1-7 JUNI 2026
LAGU 111 Bahagia Merga Yéhuwah
Terus Bahagia Meskipun Disengiti
”Kowé kuwi wong sing bahagia nèk ana wong sing sengit karo kowé.”—LUK. 6:22.
INTI
Alesané isa terus bahagia nglayani Yéhuwah padahal akèh sing nyengiti.
1. Yésus tau ngomong apa karo murid-muridé, lan ngapa kok kuwi kétoké anèh?
WEKTU ceramah ing gunung, Yésus tau ngomong nèk murid-muridé kuwi ’wong sing bahagia nèk disengiti’. (Luk. 6:22) Mungkin kuwi kétoké anèh, soalé ora ana wong sing seneng nèk disengiti. Nah, muridé Yésus saiki ya disengiti akèh wong, makané awaké dhéwé péngin ngerti ngapa kok Yésus ngomong kaya ngono. Ing artikel iki bakal dibahas ngapa kok muridé Yésus disengiti lan ngapa kok meréka isa tetep bahagia meskipun disengiti.
ALESANÉ AWAKÉ DHÉWÉ DISENGITI
2-3. Apa salah siji alesan ngapa kok awaké dhéwé disengiti, lan nèk ngerti soal kuwi, piyé pandhangané awaké dhéwé karo wong-wong sing nentang? (Yohanes 16:2, 3)
2 Disengiti merga nglayani Yéhuwah. Yésus ngomong nèk bakal ana wong-wong sing nganiaya lan bahkan matèni murid-muridé. Jaréné Yésus, ”Wong-wong kuwi bakal tumindak kaya ngono merga durung kenal karo Bapak lan aku.” (Wacanen Yohanes 16:2, 3.) Lha terus, sapa sing marakké meréka kaya ngono? Sétan, ”allahé donya iki”. (2 Kor. 4:3, 4) Sétan marakké wong-wong dadi ora ngerti sing bener soal Yéhuwah lan ngojok-ojoki meréka bèn nentang lan sengit karo wong-wong sing nglayani Yéhuwah. (Yoh. 8:42-44) Nèk ngerti soal kuwi, awaké dhéwé dadi ora sengit karo wong-wong sing nentang, soalé ngerti nèk meréka sakjané ya korbané Sétan.
3 Gatèkna pengalamané Pavel.a Dhèwèké manggon ing negara sing kegiatané Seksi Yéhuwah dilarang. Merga terus setya nglayani Yéhuwah, Pavel ditangkep, digebugi, lan selama berbulan-bulan dipenjara ing ruang khusus dhèwèkan. Dhèwèké crita, ”Kanggoku, jelas banget nèk sing péngin aku ora nglayani Yéhuwah manèh kuwi Sétan lan bala-balané. Nèk para petugas penjarané dhéwé sakjané ora sengit karo Seksi Yéhuwah. Meréka mung menjalankan tugasé.” Sedulur lanang ing Kroasia, sing dianiaya wong tuwané sing ora Seksi Yéhuwah, ngomong, ”Aku sadhar nèk mungsuhku kuwi sakjané Sétan, dudu wong tuwaku.”—Éf. 6:12.
4. Apa sing isa dipelajari saka contoné Yésus lan Stéfanus? (Deloken gambar.)
4 Awaké dhéwé ora sengit karo wong sing nentang, tapi malah péngin ndongakké meréka. (Mat. 5:44) Ayo niru contoné Yésus lan Stéfanus. Pas para prajurit Romawi maku Yésus ing cagak, Yésus ndongakké meréka, ”Bapak, tulung apurana wong-wong iki.” (Luk. 23:34) Yésus njaluk Yéhuwah ngampuni para prajurit sing ditugaské kanggo ngukum mati dhèwèké. Sakliyané kuwi, Yésus mungkin ya ndongakké wong-wong sing padha mbengok-mbengok njaluk Yésus dipatèni. Yésus ngerti nèk meréka kaya ngono kuwi dudu merga karepé dhéwé, tapi merga diojok-ojoki para pemimpin agama. Kaya Yésus, Stéfanus ya tau ndongakké bèn Yéhuwah ngampuni wong-wong sing arep matèni dhèwèké. (Kis. 7:58-60) Apa Yéhuwah njawab dongané Yésus karo Stéfanus? Ya. Buktiné, akèh wong sing mauné péngin bèn Yésus dipatèni akhiré bertobat, beriman karo Yésus, terus dibaptis. (Kis. 2:36-41) Terus, ing antarané wong-wong sing ndhukung bèn Stéfanus dipatèni, ana Saul saka Tarsus sing akhiré dadi Kristen. Saul bener-bener menyesali perbuatané mbiyèn.—1 Tim. 1:13.
Kaya Yésus lan Stéfanus, awaké dhéwé ya isa ndongakké wong-wong sing nganiaya (Deloken paragraf 4)
5. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané César?
5 Saiki, Yéhuwah ya isih njawab wektu umaté ndongakké wong sing nentang. Gatèkna pengalamané César, sing manggon ing Venezuela. Bapaké sengit banget karo Seksi Yéhuwah. César crita, ”Bapakku mémang dudu Seksi Yéhuwah, tapi ibuku tetep ngajèni dhèwèké. Bapak ya tetep digatèkké, meskipun Ibu terus ngutamakké kegiatan rohani. Ibu ya ngajari anak-anaké kanggo tetep ngajèni lan manut karo Bapak, kecuali nèk kuwi nglanggar préntahé Yéhuwah.” Sakwisé bertaun-taun, sikapé bapaké César dadi luwih apik. César crita, ”Pernah wektu kuwi sakwisé ndonga tenanan, aku takon apa Bapak gelem sinau Alkitab karo aku. Pas Bapak ngomong ’gelem’, aku seneng banget.” Akhiré bapaké César dibaptis. Mémang, ora kabèh sing nentang kuwi sikapé bakal berubah dadi luwih apik. Tapi, ana sing akhiré berubah merga nggatèkké omongan lan tingkah lakuné awaké dhéwé. Nèk kuwi kelakon, rasané mesthi seneng banget. Muga-muga Yéhuwah, ”Hakimé bumi” sing gampang mesakké, nggerakké para penentang bèn akhiré gelem kenal karo Dhèwèké.—PD. 18:25.
6. Menurut Markus 13:13, apa manèh alesané awaké dhéwé disengiti?
6 Disengiti merga ndhukung Yésus. Yésus tau ngomong nèk wong Kristen bakal disengiti kabèh wong merga meréka muridé Yésus. Kuwi berarti meréka ndhukung kedudukané Yésus dadi Raja Kerajaané Gusti Allah. (Wacanen Markus 13:13.) Nah, wong-wong sing sengit karo awaké dhéwé kuwi ora gelem Yésus dadi pemimpiné. Meréka pénginé manungsa sing dadi pemimpiné. Padahal, Yésus sing wis dipilih Yéhuwah kanggo mréntah sak kabèhé. Yésus wis dadi Raja kèt 1914. Sedhéla manèh, dhèwèké bakal nyingkirké kabèh pamréntahan sing ora gelem ndhukung dhèwèké.
7-8. Apa manèh alesané umaté Yéhuwah disengiti? (Yohanes 15:18-20) (Deloken gambar.)
7 Disengiti merga ”ora padha kaya wong-wong ing donya iki”. Yésus wis ngandhani murid-muridé soal kuwi. (Wacanen Yohanes 15:18-20.) Sing ”ora padha” apané? Awaké dhéwé ora niru-niru kelakuan, sikap, lan omongané wong-wong sing ora bener. Nah, merga kuwi, akhiré dadi disengiti kanca kerja utawa kanca sekolah. (1 Ptr. 4:3, 4) Tapi bersyukuré, ana wong-wong sing mauné nentang akhiré dadi ora sengit manèh lan malah kagum karo Seksi Yéhuwah.
8 Gatèkna pengalamané Ignacio ing Amerika Tengah. Selama bertaun-taun, ana guruné sing ngécé merga Ignacio selalu manut pathokan ing Alkitab soal tingkah laku. Tapi sakdurungé Ignacio lulus, guruné takon ngapa kok Ignacio isa tetep kuwat pendiriané padahal ana akèh sing ngécé. Ignacio ngomong nèk manut pathokan ing Alkitab kuwi justru malah nglindhungi. Ignacio ya ngundang guruné teka ing pertemuan ibadah. Merga ngrasa disambut, guruné dadi gelem teka terus. Lan meskipun ditentang gara-gara belajar Alkitab, guru kuwi terus nggawé kemajuan lan dibaptis.
Ora soal umuré pira, kabèh umaté Yéhuwah isa tetep kendel nduwé pendirian sing kuwat (Deloken paragraf 8)b
9-10. (a) Umaté Yéhuwah ”ora padha” kaya wong-wong ing donya iki kuwi soal apa manèh? (b) Apa sing isa dipelajari saka contoné Paulus?
9 Umaté Yéhuwah ya ”ora padha” kaya wong-wong ing donya iki soal politik lan perang. (Yoh. 18:36) Mémang, sesuai karo Roma 13:1, awaké dhéwé manut hukumé pamréntah. Tapi soal politik, umaté Yéhuwah ora gelem terlibat, embuh kuwi mencalonkan diri utawa milih pas ana pemilihan tokoh politik. Lha ngapa? Soalé sing didhukung mung Yéhuwah lan Kerajaané Gusti Allah sing rajané Yésus. Nah merga kuwi, akèh Seksi Yéhuwah sing dipenjara. Meskipun dipenjara, meréka tetep semangat nginjil kaya Paulus, sing selama bertaun-taun dipenjara lan ditahan ing omah. (Kis. 24:27; 28:16, 30) Paulus nginjil karo sapa waé sing gelem ngrungokké, termasuk penjaga penjara, pejabat pengadilan, gubernur, raja, lan mungkin karo para pejabaté Kaisar Néro.—Kis. 9:15.
10 Kaya Paulus, sedulur-sedulur sing dipenjara ya nginjil karo sapa waé sing gelem ngrungokké, termasuk para hakim, pejabat, lan penjaga penjara. Misalé, sedulur sing wis dipenjara luwih saka enem taun nganggep nèk dipenjara kuwi dudu hukuman, tapi tugas saka Yéhuwah kanggo nggolèki wong sing atiné tulus. Isa nyritani meréka soal kabar apik kuwi mesthi kehormatan sing luar biasa. (Kol. 4:3) Apa manèh alesané kok isa tetep bahagia meskipun disengiti? Ayo dibahas.
ALESANÉ ISA TETEP BAHAGIA MESKIPUN DISENGITI
11. Ngapa kok nèk disengiti utawa dianiaya malah marakké iman dadi tambah kuwat? Kèkana conto.
11 Merga ngerti nèk kuwi wis diramalké ing Alkitab. Ing ramalan sing pertama ing Alkitab, Yéhuwah wis ngomong nèk Sétan lan bala-balané bakal sengit karo wong sing nglayani Yéhuwah. (PD. 3:15) Yésus ya bola-bali ngomong kaya ngono. (Mat. 10:22; Mrk. 13:9-12; Luk. 6:22, 23; Yoh. 15:20) Terus, para penulis Alkitab sing liyané ya nyebutké soal kuwi. (2 Tim. 3:12; Yak. 1:2; 1 Ptr. 4:12-14; Yud. 3, 17-19) Makané wektu disengiti utawa dianiaya, ora bakal kagèt, tapi malah seneng merga ramalan ing Alkitab dadi kenyataan. Terus ya dadi yakin nèk awaké dhéwé mémang nglayani Gusti Allah sing bener. Sedulur wédok sing manggon ing negara sing kegiatané Seksi Yéhuwah dilarang, ngomong, ”Pas mutuské nglayani Yéhuwah, aku ngerti nèk mengko mesthi bakal disengiti utawa dianiaya. Makané wektu ngalami kuwi, aku ora kagèt lan ora wedi.” Salah siji sing sengit kuwi bojoné dhéwé. Dhèwèké dianiaya, bahkan Alkitab lan publikasiné dibakar bojoné. Tapi wektu ngadhepi kuwi, imané malah dadi tambah kuwat. (Ibr. 10:39) Sedulur kuwi ngomong, ”Kuwi malah marakké aku tambah yakin nèk Seksi Yéhuwah kuwi agama sing bener.”
12. Apa sing marakké salah siji sedulur terus setya meskipun dipenjara?
12 Merga ngerti nèk kuwi wis diramalké, apa kuwi berarti bakal gampang nglakoniné? Sedulur sing tau dipenjara crita, ”Merga saking strès lan kuwatiré, kadhang aku mung isa nangis pas ing penjara. Bèn isa kuwat, saben ésuk melèk mata aku mesthi ndonga. Tapi saben ngrasa wis ora kuwat, aku ndonga manèh. Terus, wektu jèngkèl merga diperlakukan ora adil, aku langsung ndonga dhèwèkan.” Sedulur kuwi ya ngrenungké contoné umaté Yéhuwah jaman mbiyèn lan saiki sing terbukti tetep setya meskipun dianiaya. Kuwi kabèh marakké dhèwèké tetep setya lan ngrasakké kedamaian sing dijanjèkké Yésus.—Yoh. 14:27; 16:33.
13. Apa sing marakké isa tetep tabah wektu disengiti?
13 Merga sayang, makané isa tabah wektu disengiti. Nganti mati, Yésus sayang banget karo Bapaké. Dhèwèké ya sayang banget karo murid-muridé. (Yoh. 13:1; 15:13) Dadi, nèk saktulusé ati sayang karo Yéhuwah lan para sedulur, awaké dhéwé ya isa tetep tabah meskipun disengiti. Kok isa? Ayo nggatèkké contoné Rasul Paulus.
14. Apa sing marakké Paulus terus setya karo Yéhuwah padahal arep dihukum mati?
14 Sakdurungé dihukum mati, Paulus ngandhani Timotius, ’Roh suci sing diwènèhké Gusti Allah ora nggawé awaké dhéwé wedi, ning kuwi mènèhi kuwasa lan katresnan.’ (2 Tim. 1:7) Maksudé apa? Rasa sayang sing gedhé banget karo Yéhuwah isa marakké wong dadi gelem ngadhepi bahkan tantangan sing abot banget. (2 Tim. 1:8) Paulus ngerti nèk bakal dipatèni merga nglayani Yéhuwah. Tapi, kasih sayangé sing gedhé ing Yéhuwah marakké dhèwèké dadi kendel lan terus setya.—Kis. 20:22-24.
15. Piyé umaté Yéhuwah jaman saiki nduduhké rasa sayang lan semangat réla berkorban? (Deloken gambar.)
15 Awaké dhéwé mesthi sayang banget karo para sedulur sing terus setya meskipun dianiaya. Bahkan akèh sing nganti gelem toh nyawa, kaya sing dilakukan Akuila lan Priskila kanggo Paulus. (Rm. 16:3, 4) Ing Rusia, akèh sedulur padha teka ing pengadilan kanggo nguwatké sedulur seiman sing ditangkep. Siji sedulur wédok sing lagi diadili wektu kuwi nganti ora isa ngomong apa-apa saking terharuné merga ndelok ana akèh banget sedulur seiman sing teka ing pengadilan kanggo ndhukung dhèwèké. Kasih sayang lan semangat réla berkorban sing diduduhké para sedulur kuwi dadi sumber kekuwatan sing bener-bener dhèwèké butuhké. Kuwi bukti nèk rasa sayang isa marakké wong tetep tabah meskipun disengiti.
Bahkan ing negara sing kegiatané Seksi Yéhuwah dilarang, para sedulur terus nduduhké rasa sayang lan semangat réla berkorban (Deloken paragraf 15)c
16. Ngapa kok Rasul Pétrus ngomong nèk wong sing dianiaya merga nglayani Yéhuwah kuwi bahagia? (1 Pétrus 4:14)
16 Merga ngerti nèk kuwi isa nggawé Yéhuwah seneng. (Wacanen 1 Pétrus 4:14.) Jaréné Rasul Pétrus, wong sing dianiaya merga nglayani Yéhuwah kuwi bahagia. Kok isa? Soalé nèk dianiaya kuwi malah bukti nèk ’nduwé roh suciné Gusti Allah’. Pétrus bahagia merga ngerti nèk wis nggawé Yéhuwah seneng lan isa tetep setya wektu dianiaya. Ora suwé bar Péntakosta 33 M, wong Yahudi ngongkon para petugas ing bait kanggo nyekel Pétrus lan rasul-rasul liyané sing lagi nginjil. Tapi Pétrus ora wedi. (Kis. 5:24-29) Bahkan sakwisé dipecuti, Pétrus lan rasul-rasul liyané terus nginjil. Meréka malah bahagia merga ’wis dikèki kesempatan Gusti Allah bèn dirèmèhké merga jenengé Yésus’. Awaké dhéwé saiki ya isa bahagia meskipun dianiaya.—Kis. 5:40-42.
17. Sakdurungé mati, Yésus ngandhani murid-muridé apa?
17 Ing bengi sakdurungé mati, Yésus ngandhani murid-muridé, ”Wong sing nresnani aku bakal ditresnani Bapakku, lan aku ya bakal nresnani wong kuwi.” (Yoh. 14:21) Mesthi rasané nyenengké banget wektu sukmbèn wong-wong sing nglayani Yéhuwah ora disengiti manèh, tapi disayangi. (2 Tés. 1:6-8) Nah, karo ngentèni kuwi kelakon, ayo ngéling-éling hal-hal sing isa marakké terus bahagia meskipun disengiti.
LAGU 149 Lagu Kemenangan
a Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.
b PENJELASAN GAMBAR: Adegan ulang Ignacio ngekèki kesaksian guruné.
c PENJELASAN GAMBAR: Adegan ulang sing nduduhké piyé para sedulur ndhukung sedulur seimané sing arep dipenjara merga nglayani Yéhuwah.