TOKOH ALKITAB
Luwih Pilih Nglayani Yéhuwah, Kaya Manaèn
Manaèn kuwi salah siji sedulur sing nduwé wewenang ing jemaat Antiokhia. Mbiyèn, dhèwèké ”kanca sekolahé Hérodès sing dadi penguasa dhaérah kuwi”. (Kis. 13:1) Dadi, Manaèn kuwi wong sing berpendidikan lan kétoké saka keluarga sing sugih.
Nah, nèk ndelok latar belakangé Manaèn mau, sakjané kuwi isa dimanfaatké kanggo kepentingané dhéwé. Tapi Manaèn pilih dadi wong Kristen. Sing dhèwèké duwèni ya digunakké kanggo ndhukung jemaat lan nglayani para sedulur.
Manaèn dadi conto sing apik soal luwih milih nglayani Yéhuwah timbang dadi sugih utawa terkenal. Awaké dhéwé ya isa kaya Manaèn nèk terus ngutamakké kegiatan rohani. (Mat. 6:33) Meskipun pendidikan kuwi penting, kudu tetep ”mastèkké endi sing luwih penting”. (Flp. 1:9, 10) Kuwi berarti, aja nganti luwih ngutamakké pendidikan timbang nglayani Yéhuwah.