PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w26 Mei hlm. 14-19
  • Apa Aku Perlu Njupuk Pendidikan Tambahan?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Aku Perlu Njupuk Pendidikan Tambahan?
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • APA KUDU NJUPUK PENDIDIKAN TAMBAHAN?
  • MIKIRKÉ TUJUANÉ
  • HAL-HAL SING KUDU DIPIKIRKÉ SOAL PENDIDIKAN TAMBAHAN
  • Tetep Cedhak karo Yéhuwah Selama Menempuh Pendidikan Tambahan
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
w26 Mei hlm. 14-19

20-26 JULI 2026

LAGU 133 Nglayani Yéhuwah Kèt Enom

Apa Aku Perlu Njupuk Pendidikan Tambahan?

”Wong sing pinter mikirké tenanan apa sing bakal ditindakké.”—WB. 14:15.

INTI

Hal-hal sing kudu dipikirké sakdurungé mutuské arep njupuk pendidikan tambahan apa ora, lan naséhat ing Alkitab soal kuwi.

1-2. (a) Cah-cah enom kadhang kudu nggawé keputusan soal apa? (b) Apa sing dimaksud ”pendidikan tambahan”? (Deloken ”Keterangan”.)

KALIAN cah-cah enom mungkin kerep ditakoni, ”Apa cita-citamu?” Mémang, sing paling apik kuwi nglayani Yéhuwah sepenuh waktu. Tapi, kowé kan kudu tetep kerja kanggo nyukupi kebutuhanmu, ta? (2 Tés. 3:10) Dadi, mungkin saiki kowé ya wis mulai mikirké sukmbèn arep kerja apa.

2 Bèn mengko isa éntuk gawéan, ana beberapa cah enom sing sakwisé rembugan karo wong tuwané, akhiré mutuské kanggo njupuk pendidikan tambahan bar ngrampungké pendidikan dhasar sing diwajibké pamréntah.a Nah, nèk kowé ya nduwé rencana kaya ngono, artikel iki bakal bermanfaat kanggo kowé. Ing artikel iki bakal dibahas saran-saran ing Alkitab sing isa dipikirké sakdurungé mutuské arep njupuk pendidikan tambahan apa ora. Meskipun tujuan utamané kanggo cah enom, tapi artikel iki ya bermanfaat kanggo kabèh umaté Yéhuwah, termasuk kanggo wong tuwa sing lagi mbantu anaké mikirké soal pendidikan tambahan.

APA KUDU NJUPUK PENDIDIKAN TAMBAHAN?

3. Apa sing mungkin marakké umaté Yéhuwah terpikir kanggo njupuk pendidikan tambahan?

3 Ing beberapa dhaérah, tanpa pendidikan tambahan, wong wis isa éntuk gawéan sing gajiné lumayan. Tapi ing dhaérah liya, nèk péngin nduwé gawéan sing gajiné lumayan lan jam kerjané masuk akal, wong kudu njupuk pendidikan tambahan. Mémang, gawéan kaya ngono isa marakké dadi nduwé luwih akèh wektu kanggo nginjil utawa kegiatan rohani liyané. Tapi élinga, nèk njupuk pendidikan tambahan, ana akèh sing kudu dikorbanké lan mungkin ana tantangan tertentu sing bakal diadhepi.

4. Sapa sing kuduné nggawé keputusan soal pendidikan tambahan? (Deloken cathetan ngisor.)

4 Ing Galatia 6:5 disebutké, ”Saben wong bakal mikul tanggung jawabé dhéwé-dhéwé.” Dadi, wong sing wis déwasa kudu mutuské dhéwé arep njupuk pendidikan tambahan apa ora.b Mémang, nèk isih di bawah umur, pendidikané anak isih dadi tanggung jawabé wong tuwa. (Éf. 6:1) Tapi, wong tuwa kudu mbantu bèn sukmbèn pas anaké wis déwasa, anaké isa nggawé keputusan dhéwé.—WB. 22:6.

5. Kèt kapan isa mulai mikirké soal pendidikan tambahan, lan ngapa? (Deloken gambar.)

5 Biasané, cah-cah enom wis mulai mikirké soal pendidikan tambahan lan mbahas kuwi karo wong tuwané, kèt sakdurungé lulus sekolah. Dadi, ana cukup wektu kanggo meréka nggolèk keterangan luwih akèh lan mempertimbangkan pilihan-pilihan sing ana. Kuwi ya isa marakké meréka dadi ngerti ketrampilan utawa mata pelajaran apa sing arep dipelajari, sing bakalé cocog karo pendidikan tambahan utawa gawéan sing dipénginké sukmbèn. Tapi, kuwi ora berarti sakdurungé lulus kudu wis ana keputusané. (WB. 21:5) Ana cah-cah enom sing bar lulus, nggolèk kerja sik, terus merintis, lagi bar kuwi mikirké arep njupuk pendidikan tambahan. Bahkan, ana sing lagi mikirké soal pendidikan tambahan kuwi suwé sakwisé lulus.

Cah wédok mbahas soal pendidikan tambahan karo wong tuwané. Ing ngarepé ana beberapa brosur sekolahan, vidéo JW Broadcasting, karo Alkitab.

Wong tuwa isa mbantu anaké bèn nggawé keputusan sing apik soal pendidikan tambahan (Deloken paragraf 5)


6. Apa sing kudu dilakukan bèn isa nggawé keputusan sing apik soal pendidikan tambahan?

6 Bèn isa nggawé keputusan sing apik soal pendidikan tambahan, dongakna sik soal kuwi. (Yak. 1:5) Bar kuwi, isa melakukan loro hal iki: Siji, pikirna tujuanmu péngin njupuk pendidikan tambahan. (Mzm. 26:2) Loro, golèka keterangan luwih akèh soal pendidikan sing arep dipilih kuwi. (WB. 14:15) Ayo dibahas siji-siji.

MIKIRKÉ TUJUANÉ

7. Apa sing kudu dipikirké nèk arep njupuk pendidikan tambahan?

7 Nèk péngin njupuk pendidikan tambahan, pikirna, ’Aku péngin njupuk pendidikan tambahan kuwi sakjané kanggo ngapa?’ Akèh sing tujuané kanggo éntuk gawéan sing disenengi utawa sing gajiné akèh. Apa kuwi salah? Durung tentu. (1 Tim. 5:8) Tapi, Alkitab ngélingké bahayané ngutamakké lan ngendelké dhuwit. (WB. 23:​4, 5; 1 Tim. 6:​8-10; 1 Yoh. 2:17) Nèk tujuanmu kuwi bèn sugih utawa bèn diajèni wong, mengko kowé ora isa bener-bener bahagia lan hubunganmu karo Yéhuwah malah dadi adoh.

8-9. (a) Sepira pentingé pendidikan kanggo umaté Yéhuwah? (Matius 6:33) (b) Apa sing isa mbok pelajari saka koméntaré Josefina, Morine, lan Iris?

8 Dadi, sepira pentingé ta pendidikan kanggo umaté Yéhuwah? Élinga nèk ora ana sing luwih penting timbang nglayani Yéhuwah. (Mat. 22:​37, 38; Flp. 3:8) Dadi, tujuané nggolèk pendidikan kuwi bèn isa éntuk gawéan sing isa ndhukung pelayananmu.—Wacanen Matius 6:33.

9 Gatèkna koméntaré beberapa cah enom iki. Josefina saka Cile crita, ”Sing paling penting kanggoku kuwi cita-cita rohaniku. Makané, aku njupuk kursus sing isa ndhukung cita-cita rohaniku.” Sedulur Morine njupuk kursus selama setaun kanggo dadi penata rambut. Dhèwèké crita, ”Cita-citaku nglayani ing dhaérah sing butuh luwih akèh penginjil. Dadi, aku nggolèk kursus sing isa ndhukung cita-citaku. Bar kursusé rampung, aku kerja dadi penata rambut lan nabung bèn isa pindhah ing dhaérah sing luwih mbutuhké. Terus bar pindhah, aku kerja dadi penata rambut kanggo ndhukung pelayananku.” Sedulur Iris sing kuliah ing fakultas kedokteran gigi ngomong, ”Pendidikan tambahan mémang ana manfaaté. Tapi, dudu kuwi sing marakké bener-bener bahagia lan puas. Kunciné: Ngutamakké Yéhuwah. Mung kuwi sing isa marakké bener-bener bahagia lan puas.” Dadi nèk kowé nganggep hubunganmu karo Yéhuwah kuwi hal sing paling penting, mengko kowé isa nggawé keputusan sing apik sing isa marakké bahagia saklawasé.

HAL-HAL SING KUDU DIPIKIRKÉ SOAL PENDIDIKAN TAMBAHAN

10. Piyé naséhat ing Pangandharing Torèt 32:29 isa ditrapké wektu arep njupuk pendidikan tambahan?

10 Mungkin kowé tertarik karo kursus utawa pelatihan tertentu. Tapi timbang mung fokus ing kuwi thok, coba pikirna pilihan-pilihan liya. (Bandhingna Wulang Bebasan 18:17.) Saiki, ana akèh pilihan pendidikan tambahan sing mbiyèn durung ana, misalé kursus online. Terus pikirna, mungkin kowé sakjané isa nggolèk kerja tanpa kudu nggolèk pendidikan tambahan. Misalé kaya Sedulur Johanna saka Finlandia. Dhèwèké crita, ”Bar lulus sekolah, aku kerja paruh waktu karo merintis. Gawéanku mémang bervariasi, tapi aku wis ngrasakké dhéwé nèk Yéhuwah selalu nepati janjiné kanggo nyedhiakké kabèh sing tak butuhké.” Élinga, saben keputusan soal pendidikan tambahan kuwi mesthi ana hal positif lan négatifé. Makané pikirna, ’Luwih akèh positifé utawa négatifé?’ (Wacanen Pangandharing Torèt 32:29; 1 Kor. 10:23) Ayo mbahas luwih akèh soal kuwi.

11. Wektu arep njupuk pendidikan tambahan, ngapa kok kudu mikirké soal sepira akèhé wektu sing dibutuhké? (Deloken gambar.)

11 Sepira akèhé wektu sing dibutuhké. Pikirna kira-kira pirang jam saben minggu wektu sing dibutuhké kanggo mèlu kelasé, praktèké, utawa nggarap tugasé. Apa mengko isih ana wektu kanggo kegiatan rohani lan tugas-tugas ing omah? (Flp. 1:10) Apa kuwi malah marakké dadi kekeselen kanggo pelajaran pribadi lan persiapan pertemuan ibadah? Gatèkna pengalamané Sedulur Jeroz saka India. Dhèwèké crita, ”Aku dadi ora isa rutin nginjil, bahkan kadhang ya ora isa teka ing pertemuan ibadah. Kuduné aku ora usah njupuk kursus kuwi, soalé wektu lan tenagaku entèk gara-gara kuwi.” Tapi ya ana kursus sing ora ngentèkké akèh wektu lan tugasé ya ora akèh. Misalé, Rabeca saka Mozambik crita, ”Saben dina, aku kursusé mung rong jam. Makané aku isa terus merintis biasa.”

Gambar: Sedulur lanang mikirké apa dhèwèké isih isa ngrampungké kabèh tanggung jawabé nèk njupuk pendidikan tambahan. 1. Tugas ngédarké mikrofon ing pertemuan ibadah. 2. Nginjil ing omah-omah. 3. Kerja dadi barista. 4. Sekolah.

Nèk arep njupuk pendidikan tambahan, pastèkna kowé isih nduwé wektu kanggo ngrampungké kabèh sing dadi tanggung jawabmu (Deloken paragraf 11)


12. Pertanyaan apa waé sing isa dipikirké bèn terbukti ’nggunakké wektu nganggo cara sing paling apik’? (Pengkhotbah 12:1)

12 Sepira suwéné rampungé. Pikirna kira-kira pirang sasi utawa pirang taun nganti lulus pendidikan kuwi. Nèk mèlu kursus kuwi, apa kowé bakal terbukti ’nggunakké wektu nganggo cara sing paling apik’? (Éf. 5:​15-17) Apa kowé isa tetep ngekèki sing paling apik kanggo Yéhuwah mumpung isih enom, misalé nglayani sepenuh waktu? (Wacanen Pengkhotbah 12:1.) Apa ana kursus semacam kuwi sing wektuné luwih singkat? Misalé, mungkin ana kursus utawa program pelatihan sing luwih murah lan luwih singkat daripada kuliah. Mario saka Cile crita, ”Daripada kuliah, aku milih kursus selama rong taun sing biayané luwih murah. Kelasé kuwi seminggu mung patang dina, dadi aku isa tetep merintis.”

13. Nèk arep njupuk pendidikan tambahan, ngapa kok ya kudu mikirké soal panggonané?

13 Panggonané. Apa universitas utawa panggonan kursus sing mbok péngini kuwi cedhak omahmu? Piyé nèk misalé anané ing kutha liya, utawa nganti kudu manggon ing asrama? Élinga, nèk kowé adoh saka keluargamu, apamanèh nèk manggon karo wong sing ora seiman, nèk ora ngati-ati mengko hubunganmu karo Yéhuwah isa dadi adoh. (WB. 22:3; 1 Kor. 15:33) Gatèkna pengalamané Matias saka Mozambik. Dhèwèké njupuk kursus sing ora larang, terus mung setaun thok. Tapi, dhèwèké akhiré menyesal. Lha ngapa? Dhèwèké crita, ”Merga manggon ing asrama, saben dina mesthi ana godhaan kanggo nglakoni sing salah. Nèk saranku, golèka panggonan kursus sing ora adoh-adoh saka keluargamu.” Sedulur wédok saka Rusia crita, ”Merga tetep manggon karo wong tuwaku, ora ing asrama utawa ngekos, aku isa menghindari akèh godhaan lan bahaya.” Sakliyané kuwi, kowé ya isa mempertimbangkan kursus online.

14. Wektu mikirké soal pendidikan tambahan, piyé ngetrapké naséhat ing Lukas 14:28?

14 Biayané. Ana kursus-kursus sing murah utawa biayané ditanggung pamréntah. Dadi, kowé isa éntuk ketrampilan kanggo nggolèk kerja tanpa ngetokké akèh biaya. Tapi ya ana kursus-kursus sing larang. Misalé, mungkin bèn isa ditampa ing lembaga pendidikan tertentu, kowé isih kudu ngetokké dhuwit kanggo lès tambahan. Bahkan, ana sing nganti bertaun-taun lagi isa nglunasi biayané. Andersonc saka Mozambik crita, ”Kanggo mbayari pendidikanku selama patang taun, mbahku sing ngopèni aku nganti ora isa tuku beberapa kebutuhan dhasar, termasuk panganan.” Dadi, sakdurungé mutuské arep njupuk pendidikan tambahan, pikirna, ’Pira biayané? Apa aku utawa keluargaku kuwat mbayaré? Apa ana pilihan liya sing luwih murah?’ (Wacanen Lukas 14:28.) ’Nèk aku nganti kudu ngutang, butuh wektu pirang taun nglunasiné? Terus nèk mengko wis kerja, apa gajiku bakal cukup kanggo nyukupi kebutuhanku lan nglunasi utangku kuwi?’—WB. 22:7.

15. Sakdurungé njupuk pendidikan tambahan, ngapa kok kudu mikirké peluang kerjané?

15 Peluang kerja. Coba pikirna, ’Ketrampilan apa sing dibutuhké ing dhaérah sing arep mbok enggoni bèn mengko isa gampang nggolèk gawéan? Apa mémang kudu njupuk pendidikan tambahan?’ Ana beberapa pendidikan tambahan sing jebulé mung ngajari téori thok, tapi ora nglatih ketrampilan. (Kol. 2:8) Sedulur wédok saka India crita, ”Merga kursus sing tak pilih kuwi ora ngajari ketrampilan kanggo kerja, aku dadi angèl nggolèk gawéan sing sesuai karo ilmu sing tak pelajari.” Terus, ya ana sing wis mempelajari suatu ketrampilan tapi ternyata ketrampilan kuwi ora akèh dibutuhké ing dhaérah tempat tinggalé. Samuel saka Republik Afrika Tengah tau kursus ndandani AC. Tapi dhèwèké crita, ”Ing kéné, akèh-akèhé wong ndandani dhéwé barang-barangé sing rusak. Dadi, aku angèl éntuk gawéan.”

16. Ngapa kok ya kudu mikirké jenis gawéané?

16 Sakliyané kuwi, pikirna jenis gawéané. Apa kowé bakal menikmati gawéan kuwi? (Pkh. 3:​12, 13) Kaya apa lingkungan kerjané? Apa kuwi mengko bakal marakké kowé strès, saingan, tertekan, utawa ora aman? Kira-kira gajiné pira? Apa kuwi cukup kanggo kebutuhanmu? Apa bèn isa terus kerja ing kono, kowé mengko kudu sekolah manèh? Sing paling penting, apa kowé isih isa ngutamakké Yéhuwah? (Pkh. 12:13) Mémang, nèk ing dhaérahmu ora akèh lapangan kerja, kowé ora isa pilih-pilih. Tapi élinga, pilihan pendidikan tambahanmu isa mempengaruhi pilihan gawéanmu. Tabitha saka India ajar njait selama enem sasi. Dhèwèké crita, ”Aku milih dadi penjait soalé kuwi isa ndhukung aku dadi perintis. Wektuné flèksibel, modhalé ora gedhé, terus wong mesthi butuh penjait.” Merga nduwé ketrampilan kuwi, Tabitha isa éntuk gawéan sing marakké dhèwèké isa terus merintis.

17. (a) Apa waé sing isa dilakukan bèn éntuk luwih akèh keterangan sakdurungé nggawé keputusan? (b) Apa waé naséhat ing Alkitab sing isa dipikirké? (Deloken kothak ”Naséhat ing Alkitab soal Pendidikan Tambahan”.)

17 Ing artikel iki wis dibahas beberapa hal sing kudu dipikirké tenanan soal pendidikan tambahan. Nah saiki, piyé bèn isa éntuk luwih akèh keterangan soal pendidikan sing arep mbok jupuk? Kowé isa langsung mara ing sekolahé utawa ndelok situs wèbé. Golèka keterangan soal sepira akèhé lowongan kerja ing bidang kuwi. Kowé ya isa takon karo wong-wong sing tau njupuk pendidikan kuwi utawa sing kerja ing bidang kuwi. (WB. 13:10) Takona positif lan négatifé. Sakliyané kuwi, takona karo para sedulur sing semangat nglayani Yéhuwah. Sapa ngerti meréka ana saran soal pendidikan tambahan utawa gawéan, sing durung tau mbok pikirké.—WB. 15:22.

Naséhat ing Alkitab soal Pendidikan Tambahan

  • Apa alesanku péngin njupuk pendidikan tambahan? (Mat. 6:33; 1 Tim. 6:​8-10)

  • Kira-kira pirang jam saben minggu wektu sing dibutuhké kanggo mèlu kelasé, praktèké, lan nggarap tugasé? (Flp. 1:10)

  • Pirang taun nganti lulus pendidikan kuwi? (Éf. 5:​15-17)

  • Apa mengko kudu ngekos utawa isih isa manggon karo wong tuwaku? (1 Kor. 15:33)

  • Biayané pira? (Luk. 14:28)

  • Apa kuwi isa marakké aku éntuk gawéan sing ora mung nyukupi kebutuhanku, tapi ya ndhukung pelayananku? (Pkh. 12:13)

18. Apa sing kudu diéling-éling?

18 Kaya sing wis dibahas, mémang ana keuntungané njupuk pendidikan tambahan, tapi ya ana kekurangané. Makané, pikirna tenanan pilihanmu. Terus, dongakna kuwi. Mémang, nèk njupuk pendidikan tambahan, kowé mungkin isa éntuk gawéan sing gajiné lumayan. Tapi élinga, sing bener-bener marakké bahagia kuwi mung nèk hubunganmu akrab karo Yéhuwah. (Mzm. 16:​9, 11) Yéhuwah ya bakal selalu ngopèni umaté, ora soal meréka njupuk pendidikan tambahan apa ora. (Ibr. 13:5) Nah saiki, nèk kowé mutuské arep njupuk pendidikan tambahan, piyé bèn isa tetep cedhak karo Yéhuwah? Kuwi sing bakal dibahas ing artikel berikuté.

APA JAWABANÉ?

  • Menurut Galatia 6:​5, sapa sing kuduné nggawé keputusan soal pendidikan tambahan?

  • Sepira pentingé pendidikan tambahan kanggo umaté Yéhuwah?

  • Hal-hal apa waé sing kudu dipikirké wektu mutuské arep njupuk pendidikan tambahan apa ora?

LAGU 45 Sing Kuduné Tak Pikirké

a KETERANGAN: Ing artikel iki lan artikel berikuté, sing dimaksud ”pendidikan tambahan” kuwi kabèh pendidikan utawa pelatihan sakliyané pendidikan dhasar sing disedhiakké pamréntah. Kuwi termasuk kuliah ing universitas, program diploma, pelatihan kerja, utawa kursus ketrampilan.

b Mémang, mbiyèn anjuran ing publikasi kuwi aja njupuk pendidikan tambahan. Misalé, artikel ”Orang Tua—Masa Depan Apa yang Kalian Inginkan bagi Anak Kalian?” ing Menara Pengawal 1 Oktober 2005 mbahas apa waé bahayané nèk njupuk pendidikan tinggi. Mémang, bahaya-bahaya kuwi nganti saiki isih ana. Tapi, soal mutuské arep njupuk pendidikan tambahan apa ora, kuwi keputusané saben wong. Wong Kristen sing wis déwasa lan wong tuwa, khususé kepala keluarga, isa ndonga sik. Renungna ayat-ayat sing berkaitan soal kuwi. Terus, golèka informasi soal pendidikan tambahan kuwi, misalé soal wektuné utawa liya-liyané. Para sedulur, termasuk pinituwa, ora éntuk nyalahké keputusané sedulur seiman soal kuwi.—Yak. 4:12.

c Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2026 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim