PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w26 Maret hlm. 20-25
  • Mikir Tenanan Sik Bèn Keputusané Bener

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Mikir Tenanan Sik Bèn Keputusané Bener
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • TETEP RENDAH HATI LAN ORA NGANGGEP DIRI PENTING
  • TETEP TENANG LAN ORA KEPANCING NESU
  • NGENDELKÉ YÉHUWAH LAN ORA PERLU WEDI
  • NGUPAYA BÈN TERUS NDUWÉ LAN NDUDUHKÉ PEMAHAMAN
  • Dhèwèké Kendel Crita soal Gusti Allahé
    Kendel lan Percaya karo Gusti Allah
  • Pemimpin Pasukan lan Cah Wédok
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Yéhuwah ”Nambani Wong sing Lara Ati”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Dhèwèké Kudu Urusan karo Wong Lanang Loro sing Nesu
    Kendel lan Percaya karo Gusti Allah
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
w26 Maret hlm. 20-25

25-31 MEI 2026

LAGU 135 Anak-Ku, Gawéa Seneng Ati-Ku

Mikir Tenanan Sik Bèn Keputusané Bener

”Wong sing nduduhké pemahaman wektu ngalami masalah mesthi bakal berhasil.”—WB. 16:20.

INTI

Manfaaté nèk nduwé pemahaman utawa mikir tenanan sik sakdurungé nanggepi, terutama pas situasiné ora pénak.

1-2. Wong sing nduwé pemahaman bakal piyé, lan apa manfaaté nèk nduwé pemahaman?

APA njenengan tau ngrasa disepèlèkké, diperlakukan ora apik, utawa ana ing situasi sing marakké wedi? Nah, nèk lagi ngalami hal-hal kuwi, piyé bèn tanggepané isa tetep apik? Menurut Alkitab, awaké dhéwé kudu nduwé pemahaman.

2 Wong sing nduwé pemahaman bakal mikir tenanan sik sakdurungé nanggepi sesuatu. Dhèwèké bakal berupaya memahami ngapa kok wong liya nganti melakukan kuwi, utawa ngapa kok situasiné dadi kaya ngono. Merga nduwé pemahaman, dhèwèké ya ngerti cara sing apik lan bener kanggo nanggepi utawa njawab. Misalé, dadi isa ’njaga omongan’ lan ngerti kapan wektuné ’meneng waé’. (WB. 10:19; Mzm. 4:4) Terus ya dadi ora gampang kepancing nesu, ora gampang tersinggung meskipun diperlakukan ora apik, lan dadi gampang nampa naséhat. (WB. 19:20) Hasilé, ora mung nggawé Yéhuwah seneng, tapi ya isa bermanfaat kanggo diri sendiri lan wong liya. Pemahaman bener-bener dibutuhké, terutama nèk ana ing situasi sing isa marakké kepancing kanggo nesu utawa émosiné dadi ora terkendali. Saiki, ayo mbahas telu kisah ing Alkitab sing nduduhké nèk mikir sik sakdurungé nanggepi kuwi isa marakké dadi tetep rendah hati, tetep tenang, lan bener-bener ngendelké Yéhuwah.

TETEP RENDAH HATI LAN ORA NGANGGEP DIRI PENTING

3. Naaman kuwi sapa?

3 Naaman kuwi pemimpin pasukané raja Siria, negara ing sebelah utarané Israèl. Wektu kuwi, Naaman kena penyakit kusta sing parah. (2 Raj. 5:1) Nah saka contoné Naaman, mengko dadi ngerti piyé nèk mikir tenanan sik sakdurungé nanggepi sesuatu kuwi isa mbantu wong dadi rendah hati utawa ora ngrasa diri penting. (1 Ptr. 5:5) Hasilé, mengko carané nanggepi ya isa apik lan bener.

4. Apa buktiné nèk Naaman rendah hati?

4 Nah wektu kuwi, cah wédok Israèl sing dadi pelayané bojoné Naaman ngandhani nèk ing Israèl ana nabi sing isa nambani Naaman. (2 Raj. 5:​2, 3) Sakjané, isa waé Naaman nganggep nèk kuwi mung omongané cah cilik sing ora bakal bermanfaat kanggo dhèwèké, apamanèh asalé saka bangsané mungsuhé. Tapi kenyataané, Naaman mikirké tenanan omongané cah cilik kuwi. Dhèwèké rendah hati lan gelem ngrungokké sarané. Dhèwèké njaluk ijin raja Siria lan lunga ing Israèl kanggo nambani penyakité.—2 Raj. 5:​4, 5.

5. Apa sing dialami Naaman bar tekan ing Israèl?

5 Bar kuwi, Naaman nemoni Raja Yéhoram ing Israèl. Tapi, Yéhoram mikir nèk raja Siria mung arep nggolèk masalah karo dhèwèké. Nah pas krungu soal kuwi, Nabi Èlisa ngandhani Yéhoram bèn ngongkon Naaman nemoni dhèwèké. (2 Raj. 5:​6-9) Tapi pas diparani ing omahé, Èlisa bahkan ora nemoni Naaman, tapi ngutus wong kanggo ngandhani Naaman apa sing kudu dilakukan bèn isa mari. Naaman ora nyangka bakal dingonokké Èlisa.—2 Raj. 5:10.

6. (a) Apa sing mungkin marakké Naaman ora gelem ngrungokké omongané utusané Èlisa? (b) Apa buktiné nèk para abdiné Naaman nduduhké nèk meréka nduwé pemahaman, lan apa hasilé? (2 Para Raja 5:​13, 14)

6 Wektu krungu omongané utusané Èlisa, awalé Naaman tersinggung. Dhèwèké ’nesu terus lunga’. (2 Raj. 5:​11, 12) Mungkin dhèwèké ngrasa ora diajèni padahal dhèwèké kan pemimpin pasukané Siria. Terus, Naaman ya ngrasa nèk Èlisa ngrendhahké negara Siria. Ora soal apa alesané, Naaman tersinggung, terus pilih mulih waé. Tapi, para abdiné Naaman isa memahami nèk Èlisa bener-bener péngin mbantu Naaman. Makané, meréka njaluk Naaman kanggo mikirké manèh keputusané. Akhiré, Naaman ora gèngsi manèh. Dhèwèké gelem rendah hati manut petunjuké Èlisa lan akhiré mari.—Wacanen 2 Para Raja 5:​13, 14.

7. Apa sing isa dipelajari saka kisahé Naaman? (Wulang Bebasan 22:4) (Deloken gambar.)

7 Pelajaran saka kisah iki. Nèk nduwé pemahaman, mesthi bakal mikir tenanan sik sakdurungé nanggepi. Terus ya ora nggawé keputusan mung berdasarkan perasaan. Awaké dhéwé ya bakal dadi wong sing rendah hati. Kuwi berarti menyadari nèk ora ngerti sak kabèhé lan ngerti nèk kadhang butuh bantuané wong liya, terutama Yéhuwah. Meskipun wektu kuwi Naaman durung patia kenal Yéhuwah, dhèwèké rendah hati lan gelem ngrungokké cah wédok Israèl, para abdiné, lan Èlisa sing dadi wakilé Yéhuwah. Naaman ya ora gèngsi manèh lan ora mung mikirké perasaané dhéwé. Hasilé, dhèwèké isa nggawé keputusan sing bener lan isa mari. Dadi sakdurungé nanggepi sesuatu, kudu dipikirké tenanan sik. Misalé, nèk ana sing ngekèki naséhat saka Alkitab tapi awaké dhéwé ora setuju, utawa ana petunjuk saka organisasi sing awaké dhéwé ora paham, aja kesusu nanggepi. Kudu mikir tenanan sik bèn tanggepané awaké dhéwé ora nduduhké nèk sombong, tapi rendah hati.—Wacanen Wulang Bebasan 22:4.

Gambar: Sedulur lanang sing nduduhké pemahaman. Dhèwèké rendah hati gelem ngrungokké wong liya. 1. Gelem ngrungokké wektu sedulur sing luwih enom ngekèki naséhat saka brosur ”Carané Bèn Trampil Maca lan Mulang”. 2. Gelem ngrungokké wektu sedulur wédok lansia crita soal pengaturan jaga gerai. 3. Nonton JW Broadcasting ing tablèté.

Kaya Naaman sing rendah hati gelem ngrungokké wong liya, awaké dhéwé ya kudu gelem ngrungokké wektu dinaséhati, wektu wong liya nyritakké masalahé, utawa wektu ana petunjuk saka organisasi (Deloken paragraf 7)


TETEP TENANG LAN ORA KEPANCING NESU

8. Tetep tenang isa waé ora gampang nèk situasiné kaya apa?

8 Kadhang, ana hal-hal sing isa marakké jèngkèl. Tapi, nèk mikir tenanan sik sakdurungé nanggepi, mengko isa tetep tenang. Ya mémang kuwi ora gampang, terutama nèk lagi dijahati utawa diperlakukan ora adil. (Éf. 4:26) Ayo nggatèkké contoné Daud lan Abigail wektu meréka ngalami situasi kaya ngono.

9. Daud diperlakukan piyé karo Nabal?

9 Wektu kuwi, Daud lan anak buahé dadi buronané Saul lan manggon ing Padhang Belantara Paran. (1 Sam. 25:1) Pas ing kana, meréka mèlu nglindhungi ternak lan para gembalané wong lanang sugih sing jenengé Nabal. (1 Sam. 25:​15, 16) Nah, wektu Nabal lagi ana acara nggunting wulu domba, Daud ngongkon anak buahé nemoni Nabal kanggo njaluk panganan. Carané njaluk ya sopan lan apik-apik. (1 Sam. 25:​6-8) Tapi, Nabal ora gelem ngekèki. Dhèwèké babar blas ora menghargai sing wis dilakukan Daud lan anak buahé. Dhèwèké bahkan kasar lan ngrèmèhké meréka.—1 Sam. 25:​10, 11.

10. Piyé Daud lan Abigail nduduhké nèk nduwé pemahaman? (1 Samuèl 25:​32, 33) (Deloken gambar.)

10 Nèk ana ing situasiné Daud wektu kuwi, mesthi njenengan ya bakal nesu banget, ta? Saking nesuné, Daud bahkan nganti péngin matèni Nabal. (1 Sam. 25:​13, 21, 22) Tapi, pas Daud lan anak buahé lagi perjalanan arep matèni Nabal, Abigail bojoné Nabal nyegah Daud. Abigail nduduhké pemahaman. Abigail isa memahami nèk meskipun wektu kuwi Daud nesu banget, Daud kuwi sakjané wongé apik. Makané, dhèwèké berupaya mbantu bèn Daud tetep tenang. Dhèwèké ngekèki Daud akèh banget hadiah lan rendah hati ngekèki naséhat. (1 Sam. 25:​18, 23-31) Daud ya nduduhké nèk nduwé pemahaman merga gelem ngrungokké Abigail lan menyadari nèk naséhaté Abigail sesuai karo pandhangané Yéhuwah. Hasilé, Daud akhiré tenang lan ora sida nggawé kesalahan sing gedhé.—Wacanen 1 Samuèl 25:​32, 33.

Daud ngrungokké tenanan wektu Abigail berlutut lan njaluk tulung karo Daud. Anak buahé Daud padha ndeloki. Ing mburiné Abigail, para pembantuné nggawa akèh hadiah.

Merga Daud lan Abigail nduduhké pemahaman, akèh wong ora sida dipatèni (Deloken paragraf 10)


11. Apa manfaaté nèk mikir tenanan sik sakdurungé nanggepi? (Wulang Bebasan 19:11)

11 Pelajaran saka kisah iki. Meskipun ana situasi sing isa marakké kepancing kanggo nesu, nèk mikir tenanan sik sakdurungé nanggepi termasuk mikirké akibaté nèk kepancing nesu, mengko isa dadi tetep tenang. (Wacanen Wulang Bebasan 19:11.) Wektu diélingké Abigail soal piyé perasaané Yéhuwah nèk Daud kepancing nesu, akhiré Daud ora sida nesu. Dadi, nèk ana sing njèngkèlké utawa nglarani ati, aja langsung ditanggepi tanpa dipikir sik. (Yak. 1:19) Ndongaa lan pikirna piyé pandhangané Yéhuwah soal situasi kuwi. Kuwi mengko isa marakké njenengan tetep tenang.

12. Soal nduduhké pemahaman lan tetep tenang, apa perané wong liya?

12 Yéhuwah mbantu Daud tetep tenang lan isa nggawé keputusan sing bener liwat Abigail. Saiki, Yéhuwah ya isa mbantu awaké dhéwé liwat para sedulur. Dadi, nèk misalé ana situasi sing marakké kepancing nesu, golèka naséhat saka sedulur sing isa mbantu njenengan nduwé pandhangané Yéhuwah. (WB. 12:15; 20:18) Tapi nèk sedulur liya sing butuh bantuan, njenengan isa dadi kaya Abigail kanggo dhèwèké. Bantunen dhèwèké bèn isa nduwé pandhangané Yéhuwah. Yéhuwah mesthi bakal ngupahi upayané njenengan kanggo mbantu sedulur liya tetep tenang lan nduduhké pemahaman.

NGENDELKÉ YÉHUWAH LAN ORA PERLU WEDI

13. Wektu ana situasi sing isa marakké wedi, apa sing kudu dipikirké tenanan sik lan apa manfaaté?

13 Kadhang, ana situasi sing ya isa marakké wedi. Tapi nèk mikir tenanan sik soal sepira gedhéné kuwasané Yéhuwah, mengko dadi isa ngendelké Yéhuwah meskipun lagi wedi. (Mzm. 27:1) Bahkan wektu kétoké ora ana solusiné, Yéhuwah tetep isa nulungi. Kuwi sing dialami Nabi Yunus. Dhèwèké sakjané imané kuwat, tapi pas dikèki tugas sing angèl karo Yéhuwah, dhèwèké tau ngrasa wedi.

14. Pas dikèki tugas saka Yéhuwah, apa sing marakké Yunus wedi?

14 Tugas angèl sing ditampa Yunus kuwi kon lunga ing Niniwé lan ngandhani wong Niniwé nèk Yéhuwah bakal ngukum meréka. (Yun. 1:​1, 2) Bayangna piyé perasaané njenengan nèk dikèki tugas kaya ngono. Kanggo isa tekan Niniwé ing Asiria, Yunus kudu mlaku saka Israèl kira-kira sesasi. Yunus ya kudu ngandhani wong Asiria sing terkenal jahat lan kejem. Bahkan, kutha Niniwé disebut ”kutha sing penduduké matèni wong liya”. (Nah. 3:​1, 7) Merga wedi, Yunus ora melakukan tugas kuwi, tapi malah melarikan diri.—Yun. 1:3.

15. Apa sing marakké Yunus akhiré ngendelké Yéhuwah? (Yunus 2:​6-9)

15 Wektu Yunus melarikan diri, Yéhuwah nylametké Yunus secara mukjijat. Kuwi kanggo ngélingké Yunus nèk Yéhuwah nduwé kuwasa sing gedhé banget. (Yun. 1:​15, 17) Akhiré, Yunus memahami nèk ora perlu wedi lunga ing Niniwé, soalé Yéhuwah mesthi isa nglindhungi dhèwèké saka apa waé. (Wacanen Yunus 2:​6-9.) Makané, wektu dikèki kesempatan manèh, Yunus langsung mangkat. Terus, ternyata wong-wong ing kana ngrungokké lan ora sida dihukum Yéhuwah.—Yun. 3:5.

16. Wektu ngrasa wedi, apa sing isa dipikirké lan apa manfaaté? (Wulang Bebasan 29:25) (Deloken gambar.)

16 Pelajaran saka kisah iki. Aja nganti merga wedi karo manungsa, terus dadi ora manut karo Yéhuwah. (Wacanen Wulang Bebasan 29:25.) Yunus mikirké kabèh sing dhèwèké alami, terus dadi sadhar nèk ora perlu kuwatir. Dhèwèké mung kudu éling nèk Yéhuwah isa nulungi. Padha kaya ngono, nèk mikirké piyé Yéhuwah selalu nglindhungi lan nulungi, mengko ya dadi ora wedi manèh. Terus ya isa ngrenungké pengalamané para sedulur sing wis dibantu Yéhuwah wektu ngadhepi situasi sing medèni.a (Ibr. 13:6) Dadi, ayo mikirké tenanan soal kuwasané Yéhuwah bèn isa bener-bener ngendelké Dhèwèké lan mbantu wong liya bèn ya ngendelké Yéhuwah.

Gambar: 1. Nabi Yunus mlaku nyedhaki gerbang kutha Niniwé. 2. Sedulur lanang enom mlaku ngliwati lorong sekolahé. Ing sekitaré akèh hal sing ora disenengi Yéhuwah. Ana bendéra pelangi ing sepanjang lorong kuwi. Ana cah lanang lagi di-bully kancané.

Kaya Yunus, nèk mikirké tenanan kuwasané Yéhuwah, mesthi bakal tetep manut préntahé Yéhuwah meskipun kuwi ora gampang (Deloken paragraf 16)


NGUPAYA BÈN TERUS NDUWÉ LAN NDUDUHKÉ PEMAHAMAN

17. Piyé bèn isa éntuk luwih akèh pemahaman?

17 Kaya sing wis dibahas, nèk nduduhké pemahaman wektu ngadhepi situasi sing ora pénak, nanggepiné isa tetep apik. Nah, piyé bèn isa nduwé luwih akèh pemahaman? Isa njaluk karo Yéhuwah. Yéhuwah nyedhiakkéné kuwi liwat roh suci lan Alkitab. (Néh. 9:20; Mzm. 32:8) Yéhuwah ngekèki naséhat sing isa mbantu awaké dhéwé nggawé keputusan sing bener lan isa ngendhalèni émosi. (Mzm. 119:​97-101) Makané, kudu mikirké tenanan isiné Alkitab lan ndonga njaluk roh suciné Yéhuwah. Hasilé, mengko dadi isa nduwé pandhangan sing padha kaya Yéhuwah lan ngerti kudu piyé nanggepi sing sesuai karo karepé Yéhuwah.—WB. 21:​11, cathetan ngisor.

18. Apa tékadé njenengan?

18 Ayo terus nggolèk lan menghargai pemahaman saka Yéhuwah. (Mzm. 14:2) Aja nganti awaké dhéwé dadi ”wong sing ora nggunakké pemahaman manèh”. (WB. 21:16) Ora soal apa situasiné, ayo bertékad kanggo terus nduduhké pemahaman bèn sing dilakukan isa ”berhasil”.

SOAL NDUDUHKÉ PEMAHAMAN, APA SING ISA DIPELAJARI SAKA KISAHÉ . . .

  • Naaman?

  • Daud lan Abigail?

  • Yunus?

LAGU 42 Dongané Abdiné Gusti Allah

a Misalé, wacanen pengalamané Georgiy Porchulyan ing sèri artikel ”Kisah Hidup Saksi-Saksi Yehuwa” ing JW Library® utawa ing jw.org.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2026 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim