11-17 MEI 2026
LAGU 7 Yéhuwah Gunung Watuku
Percaya karo Yéhuwah, sing Paling Berkuasa ing Alam Semesta
”Mung [Yéhuwah] sing Mahaluhur ing bumi.”—MZM. 83:18.
INTI
Bèn tambah percaya nèk Yéhuwah kuwi sing paling berkuasa ing alam semesta lan bèn tambah yakin nèk Yéhuwah mesthi isa nulungi umaté.
1. Masalah abot apa waé sing dialami Ayub?
NABI AYUB ngerti-ngerti ngadhepi masalah sing bertubi-tubi. Anaké mati kabèh, hartané entèk, terus dhèwèké ya lara parah. Gara-gara kuwi, wong-wong ya dadi ora menghormati Ayub manèh. Sing ngakuné kancané Ayub malah ngomong sing marakké Ayub cilik ati. Bahkan merga saking strèsé, bojoné nganti ngongkon Ayub ”nyumpahi Gusti Allah, terus mati waé”. (Ayb. 2:9; 15:4, 5; 19:1-3) Merga masalah sing abot kuwi, Ayub isa waé dadi mulai ora percaya nèk Yéhuwah isa nglindhungi umaté.
2-3. (a) Wektu menderita, isa waé umaté Yéhuwah dadi piyé? (b) Nèk mempelajari buku Ayub, dadi diyakinké soal apa?
2 Merga saiki keadaané ”angèl diadhepi lan berbahaya”, awaké dhéwé ya isa waé kaya Ayub, sing ngadhepi akèh masalah bertubi-tubi. (2 Tim. 3:1) Apamanèh nèk masalahé tekané barengan lan ora rampung-rampung, isa waé dadi sedhih lan kuwatir. Beberapa umaté Yéhuwah bahkan mulai ora percaya nèk Yéhuwah isih sayang lan gelem nulungi.
3 Nèk kuwi sing njenengan rasakké, aja cilik ati. Bèn isa bener-bener percaya lan yakin karo bantuané Yéhuwah, ayo mbahas buku Ayub. Soalé, Ayub wis ngrasakké dhéwé nèk Yéhuwah selalu ana kanggo umaté sing setya. Saka buku Ayub, mengko dadi diyakinké nèk Yéhuwah kuwi sing paling berkuasa ing alam semesta. Terus, ya dadi diyakinké nèk Yéhuwah nduwé kuwasa kanggo nggawé karepé kelakon lan kanggo nglindhungi umaté, termasuk bèn aja nganti putus hubungan saklawasé karo Dhèwèké.
PERTEMUAN ING SWARGA
4. Sapa sing ya teka pas ana pertemuan antara Yéhuwah lan para malaékat?
4 Wektu kuwi, ana pertemuan ing swarga. Kuwi pertemuané ”anak-anaké Gusti Allah” karo Yéhuwah. Tapi ing Alkitab ya disebutké nèk ”Sétan ya teka ing kono”. (Ayb. 1:6, lan cathetan ngisor) Kuwi pertama kaliné sebutan ”Sétan” utawa ”Penentang” muncul ing Alkitab. Wektu kuwi, Sétan wis dudu ’anaké Gusti Allah’ manèh. Dhèwèké wis dadi mungsuhé Yéhuwah lan kabèh keluargané Yéhuwah. Bahkan, kèt ngekèki ramalan ing Purwaning Dumadi 3:15, Yéhuwah nduduhké nèk Sétan wis dudu anggota keluargané sing ana ing swarga, sing digambarké kaya ”wong wédok”.
5. Saka sing kelakon pas pertemuan ing swarga, awaké dhéwé dadi ngerti apa waé?
5 Nah, sing kelakon pas pertemuan ing swarga kuwi ditulis ing Alkitab. Saka kono, awaké dhéwé dadi ngerti sepira jahaté Sétan lan sepira sengité dhèwèké karo sing nglayani Yéhuwah. (Ayb. 1:9; bandhingna Wahyu 12:10.) Tapi, saka kono ya dadi ngerti nèk meskipun Yéhuwah nduwé kuwasa sing ora ana batesé, kuwi mesthi digunakké nganggo cara sing bener lan adil. Terus, Yéhuwah ya nduwé kuwasa kanggo nentokké batesan apa sing éntuk lan ora éntuk dilakukan liyané.
YÉHUWAH NDUWÉ KUWASA KANGGO NGÉNTUKKÉ LAN ORA NGÉNTUKKÉ
6. Piyé Yéhuwah nduduhké nèk Dhèwèké sing paling berwenang ing pertemuan kuwi? (Ayub 1:7, 8)
6 Wacanen Ayub 1:7, 8. Yéhuwah nduduhké nèk Dhèwèké sing paling berwenang ing pertemuan kuwi. Yéhuwah ngerti nèk Sétan wis ngincer Ayub kanggo diserang. Makané, Yéhuwah nakoni Sétan, ”Apa kowé nggatèkké Ayub abdi-Ku?” Nah, saiki ayo ndelok piyé Yéhuwah nggunakké kuwasané kanggo nulungi Ayub.
7. Jaréné Sétan, apa alesané manungsa gelem nglayani Yéhuwah? (Ayub 1:10, 11)
7 Wacanen Ayub 1:10, 11. Yéhuwah kuwi sing paling berkuasa ing alam semesta. Wewenang lan kuwasané mesthi digunakké nganggo cara sing pas merga Dhèwèké ngerti apiké piyé. (Yér. 32:17; Dan. 4:35) Tapi, Sétan nudhuh Yéhuwah nggunakké kuwasané sak senengé dhéwé. Jaréné Sétan, Yéhuwah nyuap manungsa termasuk Ayub, bèn gelem nglayani Dhèwèké. Kuwi berarti, Sétan ya nudhuh nèk manungsa kuwi égois lan gelemé nglayani Yéhuwah mung merga diberkahi. Lha terus, piyé tanggepané Yéhuwah?
8-9. Ing Ayub 1:12, Yéhuwah nentokké batesan apa kanggo Sétan, lan ngapa? (Deloken gambar.)
8 Wacanen Ayub 1:12. Ing ayat kuwi, Yéhuwah ngekèki Sétan batesan. Yéhuwah ngéntukké Sétan mbuktèkké tudhuhané, tapi Yéhuwah ngomong karo Sétan, ”Ayub aja mbok apak-apakké.” Kabèh malaékat sing teka ya krungu kuwi. Sétan ora nduwé kuwasa nglawan Yéhuwah, dadi dhèwèké mung isa manut. Nganti saiki, Sétan isa melakukan sesuatu kuwi ya mung nèk diéntukké Yéhuwah. Dadi, Yéhuwah nggunakké wewenang lan kuwasané kanggo nglindhungi Ayub lan kanggo mbuktèkké nèk tudhuhané Sétan ora bener.
9 Apa Sétan berhasil? Ora. Ayub terbukti tetep setya karo Yéhuwah. (Ayb. 1:22) Tapi, Sétan isih nggolèk-nggolèk cara liya kanggo nggawé Ayub ora gelem nglayani Yéhuwah manèh.
Yéhuwah ngejarké Sétan nudhuh Yéhuwah lan Ayub ing ngarepé para malaékat (Deloken paragraf 8-9)
10. Ngapa kok Yéhuwah ngéntukké Sétan nyerang Ayub manèh? (Ayub 2:2-6)
10 Wacanen Ayub 2:2-6. Bar ndelok nèk upayané ora berhasil, Sétan nyerang Ayub luwih kejem manèh. Jaréné Sétan, Ayub mesthi ora gelem nglayani Yéhuwah manèh nèk nyawané terancam. Nah, kanggo mbuktèkké nèk tudhuhané Sétan salah, Yéhuwah ngéntukké Sétan marakké Ayub lara parah, tapi tetep ana sing ora éntuk dilakukan Sétan. Yéhuwah ngomong, ”[Ayub] aja mbok patèni.” Dadi, sepisan manèh terbukti nèk Yéhuwah sing paling berkuasa merga Sétan ora isa melakukan sesuatu nèk ora diéntukké Yéhuwah.
YÉHUWAH NDUWÉ KUWASA KANGGO NYINGKIRKÉ KESUSAHAN
11. Bar ora ngéntukké Sétan nyerang Ayub manèh, Yéhuwah ngekèki Ayub berkah apa waé? (Ayub 42:10-13)
11 Wacanen Ayub 42:10-13. Bar Ayub terbukti tetep setya, Yéhuwah ora ngéntukké Sétan nyerang Ayub manèh. Ayub ya wis ora menderita. Sepisan manèh, Sétan terbukti ora nduwé kuwasa kanggo ngalang-alangi Yéhuwah mberkahi lan nglindhungi Ayub.
12. Kèkana conto jaman modèrn piyé Yéhuwah nggunakké kuwasané kanggo nylametké umaté.
12 Ing jaman modèrn, Yéhuwah ya nduduhké kuwasané kanggo nylametké umaté. Misalé taun 1945, tentara Nazi meksa 230 Seksi Yéhuwah melakukan perjalanan sing adoh banget lan berbahaya saka penjara ing Jerman menuju laut kanggo dipatèni. Tapi ternyata, meréka tetep urip. Para Seksi kuwi crita nèk Yéhuwah nylametké meréka kaya nylametké cah telu Ibrani sing dilebokké ing geni sing murub, tapi babar blas ora kobong lan bahkan ora mambu sangit. Nah, sakwisé penindasan kaya ngono, imané para Seksi kuwi malah dadi semakin kuwat merga Yéhuwah sing ngekèki kekuwatan. Meréka ya ngrasa kaya Danièl sing dislametké saka guwa singa. Sejak kuwi, meréka bertékad arep nglayani Yéhuwah saklawasé. Kanggoné meréka, nglayani Yéhuwah kuwi hadiah terbaik sing isa diduwèni.—Bandhingna Danièl 3:27; 6:22.
13. Wektu ngadhepi masalah sing abot banget, njenengan isa yakin soal apa? (Deloken gambar.)
13 Wektu ngadhepi masalah sing abot banget, mungkin rasané kaya diuncalké ing guwa singa. (1 Ptr. 5:8-10) Kadhang ya ngrasa ora sanggup manèh, apamanèh nèk masalahé ora rampung-rampung. Nah, pas ngadhepi kaya ngono kuwi, élinga pengalamané Ayub. Yakina nèk Yéhuwah nduwé kuwasa kanggo nyingkirké kesusahan, lan Dhèwèké mesthi bakal melakukan kuwi, embuh saiki utawa sukmbèn ing donya anyar. Yéhuwah wis nduwé jadwal kapan arep nyingkirké donya sing dikuwasani Sétan iki, lan kuwi mesthi bakal ditepati.
Yéhuwah bakal nyingkirké kesusahané umaté sing setya (Deloken paragraf 13)
YÉHUWAH SAYANG KARO UMATÉ SING SETYA
14-15. Apa sing sakjané Yéhuwah pénginké kanggo umaté sing setya? (Ayub 14:15) (Deloken gambar.)
14 Wacanen Ayub 14:15. Yéhuwah nduwé ikatan sing istiméwa karo umaté sing setya. Saking sayangé karo meréka, Yéhuwah péngin nguripké manèh umaté sing wis mati. Wektu wong mati diuripké manèh, perasaan sedhih lan lara ati merga ditinggal mati wis ora ana manèh.—Yés. 65:17.
15 Meskipun Ayub isih urip ing donya sing dikuwasani Sétan, Yéhuwah tetep nggunakké kuwasané kanggo nglindhungi Ayub. Buktiné, Yéhuwah marakké Ayub séhat manèh lan ngekèki berkah luwih akèh timbang sing diduwèni Ayub sakdurungé. Nah sukmbèn, Ayub bakal dikèki berkah sing luwih akèh manèh. Yéhuwah péngin banget umaté sing setya isa bener-bener bahagia. Meréka bakal dikèki kesempatan kanggo urip saklawasé ing Firdaus. (Why. 21:3, 4) Ora ana sing isa ngalang-alangi kepénginané Yéhuwah kuwi, soalé Dhèwèké sing paling berkuasa ing alam semesta. Nèk ngrenungké soal kuwi, mesthi bakal terhibur meskipun saiki kudu ngadhepi akèh kesusahan.
Merga Ayub terus setya, Yéhuwah ngekèki Ayub lan bojoné berkah sing akèh banget (Deloken paragraf 14-15)
16. Merga ngerti nèk Yéhuwah kuwi sing paling berkuasa, njenengan dadi isa yakin soal apa manèh?
16 Sakwisé menikmati umur sing dawa, mémang akhiré Ayub mati. Tapi merga Yéhuwah sing paling berkuasa ing alam semesta, Dhèwèké nduwé kuwasa kanggo nguripké Ayub manèh. (PT. 32:39) Dadi, ora ana sing isa ngalang-alangi Yéhuwah nguripké manèh wong-wong sing Dhèwèké sayangi. Kuwi bakal kelakon ing wektu sing wis Dhèwèké tentokké.—Rm. 8:38, 39.
BENER-BENER PERCAYA KARO YÉHUWAH
17. Apa buktiné nèk Sétan ora bakal isa numpes umaté Yéhuwah?
17 Bar mempelajari buku Ayub, ana akèh alesan ngapa kok isa bener-bener percaya Yéhuwah. Sétan ora bakal isa numpes umaté Yéhuwah. Fakta nèk saiki ana kira-kira sangang yuta wong sing setya nglayani Yéhuwah, sakjané bukti nèk Yéhuwah sing paling berkuasa. Pamréntah sing kuwat lan para pemimpin agama wis bola-bali berupaya bèn umaté Yéhuwah ora nglayani Yéhuwah manèh lan ora martakké kabar apik. Tapi upayané meréka selalu gagal, soalé Yéhuwah sing nulungi umaté. (Yés. 54:17) Terus, ora ana sing isa ngalang-alangi umaté Yéhuwah kanggo nyritakké sing bener soal Yéhuwah lan kanggo nyingkapké nèk Sétan kuwi tukang ngapusi lan tukang matèni. Bahkan nèk nganti umaté mati, Yéhuwah isa nguripké manèh.—Hos. 13:14.
18. Ngapa kok awaké dhéwé ora perlu wedi karo apa sing bakal kelakon?
18 Nèk ngrenungké kisahé Ayub, awaké dhéwé dadi ora wedi karo apa sing bakal kelakon, soalé ana Yéhuwah. Selama sengsara gedhé, Sétan lan bala-balané bakal nganggep umaté Yéhuwah gampang diserang. Tapi kaya Yéhuwah nglindhungi Ayub nggunakké kuwasané sing gedhé banget, Yéhuwah ya ora bakal ngéntukké Sétan marakké umaté dadi ora nglayani Yéhuwah manèh. Sedhéla manèh, Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh kesusahan sing disebabké Sétan. Sétan lan roh-roh jahat bakal diuncalké ing jurang sing jero banget selama 1.000 taun. (Luk. 8:31; Why. 20:1-3) Terus akhiré, Sétan lan kabèh balané bakal disirnakké. (Why. 20:10) Kaya sing wis diramalké Yéhuwah ing Purwaning Dumadi 3:15, endhasé Sétan bakal bener-bener dihancurké. Dhèwèké bakal mati saklawasé.—Rm. 16:20.
19. Nèk terus percaya karo Yéhuwah, berkah apa waé sing bakal dirasakké? (Deloken gambar.)
19 Umaté Yéhuwah bener-bener ngentèni tekané donya anyar. Meréka bakal dadi sempurna lan bener-bener bahagia. Keadaané bahkan luwih nyenengké timbang sing dibayangké. Yéhuwah janji, ”Deloken. Aku nggawé kabèh dadi anyar.” (Why. 21:5) Bayangna keadaan wektu kuwi. Sakwisé éwonan taun, akhiré Sétan lan roh-roh jahat ora isa nyilakani manungsa utawa mempengaruhi wong dadi jahat. Rasané mesthi lega banget. Awaké dhéwé dadi isa turu angler merga ora perlu kuwatir manèh. Terus, wong-wong sing slamet ngliwati Armagédon ya bakal ndelok akèh mukjijat. Misalé, sing lara dadi séhat, terus sing wis mati diuripké manèh. Wektu kuwi, kabèh bakal bener-bener ngrasakké urip sing pénak lan memuaskan, kaya sing dikarepké Yéhuwah.
Sukmbèn, umaté Yéhuwah sing terus setya meskipun ngadhepi akèh masalah bakal menikmati berkah sing limpah saka Yéhuwah (Deloken paragraf 19)
20. Apa tékadé njenengan saiki?
20 Ing akhir jaman iki, bakal saya akèh masalah sing diadhepi. Makané, terusa bertékad kanggo bener-bener percaya karo Yéhuwah lan yakin karo kuwasané. Terus duduhna nèk sayang karo Yéhuwah lan buktèkna nèk tudhuhané Sétan soal Yéhuwah lan umaté kuwi ora bener. Nèk terus setya karo Yéhuwah, awaké dhéwé bakal menikmati masa depan sing luar biasa, merga kuwi sing mémang péngin Yéhuwah kèkké kanggo umaté.
LAGU 153 Bantu Aku Bèn Kendel