PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w26 Mei hlm. 26-31
  • Menghargai Keputusané Wong Liya

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Menghargai Keputusané Wong Liya
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SING MUNGKIN ISA MARAKKÉ DADI NYALAHKÉ KEPUTUSANÉ WONG LIYA
  • ALESANÉ MENGHARGAI KEPUTUSANÉ WONG LIYA
  • BUKTI NÈK MENGHARGAI
  • Nggawé Keputusan sing Marakké Yéhuwah Seneng
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Nggawé Keputusan sing Mbuktèkké Nèk Ngendelké Yéhuwah
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
  • Percayaa marang Yéhuwah—Nggawéa Keputusan sing Bener
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
  • Carané Nggawé Keputusan sing Bener
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
w26 Mei hlm. 26-31

3-9 AGUSTUS 2026

LAGU 113 Kedamaian saka Yéhuwah

Menghargai Keputusané Wong Liya

”Aja ngadili wong liya nèk pendapaté béda karo kowé.”—RM. 14:1.

INTI

Carané bèn isa tetep ngajèni sedulur seiman sing pendapat utawa pilihané béda karo awaké dhéwé.

1-2. Ngapa kok kadhang keputusané awaké dhéwé béda karo sedulur liya?

APA njenengan tau disalahké merga keputusané njenengan? Utawa, apa njenengan tau nyalahké wong liya merga keputusané béda karo njenengan? Awaké dhéwé kabèh mesthi tau ngalami kuwi.

2 Béda keputusan, bahkan ing antarané umaté Yéhuwah kuwi sesuatu sing wajar. Soalé, mémang kabèh wong ora ana sing padha. Merga budaya, latar belakang keluarga, lan sing wis tau dialami, kabèh nduwé pendapat lan pilihan dhéwé-dhéwé. Tapi, aja nganti perbédaan kuwi marakké dadi ora rukun karo para sedulur.—Éf. 4:3.

3. Apa sing mungkin marakké awaké dhéwé nyalahké keputusané sedulur seiman?

3 Wektu ana sedulur seiman sing pilihan utawa keputusané béda karo awaké dhéwé, mungkin rasané dadi péngin ngandhani dhèwèké bèn berubah pikiran. Utawa, dadi péngin mbahas masalah kuwi karo sedulur liya. Kuwi dilakukan mungkin merga niaté apik. Awaké dhéwé sayang karo para sedulur lan péngin sing paling apik kanggo meréka. (WB. 17:17) Makané, awaké dhéwé ora péngin meréka salah nggawé keputusan utawa malah hubungané dadi adoh karo Yéhuwah.

4-5. Nèk pilihan utawa keputusané sedulur liya béda karo karepé awaké dhéwé, kuduné piyé?

4 Wektu sedulur seiman nggawé keputusan sing ora padha karo karepé awaké dhéwé, apa sedulur kuwi kudu langsung dikandhani? Ora selalu ngono. Misalé, nèk sing dilakukan kuwi nglanggar pathokan ing Alkitab, merga sayang karo dhèwèké, awaké dhéwé bakal ngandhani dhèwèké. (WB. 27:​5, 6) Tapi, nèk kuwi mung béda pilihan lan ora nglanggar pathokan ing Alkitab, kudu piyé? Menurut ayat téma artikel iki, ”Aja ngadili wong liya nèk pendapaté béda karo kowé.”—Rm. 14:1.

5 Tapi, kadhang ora gampang kanggo menghargai keputusané wong liya. Nah, ing artikel iki ayo mbahas ngapa kok kudu menghargai keputusané wong liya lan carané melakukan kuwi. Tapi sakdurungé, ayo nggatèkké beberapa hal sing isa waé marakké dadi gampang nyalahké pilihané sedulur liya.

SING MUNGKIN ISA MARAKKÉ DADI NYALAHKÉ KEPUTUSANÉ WONG LIYA

6-7. Critakna conto wong isa waé nyalahké keputusané wong liya.

6 Mungkin merga latar belakang utawa sing tau dialami, wong dadi nduwé pendapat lan yakin banget nèk pendapaté kuwi sing paling bener. Dhèwèké ya mungkin ngira nèk wong liya bakal nduwé pendapat sing padha kaya dhèwèké. Tapi, kenyataané ora selalu ngono. Gatèkna conto-conto iki. Conto 1: Ana sedulur lanang sing kèt cilik kerep ndelok bapaké mabuk. Nah, pas acara kumpul-kumpul, sedulur kuwi ndelok beberapa sedulur ngombé alkohol. Dhèwèké dadi ora seneng, terus naséhati sedulur-sedulur kuwi. Conto 2: Ana sedulur wédok A sing bar lara parah, tapi wis séhat manèh. Bar ngerti nèk sedulur wédok B ya didiagnosa penyakit sing padha, dhèwèké dadi péngin mbantu. Dhèwèké ngongkon sedulur B melakukan perawatan kaya sing dhèwèké lakukan sakdurungé. Termasuk bèn ora mangan panganan tertentu, utawa ngombé obat lan melakukan terapi tertentu. Conto 3: Ana sedulur sing mbiyèné anggota gréja, tapi saiki bener-bener wis wegah ana hubungané karo gréja. Wektu ngerti ana sedulur seiman teka ing acara pemakaman sing diadakké ing gréja, dhèwèké dadi tersinggung.a

7 Gatèkna conto liyané iki. Conto 4: Ana sedulur lanang sing mbiyèn ngertiné nèk bréwokan kuwi ora pantes kanggo Seksi Yéhuwah lan nèk sedulur wédok kudu nganggo rok wektu ngibadah. Meskipun ngerti nèk saiki ana penyesuaian soal kuwi, dhèwèké tetep ngandhani sedulur liyané nèk wong lanang ora éntuk bréwokan lan wong wédok kudu nganggo rok wektu melakukan kegiatan rohani. Conto 5: Ana pinituwa sing ngerti sedulur sing mbiyèné kuliah, tapi terus ninggalké Yéhuwah. Pas saiki ana sedulur enom ing jemaaté arep kuliah, pinituwa kuwi kuwatir lan berupaya naséhati sedulur enom kuwi lan wong tuwané bèn berubah pikiran.

8. (a) Apa sing mungkin marakké wong tuwa B dadi nyalahké cara ndhidhiké wong tuwa A? (b) Apa dampaké kanggo jemaat nèk gampang nyalahké merga keputusan sing béda?

8 Keputusané wong tuwa soal carané ndhidhik anak isa waé béda karo wong tuwa liyané. Conto 6: Wong tuwa mesthi péngin ndhidhik anaké ”sesuai karo pathokan lan petunjuké Yéhuwah”. (Éf. 6:4) Nah, mungkin wong tuwa A aturané ora seketat kaya wong tuwa B. Misalé, anaké éntuk balik bengi, éntuk dolanan video game sing isiné ora kekerasan, utawa diijinké nganggo HP meskipun isih cilik. Akhiré, anaké wong tuwa B ngrasa nèk wong tuwané terlalu kaku. Mungkin dhèwèké takon, ”Kok Bapak ora kaya wong tuwané kancaku, ta?” Nah, keadaan kuwi isa marakké wong tuwa B dadi mikir èlèk soal wong tuwa A. Ya mémang nèk keputusané béda, isa marakké dadi gampang nyalahké wong liya. Misalé mungkin nyalahké wong liya merga seneng blanja, kerep piknik, utawa merga pilihan hiburané. Tapi, aja nganti pendapat utawa perasaan dadi luwih penting timbang rukun karo para sedulur.

9. Apa sing dadi tujuané kabèh umaté Yéhuwah, lan aja nganti melakukan apa? (Deloken gambar.)

9 Meskipun keputusané saben umaté Yéhuwah kuwi béda-béda, kuwi ora berarti nèk sing siji bener lan sing siji salah. (Rm. 14:5) ”Nduwé pikiran sing padha” soal pathokané Yéhuwah kuwi ora berarti kudu selalu nduwé pendapat, pikiran, utawa pandhangan sing padha kanggo kabèh urusan, bahkan termasuk urusan pribadi. (2 Kor. 13:11) Kuwi isa dipadhakké kaya nèk arep lunga ing suatu tempat. Ana rute sing béda-béda, tapi tujuané padha. Nah, saben wong mungkin bakal milih rutené dhéwé sesuai keadaan lan sing dhèwèké senengi. Padha kaya ngono, soal urusan pribadi, mungkin saben umaté Yéhuwah nggawé keputusan sing béda-béda. Tapi tujuané padha, yaiku péngin nyenengké Yéhuwah. Dadi, aja nyalahké wong liya merga keputusan pribadiné.—Mat. 7:1; 1 Tés. 4:11.

Aplikasi GPS ing HP, sing nduduhké rute sing béda-béda lan pilihan kendaraan sing béda-béda, tapi kabèh ngarah ing tujuan sing padha.

Padha kaya wong isa milih rute sing béda-béda bèn tekan tujuané, umaté Yéhuwah ya isa nggawé keputusan sing béda-béda soal urusan pribadi (Deloken paragraf 9)


ALESANÉ MENGHARGAI KEPUTUSANÉ WONG LIYA

10. Menurut Yakobus 4:​12, awaké dhéwé ora nduwé hak kanggo apa, lan apa alesané?

10 Ana beberapa alesan sing disebutké ing Alkitab soal ngapa kok kudu menghargai keputusané wong liya. Misalé, menurut Yakobus 4:12 (Wacanen.) awaké dhéwé ora nduwé hak kanggo ngekèki hukum utawa aturan lan kanggo menghakimi wong liya. Mung Yéhuwah sing nduwé hak kanggo kuwi. Dadi, para sedulur kuwi bertanggung jawabé ing Yéhuwah, dudu ing awaké dhéwé. (Rm. 14:10) Makané, awaké dhéwé ora éntuk nyalahké keputusané wong liya mung merga béda karo karepé awaké dhéwé.b

11. Apa sing kudu diupayakké bèn ana persatuan ing jemaat? (Deloken gambar.)

11 Sing dipénginké Yéhuwah kuwi umaté bersatu, dudu kabèh kudu padha. Saka ciptaané, awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah seneng keanékaragaman. Misalé, ora ana bunga salju sing persis plek bentuké. Manungsa ya kaya ngono. Saka wolung milyar wong ing bumi, ora ana sing persis plek penampilané utawa sifat-sifaté. Yéhuwah mémang nyiptakké manungsa kuwi béda-béda, lan ora péngin awaké dhéwé dadi fotokopiané wong liya. Tapi, sing dipénginké Yéhuwah kuwi awaké dhéwé rukun. Dadi nèk ana perbédaan, aja nganti marakké dadi ora rukun. Kuduné, persatuan ing jemaat kuwi luwih penting timbang pendapat lan pilihané awaké dhéwé.—Rm. 14:19.

Beberapa sedulur sing suku lan umuré béda-béda lagi mangan bareng. Ana sing ngombé minuman keras, tapi ana sing ora. Ana sedulur lanang sing bréwokan, tapi ya ana sing ora.

Yéhuwah mémang nyiptakké manungsa béda-béda, tapi Dhèwèké péngin kabèh bersatu (Deloken paragraf 11)


BUKTI NÈK MENGHARGAI

12-13. Menurut Galatia 6:​1, apa waé sing kudu dipikirké nèk ngrasa ana sedulur sing mulai ”ngarah marang sing salah”? (Deloken kothak ”Nèk Ngrasa Keputusané Wong Liya Kuwi Salah”.)

12 Wektu wong liya nggawé keputusan. Pikirna, ’Dhèwèké nggawé keputusan kuwi mung merga béda pilihan karo aku utawa mémang wis ”ngarah marang sing salah”?’ Nèk mémang wis ”ngarah marang sing salah” lan nglanggar pathokan ing Alkitab, pikirna manèh, ’Apa aku wong sing cocog kanggo ngandhani dhèwèké, utawa ana sing luwih cocog?’ Nèk misalé ternyata njenengan wong sing cocog, ya kandhanana dhèwèké tapi carané sing alus. (Wacanen Galatia 6:1.) Tapi biasané, keputusané wong liya kuwi mung merga béda karo karepé awaké dhéwé. Nah nèk kaya ngono, ora usah mikir èlèk utawa ngrasani keputusané. Hargai waé keputusan pribadiné lan aja menghakimi.—Rm. 14:​2-4.

13 Kuwi padha kaya ngéné: Nèk pas lagi mangan ing rèstoran bareng kancané njenengan, apa njenengan bakal meksa dhèwèké pesen panganan sing padha kaya njenengan? Mesthiné ora, ta? Dhèwèké éntuk milih panganan sing dhèwèké senengi. Bahkan nèk njenengan ora seneng panganan kuwi, ya ora apa-apa. Soalé sing mangan kan dhèwèké, dudu njenengan. Njenengan dhéwé kan ya ora seneng dipeksa-peksa, ta? Dadi, bèn waé wong liya nggawé keputusan dhéwé lan aja dipeksa. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé menghormati keputusané meréka.

Nèk Ngrasa Keputusané Wong Liya Kuwi Salah

Nèk ngrasa kaya ngono, bèn ora nambah-nambahi pikiran, renungna pertanyaan-pertanyaan ing ngisor iki.—Gal. 6:5.

  • Apa ana préntah ing Alkitab sing dilanggar?

  • Apa dhèwèké mutuské kaya ngono merga latar belakangé, lan nèk iya, apa kuwi mémang bener-bener salah?

  • Apa akibaté mémang bener-bener fatal nèk dhèwèké mutuské kaya ngono, utawa apa aku sing terlalu kuwatir?

  • Hasil apik apa waé sing mungkin bakal kelakon nèk dhèwèké mutuské kaya ngono?

  • Apa dhèwèké mémang wis nggawé Yéhuwah ora seneng utawa mung béda pilihan karo aku?

  • Nèk dhèwèké mémang wis nglanggar pathokan ing Alkitab, apa aku wong sing cocog kanggo naséhati dhèwèké?

14. Wektu arep nggawé keputusan pribadi, apa sing isa diupayakké bèn isa terus bersatu? (1 Korintus 8:​12, 13)

14 Wektu awaké dhéwé sing nggawé keputusan pribadi. Bèn isa terus bersatu, kudu ngupaya aja nganti marakké wong liya tersinggung. (Wacanen 1 Korintus 8:​12, 13.) Mungkin kanggoné awaké dhéwé, keputusan kuwi ora salah, tapi nèk kuwi bakal marakké sedulur liya tersinggung, apa kuwi ”ana manfaaté”?c (1 Kor. 10:​23, 24) Nah nèk kaya ngono, timbang meksakké pendapaté awaké dhéwé, luwih apik ngalah waé. (Rm. 15:1) Tapi awaké dhéwé isa waé mikir, ’Wong liya kan ya kudu menghormati keputusanku?’ Ya kuwi mémang bener, tapi aja lali naséhat ing Roma 12:​18, ”Kowé kudu ngupaya sak isa-isané bèn rukun karo kabèh wong.” Dadi, sak isa-isané awaké dhéwé péngin terus rukun karo sedulur liyané, lan nèk ana sing mungkin bakal marakké tersinggung, mendhing ora usah dilakukan.

15. Bèn para sedulur isa tetep rukun, apa sing kudu dilakukan para pinituwa? (1 Korintus 4:6)

15 Piyé para pinituwa nduduhké nèk menghargai keputusané wong liya? Bèn jemaat isa terus bersatu, para pinituwa ora bakal nggawèkké aturan kanggo urusan pribadiné para sedulur. Meréka ya ora bakal ”ngluwihi apa sing wis ditulis ing Kitab Suci”. (Wacanen 1 Korintus 4:6.) Kuwi termasuk ora ngajarké hal-hal sing ora cocog karo pathokan sing disebutké ing publikasi. Terus nèk ana sedulur sing njaluk bantuan, para pinituwa ora bakal ngekèki naséhat berdasarkan pengalaman utawa pendapaté dhéwé. Tapi, meréka bakal ngekèki naséhat berdasarkan Alkitab.—Yés. 48:​17, 18.

16. Apa buktiné nèk pinituwa menghargai keputusané badan pinituwa?

16 Pinituwa ya bakal menghargai keputusané badan pinituwa. Biasané bar ndonga njaluk roh suci, mikirké tenanan pathokan ing Alkitab, badan pinituwa bakal nggawé keputusan bareng-bareng. Nèk wis diputuské, saben pinituwa kudu ndhukung keputusan kuwi meskipun mungkin dhèwèké nduwé pendapat dhéwé. (Éf. 5:17) Sakliyané kuwi, pinituwa ya kudu ngupaya kanggo manut persis karo petunjuk ing Alkitab utawa publikasi, lan ora ngepas-ngepaské kuwi kanggo ndhukung pendapaté dhéwé. Misalé, dhèwèké ora bakal nyuplik sak kalimat saka publikasi kanggo mbuktèkké nèk pendapaté kuwi bener.

17. Apa manfaaté nèk saling menghargai keputusané wong liya?

17 Kaya sing wis dibahas, awaké dhéwé mesthi nduwé pendapat lan pilihan dhéwé, ora ana sing padha persis. Tapi perbédaan kuwi malah sing marakké dadi menarik. Merga latar belakang lan sifaté béda-béda, suasana ing jemaat dadi nyenengké lan ora mboseni. Makané daripada perbédaan kuwi dadi masalah, ayo menghargai pilihané wong liya bèn jemaat isa tetep rukun lan bersatu. Upaya kuwi mesthi bakal diberkahi, lan hasilé para sedulur ing jemaat mesthi bakal bener-bener bahagia.—Mzm. 133:1; Mat. 5:9.

SOAL MENGHARGAI KEPUTUSANÉ WONG LIYA, APA SING ISA DIPELAJARI SAKA AYAT-AYAT IKI?

  • Yakobus 4:12

  • Galatia 6:1

  • 1 Korintus 4:6; 8:​12, 13

LAGU 89 Manut karo Yéhuwah

a Sakdurungé mutuské arep teka ing acara pemakaman utawa pernikahan sing diadakké ing gréja, apa waé sing kudu dipikirké? Deloken artikel ”Pertanyaan Pembaca” ing Menara Pengawal 15 Mei 2002.

b Mémang kadhang pinituwa kudu ngadili sedulur sing wis nggawé dosa gedhé. Tapi ngadiliné kuwi berdasarkan pathokané Yéhuwah, dudu pendapaté meréka dhéwé.—Bandhingna 2 Babad 19:6.

c Contoné, deloken buku Bahagia Saklawasé, Pelajaran 35 nomer 5.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2026 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim