10-16 AGUSTUS 2026
LAGU 122 Kuwat lan Setya Ngabdi
Tetep Setya Meskipun Ana Tantangan
”Gusti, aku arep mèlu sapa? Mung omongané njenengan sing isa mènèhi aku urip saklawasé.”—YOH. 6:68.
INTI
Isa tetep setya karo Yéhuwah ora masalah tantangané apa.
1-2. Piyé tanggepané wong-wong pas krungu omongané Yésus ing Kapernaum?
PAS kaé, Yésus lagi mulang wong-wong ing Kapernaum. Dhèwèké ngomong, ”Nèk kowé ora mangan dagingé Anaké manungsa lan ngombé getihé, kowé ora bakal nampa urip. Sapa waé sing mangan dagingku lan ngombé getihku bakal urip saklawasé. Sukmbèn, wong kuwi ya bakal tak uripké manèh.” (Yoh. 6:53, 54) Pas krungu omongané Yésus, akèh murid ngomong, ”Aku ora trima nèk dhèwèké ngomong kaya ngono. Aku wegah ngrungokké omongané.”—Yoh. 6:60.
2 Akèh murid ninggalké Yésus. Apa kuwi merga meréka babar blas ora nduwé iman? Sakjané sakdurungé peristiwa kuwi, meréka kagum banget pas Yésus nggawé mukjijat. Meréka nganti ngomong, ”Dhèwèké kuwi bener-bener Nabi sing diramalké bakal teka.” (Yoh. 6:14) Dadi, awalé meréka nduwé iman karo Yésus. Tapi bar krungu omongané Yésus sing kaya ngono, meréka salah paham lan akhiré ninggalké Yésus.
3. Piyé tanggepané para rasul pas krungu omongané Yésus, lan ngapa kok meréka kaya ngono? (Deloken gambar.)
3 Para rasul ora ninggalké Yésus. Pas ditakoni Yésus ngapa kok ora mèlu wong-wong liyané, Pétrus njawab, ”Gusti, aku arep mèlu sapa? Mung omongané njenengan sing isa mènèhi aku urip saklawasé. Aku lan rasul-rasul liyané wis ngerti lan percaya nèk njenengan kuwi Abdi sing suci lan utusané Gusti Allah.” (Yoh. 6:68, 69) Pétrus karo rasul-rasul liyané mungkin ya isih ora paham karo omongané Yésus. Tapi meréka milih ora ninggalké Yésus. Kenapa? Merga meréka bener-bener percaya nèk Yésus kuwi ”Kristus sing diutus Gusti Allah”.—Luk. 9:20, 35.
Para rasul ora ninggalké Yésus meskipun murid-murid liyané padha lunga (Deloken paragraf 3)
4. Tantangan apa waé sing isa marakké ora setya?
4 Awaké dhéwé setya apa ora kuwi kétok pas ngadhepi tantangan. Misalé, awaké dhéwé bakal piyé pas ana pemahaman sing disesuaikké utawa ana perubahan soal carané nginjil? Terus, piyé nèk awaké dhéwé ngalami tragédi utawa kena musibah? Pas ana sahabat sing nglarani ati utawa sedulur sing nduwé wewenang ora adil karo awaké dhéwé, kuwi ya isa dadi tantangan.
5. Ngapa kok kudu nduwé iman sing kuwat? Kèkana perumpamaan. (Kolose 1:23)
5 Awaké dhéwé kudu nduwé iman sing kuwat bèn isa tetep setya pas ngadhepi tantangan. Kuwi isa diumpamakké kaya pondhasi bangunan. Bangunan isa tetep kokoh meskipun kena gempa bumi nèk nduwé pondhasi sing kuwat. Padha kaya ngono, awaké dhéwé ya perlu nduwé iman sing kuwat bèn isa tetep setya pas ngadhepi tantangan apa waé.—1 Kor. 15:58; wacanen Kolose 1:23.
6. Apa sing marakké para rasul ora ninggalké Yésus?
6 Mbiyèn para rasul ora ninggalké Yésus merga nduwé iman sing kuwat. Lha meréka nduwé iman sing kuwat soal apa? Meréka yakin nèk Yéhuwah Pencipta, makané pantes disembah. Meréka ya yakin nèk Yésus kuwi anaké Yéhuwah lan bakal terus didhukung Yéhuwah. Terus, para rasul ya percaya meréka isa urip saklawasé nèk manut Yésus. Bèn isa nduwé iman sing kuwat kaya para rasul, kudu piyé? Awaké dhéwé kudu percaya: (1) Yéhuwah kuwi Pencipta, (2) Alkitab kuwi saka Yéhuwah, lan (3) Seksi Yéhuwah kuwi umaté Yéhuwah. Nèk nduwé iman sing kuwat soal telu hal kuwi, awaké dhéwé isa tetep setya ora soal tantangané apa.
YÉHUWAH KUWI PENCIPTA
7. Awaké dhéwé isa ngerti apa soal Yéhuwah saka Wahyu 4:11, tapi apa sing diupayakké Sétan?
7 Wacanen Wahyu 4:11. Ing ayat kuwi disebutké nèk Yéhuwah ”sing nyiptakké kabèh”. Makané Dhèwèké pantes disembah. Merga ngerti Yéhuwah Pencipta, awaké dhéwé ya dadi ngerti nèk Yéhuwah nduwé kuwasa sing gedhé lan mesthi isa mbantu awaké dhéwé pas ana tantangan. Tapi, Sétan memengaruhi wong-wong bèn ora percaya nèk Gusti Allah ana. Misalé, para ilmuwan ngomong nèk makhluk hidup kuwi ujug-ujug ana dhéwé. Nèk terpengaruh karo pandhangan kaya ngono, isa dadi ora yakin nèk Yéhuwah sanggup mbantu awaké dhéwé pas ana tantangan.—Ibr. 11:6.
8-9. Nèk mulai ragu alam semesta diciptakké apa ora, kudu piyé? (Deloken gambar.)
8 Nèk mulai ragu alam semesta diciptakké apa ora, aja meneng waé. Njenengan isa mempelajari publikasi sing nduduhké nèk Yéhuwah sing nyiptakké kabèh sing ana ing alam semesta. Misalé, njenengan isa sinau brosur Benarkah Kehidupan Diciptakan?, brosur Asal Mula Kehidupan—Lima Pertanyaan yang Patut Direnungkan, utawa sèri artikel ”Apa Iki Dirancang?” sing ana ing jw.org. Cah enom saka Amerika Serikat sing jenengé Jessica crita, ”Sakwisé maca brosur Asal Mula Kehidupan, aku semakin yakin nèk manungsa ana sing nyiptakké. Sakjané aku wis ngerti nèk Pencipta kuwi ana. Tapi sakwisé maca brosur kuwi, aku tambah yakin merga bukti-buktiné jelas.” Sakliyané kuwi, njenengan ya isa maca manèh Pelajaran 6 lan 7 saka buku Bahagia Saklawasé.
9 Yéhuwah wis ngekèki akèh bukti nèk Dhèwèké kuwi Pencipta. Makané ngupayaa mempelajari kuwi. Hasilé, njenengan ora mung tambah yakin nèk Yéhuwah ana, tapi ya isa semakin kenal karo Yéhuwah. (Rm. 1:20) Terus, sing njenengan pelajari ya isa digunakké kanggo mbantu wong liya sing ragu apa Gusti Allah ana.
Nebula: IAC/RGO/David Malin Images; fish and car: Mercedes-Benz USA; plane: Kristen Bartlett/University of Florida
Wacanen manèh publikasi sing nduduhké nèk alam semesta diciptakké (Deloken paragraf 8)
ALKITAB KUWI SAKA YÉHUWAH
10. Awaké dhéwé yakin apa soal Alkitab? (2 Timotius 3:16, 17)
10 Wacanen 2 Timotius 3:16, 17. Alkitab kuwi omongané Yéhuwah kanggo manungsa. Makané, Alkitab kuwi buku sing paling penting. Saka Alkitab, awaké dhéwé dadi ngerti ngapa kok manungsa diciptakké lan Yéhuwah pénginé manungsa piyé. Merga yakin nèk Alkitab kuwi saka Yéhuwah, awaké dhéwé péngin mempelajari lan ngetrapké kuwi.
11. Ngapa kok isa yakin nèk Alkitab saka Yéhuwah?
11 Ana beberapa alesan ngapa awaké dhéwé isa yakin nèk Alkitab saka Yéhuwah. Sing pertama, merga sing ditulis ing Alkitab cocog karo sejarah lan ilmu pengetahuan. (Luk. 3:1, 2; Ayb. 26:7) Sing keloro, merga Alkitab isa diwaca karo akèh wong, bahkan tersedia ing akèh basa, meskipun Sétan ngupaya nyingkirké kuwi. Sing ketelu, merga isiné nyambung meskipun Alkitab ditulis selama 1.600 taun lan ditulis karo 40 wong. Sing kepapat, merga naséhaté tetep bermanfaat nganti saiki meskipun ditulisé wis kèt jaman mbiyèn. (WB. 13:20; 15:21; Mat. 7:12) Sing kelima, merga akèh ramalan ing Alkitab wis kelakon. (Yos. 23:14) Kuwi kabèh bukti nèk Alkitab saka Yéhuwah.
12. Kudu piyé nèk mulai ragu apa Alkitab asalé saka Yéhuwah?
12 Nèk mulai ragu apa Alkitab kuwi saka Yéhuwah, kudu piyé? Ndongaa karo Yéhuwah. Critakna sing dirasakké, lan njaluka bantuané. Bar kuwi, isa riset. Gatèkna pengalamané cah enom sing jenengé Jordan. Dhèwèké kenal Yéhuwah saka wong tuwané. Dhèwèké ngomong, ”Aku ki wongé ora gampang percaya. Apa-apa kudu tak pastèkké sik. Dadi nèk ragu, aku mesthi riset saka publikasi.” Nèk ngupaya nyingkirké rasa ragu, awaké dhéwé isa tetep nduwé iman sing kuwat.—1 Kor. 3:12, 13.
SEKSI YÉHUWAH KUWI UMATÉ YÉHUWAH
13. Kudu piyé nèk mulai ragu apa Seksi Yéhuwah mémang organisasiné Yéhuwah?
13 Apa njenengan tau ragu nèk Seksi Yéhuwah mémang organisasiné Yéhuwah? Nèk iya, isa mikirké pertanyaan-pertanyaan iki: ’Apa ana organisasi liya sing kabèh ajarané sesuai karo Alkitab lan wong-wongé bener-bener ngetrapké kuwi?’ (2 Tim. 4:3, 4) ’Organisasi endi sing bener-bener manut karo karepé Yéhuwah?’—Mat. 7:20, 21.
14. Apa buktiné nèk Seksi Yéhuwah manut karo karepé Yéhuwah sing ditulis ing Matius 24:14?
14 Yéhuwah péngin bèn kabèh wong isa ngerti kabar apik sakdurungé donya iki disingkirké. Makané njenengan isa mikirké, ’Organisasi endi sing wong-wongé martakké kabar apik?’ (Mat. 24:14) Ya mung Seksi Yéhuwah. Selama 100 taun luwih, Seksi Yéhuwah terus semangat martakké kabar apik. Nganti saiki, Seksi Yéhuwah wis nginjil ing 240 negara utawa dhaérah. Kuwi bukti nèk Seksi Yéhuwah nganggep nginjil kuwi penting.—Mat. 28:19, 20.
15. Piyé Seksi Yéhuwah ngluhurké jenengé Gusti Allah? (Matius 6:9; Yésaya 43:10)
15 Wacanen Matius 6:9 lan Yésaya 43:10. Seksi Yéhuwah bangga merga disebut nganggo jenengé Gusti Allah. Saiki, akèh wong ora ngerti soal jenengé Gusti Allah. Nah, Seksi Yéhuwah péngin bèn wong-wong ngerti soal kuwi. Makané, Seksi Yéhuwah nerjemahké Alkitab sing sesuai karo tèks asliné. Hasilé, jeneng Yéhuwah muncul luwih saka ping 7.000 ing Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar.
16. Apa buktiné nèk Seksi Yéhuwah manut karo karepé Yéhuwah sing ditulis ing Yohanes 13:34, 35? (Deloken gambar.)
16 Wacanen Yohanes 13:34, 35. Akèh wong ing donya iki ora rukun lan ora bersatu. Tapi Seksi Yéhuwah ora kaya ngono. Meskipun saka latar belakang sing béda-béda, Seksi Yéhuwah ngupaya bèn isa saling menyayangi lan tetep bersatu. Pas lagi lunga ing dhaérah liya, cobanen mèlu ngibadah ing jemaat dhaérah kono. Njenengan mesthi bakal disambut lan isa ngrasakké nèk Seksi Yéhuwah saling menyayangi. Iki bukti liya nèk Seksi Yéhuwah mémang umaté Yéhuwah. Nèk yakin soal iki, awaké dhéwé isa tetep setya meskipun ana tantangan.
Seksi Yéhuwah saling menyayangi lan terus bersatu (Deloken paragraf 16)a
TETEP SETYA KARO YÉHUWAH
17-18. Tantangan apa sing isa waé diadhepi, tapi apa tékadé awaké dhéwé?
17 Urip ing akhir jaman kuwi wis angèl. (2 Tim. 3:1, 13) Apamanèh kadhang awaké dhéwé isih ngadhepi tantangan liyané. Isa waé ana pengaturan saka organisasi sing kayané ora masuk akal. Terus, mungkin ya ana sedulur seiman sing nggawé lara ati. Awaké dhéwé isa waé dadi bingung ngapa kok ngalami kuwi lan ora ngerti kudu piyé.
18 Meskipun ngadhepi tantangan, awaké dhéwé nduwé tékad kanggo terus setya karo Yéhuwah. Piyé bèn isa ngono? Kudu yakin nèk Yéhuwah kuwi Pencipta, Alkitab saka Dhèwèké, lan Seksi Yéhuwah kuwi umaté. Kaya omongané Pétrus ing Yésus, awaké dhéwé ya bakal ngomong sing padha ing Yéhuwah, ’Aku arep mèlu sapa? Mung omongané Njenengan sing isa mènèhi aku urip saklawasé.’
LAGU 123 Manut Arahané Yéhuwah
a PENJELASAN GAMBAR: Sedulur wédok karo anaké wédok lagi numpak bis, terus ndelok ana sedulur seiman lagi jaga gerai.