24-30 AGUSTUS 2026
LAGU 65 Terus Maju
Manfaaté Kelompok Nginjil
”Aku bakal muji Yéhuwah sak tulusé atiku . . . ing antarané wong bener sing padha ngumpul.”—MZM. 111:1.
INTI
Manfaat sing dirasakké merga ana kelompok nginjil.
1-2. Apa kesané beberapa sedulur soal kelompok nginjil?
WEKTU disetujui dadi penginjil, mesthi rasané seneng banget. Kèt kuwi, njenengan isa muji Yéhuwah bareng kelompok sing gedhé, sing isiné sedulur-sedulur sak donya lan para malaékat ing swarga. (Mzm. 148:1, 2, 12, 13) Tapi ora mung kuwi. Njenengan mungkin ya bakal nggabung ing kelompok sing luwih cilik, sing isiné beberapa sedulur thok. Kelompok kuwi jenengé kelompok nginjil. Ing kelompok kuwi, njenengan bakal dibantu bèn semangat nginjil, lan akhiré kabar apik isa diwartakké ”ing kabèh wilayah ing bumi”.—Mat. 24:14.
2 Apa kesané beberapa sedulur soal kelompok nginjil? Sedulur wédok sing jenengé Wendya ngomong, ”Ana akèh manfaat sing tak rasakké. Aku dadi isa trampil nginjil lan mulang, luwih akrab karo Yéhuwah, terus ya isa nduwé sahabat.” Sedulur lanang sing jenengé Rich crita, ”Aku ngrasa nèk tugas dadi pengawas kelompok nginjil kuwi unik. Sakwisé dibantu nganti dibaptis karo sing mulang Alkitab, sedulur sing lagi waé dibaptis isih butuh bantuan lan pelatihan. Nah, saiki gilirané pengawas kelompok nginjil mbantu dhèwèké.” Sedulur wédok sing jenengé Dinah ngomong, ”Seneng banget merga ana kelompok nginjil. Iki wis tak anggep keluargaku dhéwé.”
3. Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?
3 Ing artikel iki bakal dibahas soal tugasé pengawas kelompok nginjil lan asistèné. Awaké dhéwé bakal ngerti piyé meréka nggatèkké sedulur-sedulur sing dadi anggota kelompoké. Terus, ya bakal dibahas carané ndhukung kelompok nginjil lan manfaaté kelompok nginjil kanggo awaké dhéwé.
PENGAWAS KELOMPOK NGINJIL LAN ASISTÈNÉ
4. (a) Apa tugasé pengawas kelompok nginjil? (b) Ana saran apa waé kanggo pengawas kelompok nginjil? (Deloken kothak ”Saran kanggo Pengawas Kelompok Nginjil”.)
4 Pengawas kelompok nginjil kuwi pinituwab sing dipilih karo badan pinituwa. Tugasé mbantu sedulur-sedulur ing kelompoké tetep cedhak karo Yéhuwah lan trampil nginjil. Apa sing perlu diupayakké pengawas kelompok nginjil? Pertama, nggatèkké sedulur-sedulur ing kelompoké. (WB. 27:23) Dhèwèké bakal ngupaya luwih kerep ngobrol bèn isa luwih kenal lan ngerti keadaané saben sedulur ing kelompoké. Nèk bener-bener ngerti keadaané, dadi isa ngekèki bantuan sing cocog. (WB. 12:25; Yés. 32:2; Yak. 2:15-17) Keloro, mbantu sedulur-sedulur ing kelompoké bèn semangat nginjil. Dhèwèké bakal ngupaya nginjil bareng kelompoké saben minggu. Terus, dhèwèké ya bakal kerja sama karo kabèh anggota kelompoké bèn isa mbantu meréka luwih trampil nginjil. Nèk pas ora isa nginjil bareng kelompoké, dhèwèké bakal njaluk tulung asistèné utawa sedulur liya ing kelompoké kanggo ngawasi kegiatan nginjil dina kuwi. Ketelu, mbantu sedulur lanang terbaptis ing kelompoké bèn isa nglayani luwih akèh. (1 Tim. 3:1) Dhèwèké bakal muji, ngekèki naséhat saka Alkitab, lan ngekèki pelatihan bèn sedulur lanang kuwi isa memenuhi syarat dadi abdiné jemaat utawa pinituwa. Merga tugasé pengawas kelompok nginjil kuwi penting, badan pinituwa ora bakal sembarangan wektu milih pinituwa sing bakal éntuk tugas kuwi.
5. Apa waé tantangan sing diadhepi beberapa pengawas kelompok nginjil?
5 Dadi pengawas kelompok nginjil kuwi ora selalu gampang. Gatèkna pengalamané Sedulur Jordan saka Jerman. Kaya pinituwa liyané, Sedulur Jordan ya nduwé akèh tugas ing jemaat. Dhèwèké crita, ”Aku ki sakjané péngin isa ngobrol karo kabèh anggota kelompokku bèn ngerti kabaré meréka. Tapi merga sibuk banget, aku dadi ora isa.” Sedulur Abel, pinituwa saka Uganda sing umuré 70 taun, ngomong, ”Ing jemaaté kami, pinituwa lan abdiné jemaaté mung sithik. Makané sak kelompok nginjil kuwi anggotané akèh banget. Aku dadi kewalahan njadwalké penggembalaan kanggo saben sedulur ing kelompokku.” Sedulur Obed, pinituwa saka Suriname, ya crita, ”Sakjané aku seneng nglatih sedulur liya. Tapi merga nglatih kuwi butuh wektu, apamanèh aku ya sibuk, makané aku dadi jarang nglatih wong liya.” Nèk ngadhepi kuwi utawa tantangan liyané, kudu piyé?
6. Apa manfaaté nèk anggotané kelompok nginjil mung sithik?
6 Nèk isa, kelompok nginjil anggotané aja akèh-akèh bèn pengawasé ora kewalahan. Tapi nèk pinituwané mung sithik piyé? Daripada mung nggawé beberapa kelompok nginjil sing anggotané akèh, mendhing nambahi kelompok nginjil. Terus, badan pinituwa isa nugasi abdiné jemaat kanggo ngawasi kelompok nginjil kuwi sementara. Nèk saben kelompok nginjil anggotané mung sithik, pengawasé dadi isa luwih nggatèkké anggotané lan mbantu meréka tetep cedhak karo Yéhuwah.
7. Nèk ing jemaat pinituwané mung sithik, apa sing isa diupayakké para pengawas kelompok nginjil? (1 Pétrus 5:2) (Deloken gambar.)
7 Nèk dadi pengawas kelompok nginjil ing jemaat sing pinituwané mung sithik, ana sing isa njenengan upayakké bèn kabèh anggota kelompok isa digatèkké. (Wacanen 1 Pétrus 5:2.) Salah sijiné nglatih asistèné njenengan. Kèkana dhèwèké beberapa tugas, misalé mandhu PSN ing kelompok nginjil lan ngatur kegiatan nginjil dina kuwi. Ajaken dhèwèké mbahas carané mbantu anggota kelompok bèn tambah trampil nginjil lan tetep cedhak karo Yéhuwah. Sakliyané kuwi, ajaken dhèwèké mèlu penggembalaan. Sakdurungé penggembalaan, bahasen karo dhèwèké kudu piyé bèn isa nguwatké sedulur sing arep diparani. Terus bar penggembalaan, isa muji dhèwèké lan ngandhani apa manèh sing isa diupayakké. Nèk terus dilatih, asistèné njenengan bakalé ya isa dadi pengawas kelompok nginjil. (2 Tim. 2:2) Sakliyané kuwi, njenengan ya isa njaluk bantuané sedulur liya ing kelompoké njenengan, misalé perintis utawa penginjil sing luwih berpengalaman. Meréka isa dijaluki tulung kanggo mbantu sedulur-sedulur ing kelompok nginjil bèn isa luwih trampil pas mulai omong-omongan, marani manèh, utawa mandhu sinau Alkitab. Saiki, ayo mbahas carané awaké dhéwé isa ndhukung kelompok nginjil.
Pinituwa sing dadi pengawas kelompok nginjil isa nglatih abdiné jemaat ing kelompoké, misalé nugasi dhèwèké mandhu PSN (Deloken paragraf 7)
NDHUKUNG KELOMPOK NGINJIL
8. Apa salah siji cara ndhukung kelompok nginjil? (Roma 1:12)
8 Nginjil bareng. Nèk nginjil bareng kelompok nginjil, dadi ”isa padha-padha nguwatké”. (Wacanen Roma 1:12.) Terus, kuwi ya isa marakké njenengan lan sedulur-sedulur ing kelompok nginjil luwih percaya diri merga nginjilé bareng-bareng. Tapi, piyé nèk ora isa nginjil bareng merga kerja? Cobanen ngomong karo bosé njenengan. Sapa ngerti dhèwèké bakal ngijinké utawa ngganti jadwal kerjané njenengan. (Néh. 2:4-6) Terus, piyé nèk ora isa nginjil bareng merga lara utawa wis tuwa? Cobanen ngomong karo pengawas kelompok nginjil. Dhèwèké mungkin bakal nggawé pengaturan bèn PSN-é diadakké liwat Zoom lan nginjilé liwat télpon utawa nulis surat. Terus, piyé nèk ngrasa males nginjil? Saben minggu, cobanen janjian nginjil karo sedulur ing kelompok nginjil. Njenengan mungkin ya kudu mriksa manèh jadwalé njenengan. Pikirna kegiatan endi sing kudu diutamakké, terus sesuaikna jadwalé njenengan. (Rm. 12:11; Kol. 4:5) Nèk ngupaya nginjil bareng kelompok nginjil, kabèh mesthi bakal éntuk manfaat. Ndongaa karo Yéhuwah. Dhèwèké bakal mènèhi njenengan ”kepénginan lan kekuwatan kanggo nindakké kuwi”.—Flp. 2:13.
9. Apa sing isa diupayakké bèn kelompok nginjil semakin akrab lan dadi kaya keluarga? (Roma 12:13)
9 Murah hati. Mesthi seneng ya nèk kabèh anggota kelompok nginjil isa semakin akrab lan dadi kaya keluarga. Makané, kudu murah hati bèn isa nduduhké nèk ”nggatèkké lan apikan”. (Wacanen Roma 12:13.) Misalé, apa isa omahé njenengan dienggo panggonan PSN kelompok nginjil? Sakliyané kuwi, ya isa ngumpul lan mangan bareng. Perintis istiméwa sing jenengé Sarah crita, ”Nèk arep ngundang wong-wong ki, aku biasané bingung arep masak apa. Tapi merga sing paling penting kuwi ngumpulé, mula aku masaké sing sederhana waé.” Ing beberapa jemaat, biasané kelompok-kelompok nginjil gentènan njamu pengkhotbah tamu. Nah, gunakna kesempatan kuwi kanggo ngumpul bareng sak kelompok nginjil. Meskipun pengkhotbah tamuné ora isa mèlu mangan bareng, acarané aja dibatalké. Kelompok nginjilé njenengan tetep isa ngumpul lan mangan bareng. Nèk kerep bergaul, kabèh anggota kelompok nginjil isa semakin akrab lan semangat nglayani Yéhuwah.—Néh. 8:10; Kis. 20:35.
10. Nèk ngrasa kurang trampil nginjil, kudu piyé? (Wulang Bebasan 1:5; 27:17) (Deloken gambar.)
10 Ngupaya luwih trampil nginjil lan mulang. Nèk semakin trampil, ya dadi isa semangat nginjil. Tapi piyé nèk ngrasa durung trampil? Isa crita karo pengawas kelompok nginjil. Dhèwèké mesthi bakal ngekèki bantuan sing cocog. Terus, ya isa njaluk bantuané perintis lan sedulur sing luwih berpengalaman ing kelompoké njenengan. (Wacanen Wulang Bebasan 1:5; 27:17.) Sedulur Heather wis nyoba cara kuwi. Meskipun isinan, dhèwèké tetep ngupaya njaluk bantuané perintis ing kelompoké. Dhèwèké crita, ”Aku njaluk dibantu bèn isa luwih trampil marani manèh. Perintis sing mbantu aku ki apikan banget. Dhèwèké nggawé jadwal bèn isa rutin kerja sama karo aku. Bahkan, aku ya diajari carané ngarahké kunjunganku bèn gelem sinau Alkitab. Untung waé pas kaé aku njaluk bantuané dhèwèké. Saiki, aku dadi isa semangat pas nginjil.” Dadi jelas, ana akèh sing isa diupayakké kanggo ndhukung kelompok nginjil.
Nèk anggota kelompok nginjilé mung sithik, dadi isa kerep nginjil bareng lan luwih akrab (Deloken paragraf 10)
MANFAATÉ KELOMPOK NGINJIL
11-12. Apa salah siji manfaat kelompok nginjil? Kèkana conto.
11 Tetep cedhak karo Yéhuwah. Kabèh anggota kelompok isa ngrasakké manfaat iki. Misalé, sedulur-sedulur sing butuh luwih digatèkké, kaya randha, yatim piatu, lan lansia, bakal rutin digembalakké. (1 Tés. 2:8; Yak. 1:27) Terus, awaké dhéwé isa éntuk bantuan bèn luwih trampil nginjil lan mulang. Sakliyané kuwi, sedulur lanang sing terbaptis ya bakal dilatih bèn isa nglayani luwih akèh.—1 Tim. 3:10.
12 Gatèkna pengalamané Wendy, sing disebutké ing awal mau. Dhèwèké ngrasakké manfaaté kelompok nginjil. Wendy ngomong, ”Bapakku kan ora seneng pas aku karo Ibu dadi Seksi Yéhuwah. Makané, Ibu ora diéntukké nginjil pas akhir pekan. Tapi untungé aku éntuk. Nah, wektu kuwi aku dibantu karo sedulur wédok perintis sing wis tuwa bèn luwih trampil nginjil lan luwih aktif pas pertemuan ibadah. Terus, aku ya kèlingan nèk pengawas kelompok nginjilku ngekèki aku naséhat saka Alkitab bèn tetep cedhak karo Yéhuwah, lan naséhaté bermanfaat nganti saiki.”
13. Apa manfaat liyané merga ana kelompok nginjil? (Deloken gambar.)
13 Nduwé kanca sing selalu ndhukung. Merga kerep nginjil bareng, hubungané awaké dhéwé karo sedulur-sedulur ing kelompok nginjil semakin akrab. (Flp. 1:27) Apamanèh kelompok nginjil kan biasané anggotané mung sithik, dadi sedulur-sedulur sing isinan isa luwih nyaman bergaulé. (2 Kor. 6:13) Pas lara, strès, utawa sedhih merga ditinggal mati wong sing disayangi, awaké dhéwé yakin bakal didhukung sedulur-sedulur ing kelompok nginjil. (1 Tés. 5:14) Saya cedhak sengsara gedhé, awaké dhéwé semakin butuh kanca bèn isa saling nguwatké. (Mat. 24:21) Meskipun ana masalah, awaké dhéwé isa selalu ayem merga ana sedulur-sedulur sing isa diendelké.—WB. 17:17.
Nginjil bareng karo anggota kelompok nginjil (Deloken paragraf 13)
14. Apa manfaaté kelompok nginjil pas ana bencana utawa keadaan darurat liyané?
14 Éntuk bantuan pas keadaan darurat. Awaké dhéwé isa waé tiba-tiba lara, kena bencana alam, ngalami masalah ékonomi, utawa dianiaya. Nah pas ngalami kuwi, pengawas kelompok nginjil selalu siap mbantu awaké dhéwé. Misalé pas ana bencana alam, dhèwèké bakal ngubungi anggota kelompoké bèn ngerti keadaané meréka lan ngekèki bantuan sing dibutuhké, misalé obat-obatan, panganan, banyu, klambi, utawa panggonan kanggo ngungsi. Terus nèk ana sing butuh bantuan luwih akèh, pengawas kelompok nginjil bakal kerja sama karo Panitia Dinas Sidang. Pas ngadhepi keadaan darurat, awaké dhéwé mesthi bersyukur banget merga ana kelompok nginjil.
15. Apa sing diupayakké kabèh umaté Yéhuwah?
15 Kaya sing disebutké ing paragraf 1, organisasiné Yéhuwah kuwi kelompok sing gedhé. Ing swarga ana milyaran malaékat, lan ing bumi ana luwih saka sangang yuta wong sing bakal terus nambah jumlahé. (Za. 8:23; Why. 5:11) Kabèh umaté Yéhuwah kuwi kerja sama bèn kabèh wong isa krungu kabar apik. (Why. 14:6, 7) Nah liwat kelompok nginjil, awaké dhéwé dibantu bèn tambah trampil lan semangat nginjil. Makané, ayo terus ndhukung kelompok nginjilé awaké dhéwé.—Mzm. 111:1.
LAGU 61 Seksi-Seksi Yéhuwah Kudu Semangat
a Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.
b Nèk ora ana cukup pinituwa, abdiné jemaat sing trampil isa ditugasi kanggo ngawasi kelompok nginjil. Dhèwèké ora bakal disebut pengawas kelompok nginjil, tapi hamba kelompok nginjil. Tugasé kuwi mung sementara, lan dhèwèké bakal diawasi karo badan pinituwa.