PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w26 Februari hlm. 20-25
  • Bèn Isa Siap Ngadhepi Tantangan-Tantangan Bar Dibaptis

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Bèn Isa Siap Ngadhepi Tantangan-Tantangan Bar Dibaptis
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • LARA ATI MERGA SEDULUR SEIMAN
  • MULAI MIKIRKÉ HAL-HAL SING WIS DITINGGALKÉ
  • ANA SING NINGGALKÉ YÉHUWAH
  • Yéhuwah ”Nambani Wong sing Lara Ati”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Rendah Hati Ngakoni Nèk Ana Hal-Hal sing Awaké Dhéwé Ora Ngerti
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Terus Percaya Nèk Yéhuwah Kuwi ”Gusti Allah sing Urip”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Isa Cedhak karo Para Sedulur Kuwi Hal sing Apik
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
w26 Februari hlm. 20-25

27 APRIL–3 MEI 2026

LAGU 99 Akèh Banget Umaté Yah

Bèn Isa Siap Ngadhepi Tantangan-Tantangan Bar Dibaptis

”Muga-muga aku isa terus mlaku ing dalan-Mu.”—MZM. 17:5.

INTI

Bèn sing bar dibaptis ngerti kudu piyé nèk mengko ngadhepi tantangan.

1-2. Bèn hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah isa terus akrab sakwisé dibaptis, kudu piyé? Kèkana perumpamaané.

YÉSUS tau ngomong, ”Watu-watu sandhungan mesthi bakal ana.” (Mat. 18:​7, lan cathetan ngisor) Selama donya iki isih dikuwasani Sétan, mesthi bakal ana tantangan sing isa marakké hubungan karo Yéhuwah dadi adoh, termasuk masalah karo sedulur seiman. Makané kèt saiki, kudu piyé bèn isa ngadhepi tantangan-tantangan kuwi?

2 Perumpamaané ngéné: Bèn isa ngerti kudu piyé wektu ngadhepi bencana alam, organisasi kerep ngekèki pengingat. Pengingat kuwi isiné ora mung soal bencana apa sing mungkin bakal diadhepi, tapi ya sing isa diupayakké kèt saiki bèn ngerti mengko kudu piyé pas ana bencana kuwi. Kuwi terutama penting dilakukan nèk awaké dhéwé lagi waé pindhah mrono. (WB. 21:5) Nah, bèn hubungané karo Yéhuwah isa terus akrab, ya kudu ngerti sik tantangan apa waé sing mungkin bakal diadhepi sakwisé dibaptis lan piyé carané bèn isa siap wektu tantangan kuwi muncul. (Mzm. 17:5) Ing artikel iki bakal dibahas telu tantangan sing isa waé muncul lan kudu piyé bèn isa ngadhepi tantangan-tantangan kuwi.a

LARA ATI MERGA SEDULUR SEIMAN

3. Apa tantangan sing isa waé diadhepi umaté Yéhuwah sing bar dibaptis?

3 Akèh sing akhiré gelem dadi umaté Yéhuwah merga ndelok dhéwé nèk umaté Yéhuwah saling menyayangi. Apa ya kuwi sing marakké njenengan gelem dibaptis? (Yoh. 13:35; Kol. 3:12) Kuwi ya dirasakké Sedulur Blanca.b Tapi sakwisé dibaptis, dhèwèké malah diperlakukan ora apik karo siji sedulur wédok. Dhèwèké ya ngerti dhéwé sedulur kuwi ngèlèk-èlèk sedulur liyané. Blanca ngomong, ”Aku ora nyangka sedulur seiman kok kaya ngono. Sak ngertiku, Seksi Yéhuwah kan kuduné saling menyayangi lan rukun.” Meskipun umaté Yéhuwah berupaya niru sifat-sifaté Yéhuwah, tapi meréka isih ora sempurna. (Éf. 4:​23, 24; 1 Yoh. 1:8) Makané, isa waé ana perbuatan utawa omongané meréka sing marakké lara ati. (Yak. 3:8) Sayangé, merga ngrasa diperlakukan ora apik karo sedulur seiman, ana sing akhiré wegah nglayani Yéhuwah manèh.

4. Apa sing isa diupayakké kèt saiki bèn aja nganti ninggalké Yéhuwah wektu ana sing marakké lara ati utawa tersinggung? (Éfésus 4:32)

4 Bèn aja nganti ninggalké Yéhuwah nèk mengko ana sedulur seiman sing marakké tersinggung utawa lara ati, kèt saiki kudu ngrenungké lan ngetrapké naséhat ing Éfésus 4:32. (Wacanen.) Nèk berupaya dadi wong sing penyayang lan apikan, mengko ora bakal kakèhan masalah karo sedulur liyané. Terus, kèt saiki ya kudu berupaya dadi wong sing gampang ngampuni. Bèn isa melakukan kuwi, éling-élingen sepira akèhé Yéhuwah wis ngampuni dosané njenengan. (Mat. 6:12) Nèk terus ngéling-éling soal kuwi, mengko dadi luwih gampang kanggo ngampuni wong sing marakké lara ati utawa tersinggung.

5. Bèn ora gampang nesu wektu ana sing marakké tersinggung, ana naséhat apa ing Wulang Bebasan 19:11? (Deloken gambar.)

5 Menurut Alkitab, wektu ana sing marakké tersinggung, bèn ora gampang nesu, awaké dhéwé isa berupaya memahami ngapa kok wong kuwi melakukan utawa ngomong kaya ngono. Sedulur Rima, sing lagi waé dibaptis, éntuk manfaat merga ngrenungké Wulang Bebasan 19:11. (Wacanen.) Rima ngomong, ”Wektu ana sedulur sing memperlakukan aku ora apik, sing pertama tak éling kuwi Wulang Bebasan 19:11. Aku mikirké latar belakangé lan ngapa kok meréka nganti ngomong utawa berbuat kaya ngono. Meréka ya tak jak nginjil bareng. Dadi, aku isa luwih mengenal meréka.” Apa pelajarané? Coba kèt saiki berupaya mengenal para sedulur. Nèk luwih memahami meréka, mengko bakal dadi luwih gampang ngampuni wektu meréka ngomong utawa melakukan sesuatu sing marakké lara ati.

Gambar: 1. Wektu lagi resik-resik Balai Ibadah, sedulur lanang tersinggung karo omongané sedulur lanang liyané. 2. Bar kuwi, meréka nginjil bareng ing omah-omah.

Coba ajaken nginjil bareng sedulur sing wis marakké njenengan lara ati (Deloken paragraf 5)


6. Njenengan bakal isa menikmati pergaulan sing akrab lan nyenengké karo para sedulur nèk fokusé apa?

6 Nah, bèn isa menikmati pergaulan sing akrab lan nyenengké karo para sedulur, kudu piyé? Wektu berupaya mengenal para sedulur, pastèkna nèk sing njenengan golèki kuwi sifat-sifat apiké. (Bandhingna Wulang Bebasan 10:12; Rm. 12:10; Flp. 2:​2, 3) Gatèkna pengalamané Sedulur Mark. Bar dibaptis, Mark luwih kerep bergaul karo para sedulur. Dhèwèké dadi ngerti kelemahané meréka. Ngapa kok kuwi ora dadi ”watu sandhungan” kanggo Mark? Mark crita, ”Aku wegah fokus karo kelemahané para sedulur. Kanggoku, kelemahané meréka kuwi mung sesuatu sing cilik banget, ora ana apa-apané nèk dibandhingké kelakuané wong-wong sing ora nyembah Yéhuwah. Dadi, aku pilih nggolèki sifat-sifat apiké para sedulur lan terus fokus karo kuwi.” Njenengan ya bakal isa menikmati pergaulan sing akrab lan nyenengké karo para sedulur nèk ngupayakké kuwi.

MULAI MIKIRKÉ HAL-HAL SING WIS DITINGGALKÉ

7. Apa sing biasané marakké wong dadi mulai mikirké manèh hal-hal sing wis ditinggalké sakdurungé dibaptis?

7 Wektu wong mutuské kanggo dadi umaté Yéhuwah, mesthi ana akèh sing wis dikorbanké. Misalé, ana sing mauné nduwé gawéan sing gajiné gedhé, tapi réla ditinggalké merga wektuné dadi entèk kanggo kuwi. Terus, ana sing mauné nduwé kanca-kanca sing akrab, tapi réla diedohi pas mulai sinau Alkitab. Terus, ya ana sing mauné nduwé kebiasaan èlèk, tapi saiki gelem ninggalké kebiasaan kuwi bèn isa nggawé Yéhuwah seneng. Merga wis yakin tenan nèk iki sing bener, mungkin wektu kuwi bahkan bertékad nèk ora bakal mbalèni manèh hal-hal kuwi. Tapi ternyata, suwé-suwé pas keadaané angèl, mungkin mulai mikirké manèh hal-hal sing wis ditinggalké. (Bandhingna Wilangan 11:​4-6.) Sayangé, ana sing akhiré dadi ngedoh saka Yéhuwah lan balik melakukan hal-hal kuwi manèh. Nah, piyé bèn njenengan aja nganti kaya ngono?

8. Apa sing isa dipelajari saka contoné Abraham lan Sara?

8 Gatèkna contoné Abraham lan Sara. Sakjané, ana akèh kesempatan meréka mulai mikirké manèh hal-hal sing wis ditinggalké. Misalé, merga manut Yéhuwah, Abraham lan Sara ninggalké kutha Ur sing aman lan nyaman, terus pindhah lan manggon ing kémah-kémah. (Ibr. 11:​8, 9) Meréka isih nduwé akèh harta ing Ur, lan mungkin kadhang ya isih éling soal kuwi. Tapi nèk meréka ”ngéling-éling terus” lan isih péngin nduwèni kuwi, meréka mungkin mutuské bali manèh ing Ur. Nah, Abraham lan Sara pilih fokus karo berkah-berkah sing dijanjèkké Yéhuwah.—Ibr. 11:​15, 16.

9. Piyé perasaané Rasul Paulus soal hal-hal sing wis ditinggalké? (Filipi 3:​7, 8, 13)

9 Bèn isa nglayani Yéhuwah, ana akèh hal sing wis ditinggalké Rasul Paulus. Misalé sakdurungé dadi Kristen, Paulus kuwi muridé guru Taurat terkenal sing jenengé Gamalièl. (Kis. 22:3) Paulus ya nduwé kesempatan kanggo dadi pemimpin agama Yahudi. (Gal. 1:​13, 14) Tapi kuwi kabèh ditinggalké. Nah sakwisé dadi muridé Yésus, Paulus malah digebugi, dipenjara, lan disengiti wong-wong saka bangsané dhéwé. (2 Kor. 11:​23-26) Nèk mung fokus karo masalah sing diadhepi lan mbandhingké kuwi karo uripé sakdurungé dadi Kristen, mungkin dhèwèké bakal mikir nèk keputusané kanggo dadi muridé Yésus kuwi salah. Tapi, Paulus pilih mikirké kehormatan dadi muridé Yésus lan berkah-berkah sing bakal dinikmati ing masa depan. Paulus yakin nèk kabèh sing wis ditinggalké ora ana apa-apané timbang kehormatan kuwi.—Wacanen Filipi 3:​7, 8, 13.

10. Hal-hal apa waé sing kudu kerep direnungké? (Markus 10:​29, 30) (Deloken gambar.)

10 Apa pelajarané? Nèk mulai mikirké hal-hal sing wis ditinggalké, élinga: Aja mung mikirké hal-hal sing wis ditinggalké kuwi thok, tapi ya ngapa kok nganti gelem ninggalké kuwi. (Pkh. 7:10) Élinga nèk sing wis dikorbanké kuwi ora ana apa-apané dibandhingké berkah-berkah sing dinikmati saiki. Misalé, isa akrab karo Pencipta alam semesta. (WB. 3:32) Terus, nduwé sedulur seiman sak donya sing penyayang. (Wacanen Markus 10:​29, 30.) Terus ya ana harapan sing luar biasa ing masa depan. (Yés. 65:​21-23) Nèk terus ngrenungké berkah-berkah kuwi, mengko ora bakal péngin nduwèni manèh hal-hal sing wis ditinggalké mbiyèn.

Timbang mikirké hal-hal sing wis ditinggalké, luwih apik menikmati tugas nginjil sing wis dipercayakké Yéhuwah kanggo njenengan (Deloken paragraf 10)d


11. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Rosemary?

11 Gatèkna pengalamané Sedulur Rosemary sing dibaptis wektu umuré 50-an. Sakdurungé dadi Seksi Yéhuwah, saben taun Rosemary ngrayakké Natal karo keluargané. Rosemary crita, ”Aku kadhang kangen isa ngumpul lan tukar kado pas Natalan. Mbiyèn aku seneng banget ndelok anak putuku bahagia pas mbukak kado saka aku.” Nah, apa sing dilakukan Rosemary? Dhèwèké crita, ”Aku tetep nggawé acara kumpul keluarga, tapi dinané béda-béda saben taun. Keluargaku tak klumpukké, tak kèki hadiah, lan tak kandhani ngapa kok aku sayang banget karo meréka.” Sakliyané kuwi, merga dadi Seksi Yéhuwah, kanca-kanca akrabé Rosemary dadi ngedohi Rosemary. Rosemary crita, ”Aku kadhang kangen karo meréka lan ngrasa kesepian.”c Nah, apa sing dilakukan Rosemary? Dhèwèké ngejak nginjil sedulur sing béda-béda. Rosemary ngomong, ”Aku dadi luwih kenal karo para sedulur lan nduwé sahabat-sahabat anyar.” Saka pengalamané Rosemary, apa sing isa dipelajari? Sakdurungé nglayani Yéhuwah, mungkin ana hal-hal sing mauné marakké bahagia tapi saiki wis ora dilakukan manèh. Nah, yakina nèk hal-hal sing dinikmati saiki kuwi luwih apik lan luwih marakké bahagia. (Flp. 4:​8, 9) Terus, ya élinga nèk berkahé Yéhuwah mesthi luwih akèh daripada sing njenengan korbanké.

ANA SING NINGGALKÉ YÉHUWAH

12. Hal apa ing jemaat sing isa waé dadi tantangan kanggo sing lagi waé dibaptis?

12 Wektu wong dadi Seksi Yéhuwah, biasané sing dibayangké kuwi Seksi Yéhuwah ora mung ngajarké apa sing bener, tapi kelakuané ya nggenah, ora kaya wong-wong ing donya iki. (Yés. 65:14) Tapi kenyataané, ana Seksi Yéhuwah sing nggawé dosa gedhé, bahkan mungkin nganti ditokké saka jemaat. (1 Kor. 5:13) Nah, apa pengaruhé kuwi kanggo wong sing lagi waé dibaptis? Gatèkna pengalamané Sedulur Samar. Samar crita, ”Ora suwé bar aku dibaptis, ana pinituwa sing nggawé dosa gedhé, nganti ditokké saka jemaat. Aku ora nyangka kok pinituwa isa nganti kaya ngono. Dhèwèké nglarani atiné Yéhuwah lan para sedulur.” Ya mémang awaké dhéwé kudu yakin nèk para sedulur mesthi sayang Yéhuwah lan péngin melakukan sing bener. (1 Kor. 13:​4, 7) Tapi kenyataané, ana sing akhiré ora setya karo Yéhuwah nganti kudu ditokké saka jemaat. Kuwi isa dadi tantangan terutama nèk sing ditokké kuwi kanca, keluarga, utawa wong sing njenengan ajèni.

13. Apa sing isa dilakukan bèn mengko nèk ana kanca utawa keluarga sing ninggalké Yéhuwah, awaké dhéwé ora mèlu-mèlu?

13 Nah, nèk misalé sukmbèn ana kanca utawa keluarga sing akhiré ninggalké Yéhuwah, piyé bèn njenengan ora mèlu-mèlu ninggalké Yéhuwah? Kèt saiki, kudu berupaya bèn tambah akrab karo Yéhuwah. (Yak. 4:8) Aja nganti hubungané njenengan karo Yéhuwah bergantung karo wong liya. Dadi, meskipun wis ngibadah bareng sak keluarga lan teka ing pertemuan ibadah bareng para sedulur, ya kudu tetep ndonga lan maca Alkitab secara pribadi.—Mzm. 1:2; 62:8.

14. Apa sing isa dipelajari saka Rasul Pétrus? (Yohanes 6:​66-68)

14 Ana sing isa dipelajari saka Rasul Pétrus. Wektu kuwi, ana akèh sing ora gelem dadi muridé Yésus manèh merga ora paham karo karepé Yésus. Meskipun wektu kuwi ya ora mudheng, tapi Pétrus ora ninggalké Yésus. (Wacanen Yohanes 6:​66-68.) Timbang mèlu-mèlu sing dilakukan wong liya, Pétrus pilih fokus karo ajaran sing bener sing diajarké Yésus. Kuwi sing marakké Pétrus isa tetep setya karo Yésus. Padha kaya ngono, meskipun ana sing ora nglayani Yéhuwah manèh, élinga nèk mung organisasi iki sing ngajarké ajaran sing bener. Terusa menghargai kuwi bèn isa terus setya karo Yéhuwah. Samar sing disebutké mau ngomong, ”Sing terus tak éling-éling kuwi nèk ana wong siji sing nggawé salah, kuwi ora berarti Yéhuwah lan kabèh umaté kuwi ya kaya ngono.”

15. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Emily?

15 Gatèkna pengalamané Sedulur Emily. Seminggu bar dhèwèké dibaptis, ibuné ditokké saka jemaat lan minggat saka omah. Emily crita, ”Iki masalah sing abot banget. Aku ora nyangka ibuku bakal kaya ngono. Aku kangen banget karo dhèwèké.” Apa sing marakké Emily isa tetep setya? Dhèwèké crita, ”Bapakku sayang lan nggatèkké aku. Para sedulur ya menyayangi aku kaya keluargané dhéwé. Kabèh sing nglayani Yéhuwah mesthi ngadhepi masalah, makané kudu saling menyayangi lan terus akrab karo para sedulur.” (1 Ptr. 5:9) Aja ngentèni nganti ana masalah sing gedhé sik lagi berupaya bèn akrab karo para sedulur. Kuwi kudu diupayakké kèt saiki. Mengko nèk akhiré ngadhepi masalah, ora bakal ngrasa dhèwèkan merga para sedulur siap mbantu lan menghibur.

16. Apa sing kudu diéling-éling? (Deloken gambar.)

16 Élinga nèk Yéhuwah péngin bèn sing wis ditokké saka jemaat isa bali manèh. (2 Ptr. 3:9) Yéhuwah ndisiplin meréka sakjané merga sayang. (Ibr. 12:6) Dadi, nèk ana kanca utawa keluarga sing njenengan sayangi ditokké saka jemaat, yakina nèk para pinituwa bakal bener-bener berupaya mbantu wong kuwi isa nduwé hubungan sing apik manèh karo Yéhuwah.—2 Tim. 2:​24, 25.

Loro pinituwa ngunjungi wong lanang sing wis ditokké saka jemaat. Salah siji pinituwa mbukak Alkitab, terus pinituwa sing sijiné nduduhké wong lanang kuwi salah siji pelajaran ing brosur ”Kembalilah kepada Yehuwa”.

Nèk ana kanca utawa keluarga sing njenengan sayangi ditokké saka jemaat, yakina nèk para pinituwa bakal bener-bener berupaya mbantu wong kuwi isa nduwé hubungan sing apik manèh karo Yéhuwah (Deloken paragraf 16)e


17. Njenengan isa yakin soal apa?

17 Mau wis dibahas beberapa tantangan sing isa waé diadhepi sakwisé dibaptis. Nah, nèk misalé sukmbèn ngadhepi kuwi, ora perlu kuwatir, soalé njenengan wis ngerti apa sing isa dilakukan kèt saiki. Terus ya élinga nèk Yéhuwah selama iki wis mbantu lan bakal terus mbantu njenengan. (1 Ptr. 5:10) Yéhuwah bakal ngekèki kekuwatan bèn njenengan isa terus setya meskipun ngadhepi masalah apa waé. Nèk gelem dibantu Yéhuwah, hubungané njenengan karo Yéhuwah bakal terus cedhak, ora soal tantangan apa sing diadhepi.—Mzm. 119:165; Rm. 8:​38, 39.

APA SING KUDU DIUPAYAKKÉ KÈT SAIKI BÈN ISA TETEP SETYA KARO YÉHUWAH . . .

  • nèk misalé mengko lara ati merga sedulur seiman?

  • nèk misalé mengko mulai mikirké hal-hal sing wis ditinggalké?

  • nèk misalé mengko ana sing ninggalké Yéhuwah?

LAGU 154 Tresna Saklawasé

a Mémang artikel iki khususé kanggo sedulur-sedulur sing lagi waé dibaptis, tapi kabèh ya isa éntuk manfaat saka artikel iki.

b Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

c Kabèh sedulur ing jemaat nduwé peran penting kanggo mbantu pelajar Alkitab lan sing lagi waé dibaptis bèn ngrasa disambut ing jemaat. Deloken Warta Penting Maret 2021 ing artikel ”Mbantu sing Sinau Alkitab Bèn Gelem Dibaptis”, paragraf 15 lan 16.

d PENJELASAN GAMBAR: Wektu arep nginjil, sedulur wédok ndelok beberapa atlét wédok lagi tandhing, terus dhèwèké dadi kèlingan masa-masa pas dadi atlét. Bar kuwi, sedulur wédok kuwi ngekèki kesaksian karo salah siji atlét sing mbiyèn kétoké kuwi kanca sak timé.

e PENJELASAN GAMBAR: Loro pinituwa ngunjungi wong lanang sing wis ditokké saka jemaat lan nguwatké dhèwèké bèn gelem bali manèh ing Yéhuwah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2026 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim