PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w26 Mei hlm. 20-25
  • Tetep Cedhak karo Yéhuwah Selama Menempuh Pendidikan Tambahan

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Tetep Cedhak karo Yéhuwah Selama Menempuh Pendidikan Tambahan
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • TERUS SIBUK ING KEGIATAN ROHANI
  • ”NJAGA KEMAMPUANMU KANGGO MIKIR”
  • PINTER-PINTER NGATUR WEKTU
  • MUNG ”BERGAUL KARO WONG SING WICAKSANA”
  • NGGAWÉ PERSIAPAN
  • Apa Aku Perlu Njupuk Pendidikan Tambahan?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
  • Jawaben Pertanyaan-Pertanyaan Iki
    Daftar Acara Pertemuan Wilayah 2025-2026 karo Pinituwa Wilayah
  • Rendah Hati Ngakoni Nèk Ana Hal-Hal sing Awaké Dhéwé Ora Ngerti
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • ”Terus Ngetutké” Yésus Sakwisé Dibaptis
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
w26 Mei hlm. 20-25

27 JULI–2 AGUSTUS 2026

LAGU 56 Manuta Huwah

Tetep Cedhak karo Yéhuwah Selama Menempuh Pendidikan Tambahan

”Sing penting, awaké dhéwé terus maju kaya sing wis awaké dhéwé tindakké nganti saiki.”—FLP. 3:16.

INTI

Papat naséhat ing Alkitab, sing nèk ditrapké, mengko bakal tetep cedhak karo Yéhuwah selama menempuh pendidikan tambahan.

1-2. (a) Nèk wis mutuské arep kuliah utawa kursus, apa sing kudu terus dilakukan? (b) Apa maksudé ’terus maju kaya sing wis ditindakké’? (Filipi 3:16)

BAR ngrampungké program pendidikan sing diwajibké pamréntah, ana umaté Yéhuwah sing mutuské kanggo njupuk pendidikan tambahan, misalé kuliah utawa kursus. Mungkin tujuané bèn isa éntuk gawéan sing ndhukung pelayanané. Nah, nèk kowé ya mutuské kaya ngono, piyé bèn isa terus cedhak karo Yéhuwah selama menempuh pendidikan tambahan? (Yak. 4:8a) Pas sekolah mbiyèn, mungkin akèh sing wis mbok upayakké kanggo tetep setya karo Yéhuwah. Nah saiki, wektu kuliah utawa kursus, kowé kudu ”terus maju kaya sing wis [mbok] tindakké”.—Wacanen Filipi 3:16.

2 Ing basa asliné, ’terus maju kaya sing wis ditindakké’ kuwi nggambarké prajurit sing lagi baris, terus maju bareng-bareng. Nah, padha kaya ngono, nèk mutuské arep kursus utawa kuliah, kowé ya kudu ”terus maju” bareng karo para sedulur lan aja nganti mandheg utawa mundur gara-gara kuliah utawa kursus. Ing artikel iki, ayo mbahas papat ayat sing mungkin sakdurungé wis tau mbok trapké. Tapi, ayat-ayat kuwi isih isa terus mbok trapké selama menempuh pendidikan tambahan, lan bahkan mengko sakwisé kuliah utawa kursusé rampung.

TERUS SIBUK ING KEGIATAN ROHANI

3. Nèk kuliah utawa kursus, hal apa sing kudu diwaspadai?

3 Sing kudu diwaspadai. Nèk kuliah utawa kursus, mengko mesthi bakal dadi sibuk banget lan akèh kegiatan. Terus, merga péngin ngupayakké sing paling apik soal pendidikan, isa waé kowé malah dadi ngorbanké kegiatan rohani. Mungkin malah dadi ora isa rutin ngibadah, nginjil, maca Alkitab, utawa ndonga.—Why. 2:4.

4. Apa maksudé ”terus sibuk nindakké akèh gawéan kanggo nglayani Gusti”? (1 Korintus 15:58)

4 Wacanen 1 Korintus 15:58. Padha kaya nèk numpak sepédha, bèn isa terus maju, sepédhané kudu terus digenjot. Nèk péngin terus cedhak karo Yéhuwah, ya kudu ”terus sibuk nindakké akèh gawéan kanggo nglayani Gusti”. Kuwi ora mung sekedar melakukan, tapi kudu bener-bener ngutamakké kegiatan rohani. Élinga nèk nglayani Yéhuwah kuwi sing nomer siji, bar kuwi lagi pendidikan. (Mat. 22:37) Sedulur wédok sing jenengé Samantha ngomong ngéné, ”Kèt awal aku wis bertékad, nèk pendidikanku ngganggu hubunganku karo Yéhuwah, ora bakal tak lanjutké.”

5. Apa sing kudu mbok upayakké bèn isa terus sibuk ing kegiatan rohani?

5 Sing kudu diupayakké. Bahkan sakdurungé program pendidikané dimulai, pastèkna nèk Yéhuwah bakal terus dadi sing mbok utamakké. Pikirna, ’Apa rencanaku bèn aku isa tetep rutin teka ngibadah, nginjil, lan pelajaran pribadi?’ (Yos. 1:8; Mat. 28:​19, 20; Ibr. 10:25) Terus ya éling-élingen: Apa mbiyèn pas isih sekolah kowé isa tetep rutin melakukan kegiatan rohani? Nèk misalé ora, apa sing arep mbok lakukan bèn ora kaya ngono manèh? Terusa bertékad kanggo tetep sibuk ing kegiatan rohani selama kuliah utawa kursus. Sekolahé kudu tenanan, tapi aja nganti wektu lan tenagamu entèk kanggo kuwi thok.a—Mat. 6:24.

6. Pertanyaan apa waé sing isa dipikirké bèn ngerti apa isih ngutamakké Yéhuwah? (Deloken gambar.)

6 Selama menempuh pendidikan tambahan, sesasi pisan, coba renungna apa Yéhuwah isih tetep dadi fokus utamamu. Misalé pikirna, ’Apa akhir-akhir iki nèk ngibadah aku tekané telat utawa malah ora teka babar blas? Selama acara ibadah, apa aku malah mikirké tugas sekolahku? Apa aku luwih seneng ngibadahé secara virtual timbang teka langsung ing Balai? Apa aku mulai jarang ndonga lan maca Alkitab? Apa nginjilku mung dadi rutinitas lan nèk pas nginjil péngin ndang rampung?’ Nèk ternyata jawabané iya, kowé kudu ndang nggawé penyesuaian. Aja nganti pendidikan dadi luwih penting timbang Yéhuwah.

Sedulur lanang ndeloki ayat-ayat Alkitab wektu mempelajari artikel ”Warta Penting”.

Aja nganti pendidikan dadi luwih penting timbang Yéhuwah (Deloken paragraf 6)


”NJAGA KEMAMPUANMU KANGGO MIKIR”

7. Hal apa manèh sing kudu diwaspadai nèk njupuk pendidikan tambahan?

7 Sing kudu diwaspadai. Bergantung program pendidikan sing mbok jupuk, kadhang kowé bakal diajari hal-hal sing ora sesuai karo Alkitab, yaiku ”ajarané manungsa lan omongan sing ora bener”, misalé atéisme lan évolusi. (Kol. 2:8) Terus, biasané sing ditonjolké kuwi soal ngendelké diri sendiri. Ana sedulur lanang sing crita, ”Kami ora mung diajari ketrampilan, tapi ya pandhangan sing kerep-kerepé ora cocog karo pandhangané Yéhuwah. Misalé, kami dikandhani nèk suksès kuwi bergantung karo diri sendiri. Kuwi marakké aku mulai mikir nèk aku ora butuh Yéhuwah. Suwé-suwé aku dadi ora ngendelké Dhèwèké.”

8. Ngapa kok ”kemampuanmu kanggo mikir” kudu dijaga? (Wulang Bebasan 5:​1, 2)

8 Wacanen Wulang Bebasan 5:​1, 2. Menurut Alkitab, kowé kudu ”njaga kemampuanmu kanggo mikir”. Soalé, kuwi lagi diserang Sétan lan wong-wong ing donya iki. (1 Ptr. 5:8) Pandhangané meréka soal tingkah laku, asal mula kehidupan, utawa soal Gusti Allah kuwi ana tenan apa ora, mengko isa marakké kowé dadi mulai ragu-ragu ajaran sing bener ing Alkitab. Mungkin kanggoné meréka pandhangan kaya ngono kuwi sing paling bener. Tapi kanggoné Yéhuwah, ”kawicaksanané donya iki ora ana gunané”.—1 Kor. 3:​18-20.

9. Apa sing isa mbok upayakké kanggo ”njaga kemampuanmu kanggo mikir”?

9 Sing kudu diupayakké. Bahkan sakdurungé program pendidikanmu dimulai, pastèkna kowé yakin tenan nèk sing diajarké ing Alkitab kuwi sing bener. Pikirna, ’Ngapa kok aku percaya karo Gusti Allah? Apa buktiné nèk Alkitab kuwi omongané Gusti Allah? Apa sing marakké aku yakin nèk pathokan ing Alkitab kuwi luwih unggul timbang pandhangané wong ing donya?’ Terus ya éling-élingen: Mbiyèn pas sekolah, pas kowé diajari pandhangan-pandhangan sing ora sesuai karo Alkitab misalé soal évolusi, apa kowé ya mulai dadi ragu-ragu soal penciptaan? Apa kowé ya tau kegodha kanggo mèlu-mèlu kelakuané kanca-kancamu? Nèk misalé iya, apa sing péngin mbok upayakké saiki bèn ora kaya ngono manèh? Terusa bertékad kanggo ”njaga kemampuanmu kanggo mikir” selama menempuh pendidikan tambahan.—2 Tim. 2:​16-18.b

10. Piyé bèn pandhanganmu ora gampang kepengaruh selama menempuh pendidikan tambahan?

10 Selama menempuh pendidikan tambahan, secara rutin pikirna, ’Apa aku wis mulai nganggep perbuatan salah kuwi ora salah? Nèk sing diajarké kuwi ora bener, apa aku isa langsung nitèni lan ora gampang percaya? Apa aku bener-bener yakin nèk mung Kerajaané Gusti Allah sing isa ngatasi masalahé manungsa?’ Bèn pandhanganmu ora gampang dipengaruhi kanca utawa gurumu, terusa maca, ngrenungké, lan ngetrapké isiné Alkitab. Hasilé, kowé bakal yakin tenan nèk ajaran ing Alkitab kuwi sing bener.—1 Tim. 4:15.

PINTER-PINTER NGATUR WEKTU

11. Selama menempuh pendidikan tambahan, apa manèh sing kudu diwaspadai soal wektu?

11 Sing kudu diwaspadai. Nèk njupuk pendidikan tambahan, kuwi mungkin bakal ngentèkké akèh wektumu, terutama nèk arep ujian utawa nèk ana tugas. Nèk ora pinter-pinter ngatur wektu, mengko kowé bakal strès lan kekeselen. Élinga nèk kowé ya butuh wektu kanggo nggatèkké keséhatanmu, termasuk keséhatan méntalmu.

12. Hal apa waé ta sing kudu dilakukan kok kudu pinter-pinter ngatur wektu? (Éfésus 5:​15, 16)

12 Wacanen Éfésus 5:​15, 16. Bèn isa ’nggunakké wektu nganggo cara sing paling apik’ kuwi ora gampang, soalé ana akèh hal sing kudu dilakukan. Misalé, mémang kowé kudu sinau, tapi kowé ya kudu nduwé wektu kanggo bergaul karo keluarga lan sedulur seiman. (Mzm. 133:1; WB. 18:1) Sing terutama, kegiatan rohanimu kudu tetep dadi sing nomer siji. (Mat. 6:33) Sakliyané kuwi, mungkin kowé ya ana tugas-tugas ing omah utawa bahkan kudu kerja. Terus, kowé ya butuh istirahat lan olahraga bèn tetep séhat. (Pkh. 4:6; 1 Tim. 4:8) Bèn isa melakukan kuwi kabèh, kowé kudu pinter-pinter ngatur wektu.

13. Bèn isa ’nggunakké wektu nganggo cara sing paling apik’, apa sing isa mbok lakukan?

13 Sing kudu diupayakké. Menurut Alkitab, sesuatu bakal berhasil nèk direncanakké. (WB. 21:5) Makané, bahkan sakdurungé program pendidikané dimulai, kowé kudu nduwé jadwal sing apik. Coba éling-élingen manèh: Mbiyèn pas jaman sekolah, piyé kowé ngatur wektumu? Nèk pas kuwi kowé durung isa ngatur wektumu, apa sing arep mbok lakukan saiki? Terusa bertékad kanggo nduwé jadwal sing apik bèn ora terlalu strès.c

14. Pertanyaan apa waé sing isa dipikirké?

14 Selama menempuh pendidikan tambahan, secara rutin pikirna, ’Saka jadwalku, apa aku isih nduwé wektu kanggo istirahat lan olahraga? Apa aku isih nduwé wektu kanggo bergaul karo para sedulur? Apa aku isa ngrampungké PR-ku tepat waktu? Nèk ora, apa kuwi merga aku kakèhan kegiatan, utawa merga aku seneng nunda-nunda? Apa wong liya, termasuk keluargaku, tau ngomong nèk aku wis kakèhan kegiatan?’ Nèk misalé ngrasa ana penyesuaian sing kudu dilakukan, ya ndang dilakukan. Kowé ya isa njaluk sarané wong sing wis terbukti pinter ngatur wektu.—WB. 11:14.

MUNG ”BERGAUL KARO WONG SING WICAKSANA”

15. Hal apa manèh sing kudu diwaspadai selama menempuh pendidikan tambahan?

15 Sing kudu diwaspadai. Kancamu ing kampus utawa kursus mungkin bakal ngejak kowé dolan bareng. Mungkin kowé dadi péngin mèlu merga ngrasa nduwé akèh persamaan lan wis kulina karo meréka. Bahkan, kowé isa mulai ngrasa luwih cocog karo kanca-kancamu timbang karo para sedulur. Tapi élinga, meskipun kowé nduwé akèh persamaan karo meréka, tapi kowé tetep béda. Soalé kowé péngin nyenengké Yéhuwah, tapi kanca-kancamu ora. Terus ya élinga, nèk kerep bergaul karo meréka, mengko pandhanganmu ya isa dadi padha kaya meréka. (1 Kor. 15:33) Kuwi sing dialami Michael sing selama patang taun mèlu pelatihan kerja ing bidang kelistrikan. Michael crita, ”Pengaruhé kanca-kancaku kuwi gedhé banget. Merga 40 jam seminggu bergaul karo meréka, aku dadi ketularan pandhangané meréka soal wong wédok, pilihan musik, lan omongan.”

16. Apa maksudé ”bergaul karo wong sing wicaksana”? (Wulang Bebasan 13:20)

16 Wacanen Wulang Bebasan 13:20. Menurut Alkitab, nèk salah bergaul, mengko akibaté ya cilaka. Tapi nèk ”bergaul karo wong sing wicaksana bakal dadi wicaksana”. Dadi jelas, kanca bergaul kuwi isa mempengaruhi awaké dhéwé dadi wong apik utawa ora. Makané, kowé kudu bergaul mung karo wong-wong sing bener-bener sayang karo Yéhuwah lan péngin kowé bener-bener bahagia.—Mzm. 101:​6, 7; 119:63.

17. Piyé bèn aja nganti salah bergaul?

17 Sing kudu diupayakké. Bahkan sakdurungé program pendidikané dimulai, tentokna batesanmu soal pergaulan. Sedulur Trenton ngomong, ”Aku tetep ramah karo kanca sekolahku. Tapi, aku nganggepé meréka ya mung kanca sekolah, dudu sahabatku. Makané bar mulih sekolah, aku ora dolan-dolan karo meréka.” Nah, nèk kowé piyé? Coba éling-élingen manèh: Apa mbiyèn pas isih sekolah kowé ya nentokké batesan soal pergaulan? Nèk wektu kuwi kowé durung isa nggawé batesan, apa sing arep mbok upayakké saiki bèn ora kaya ngono manèh? Terusa bertékad kanggo mung ”bergaul karo wong sing wicaksana” lan ora bergaul karo wong-wong sing ora sayang karo Yéhuwah.d

18. Pertanyaan apa waé sing isa dipikirké? (Deloken gambar.)

18 Secara rutin pikirna, ’Apa aku wis terlalu akrab karo kanca sekolahku? Apa aku mulai kepengaruh omongan, tingkah laku, lan pandhangané meréka? Kira-kira Yéhuwah seneng ora ya karo pergaulanku saiki?’ (Mzm. 1:1) Nèk ternyata ana sing kudu disesuaikké, ya ndang kudu dilakukan. Pastèkna kowé mung akrab karo wong-wong sing sayang Yéhuwah. Terus, ya aja ragu-ragu ngekèki kesaksian kancamu. Sakjané, merga wis kenal lan kerep ketemu, kowé dadi nduwé akèh kesempatan kanggo ngekèki kesaksian kanca-kancamu.

Sakwisé kursus kecantikan, sedulur wédok nduduhké selebaran ”Apa Kabèh Agama Padha Waé?” ing kanca sak kelasé.

Aja ragu-ragu ngekèki kesaksian kancamu (Deloken paragraf 18)e


NGGAWÉ PERSIAPAN

19. Sakdurungé njupuk pendidikan tambahan, apa waé sing kudu mbok siapké? Kèkana perumpamaané.

19 Bayangna perumpamaan iki: Wong sing arep munggah gunung ora mungkin asal-asalan langsung mangkat. Dhèwèké mesthi bakal mastèkké sik awaké séhat, pakaiané cocog, lan ngerti arah tujuané. Meskipun mengko ing perjalanan ora ngerti bakal ngadhepi apa, tapi nèk wis siap kaya ngono, mesthi bakal tekan tujuané. Padha kaya ngono, wektu arep njupuk pendidikan tambahan, kowé ya kudu mastèkké imanmu kuwat, kowé nganggo ”kabèh perlengkapan perang saka Gusti Allah”, lan nduwé tujuan kanggo ngluhurké Yéhuwah dudu bèn suksès menurut wong-wong ing donya iki.—Éf. 6:​11-13; 1 Kor. 9:​26, 27; 10:31.

20. ”Terus mriksa apa uripmu wis cocog karo iman Kristen” kuwi carané piyé?

20 Ing Alkitab disebutké, ”Kowé kudu terus mriksa apa uripmu wis cocog karo iman Kristen. Kowé kudu terus mriksa kaya apa kowé saktenané.” (2 Kor. 13:5) Kuwi kudu terus mbok lakukan selama menempuh pendidikan tambahan. Piyé carané? Secara rutin, pastèkna kowé isih melakukan hal-hal iki: Apa kowé isih rutin melakukan kegiatan rohani? Apa kowé isih ’njaga pikiranmu’ bèn ora terpengaruh wong-wong ing donya iki? Apa kowé isih isa ngatur wektumu? Apa kowé akrabé karo sedulur-sedulur seiman, dudu wong sing ora nyembah Yéhuwah? Ora soal kowé isih sekolah apa wis kerja, pertanyaan-pertanyaan kuwi apik kanggo direnungké. Terusa bertékad kanggo nduwé iman sing kuwat ora soal apa sing diadhepi. Yakina nèk Yéhuwah bakal mberkahi upayamu.—WB. 3:​5, 6.

SAKDURUNGÉ NJUPUK PENDIDIKAN TAMBAHAN, PIYÉ BÈN KOWÉ MENGKO ISA TERUS . . .

  • sibuk ing kegiatan rohani?

  • ”njaga kemampuanmu kanggo mikir”?

  • pinter-pinter ngatur wektu lan ora nganti salah bergaul?

LAGU 87 Acara Ibadah Kuwi Nguwatké

a Nèk péngin ngerti saran-saran bèn isa terus sibuk ing kegiatan rohani, deloken artikel ing jw.org sing judhulé ”Pitakonané Cah Enom . . . Apa sing Kudu Terus Diupayakké Sakwisé Dibaptis?—Bagéan 1: Ngutamakké Kegiatan Rohani”.

b Nèk péngin ngerti saran-saran piyé bèn isa ’njaga kemampuan kanggo mikir’, deloken artikel ”Aja Niru Cara Mikiré Wong-Wong ing Donya Iki” ing Warta Penting Mei 2019.

c Nèk péngin ngerti saran-saran piyé carané ngatur wektu ing kegiatan saben dina, deloken artikel ing jw.org sing judhulé ”Pertanyaan Anak Muda . . . Bagaimana Caranya Mengatur Waktu?”

d Nèk péngin ngerti saran-saran soal pinter-pinter milih kanca bergaul, deloken buku Bahagia Saklawasé Pelajaran 48 sing judhulé ”Ngati-ati Wektu Milih Kanca”.

e PENJELASAN GAMBAR: Pas njupuk kursus tata rambut, sedulur wédok ngekèki kesaksian kancané.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2026 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim