PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w26 Maret hlm. 2-7
  • Bèn Carané Mulang Alkitab Isa Dadi Luwih Apik

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Bèn Carané Mulang Alkitab Isa Dadi Luwih Apik
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • MIKIRKÉ WONGÉ
  • SING DITONJOLKÉ KUWI ALKITAB
  • SING DITONJOLKÉ KUWI YÉHUWAH
  • TERUS BERUPAYA BÈN CARA MULANGÉ DADI LUWIH APIK
  • Mbantu Sing Sinau Alkitab Bèn Akhiré Gelem Nglayani Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Kudu Piyé Wektu Nemokké Wong sing Berminat?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Nggawé Keputusan sing Mbuktèkké Nèk Ngendelké Yéhuwah
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
  • Rendah Hati Ngakoni Nèk Ana Hal-Hal sing Awaké Dhéwé Ora Ngerti
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
w26 Maret hlm. 2-7

4-10 MEI 2026

LAGU 53 Semangat Nginjil

Bèn Carané Mulang Alkitab Isa Dadi Luwih Apik

’Kudu semangat martakké omongané Gusti Allah . . . Kudu sabar lan trampil wektu mulang.’—2 TIM. 4:2.

INTI

Telung cara bèn carané mulang Alkitab isa dadi luwih apik.

1. Kabèh pengikuté Yésus éntuk tugas apa, lan apa sing kudu meréka upayakké? (2 Timotius 4:2) (Deloken gambar.)

ING Matius 28:​19, 20, wektu ngongkon para pengikuté ndadèkké murid, Yésus ya mréntahké, ”Wulangen wong-wong kuwi bèn nindakké kabèh sing wis tak préntahké marang kowé.” Kuwi berarti, kabèh pengikuté Yésus bakal dadi guru. Ya mémang sing narik wong-wong sing ”nduwé sikap sing bener” kuwi Yéhuwah, lan sing ngarahké bèn isa nemokké wong-wong kaya ngono kuwi para malaékat. (Kis. 13:48; Yoh. 6:44; Why. 14:6) Tapi, sing mulang wong-wong kuwi tetep awaké dhéwé. Kuwi sebabé, kudu berupaya luwih trampil wektu mulang. Gatèkna contoné Rasul Paulus lan Barnabas. Wektu nginjil ing sinagogé ing Ikonium, carané meréka mulang kuwi apik banget nganti ”akèh wong Yahudi lan Yunani dadi percaya”. (Kis. 14:1) Jelas, Paulus karo Barnabas ”trampil wektu mulang”.—Wacanen 2 Timotius 4:2.

Pas ing sinagogé, Paulus percaya diri mulang wong-wong. Wong-wong padha nggatèkké tenanan. Ing cedhaké, Barnabas nggatèkké carané Paulus mulang.

Bèn luwih trampil wektu mulang, isa niru contoné Yésus lan para muridé, misalé Rasul Paulus lan Barnabas (Deloken paragraf 1)


2. Apa waé sing mungkin marakké wong ngrasa ora isa trampil mulang?

2 Tapi mungkin ana sing mikir, ’Aku ora berpendidikan lan ora pinter njelaské, dadi caraku mulang ya isané kaya ngéné.’ Ing Alkitab ya ana wong-wong sing tau ngrasa kaya ngono. (Pa. 4:10; Yér. 1:6) Terus, merga ora nduwé PAR utawa pas ngabar ora éntuk hasil sing apik kaya sedulur liya, ana sing ngrasa ora isa mulang. Tapi élinga, ora kabèh wong bakal gelem nampa kabar apik. Terus nèk ana sing gelem nampa, kuwi merga Yéhuwah lan para malaékat sing mbantu nemokké. Dadi, wong gelem nampa apa ora kuwi ora mung bergantung karo upayané awaké dhéwé thok. Meskipun ngono, awaké dhéwé mesthi bakal tetep péngin ngupayakké sing paling apik bèn wong tertarik karo kabar apik. Nah, ing artikel iki ayo mbahas telung cara bèn cara mulangé isa dadi luwih apik.

MIKIRKÉ WONGÉ

3. Ngapa kok Yésus nganti isa nyampèkké hal-hal sing bener-bener bermanfaat kanggo sing ngrungokké?

3 Menurut Alkitab, Yésus ”ngerti isi atiné manungsa”. (Yoh. 2:25) Kuwi berarti, Yésus ngerti sing dipikirké wong lan ngapa kok meréka nganti mikir kaya ngono. Yésus isa nyampèkké hal-hal sing bener-bener bermanfaat merga ngerti kebutuhané wong-wong. Misalé, wektu Ceramah ing Gunung, Yésus ngekèki tuntunan lan nyampèkké hal-hal sing marakké terhibur. Yésus ndelok nèk wong-wong sing ngrungokké kuwi padha susah merga kudu melakukan akèh banget tradhisi sing digawé para pemimpin agama. (Mat. 9:36; 23:4) Nah, merga tersentuh karo ceramahé Yésus, wong-wong seneng ngrungokké Yésus.

4. Piyé bèn isa nduduhké nèk perduli karo wong-wong sing ditemoni wektu nginjil? (Deloken gambar.)

4 Élinga, merga donyané saya ora karuan, kabèh wong saiki mesthi ngadhepi masalah sing marakké susah utawa kuwatir. Coba bayangna piyé mesakkéné meréka. Wis keadaané ”angèl diadhepi”, meréka ya ora ngerti harapan ing Alkitab. (2 Tim. 3:1; Yés. 65:​13, 14) Nah, bèn isa nduduhké nèk perduli karo wong-wong sing ditemoni wektu nginjil, ngupayaa memahami sing meréka butuhké lan kuwatirké. Misalé, pikirna: ’Peristiwa apa sing kelakon akhir-akhir iki sing marakké wong-wong kuwatir? Apa wong tuwa kuwatir mengko anaké kenapa-napa ing sekolahan? Apa wong-wong saiki angèl éntuk gawéan?’

Gambar: Pas lagi persiapan kanggo nginjil, sedulur wédok mikirké wong-wong ing dhaérahé. 1. Ibu sing meluk kanggo nglindhungi anaké lanang sing isih cilik. Ana tangané wong lanang arep ngantemi meréka. 2. Mbak-mbak ngrokok. 3. Mbah-mbah sing sedhih bar dikandhani dokter soal keséhatané.

Pikirna sing mungkin lagi dikuwatirké wong-wong lan pikirna carané nduduhké nèk perduli (Deloken paragraf 4)


5. Apa bédané Yésus karo para pemimpin agama Yahudi wektu kuwi? (Matius 11:​28-30)

5 Yésus sayang karo wong-wong sing dhèwèké wulang, lan wong-wong kuwi isa ngrasakké nèk digatèkké Yésus. Yésus ora kaya para pemimpin agama wektu kuwi sing senengané ngrèmèhké wong liya. (Mat. 23:13; Yoh. 7:49) Yésus ngajèni wong liya lan selalu apikan. Sing marakké Yésus isa dadi guru sing apik kuwi salah sijiné merga dhèwèké ’wataké alus lan rendah hati’. (Wacanen Matius 11:​28-30.) Nah, awaké dhéwé ya kudu apikan lan ngajèni wong-wong sing ditemoni wektu nginjil.

6. Piyé nduduhké nèk ngajèni lan apikan karo wong-wong sing nolak?

6 Lha nèk misalé pas nginjil ana sing nolak, kudu piyé? Ing Lukas 6:​27, 28, Yésus ora mung ngongkon bèn meneng waé lan sabar, tapi ya kudu ”apikan karo wong-wong sing sengit”, ”njaluk Gusti Allah bèn mberkahi wong sing nyumpahi”, lan bahkan ”ndongakké wong-wong sing ngrèmèhké”. Kuwi bakal luwih gampang dilakukan nèk berupaya memahami ngapa kok wong kuwi tanggepané ora apik. Mémang, ana sing jelas-jelas nentang. Tapi, ya ana sing mungkin lagi ngadhepi masalah keluarga utawa kuwatir soal sesuatu sing ora ana hubungané karo awaké dhéwé. Utawa, awaké dhéwé tekané ing wektu sing ora pas. Ora soal apa situasiné, ’omongané awaké dhéwé kudu nyenengké, kaya panganan sing dibumboni nganggo uyah, bèn ngerti carané mènèhi jawaban marang saben wong’. (Kol. 4:6) Dadi, nèk berupaya mikirké kebutuhané wong liya lan kekuwatirané, mengko ora gampang tersinggung nèk ana sing nolak. Tapi, malah bakal nyampèkké hal-hal sing bermanfaat kanggo meréka.

SING DITONJOLKÉ KUWI ALKITAB

7. Wektu mulang wong, apa dhasar ajarané Yésus? (Yohanes 7:​14-16)

7 Wektu mulang, Yésus ora nyampèkké pendapaté dhéwé, tapi dhasaré selalu saka omongané Gusti Allah. Terus, carané nyampèkké ya sederhana lan gampang diéling-éling. Ing Markus 1:22 disebutké, ”Wong-wong kagum karo carané Yésus mulang, merga apa sing diwulangké Yésus asalé saka Gusti Allah, ora kaya para ahli Taurat.” Sing diwulangké para ahli Taurat wektu kuwi biasané kata-katané guru-guru agama sing terkenal, tapi nèk Yésus saka Kitab Suci. Meskipun pengetahuané akèh banget merga tau manggon ing swarga karo Yéhuwah, Yésus ora berupaya nggawé wong terkesan karo pengetahuané utawa marakké wong-wong ngrasa ora ngerti apa-apa. Yésus pilih mulang soal karepé Yéhuwah lan sing diomongké Yéhuwah. (Wacanen Yohanes 7:​14-16.) Yésus dadi conto sing apik banget.

8. Piyé Rasul Pétrus niru Yésus?

8 Murid-muridé Yésus nèk mulang dhasaré ya saka omongané Gusti Allah. Misalé, Rasul Pétrus wektu nyampèkké ceramah pas Péntakosta taun 33 M. Pétrus kuwi dudu wong sing berpendidikan, tapi akèh wong tersentuh karo ceramahé merga Pétrus nggunakké Kitab Suci wektu njelaské piyé ramalan-ramalan soal Yésus dadi kenyataan. (Kis. 2:​14-37) Hasilé, ana kira-kira 3.000 sing gelem ngrungokké omongané Pétrus lan dibaptis.—Kis. 2:41.

9. Ngapa kok nèk mulang dhasaré kudu saka Alkitab?

9 Mung Alkitab sing nduwé kuwasa kanggo marakké wong gelem nggawé perubahan. (Ibr. 4:12) Makané, sing dadi dhasar wektu mulang kuwi Alkitab. Sing awaké dhéwé critakké kuwi ”omongané Gusti Allah”, dudu pendapaté awaké dhéwé. (2 Tim. 4:2) Ing Wulang Bebasan 2:6 disebutké, ”Yéhuwah sing mènèhi kawicaksanan. Pengetahuan lan pertimbangan asalé saka Dhèwèké.” Dadi wektu macakké ayat Alkitab, kuwi seolah-olah ngekèki Yéhuwah kesempatan kanggo ngomong. (Mal. 2:7) Awaké dhéwé péngin wong-wong ngerti nèk naséhat ing Alkitab luwih apik timbang naséhaté manungsa, soalé asalé saka Gusti Allah. Terus saka Alkitab, awaké dhéwé ya dadi ngerti carané bèn isa bahagia lan bèn isa nggawé Yéhuwah seneng.—2 Tim. 3:​16, 17.

10. Apa sing bakal njenengan lakukan bèn sing sinau Alkitab paham nèk sing dipelajari kuwi isiné Alkitab?

10 Sakdurungé mulang, pilihen ayat-ayat sing isa mbantu sing sinau Alkitab paham ajaran ing Alkitab. Mémang, mulangé isa nganggo vidéo utawa gambar, tapi sing ditonjolké tetep Alkitabé. Dadi, selama mandhu sinau Alkitab, wacanen ayat-ayat kunci lan ajaken sing sinau Alkitab mikir. Terus wektu mbahas gambar utawa vidéo, pastèkna sing sinau Alkitab ngerti pathokan Alkitab apa sing lagi ditonjolké. Njenengan ora perlu kakèhan ngomong utawa kakèhan maca ayat. Tapi, sing sinau Alkitab kèkana wektu kanggo memahami maknané saben ayat sing diwaca. Bahkan nèk perlu, mungkin ayaté isa diwaca manèh. Nèk melakukan kuwi, sing sinau Alkitab bakal paham nèk sing dipelajari kuwi Alkitab, dudu buku, gambar, utawa vidéo.—1 Kor. 2:13.

11-12. (a) Piyé nduduhké nèk sabar wektu mulang? (Kisah 17:​1-4) (Deloken gambar.) (b) Karo wong-wong sing ora paham soal Alkitab, mbantuné piyé?

11 Kadhang, sing sinau Alkitab ora langsung paham sing dipelajari. Nah, awaké dhéwé kudu tetep ’sabar wektu mulang’. Élinga, ora kabèh wong isa cepet nggawé kemajuan. Ana ajaran sing kanggoné awaké dhéwé gampang dipahami, tapi wong liya butuh wektu luwih suwé kanggo memahami. Mbiyèn, wong Yahudi ing Tésalonika lagi isa paham sakwisé Paulus beberapa kali ngejak meréka mikir nganggo Kitab Suci.—Wacanen Kisah 17:​1-4.

12 Njenengan ya nduduhké nèk sabar nèk ora cepet-cepet njelaské, tapi gelem ngekèki pertanyaan, terus ya ngekèki wektu kanggo mikir lan njawab. Rungokna tenanan jawabané, lan ngupayaa memahami ngapa kok dhèwèké mikir kaya ngono. Terus, wacanen lan bahasen ayat-ayat bèn dhèwèké ngerti piyé pandhangané Yéhuwah soal topik kuwi. Sakliyané kuwi, élinga nèk ana wong-wong sing bahkan babar blas ora tau ndelok Alkitab lan ora ngerti isiné. Nèk ketemu wong-wong kaya ngono, duduhna Alkitab tercétak. Terus, duduhna bagian ”Isiné Alkitab” ing halaman 5 Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar bèn meréka isa ngerti nèk ana akèh keterangan sing menarik ing Alkitab. Misalé, ing Pitakonan 15 soal carané bèn isa bahagia, duduhna siji utawa loro ayat. Dadi, nèk sing njenengan tonjolké kuwi manfaaté Alkitab, mengko sing sinau Alkitab bakal luwih tergerak kanggo ngetrapké sing dipelajari.

Sedulur wédok mau mandhu pelajaran Alkitab ing taman karo mbak-mbak sing ngrokok mau. Sedulur wédok kuwi ngrungokké tenanan pas mbak-mbak mau curhat.

Guru sing apik kuwi ora kakèhan ngomong, tapi seneng ngrungokké (Deloken paragraf 11-12)


SING DITONJOLKÉ KUWI YÉHUWAH

13. Wektu mulang, sapa sing kuduné ditonjolké? Kèkana perumpamaané.

13 Wektu mulang, tujuan utamané kuwi bèn wong sing diwulang isa kenal lan akrab karo Yéhuwah. (Yak. 4:8) Dadi sing kuduné ditonjolké kuwi Yéhuwah, dudu awaké dhéwé. Awaké dhéwé isa dipadhakké kaya wong sing tugasé ngarahké lampu sorot ing panggung. Selama pertunjukan, dhèwèké kan ora mungkin ngarahké lampuné ing diri sendiri, ta? Lampuné mesthi bakal disorotké ing pemeran utamané.

14. Apa sing isa dilakukan bèn sing sinau Alkitab nduwé kepénginan kanggo nggawé Yéhuwah seneng?

14 Wektu mulang, aja mung ngandhani sing éntuk lan ora éntuk dilakukan. Awaké dhéwé péngin sing sinau Alkitab nggawé perubahan merga meréka péngin nggawé Yéhuwah seneng. (WB. 27:11) Misalé, bèn sing sinau Alkitab ora melakukan manèh hal-hal sing disengiti Yéhuwah, ajaken dhèwèké mikirké perasaané Yéhuwah. Misalé takon, ”Ngapa kok Yéhuwah sengit karo kebiasaan kuwi? Ngapa kok hal sing njenengan senengi kuwi malah ora diéntukké Yéhuwah? Ngapa kok kuwi malah bukti nèk Yéhuwah sayang karo njenengan?” Nèk semakin kerep mikirké soal Yéhuwah lan sifat-sifaté, sing sinau Alkitab bakal semakin menyadari nèk Yéhuwah sayang karo dhèwèké. Terus, dhèwèké ya dadi sayang Yéhuwah lan tergerak kanggo nggawé Yéhuwah seneng.

TERUS BERUPAYA BÈN CARA MULANGÉ DADI LUWIH APIK

15. Apa sing isa diupayakké bèn cara mulangé isa dadi luwih apik?

15 Ndongaa njaluk Yéhuwah mbantu bèn njenengan ngerti apa sing perlu diupayakké bèn cara mulangé isa luwih apik. (1 Yoh. 5:14) Bar kuwi, upayakna sesuatu. Misalé, manfaatna tenanan pelatihan ing pertemuan ibadah. Terus, ajaken sedulur sing trampil mulang kanggo ngancani wektu mandhu sinau Alkitab lan njaluka saran. Élinga nèk bahan pelajaran sing wis biasa kanggoné njenengan, durung tentu gampang dipahami karo sing sinau. Dadi, bayangna kira-kira apa sing dirasakké sing sinau wektu bahan kuwi dibahas. Selama sinau Alkitab, tandhesna manfaat saka bahan sing lagi dipelajari. Hasilé, dhèwèké bakal tergerak kanggo nyedhak Yéhuwah lan bener-bener bahagia.—Mzm. 1:​1-3.

16. Apa manfaaté nèk kèt saiki berupaya bèn cara mulangé dadi luwih apik?

16 Isa mulang wong soal Yéhuwah kuwi sesuatu sing bener-bener marakké bahagia. Bahkan nganti sukmbèn ing donya anyar, awaké dhéwé bakal terus melakukan kuwi. Mulané kèt saiki, ayo terus berupaya bèn cara mulangé dadi luwih apik. Carané: Mikirké wong sing diwulang, nonjolké Alkitab, lan nonjolké Yéhuwah wektu mulang.

WEKTU MULANG, PIYÉ NDUDUHKÉ NÈK . . .

  • mikirké wongé?

  • sing ditonjolké kuwi Alkitab?

  • sing ditonjolké kuwi Yéhuwah?

LAGU 65 Terus Maju

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2026 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim