18-24 MEI 2026
LAGU 35 ’Mastèkké sing Luwih Penting’
Piyé Bèn Isa Terus Fokus?
”Terus ngupaya bèn paham karo karepé Yéhuwah.”—ÉF. 5:17.
INTI
Carané bèn isa terus fokus melakukan kegiatan rohani meskipun ana akèh sing isa marakké tersimpangkan.
1-2. Kèkana conto piyé hal sing penting isa marakké dadi ora fokus.
KADHANG, wektu melakukan hal sing penting, terus ana hal liya sing ya penting, awaké dhéwé kudu milih endi sing arep didhisikké sik. Contoné, pas lagi nyetir ngerti-ngerti HP-né njenengan muni. Nèk nganti ditélpon, mungkin kuwi sesuatu sing penting. Tapi kan wektu kuwi njenengan lagi nyetir, dadi mesthi njenengan milih luwih fokus karo nyetiré timbang ngangkat télponé, ta?
2 Mémang, saben dina ana akèh kegiatan penting sing kudu dilakukan. Tapi kanggo umaté Yéhuwah, sing paling penting kuwi melakukan kegiatan rohani.a (Mat. 6:33) Makané, kudu nitèni apa sing isa marakké dadi ora fokus karo hal-hal rohani.—WB. 4:25; Mat. 6:22.
3. Apa sing bakal dibahas ing artikel iki, lan ngapa kok kuwi dibahas?
3 Awaké dhéwé mesthi pénginé isa terus fokus karo hal-hal rohani. Tapi kenyataané, saiki ana akèh hal sing isa nyimpangké. (Luk. 21:34-36) Makané ing artikel iki, ayo mbahas: (1) Apa waé hal-hal sing isa nyimpangké kuwi? (2) Piyé Yésus dadi conto soal fokus karo hal-hal rohani? (3) Piyé carané niru contoné Yésus kuwi?
HAL-HAL SING ISA NYIMPANGKÉ
4-6. Hal-hal apa waé sing isa nyimpangké?
4 Ana hal-hal sing mémang kudu diurusi lan dipikirké. Misalé, masalah keséhatan utawa masalah keluarga sing kudu dibèrèsi. Mémang kuwi hal-hal sing penting. Tapi élinga, nèk kuwi thok sing dipikirké lan diurusi, mengko isa marakké dadi kentèkan wektu, tenaga, lan liya-liyané nganti ora kober manèh kanggo melakukan hal-hal rohani.
5 Terus sing liyané, ana akèh sing kena dampak saka kerusuhan politik, krisis ékonomi, utawa pandemi. (2 Tim. 3:1) Nah nèk hal-hal kuwi thok sing dipikirké terus, kuwi mengko isa marakké dadi terlalu kuwatir lan dadi ora fokus ing hal-hal rohani.
6 Ana wong-wong sing merga ngalami hal-hal sing disebutké mau, akhiré dadi terguncang lan strès. Kuwi wajar soalé manungsa mémang ora dirancang kanggo terus-terusan tertekan utawa strès. Nah, bèn isa lali karo masalahé, ana sing akhiré nggolèk hiburan. Meréka ngentèkké akèh wektuné mung kanggo seneng-seneng lan rékréasi. Nah, nèk ngalami kaya ngono, kudu piyé? Ayo niru contoné Yésus bèn isa terus fokus karo hal rohani.
SING DILAKUKAN YÉSUS BÈN TERUS FOKUS
7. Apa waé sing sakjané isa marakké Yésus ora fokus?
7 Ana akèh hal sing sakjané isa waé marakké Yésus ora fokus. Pas jamané Yésus, ana akèh wong sing mlarat lan lara. (Mat. 14:14; Mrk. 14:7) Meréka ya ditindhes karo wong Romawi lan sing padha-padha Yahudi. Merga Yésus isa nggawé mukjijat, wong-wong péngin ndadèkké Yésus raja. (Yoh. 6:14, 15) Sakliyané kuwi, Yésus ya tau ditawani Sétan kanggo dadi penguasa donya. (Mat. 4:8, 9) Terus, Yésus ya tau diojok-ojoki Rasul Pétrus bèn nggolèk urip pénak waé.—Mat. 16:21, 22.
8. Bèn isa terus fokus, apa waé sing dilakukan Yésus?
8 Ana telu sing dilakukan Yésus bèn isa terus fokus. Sing pertama, Yésus terus mikirké sing dikarepké Yéhuwah. (Yoh. 8:28; 14:9) Keloro, wektuné akèh digunakké kanggo nginjil lan mulang. (Mat. 9:35) Ketelu, dhèwèké terus éling apa sing paling penting. (Yoh. 4:34) Yésus tegas nolak tawarané Sétan. (Mat. 4:10) Dhèwèké ya ora gelem manut sarané Pétrus merga kuwi ora padha karepé Yéhuwah meskipun niaté Pétrus apik. (Mat. 16:23) Yésus ora gelem tersimpangkan karo sing dipikirké, diomongké, lan dilakukan wong liya merga fokusé mung melakukan sing dikarepké Yéhuwah. Mungkin, hal-hal sing isa nyimpangké awaké dhéwé kuwi ora padha karo Yésus. Tapi, awaké dhéwé isa niru telu hal sing dilakukan Yésus kuwi bèn isa terus fokus.
CARANÉ BÈN TERUS FOKUS
9. Menurut Éfésus 5:17, awaké dhéwé dikon ngapa?
9 Kudu ngerti karepé Yéhuwah. Menurut Alkitab, awaké dhéwé dikon ”terus ngupaya bèn paham karo karepé Yéhuwah”. (Wacanen Éfésus 5:17.) Makané, kudu maca lan ngrenungké isiné Alkitab. Bahkan nèk ing Alkitab ora ana petunjuk spésifik soal situasi sing lagi diadhepi, awaké dhéwé isa tetep ngerti apa sing dikarepké Yéhuwah. Carané, kudu nduwé pandhangan sing padha kaya Yéhuwah.
10. Piyé bèn isa nduwé pandhangan sing padha kaya Yéhuwah?
10 Nèk ngrenungké kisah ing Alkitab soal carané Yéhuwah berurusan karo manungsa, mengko dadi isa ngerti pandhangané Yéhuwah. (Yér. 45:5) Makané wektu maca kisah ing Alkitab, pikirna, ’Aku dadi ngerti apa soal Yéhuwah? Apa ya sing kudu tak ubah bèn aku isa kaya Yéhuwah?’ Merga ’pikiran’ utawa pandhangané Yéhuwah luwih dhuwur timbang awaké dhéwé, makané kudu ndonga njaluk dibantu Yéhuwah bèn ngerti apa karepé lan isa nyesuaikké pandhangan bèn padha kaya Yéhuwah.—Yés. 55:9; Mzm. 143:10; 1 Yoh. 5:14.
11. Apa ta sakjané sing dikarepké Yéhuwah?
11 Sing dikarepké Yéhuwah kuwi mengko pas donyané Sétan diakhiri, umaté terbukti siap lan isih fokus ngentèni dina kuwi. (Mat. 24:44) Yéhuwah ora péngin umaté dadi terlalu kuwatir nganti kewalahan lan strès soal masalah-masalah ing urip. Misalé soal keséhatan, gawéan, tempat tinggal, utawa keluarga. (Mat. 6:31, 32) Makané kèt saiki, Yéhuwah ngekèki akèh naséhat soal hal-hal kuwi. Yéhuwah ya ngundang umaté njaluk kawicaksanan lan kekuwatan bèn isa ngadhepi kuwi kabèh.—Mzm. 55:22; WB. 3:5-7.
12. Bèn fokusé ora karo keadaan ing donya iki, kudu piyé? (Matius 5:3)
12 Wektuné luwih akèh digunakké kanggo kegiatan rohani. Keadaan ing donya sing cepet banget berubah lan saya parah iki isa waé marakké dadi kuwatir. Tapi fokusé aja ing hal-hal kuwi, soalé kuwi ora isa diubah. Fokusé ing hal-hal rohani waé. Soalé kèt awal diciptakké, manungsa mémang dirancang bèn bahagiané kuwi nèk kebutuhan rohaniné terpenuhi. (Wacanen Matius 5:3.) Nah, berarti kudu mempelajari Alkitab lan ngupayakké sing paling apik bèn isa nglayani Yéhuwah luwih akèh. Nèk melakukan kuwi, Yéhuwah bakal seneng lan awaké dhéwé terbukti nggunakké wektu nganggo cara sing paling apik.—WB. 23:15.
13. Apa maksudé ’nggunakké wektu nganggo cara sing paling apik’?
13 Menurut Alkitab, awaké dhéwé kudu ’nggunakké wektu nganggo cara sing paling apik’. (Éf. 5:15, 16) Sing dimaksud ”wektu” ing ayat iki dudu 24 jam sing digunakké kanggo kegiatan sehari-hari, tapi wektu sing isih ana sakdurungé donya iki diakhiri. Nah, ’nggunakké wektu nganggo cara sing paling apik’ kuwi maksudé piyé? Kudu mbatesi wektu sing arep digunakké kanggo nonton, maca, utawa ngrungokké berita-berita soal peristiwa ing donya iki. Nèk wektuné entèk dienggo kuwi, awaké dhéwé isa tersimpangkan lan dadi ora semangat manèh melakukan kegiatan rohani. Tapi nèk ngekèki batesan, wektuné isa luwih akèh digunakké kanggo hal-hal rohani, misalé dadi isa marani luwih akèh wong sing tau dikabari pas nginjil. Dadi, kudu manfaatké kabèh kesempatan kanggo mbantu wong-wong bèn meréka isa ”dislametké lan nduwé pengetahuan sing bener soal apa sing bener”.—1 Tim. 2:4.
14. Apa manèh manfaaté nèk wektuné luwih akèh dienggo kegiatan rohani? (Deloken gambar.)
14 Nèk wektuné luwih akèh dienggo kegiatan rohani, mengko dadi ora terlalu kuwatir utawa kewedèn karo hal-hal sing kelakon saiki. Awaké dhéwé ngerti nèk kejahatan, kemiskinan, utawa pandemi kuwi bukti nèk ramalan ing Alkitab wis dadi kenyataan. Terus sedhéla manèh, Yéhuwah bakal nyingkirké kuwi kabèh lan nggawé bumi iki dadi Firdaus. Bahkan saiki, awaké dhéwé ya isa tetep tenang merga yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal nguwatké.—Mzm. 16:8; 112:1, 6-8.
Meskipun keadaan ing donya saya ora karuan, terusa nggunakké luwih akèh wektu kanggo kegiatan rohani (Deloken paragraf 14)b
15. Nèk nduwé ”pertimbangan sing apik”, bakal piyé? (1 Pétrus 4:7)
15 Aja lali karo sing kudu diutamakké. Akèh wong saiki luwih ngutamakké seneng-seneng lan ora mikirké nèk donya iki wis arep diakhiri. Mémang seneng-seneng kuwi ora salah, tapi sing salah kuwi nèk nganti diutamakké. Nah bèn ora kaya ngono, kudu nduwé ”pertimbangan sing apik”. (Wacanen 1 Pétrus 4:7.) Nèk nduwé ”pertimbangan sing apik”, mesthi bakal nggawé pilihan sing sesuai karepé Yéhuwah, yaiku ora ngentèkké wektu lan tenagané mung dienggo seneng-seneng thok.—2 Tim. 1:7.
16. Apa sing terus dipikirké Yésus bahkan nganti sakdurungé mati?
16 Yésus ya ora tau lali karo apa sing kudu diutamakké. Buktiné, sakdurungé mati, dhèwèké éling nèk kudu terus setya lan melakukan sing dikarepké Bapaké. Makané bengi kuwi dhèwèké ndonga tenanan. Tapi, murid-muridé ora kaya ngono. Meréka ”kekeselen merga sedhih banget”, terus malah padha turu.—Luk. 22:39-46; Yoh. 19:30.
17. Ngapa kok akèh sing seneng nggunakké média sosial, lan apa bahayané nèk ora ngati-ati? (Deloken gambar.)
17 Kaya murid-muridé Yésus, kadhang awaké dhéwé ya isa dadi ”kekeselen”. Keadaan ing donya iki isa marakké kuwatir lan strès. Nah kanggo ngilangké strès, akèh sing akhiré nggolèk hiburan ing média sosial. Mémang liwat média sosial, wong isa ngirim foto, berita, utawa komunikasi karo kanca lan keluarga, bahkan sing manggon ing dhaérah sing adoh. Terus, ya isa nonton vidéo utawa dolanan game. Tapi nèk ora ngati-ati, mengko wektu lan tenagané entèk mung kanggo kuwi. Nah bèn ora kaya ngono, pikirna, ’Apa strèsku bener-bener dadi ilang bar aku nggolèk hiburan ing média sosial, utawa apa kuwi malah marakké aku kekeselen, terus dadi ora fokus manèh karo hal-hal sing kuduné tak utamakké?’
Kudu nduwé pertimbangan sing apik bèn ora tersimpangkan karo média sosial, hiburan, lan rékréasi (Deloken paragraf 17)
18. Ngapa kok kudu nduwé pertimbangan sing apik wektu milih hiburan?
18 Ya mémang ora salah nèk kadhang péngin rilèks utawa nggolèk hiburan. Misalé nonton film, sérial TV, utawa vidéo-vidéo pèndèk ing internèt. Tapi kudu nduwé pertimbangan sing apik soal milih jenis hiburan lan nentokké sepira akèhé sing arep dinikmati. Biasané bar nonton siji vidéo, bakal muncul vidéo liya sing disaranké. Nah, kuwi isa marakké dadi tergodha kanggo ndelok vidéo-vidéo berikuté, padahal mungkin vidéo-vidéo berikuté kuwi isiné kekerasan utawa soal hubungan sèks sing ora pantes. Nah, kuwi sing dialami siji sedulur ing Asia. Awalé, dhèwèké nonton beberapa vidéo pèndèk, terus nonton vidéo-vidéo sing disaranké, lan suwé-suwé sing muncul kuwi adegan sing saru-saru. Akhiré dhèwèké mulai nonton pornografi. Untungé, merga dibantu para pinituwa lan para sedulur sing akrab karo dhèwèké, dhèwèké ora kaya ngono manèh. Dhèwèké wani mbusak kabèh aplikasi vidéoné lan mbatesi wektuné kanggo nggunakké HP. Pengalaman iki nduduhké ngapa kok kudu nduwé pertimbangan sing apik wektu milih hiburan.
19. Ngapa kok wektuné aja nganti entèk mung dienggo dolan terus?
19 Kadhang nèk jadwalé wis sibuk banget, ya butuh istirahat lan wektu kanggo santai. Kuwi ya apik kanggo keséhatan. Tapi nèk fokusé mung dienggo dolan terus lan rékréasi, mengko dadi ora nduwé wektu manèh kanggo hal-hal sing luwih penting. (Flp. 1:10) Makané, kudu nduwé pertimbangan sing apik. Kuwi berarti kudu nentokké jenis rékréasiné lan sepira akèhé wektu sing arep digunakké kanggo kuwi. Makané pikirna, ’Apa wektu sing tak gunakké kanggo rékréasi utawa dolan nduduhké nèk aku nduwé pertimbangan sing apik? Apa aku tetep ngutamakké hal-hal sing luwih penting lan siap wektu donya iki diakhiri?’
20. Apa waé manfaaté nèk terus fokus?
20 Ana akèh manfaaté nèk terus fokus nglayani Yéhuwah. (Yés. 48:17) Meskipun saben dina isih kudu ngadhepi masalah, tapi tetep isa tabah lan kuwat merga dibantu Yéhuwah. Terus ya tetep tenang lan ora bingung meskipun keadaan ing donya iki cepet banget berubahé. Sakliyané kuwi, ya dadi ora mikirké dolan utawa rékréasi terus. Makané, ayo bertékad kanggo ngerti karepé Yéhuwah, nggunakké luwih akèh wektu kanggo kegiatan rohani, lan terus éling karo sing kudu diutamakké. Hasilé, harapan ”kanggo urip sing saktenané” bakal tambah nyata.—1 Tim. 6:19.
LAGU 129 Terus Setya
a KETERANGAN: Sing dimaksud kegiatan rohani kuwi kegiatan apa waé sing ana hubungané karo ibadah ing Yéhuwah. Misalé mempelajari Alkitab, teka ing pertemuan ibadah, ibadah keluarga, lan mèlu nginjil. Kuwi ya termasuk mbangun lan ngrawat panggonan ibadah, mènèhi bantuan kanggo sing kena bencana, dadi rélawan ing pertemuan-pertemuan rohani, utawa nglayani ing Bètel.
b PENJELASAN GAMBAR: Pasangan suami istri terus sibuk ing kegiatan nginjil meskipun peristiwa-peristiwa ing donya iki isa nyimpangké.