduwé kepribadian sing béda.
14. Apa manèh manfaaté nèk tetep sabar?
14 Nèk sabar, awaké dhéwé ya bakal isa ndelok sifat-sifat apiké sedulur seiman. Misalé, soal Yakobus lan Yohanes mau. Mémang meréka péngin diistiméwakké. Tapi saka kono, awaké dhéwé ya isa ngerti nèk meréka yakin banget soal Kerajaané Gusti Allah. Nah, kuwi sing didelok Yésus. Makané Yésus isa tetep akrab karo meréka. Dadi nèk fokus karo sifat apiké sedulur seiman, awaké dhéwé isa tetep akrab karo meréka meskipun béda kepribadian. Terus, kuwi ya bukti nèk awaké dhéwé niru Yéhuwah lan Yésus.
15. Apa manèh sing isa diupayakké bèn tetep akrab karo sedulur sing kepribadiané béda?
15 Cara liya bèn isa tetep akrab karo sedulur sing kepribadiané béda kuwi ndonga karo Yéhuwah. Pikirna situasi apa waé sing isa marahi awaké dhéwé jèngkèl karo sedulur liya. Terus, ndongaa karo Yéhuwah bèn isa tetep tenang pas ngadhepi situasi kaya ngono. Yéhuwah ngerti nèk kabèh wong nduwé kepribadian sing béda. Dadi, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal ngekèki bantuan sing cocog bèn awaké dhéwé isa tetep akrab karo sedulur seiman. Terus nèk ana sing nggawé jèngkèl, ndongaa karo Yéhuwah njaluk roh suci bèn tanggepané awaké dhéwé isa tetep apik.—Luk. 11:13; Gal. 5:22, 23.
LARA ATI MERGA SIKAPÉ SEDULUR SING LAGI NGADHEPI MASALAH
16. Apa manèh sing isa marakké ora akrab karo sedulur seiman?
16 Ngapa kok kuwi isa dadi masalah? Pas sedulur seiman lagi lara utawa strès merga ngadhepi masalah, omongan lan sikapé isa waé ora kaya biasané. Misalé, ana sing dadi gampang tersinggung, omongané nglarani ati, utawa malah ora gelem omong-omongan karo awaké dhéwé. (Ayb. 6:2, 3) Merga ora ngerti meréka lagi ngadhepi apa, awaké dhéwé isa waé dadi salah paham utawa ora trima dingonokké karo meréka.
17. Yésus piyé pas ketemu karo Bartiméus?
17 Conto saka Yésus. Yésus apikan lan nduwé rasa mesakké karo wong sing susah meskipun dhèwèké ora kenal wongé. Misalé, Yésus apikan karo wong wuta sing jenengé Bartiméus. Pas kuwi, Bartiméus krungu nèk Yésus lagi liwat kono. Makané, dhèwèké bengok-bengok bèn digatèkké Yésus. Nah, wong-wong ing kono nyenèni Bartiméus lan ngongkon dhèwèké meneng. Tapi dhèwèké ora nggagas. Merga péngin banget dimarèkké Yésus, Bartiméus bengok-bengoké saya banter. Beberapa wong ing kono jèngkèl ndelok kelakuané Bartiméus. Tapi Yésus ora ngono. Yésus gelem nyedhaki Bartiméus, bahkan muji dhèwèké merga nduwé iman sing gedhé. Terus merga mesakké, Yésus ya gelem marèkké dhèwèké.—Mat. 20:34; Mrk. 10:46-52.
18. Nèk ana sedulur sing lagi lara utawa ngadhepi masalah, awaké dhéwé kudu piyé? (1 Tésalonika 5:14)
18 Piyé bèn isa tetep akrab karo sedulur seiman? Kudu apikan lan nduwé rasa mesakké. Nèk ngono, awaké dhéwé ora bakal kepancing nesu meskipun sikapé sedulur liya ora kaya biasané. Terus nèk ngerti dhèwèké lagi lara utawa ngadhepi masalah, awaké dhéwé bakal ngupaya menghibur dhèwèké. (Wacanen 1 Tésalonika 5:14.) Awaké dhéwé péngin dadi kanca sejati ”sing isa diendelké wektu ana kesusahan”. (WB. 17:17) Kanca sejati ora mung ngrasa mesakké, tapi bakal mbantu lan nguwatké kancané sing lagi susah.
19. Piyé carané nduduhké nèk apikan lan nduwé rasa mesakké? (Deloken gambar.)
19 Mémang awaké dhéwé ora isa nyingkirké masalah sing sedulur liya adhepi. Tapi nèk ngupaya memahami perasaané, kuwi bukti nèk apikan lan nduwé rasa mesakké. (Mat. 7:12; 1 Ptr. 3:8) Wektu wongé crita, rungokna tenanan. Aja rumangsa paling ngerti soal masalah sing lagi diadhepi. (WB. 18:13) Nèk keadaané cocog, sampèkna hal-hal sing nguwatké. (WB. 12:25) Terus ya kudu sabar, lan aja nuntut dhèwèké selalu sesuai karo karepé awaké dhéwé.—Éf. 4:32.
Nèk apikan lan gampang mesakké, bakal gelem menghibur sedulur sing lagi ngadhepi masalah (Deloken paragraf 19)
20. Apa tékadé njenengan?
20 Awaké dhéwé mesthi seneng isa nduwé kanca sejati ing antarané umaté Yéhuwah. Tapi merga ora sempurna lan ngadhepi masalah, awaké dhéwé isa nglarani atiné sedulur liya. Mesthi bersyukur banget merga sedulur-sedulur nduduhké sifat-sifat sing apik, kaya rendah hati, sabar, apikan, lan gampang mesakké, karo awaké dhéwé. Kuwi marakké isa tetep akrab. Nah, awaké dhéwé ya bertékad dadi kanca sing kaya ngono.
LAGU 124 Tetep Setya
a PENJELASAN GAMBAR: Sedulur lanang lansia karo sedulur lanang sing luwih enom béda pendapat soal dhaérah nginjil. Tapi akhiré, meréka isa rukun lan nginjil bareng manèh.