PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w26 Februari hlm. 26-29
  • Nganggep Anak-Anak Kuwi ”Hadiah” sing Berharga saka Yéhuwah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nganggep Anak-Anak Kuwi ”Hadiah” sing Berharga saka Yéhuwah
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SING MARAKKÉ WONG TUWA AKHIRÉ NDUWÉ ANAK AKÈH
  • SING DIHARAPKÉ YÉHUWAH SAKA WONG TUWA
  • YÉHUWAH PÉNGIN NJENENGAN BERHASIL DADI WONG TUWA
  • Mbantu Anak-Anak Bèn Dadi Sayang karo Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
  • Wong Tuwa, Bantunen Anak-anaké Njenengan Bèn Sayang karo Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
  • Piyé Bèn Keluarga Bahagia?​—Bagian 2
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
w26 Februari hlm. 26-29
Bapak karo ibu nggéndhong anaké wédok. Meréka kétok bahagia.

Nganggep Anak-Anak Kuwi ”Hadiah” sing Berharga saka Yéhuwah

NÈK éntuk hadiah saka wong sing disayangi, mesthi rasané seneng banget pas nampa. Tapi, apa mung seneng nampa thok? Ora. Mesthi ya bakal ngrawat tenanan hadiah kuwi, ta?

Nah menurut Alkitab, ”anak-anak kuwi hadiah saka Yéhuwah” kanggo wong tuwa. (Mzm. 127:3) Dadi, merga nganggep anak-anak ”hadiah” sing berharga saka Yéhuwah, wong tuwa bakal berupaya tenanan kanggo mastèkké anak-anaké ngrasa digatèkké, kebutuhané tercukupi, lan isa akrab karo Yéhuwah.

Sayangé, ana wong tuwa sing ora nganggep anak-anak ”hadiah” sing berharga saka Gusti Allah. (Yés. 49:15; 2 Tim. 3:​1-3) Sing liyané mungkin sakjané ngerti nèk anak kuwi berharga lan kudu diopèni tenanan, tapi kangèlan melakukan kuwi merga kakèhan anak. Nah, apa sing marakké wong tuwa mungkin akhiré nduwé anak akèh? Apa sing diharapké Yéhuwah saka wong tuwa? Terus, piyé bèn wong tuwa isa berhasil nggedhèkké anaké?

SING MARAKKÉ WONG TUWA AKHIRÉ NDUWÉ ANAK AKÈH

  • Tuntutan saka keluarga utawa wong liya. Ing beberapa dhaérah, nduwé anak akèh kuwi biasané luwih dihormati. Makané, ana pasangan sing akhiré dipeksa keluarga utawa tangga-tanggané bèn nduwé anak akèh, padahal sakjané meréka ora sanggup ngopèniné.

  • Kuwatir piyé mengko nèk wis tuwa. Ing beberapa dhaérah, merga kelaparan, akèh penyakit, ora ana akèh dokter utawa rumah sakit, ana akèh banget anak sing mati. Kuwi sing marakké beberapa pasangan mutuské nduwé anak akèh. Meréka mikir, ’Nèk ana anak sing mati, paling ora isih ana anak liyané sing tetep urip nganti gedhé.’ Ing negara-negara sing ora nyedhiakké bantuan kanggo lansia, ana pasangan sing mutuské nduwé anak akèh bèn mengko pas wis tuwa, ana sing ngopèni.

  • Kesulitan mencegah kehamilan. Ing beberapa dhaérah, jenis alat kontrasèpsiné ora akèh, utawa kualitasé ora apik, makané wong wedi nèk mèh nganggo kuwi. Terus ya ana sing ora isa tuku soalé regané larang.a

SING DIHARAPKÉ YÉHUWAH SAKA WONG TUWA

Sak keluarga piknik ing taman. Bapaké ngrungokké tenanan anaké wédok sing wis remaja lagi crita. Ibuné dolanan bal karo anaké lanang sing isih cilik.

Sisihna wektu kanggo saben anak

Nyukupi kebutuhan matèriné anak-anak. Yéhuwah péngin wong tuwa kerja keras nyedhiakké panganan, pakaian, lan tempat tinggal kanggo kabèh anaké nganti déwasa. Tapi kuwi ora berarti Yéhuwah ngongkon wong tuwa kudu sugih. Wong tuwa sing dipilih Yéhuwah kanggo ngopèni Yésus waé ora sugih, tapi meréka gelem kerja keras. (Mat. 13:​55, 56; Luk. 2:24) Sakliyané kuwi, Yéhuwah péngin wong tuwa ndhidhik anak-anaké. Kuwi berarti, wong tuwa kudu manggon sak omah karo anaké, aja disekolahké adoh-adoh. Seraya anaké tambah déwasa, wong tuwa isa ngajarké ketrampilan ing omah lan nggatèkké anak-anak bèn meréka ngrasa disayangi lan dilindhungi.

Ayat: ”Nèk ana wong sing ora nyedhiakké kebutuhané wong-wong sing dadi tanggung jawabé, khususé anggota keluargané, berarti wong kuwi wis ora percaya manèh karo ajaran sing awaké dhéwé percaya, lan wong kuwi luwih parah timbang wong sing ora nduwé iman.”—1 Tim. 5:8.

Yéhuwah ngerti nèk saya tuwa, wong tuwa butuh dibantu anak-anaké. Anak-anak sing ngajèni wong tuwané mesthi ya bakal gelem mbantu. (Pa. 20:12; 1 Tim. 5:4) Tapi, Yéhuwah péngin wong tuwa fokus waé karo tanggung jawabé ngopèni anak-anaké. Yéhuwah ora péngin wong tuwa njagakké anak-anaké kanggo ngopèni meréka sukmbèn.—2 Kor. 12:14.

Ngajari anak-anak soal Yéhuwah. Wong tuwa ya nduwé tanggung jawab kanggo ngajari anak-anaké bèn sayang lan gelem nglayani Yéhuwah. Iki hal sing paling penting sing isa diajarké wong tuwa ing anaké.—PT. 6:​6, 7.

Ayat: ”Kowé kudu ndhidhik anakmu sesuai karo pathokan lan petunjuké Yéhuwah.”—Éf. 6:4.

YÉHUWAH PÉNGIN NJENENGAN BERHASIL DADI WONG TUWA

Wong lanang karo bojoné lagi rembugan. Ing méja ana Alkitab sing kebukak.

Bahasen sik arep nduwé anak pira

Kudu nduwé rencana. Rencanané kudu sesuai kesanggupan. Misalé, nèk arep nduwé anak akèh, pikirna apa mémang sanggup nyukupi kebutuhané saben anak, misalé ngekèki mangan, pakaian, lan pendidikan. Rembugen karo bojo soal arep nduwé anak pira sing sanggup kalian dhidhik sesuai karepé Yéhuwah. Ya mémang Yéhuwah ngerti nèk sing kelakon kadhang ora sesuai karo rencana. (Pkh. 9:11) Tapi upayané kalian kanggo dadi wong tuwa sing apik kuwi mesthi bakal diberkahi Yéhuwah.

Ayat: ”Rencanané wong rajin mesthi bakal berhasil, ning wong sing kesusu tumindak mesthi bakal mlarat.”—WB. 21:5.

”Nèk ana wong sing arep mbangun omah, mesthiné kan wong kuwi bakal lungguh lan ngétung biayané dhisik, ta? Dadi, dhèwèké isa ngerti dhuwité cukup apa ora kanggo mbangun nganti rampung.”—Luk. 14:28.

Yéhuwah kudu dadi sing paling penting. Nglayani Yéhuwah kudu dadi hal sing diutamakké ing keluargané njenengan. Saben anak kudu diajari bèn sayang karo Yéhuwah. Bantunen meréka bèn isa nggatèkké lan menikmati selama acara pertemuan ibadah. Ibadah keluargané ya aja bolong-bolong. Ajaken meréka nginjil. Merga ndhidhik anak kuwi tanggung jawabé wong tuwa, kuwi ora éntuk dipasrahké karo anak sing wis gedhé utawa anggota keluarga liyané. Mémang kuwi mesthi butuh wektu lan upaya, tapi nèk anak-anak akhiré nglayani Yéhuwah, njenengan mesthi bakal bener-bener bahagia.

Ayat: ”Aku bahagia banget wektu krungu nèk anak-anakku terus manut karo apa sing bener.”—3 Yoh. 4.b

Kudu beriman karo Yéhuwah. Ora soal lagi rencana arep nduwé anak utawa wis nduwé anak, élinga nèk sing dikarepké Yéhuwah luwih penting daripada tuntutané wong-wong ing sekitaré njenengan.

Gambar: 1. Wong tuwa lungguh jèjèr anaké lanang pas pertemuan ibadah. Anaké ngacung arep njawab. 2. Sak keluarga nginjil bareng. Bapaké nginjil bareng anaké wédok sing wis remaja, terus ibuné karo loro anaké sing isih cilik.

Ngajari anak bèn sayang lan nglayani Yéhuwah kuwi butuh wektu lan upaya

Nèk misalé mutuské ora nduwé anak akèh, percayaa janjiné Yéhuwah nèk njenengan mesthi bakal tetep diopèni Yéhuwah pas wis tuwa. Aja terpengaruh karo wong-wong sing mikir nèk tujuané nduwé anak kuwi bèn pas wis tuwa ana sing ngopèni. Élinga terus janjiné Yéhuwah merga Yéhuwah mesthi nepati janjiné.—Yos. 23:14.

Ayat: ”Kowé kudu percaya karo Yéhuwah saktulusé atimu, lan aja ngendelké pengetahuanmu dhéwé. Kowé kudu éling karo Dhèwèké ing saben tumindakmu, lan Dhèwèké bakal nggawé kowé berhasil.”—WB. 3:​5, 6.

”Mbiyèn aku isih enom lan saiki aku wis tuwa, ning aku ora tau ndelok wong sing bener ditinggalké utawa anak-anaké njaluk-njaluk panganan.”—Mzm. 37:25.

”Mula, Kerajaané Gusti Allah lan apa sing bener nurut Gusti Allah kudu mbok utamakké ing uripmu, lan sing liya-liyané bakal disedhiakké kanggo kowé.”—Mat. 6:33.

Anak-anak kuwi hadiah saka Yéhuwah. Wong tuwa ora mung seneng nampa hadiah kuwi, tapi ya kudu nduduhké nèk meréka nganggep anak-anak ”hadiah” berharga saka Yéhuwah. Makané, meréka bakal nganggep nèk karepé Yéhuwah kuwi luwih penting timbang tuntutané wong-wong ing sekitaré. Dadi meréka bakal mikirké tenanan sik arep nduwé anak pira, soalé saben anak kudu dipastèkké nèk meréka ngrasa digatèkké, kebutuhané tercukupi, lan akrab karo Yéhuwah.

Keputusan sing Ora Meréka Sesali

Bapak lagi ibadah keluarga karo bojoné lan loro anaké sing isih cilik.

Menurut wong-wong ing negara-negara sing kesulitan ékonomi, nèk ora nduwé anak akèh kuwi isa marakké tambah sengsara. Apa kuwi bener? Gatèkna beberapa pendapaté kepala keluarga sing manggon ing negara-negara kuwi sing akhiré mutuské ora nduwé anak akèh.

Apa njenengan tau dipeksa kanggo nduwé anak akèh?

”Ya. Bahkan sedulur seiman sing ngomong kaya ngono. Ana suami istri sing ngomong, ’Kok anakmu mung siji thok, ta? Ing Afrika kéné, kuwi padha karo ora nduwé anak. Nèk anaké loro, kuwi padha karo anaké mung siji.’ Bahkan bar nduwé anak sing keloro, kami ya isih dikon nduwé anak manèh.”—Jeremias

Apa njenengan tau ngalami kesulitan terutama secara ékonomi merga ora nduwé anak akèh?

”Ora. Malah kuwalikané, merga anakku ora akèh, aku karo bojoku dadi isa mastèkké kebutuhané kabèh tercukupi, terutama secara rohani. Aku mbiyèn digedhèkké ing keluarga sing anaké akèh. Aku ndelok dhéwé piyé bapak ibuku kesusahan nggolèkké pangan lan pendidikan sing apik kanggo kami.”—Jeremias

Apa pengaruh saka keputusan kuwi kanggo anak-anaké njenengan?

”Meréka bersyukur kami ora nduwé anak akèh, soalé meréka dadi kopèn, sementara wong tuwa sing anaké akèh biasané anak-anaké dadi ora kopèn.”—Filipe

”Wektu isih manggon sak omah, anak-anak isa ngrasakké nèk disayangi lan digatèkké. Kami ya kerep bergaul karo sedulur-sedulur sing imané kuwat. Meréka nyemangati kami sak keluarga bèn gelem nglayani luwih akèh. Hasilé, saiki anak-anak padha niru contoné meréka.”—Carlos

Apa manfaat sing njenengan rasakké?

”Terutama secara ékonomi, kuwi mbantu banget. Telung taun wingi, aku bar kélangan gawéan sing gajiné gedhé. Tapi merga anakku ora akèh, pengeluaran kanggo kebutuhan ya ora terlalu akèh, dadi kami luwih gampang menyesuaikan diri karo perubahan kuwi.”—Jeremias

”Kebutuhané anak-anakku ya luwih tercukupi, embuh secara jasmani utawa rohani. Kami bahkan isa nglayani ing dhaérah-dhaérah sing butuh luwih akèh penginjil. Aku karo bojoku ya dadi nduwé luwih akèh wektu kanggo nggatèkké saben anak. Saiki, kabèh anakku nglayani Yéhuwah lan ngupaya berbuat luwih akèh kanggo Yéhuwah.”—Lenadi

Apa ana sing péngin njenengan sampèkké kanggo wong tuwa liyané?

”Aku wis ngrasakké dhéwé beneré kata-kata ing Mazmur 34:10b, sing isiné, ’Wong sing nggolèk tuntunané Yéhuwah ora bakal kekurangan apa-apa.’ Yéhuwah wis terbukti nyukupi kabèh sing dibutuhké kami sak keluarga.”—Rafael

a Soal arep nduwé anak pira, kapan arep nduwé anak, lan arep nganggo alat kontrasèpsi apa, kuwi keputusané suami karo istri. Wong liya ora éntuk nyalahké keputusané meréka. (Rm. 14:​4, 10-13) Tapi, meréka kudu éling aja nganti nganggo alat kontrasèpsi sing cara kerjané kuwi matèni bakal bayi. Sakliyané kuwi, meréka ya kudu éling karo naséhat ing 1 Korintus 7:​3-5.

b Meskipun sing dimaksud Yohanes ’anak-anak’ ing ayat kuwi sedulur seimané, tapi sing dirasakké Yohanes kuwi ya dirasakké wong tuwa sing péngin anak-anaké nglayani Yéhuwah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2026 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim