TOKOH ALKITAB
Terus Kendel lan Setya, Kaya Bénaya
Bénaya kuwi prajurité Raja Daud sing hébat sing ya nglayani pas Raja Salomo mréntah. Bénaya kuwi anaké imam. Meskipun ora biasa nggunakké senjata, Bénaya ndhukung perang-perangé Yéhuwah. Bénaya kendel banget. Misalé, dhèwèké matèni singa ing lubang banyu pas udan salju lan matèni prajurit raksasa. Saking percayané karo Bénaya, Daud nganti nglantik Bénaya dadi pemimpin para pengawal pribadiné.—2 Sam. 23:20-23.
Wektu Absalom karo Adoniya mbrontak nglawan Daud, Bénaya tetep setya ndhukung Daud. (2 Sam. 8:18; 15:18; 1 Raj. 1:8) Wektu Daud wis tuwa, Bénaya tetep setya karo Daud lan ndhukung bèn Salomo penerusé isa dilantik dadi raja. (1 Raj. 1:32-40) Meskipun wong liya berkhianat, Bénaya terbukti tetep setya karo Yéhuwah lan wong-wong sing dilantik Yéhuwah.
Kaya Bénaya, awaké dhéwé ya kudu kendel wektu ”nglawan siasat liciké” Sétan lan bala-balané lan kanggo terus manut pathokané Yéhuwah. (Éf. 6:11; 1 Ptr. 5:8, 9) Terus, meskipun wong liya ora setya karo Yéhuwah, awaké dhéwé péngin terus setya lan yakin nèk bakal diberkahi Yéhuwah.—2 Sam. 22:26.