PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w26 Februari hlm. 30-hlm. 31 par. 7
  • Pertanyaan saka Pembaca

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Pertanyaan saka Pembaca
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Pertanyaan saka Pembaca
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Menurut Alkitab, Apa Kabèh Agama Bakal Disingkirké?
    Topik Liyané
  • Apa sing Kudu Awaké Dhéwé Tindakké ing ”Dina-Dina Pungkasan”?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
w26 Februari hlm. 30-hlm. 31 par. 7
Ing ngarepé kantor pusaté Perserikatan Bangsa-Bangsa, para pemimpin donya ngumumké ”tentrem lan aman”. Akèh wong sing krungu pengumuman kuwi padha sorak-sorak.

Pertanyaan saka Pembaca

Kapan para pamréntah bakal ngumumké ”tentrem lan aman”?

Menurut ”Pertanyaan saka Pembaca” ing Warta Penting November 2025, sedhéla manèh Yéhuwah bakal marakké para pamréntah (”sungu sepuluh”) melakukan sing dadi ’kepénginané’ Yéhuwah, yaiku bèn meréka ”mènèhké kekuwatan lan kuwasané marang” Perserikatan Bangsa-Bangsa utawa ”kéwan buas sing wernané abang mbranang”, sing ya disebut ”patung kéwan buas”. (Why. 13:​14, 15; 17:​3, 16, 17) Bar kuwi, para pamréntah lan Perserikatan Bangsa-Bangsa bakal nyingkirké kabèh agama palsu sak donya. Lha terus, kapan para pamréntah bakal ngumumké ”tentrem lan aman”?a Sakdurungé agama palsu dihancurké utawa sakwisé?—1 Tés. 5:3.

Awaké dhéwé ora ngerti kapan persisé para pamréntah bakal ngumumké ”tentrem lan aman”. Nèk misalé ngerti kapan persisé, mengko malah dadi ora jaga-jaga. Padahal Yésus ping bola-bali ngomong, ”Kowé kudu terus jaga-jaga.” (Mat. 24:42; 25:13; 26:41) Tapi, ana sing isa dipahami nèk mempelajari ramalan sing dikèki Yéhuwah liwat Rasul Paulus kuwi. Ayo dibahas.

Paulus nulis, ”Wektu wong-wong kandha, ’Saiki awaké dhéwé urip tentrem lan aman,’ ujug-ujug wong-wong kuwi bakal disingkirké.” (1 Tés. 5:​2, 3) Selama iki, ing publikasi dijelaskéné ngéné: Pengumuman ”tentrem lan aman” kuwi disampèkkéné persis sakdurungé sengsara gedhé, sing dimulai wektu agama palsu sak donya, utawa Babilon Gedhé, dihancurké. Dadi, nèk wis ana pengumuman kuwi, berarti sengsara gedhé wis arep dimulai.

Tapi bar dipelajari manèh, ternyata durung mesthi kaya ngono. Isa waé, pengumuman ”tentrem lan aman” kuwi disampèkkéné sakwisé agama palsu dihancurké. Ngapa kok kuwi masuk akal? Iki beberapa alesané:

Agama palsu akèh terlibat ing perang-perang selama iki. Ing Alkitab disebutké, ”Ing kutha kuwi [”pelacur gedhé”, utawa Babilon Gedhé] akèh ditemokké getihé . . . kabèh wong sing wis dipatèni ing bumi”. (Why. 17:​1, 5; 18:24) Kenyataané selama iki, gara-gara agama palsu, ora tau ana perdamaian lan keamanan. Malah dhèwèké sing marakké perang, kekerasan, lan térorisme. Nah meskipun kesimpulan iki durung pasti, tapi isa waé para pamréntah bakal ngumumké ”tentrem lan aman” kuwi sakwisé Babilon Gedhé dihancurké.

Sing bakal kelakon sakwisé pengumuman ”tentrem lan aman”. Ing Alkitab disebutké nèk bar para pamréntah ngumumké ”tentrem lan aman”, ”ujug-ujug [meréka] bakal disingkirké”. (1 Tés. 5:3) Kata ”ujug-ujug” sing disebutké Paulus kuwi berarti jarak antarané para pamréntah bar ngumumké ”tentrem lan aman” karo meréka disingkirké kuwi mung sedhéla utawa bahkan langsung. Saking mendadaké, meréka bahkan ora bakal isa menghindar. Dadi nèk para pamréntah ngumumkéné ”tentrem lan aman” kuwi sakwisé agama palsu dihancurké, cocog nèk kuwi sesuatu sing kelakoné ”ujug-ujug”.

Réaksiné umaté Yéhuwah pas peristiwa-peristiwa sing diramalké kelakon. Paulus ngomong, ”Wektu dina kuwi teka, [umaté Yéhuwah] ora bakal kagèt.” (1 Tés. 5:4) Pikirna: Nèk para pamréntah ngumumkéné ”tentrem lan aman” sakwisé agama palsu dihancurké, umaté Yéhuwah isa langsung ndelok jelas nèk bar kuwi para pamréntah bakal dihancurké. Dadi meréka ora bakal kagèt. Tapi nèk kanggoné para pamréntah sing ngumumké kuwi, kehancurané meréka bakal ngagètké, kaya maling sing ngerti-ngerti teka.—1 Tés. 5:2.

Dadi, apa sing bakal kelakon sedhéla manèh? Sing pasti, para pamréntah lan Perserikatan Bangsa-Bangsa bakal ngancurké agama palsu. Kuwi tandha nèk sengsara gedhé wis dimulai. Terus, para pamréntah ya mesthi bakal ngumumké ”tentrem lan aman”. Nah, kapan ngumumkéné kuwi? Ana loro kemungkinan. Kemungkinan pertama: Pengumuman kuwi bakal disampèkké sakdurungé agama palsu dihancurké. Kemungkinan keloro: Pengumuman kuwi bakal disampèkké sakwisé agama palsu dihancurké. Élinga nèk ramalan ing Alkitab kuwi kerep-kerepé lagi isa dipahami wektu ramalan kuwi lagi kelakon utawa wis kelakon. Dadi, awaké dhéwé entèni waé mengko kelakoné piyé.—Bandhingna Yohanes 12:16.

Dadi, saiki kudu piyé? Timbang mikirké soal kapan para pamréntah bakal ngumumké ”tentrem lan aman”, sing paling apik saiki terus setya karo Yéhuwah. Sakliyané kuwi, bèn tetep siap ora soal apa sing bakal kelakon mengko, ”awaké dhéwé kudu tetep tangi lan sadhar”.—1 Tés. 5:6.

a Pengumuman ”tentrem lan aman” iki isa waé disampèkkéné mung ping pisan utawa beberapa kali.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2026 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim