20-26 APRIL 2026
LAGU 49 Nyenengké Atiné Yéhuwah
Terus Berupaya Bèn Isa Dibaptis
”Saiki wektuné Gusti Allah mberkahi awaké dhéwé. Saiki wektuné Gusti Allah nylametké awaké dhéwé.”—2 KOR. 6:2.
INTI
Saiki wektuné kanggo tambah akrab karo Yéhuwah lan dibaptis.
1. (a) Ngapa kok dibaptis kuwi keputusan sing apik? (b) Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?
APA njenengan saiki wis dibaptis? Nèk wis, kuwi keputusan sing apik banget. Soalé, kuwi berarti njenengan wis njaluk bèn nduwé hati nurani sing apik. (1 Ptr. 3:21) Njenengan ya isa dadi conto kanggo wong-wong sing durung dibaptis. Tapi, nèk njenengan durung dibaptis piyé? Njenengan mesthi sayang Yéhuwah lan péngin melakukan karepé. Njenengan ya ngerti nèk bèn isa diampuni dosané lan nggawé Yéhuwah seneng kuwi carané ya kudu dibaptis. (Kis. 2:38-40) Tapi mungkin nganti saiki, njenengan isih ragu makané ora ndang dibaptis. Nah, ing artikel iki bakal dibahas: (1) Alesané ngapa kok ana sing ora ndang dibaptis. (2) Pentingé éling nèk donya iki wis arep berakhir. (3) Manfaaté nèk berupaya bèn isa ndang dibaptis.
ALESAN-ALESAN NGAPA KOK ORA NDANG DIBAPTIS
2. Ngapa kok ana sing ora ndang dibaptis?
2 Meskipun péngin nglayani Yéhuwah, ana sing ora ndang dibaptis merga ngrasa wedi. Misalé, wedi ora isa nggawé Yéhuwah seneng. Nèk ngono, isa maca ayat-ayat sing nduduhké nèk Yéhuwah ora nuntut kesempurnaan saka umaté. Sing penting nèk wis nglakoni sing paling apik, Yéhuwah seneng. (Mzm. 103:13, 14; Kol. 3:23) Terus, ya ana sing wedi nèk bar dibaptis mengko bakal ngadhepi akèh tentangan. Nèk ngono, isa njaluk Yéhuwah mbantu bèn isa yakin kaya sing nulis Mazmur 118:6. Saking yakiné, dhèwèké ngomong, ”Yéhuwah ndhukung aku. Aku ora bakal wedi. Manungsa isa tumindak apa marang aku?”
3. Ana sing ora ndang dibaptis merga mikir apa? (Deloken gambar.)
3 Terus ya ana sing ora ndang dibaptis merga mikir nèk pengetahuané durung cukup. Tapi, bèn isa dibaptis apa kudu ngerti kabèh isiné Alkitab? Ana conto sing menarik ing Kisah 16:25-33. Sakwisé Paulus lan Silas bébas saka penjara merga gempa, meréka ngekèki kesaksian penjaga penjara lan keluargané. Kétoké, penjaga penjara lan keluargané kuwi menyadari nèk gempa mau mukjijat saka Gusti Allah. Paulus lan Silas ya mulang meréka beberapa hal soal Yéhuwah lan Yésus. Mung sewengi waé, meréka langsung tergerak kanggo dibaptis ”tanpa mbuwang-mbuwang wektu”. Dadi, nèk wis kenal tenan karo Yéhuwah, saktulusé ati sayang karo Dhèwèké, ngerti ajaran dhasar ing Alkitab, wis bertobat, lan nduwé tékad kanggo manut Yéhuwah, njenengan sakjané wis isa dibaptis.—Mrk. 12:30.
Paulus karo Silas ngekèki kesaksian penjaga penjara lan keluargané, terus meréka dibaptis ”tanpa mbuwang-mbuwang wektu” (Deloken paragraf 3)
4. Ana sing ora ndang dibaptis merga terlalu mikirké apa? (Deloken gambar.)
4 Ana manèh sing ora ndang dibaptis merga terlalu mikirké kesulitan utawa pengorbanan sing kudu digawé. Ya mémang nèk arep nggawé keputusan kudu ”ngétung biayané dhisik”. (Luk. 14:27-30) Tapi nèk terlalu mikirké hal-hal kuwi, akhiré dadi ora ndang nggawé kemajuan lan dibaptis. Gatèkna pengalamané Candace. Pas isih cilik, dhèwèké wis diajari kudu piyé bèn isa nggawé Yéhuwah seneng, tapi kuwi ora ditrapké. Nah pas wis gedhé, dhèwèké dijak sinau Alkitab manèh. Candace crita, ”Aku wis kebacut seneng karo hal-hal sing tak nikmati ing donya iki. Dadi, meskipun ngerti nèk kudu nyenengké Yéhuwah, aku isih abot ninggalké kuwi kabèh.” Sing liyané mungkin ngrasa nèk pathokané Yéhuwah terlalu abot kanggo dilakukan. Meréka kuwatir nèk bar dibaptis bakal nggawé dosa gedhé, terus ditokké saka jemaat. Akhiré dadi mikir nèk mendhing ora usah dibaptis waé. Nèk kuwi sing njenengan rasakké, kudu piyé?
Ana sing sakjané péngin nglayani Yéhuwah, tapi terlalu mikirké kesulitan lan pengorbanan sing kudu digawé (Deloken paragraf 4)
5. Bèn ora ragu-ragu dibaptis, apa sing kuduné luwih dipikirké? (Matius 13:44-46)
5 Biasané, wong ora bakal éman ngetokké dhuwit kanggo tuku barang sing bener-bener bermanfaat, bahkan meskipun regané larang banget. Nah padha kaya ngono, nèk mikirké manfaaté isa nduwé hubungan sing apik karo Yéhuwah merga dibaptis, ora soal kesulitan utawa pengorbanan sing kudu digawé, njenengan mesthi ora bakal ragu-ragu kanggo dibaptis. Gatèkna loro perumpamaan sing dicritakké Yésus. (Wacanen Matius 13:44-46.) Wong lanang ing loro perumpamaan kuwi ora ragu-ragu kanggo ngedol kabèh duwèké bèn isa tuku sesuatu sing berharga. Nah, pengetahuan soal Kerajaané Gusti Allah kuwi sesuatu sing berharga banget. Dadi, nèk njenengan saiki isih ragu-ragu kanggo dibaptis, renungna perumpamaané Yésus kuwi. Pikirna, ’Apa pengetahuan soal Kerajaané Gusti Allah kuwi mémang sesuatu sing berharga kanggo aku? Apa aku menghargai banget hubungan sing apik karo Yéhuwah, harapan urip saklawasé, lan para sedulur sak donya sing kaya keluarga?’ Saka jawaban pertanyaan-pertanyaan kuwi, mengko njenengan dadi ngerti apa sakjané sing marakké ora ndang dibaptis.
6. Apa sing kudu dilakukan bèn akhiré tergerak kanggo ngetrapké sing wis dipelajari?
6 Ing perumpamaan soal petani sing nyebar benih, Yésus ya tau crita nèk ana wong-wong sing wis krungu kabar apik tapi atiné ora tergerak kanggo ngetrapké. Tapi ya ana wong-wong sing ”atiné tulus lan apik” lan gelem ngetrapké. (Luk. 8:5-15) Nah, nèk saiki atiné njenengan durung tergerak kanggo ngetrapké apa sing wis dipelajari, kudu piyé? Njaluka bantuané Yéhuwah bèn njenengan isa ”ngubah ati”. Yéhuwah bakal mbantu bèn njenengan tambah seneng karo sing dipelajari lan akhiré tergerak kanggo ngetrapké.—Yèh. 18:31; 36:26.
7-8. Apa sing marakké beberapa cah enom ora ndang nggawé kemajuan kanggo dibaptis? (Deloken gambar.)
7 Ana cah-cah enom sing sakjané sayang Yéhuwah, tapi ora ndang nggawé kemajuan kanggo dibaptis merga éntuk tekanan saka wong liya. Misalé, saka guru-guruné sing ngomong nèk meréka aja terlalu kaku soal moral. Nah nèk omongan kaya ngono dituruti, meréka isa nglanggar pathokané Yéhuwah. (Mzm. 1:1, 2; WB. 7:1-5) Bèn aja nganti kaya ngono, cah-cah enom isa niru sing nulis Mazmur 119:99. ’Pemahamané sing nulis mazmur luwih akèh timbang kabèh guruné merga dhèwèké mikirké tenanan peraturané Yéhuwah.’
8 Terus, kétoké ya ana beberapa wong tuwa Seksi Yéhuwah sing malah marakké anaké ora ndang dibaptis. Misalé, mungkin meréka ngongkon anaké bèn luwih fokus karo pendidikan utawa karièré. Utawa, malah ora nyemangati anaké bèn nduwé cita-cita rohani. Nah, piyé nèk wong tuwamu ora patia ndhukung kowé kanggo nggawé kemajuan? Coba bahasen kuwi karo wong tuwamu. Élinga, ora soal umurmu pira, kowé isa dadi sahabaté Yéhuwah.—WB. 20:11.
Omongna karo wong tuwamu nèk kowé péngin dibaptis (Deloken paragraf 8)
9. Apa sing mungkin marakké beberapa ora ndang dibaptis?
9 Ana sing sakjané wis memenuhi syarat, tapi ora ndang dibaptis merga péngin baptisé bareng karo kanca utawa keluarga. Ya mémang nduwé kepénginan kaya ngono kuwi ora salah. Tapi élinga nèk janji ngabdi kuwi janjiné njenengan dhéwé karo Yéhuwah. Kuwi ora bergantung karo wong liya. (Rm. 14:12) Dadi, mosok mung gara-gara ngentèni wong liya, dadi ora ndang dibaptis?
ÉLING NÈK DONYA IKI WIS AREP BERAKHIR
10. Apa manèh sing mungkin marakké wong ora ndang dibaptis?
10 Sakliyané alesan-alesan sing wis dibahas mau, ana sing ora ndang dibaptis merga mikir nèk wektuné isih akèh sakdurungé donya iki berakhir. Tapi apa kuwi bener? Yésus tau ngomong, ”Kowé kudu tetep siap, merga Anaké manungsa bakal teka ing wektu sing ora mbok sangka-sangka.”—Luk. 12:40.
11. Menurut Mazmur 119:60, wong bakal piyé nèk semakin kenal karo Yéhuwah?
11 Wong nganti gelem nggawé janji ngabdi lan dibaptis kuwi kuduné merga sayang Yéhuwah. Semakin kenal karo Yéhuwah, bakal semakin seneng karo préntahé lan bakal langsung péngin ngetrapké. (Wacanen Mazmur 119:60.) Sakliyané kuwi, Yakobus ya nyebutké ngapa kok aja nunda-nunda melakukan préntahé Yéhuwah. Alesané yaiku ora ana sing ngerti apa sing bakal kelakon sésuk. Isa waé iki dina terakhiré awaké dhéwé melakukan sing dikarepké Yéhuwah.—Yak. 4:13-17.
12. Apa sing isa dipelajari saka perumpamaané Yésus soal kebon anggur?
12 Mungkin ana sing mikir, ’Ora masalah arep dibaptis saiki apa sukmbèn. Ing perumpamaané Yésus soal kebon anggur waé, buruh sing kerjané mung sak jam karo sing kerjané sedina upahé padha, ta?’ Tapi gatèkna ngapa kok meréka kerjané mung sak jam, ora kèt ésuk. Meréka ngomong, ”Ora ana wong sing mènèhi aku gawéan.” Dadi, meréka ora kerja kèt ésuk merga durung ana sing ngejak kerja, dudu merga ora gelem. Nah bareng ana sing ngejak, mereka langsung mèlu kerja. (Mat. 20:1-16) Padha kaya ngono, Yésus kan wis ngejak awaké dhéwé kanggo dadi muridé lan mèlu nginjil. Nah, merga wis dijak, ya kuduné ndang langsung mangkat.
13. Apa sing isa dipelajari saka bojoné Lot?
13 Mungkin ana sing mikir, ’Aku dibaptisé mengko waé nèk wis detik-detik terakhir.’ Tapi sakjané, saya suwé nundané mengko bakal luwih angèl kanggo nggawé perubahan. Yésus ngerti soal iki makané ngandhani murid-muridé, ”Élinga bojoné Lot.” (Luk. 17:31-35) Bojoné Lot ngerti nèk sedhéla manèh Yéhuwah bakal ngancurké Sodom lan Gomora. Tapi, kétoké dhèwèké isih angèl ninggalké hartané. (PD. 19:23-26) Saka kisah kuwi, awaké dhéwé ya dadi ngerti nèk wektu sing dikèki Yéhuwah kanggo wong-wong nggawé perubahan kuwi ana batesé. Nèk wektuné wis entèk, ora ana manèh kesempatan kanggo berubah.—Luk. 13:24, 25.
14. Apa gunané nggatèkké kelakoné ramalan soal akhir jaman?
14 Keadaan ing donya iki saya suwé saya nduduhké nèk ramalan ing Alkitab soal akhir jaman wis kelakon tenan. Mungkin njenengan ora langsung ngrasakké dampaké. Tapi nèk nggatèkké hal-hal kuwi, kuduné marakké njenengan dadi tergerak ndang dibaptis. Gatèkna sing tau kelakon mbiyèn. Rasul Pétrus tau ngandhani wong Kristen bèn meréka ”terus siap” merga ”kabèh wis arep diakhiri”. (1 Ptr. 4:7) Sing bakal diakhiri wektu kuwi Yérusalèm lan baité. Nah, sing dikirimi surat Pétrus kuwi wong-wong sing manggoné adoh saka Yérusalèm, sing ora bakal kena langsung dampaké nèk kutha Yérusalèm dihancurké. (1 Ptr. 1:1) Tapi pas ndelok dhéwé ramalané mau kelakon tenan, meréka isa tambah yakin karo janjiné Yéhuwah sing liyané. Padha kaya ngono, wektu ndelok ramalan-ramalan soal akhir donya iki dadi kenyataan, njenengan mesthi bakal tergerak kanggo nggawé kemajuan lan dibaptis.
15. Ing 2 Pétrus 3:10-13, Pétrus ngongkon apa?
15 Ing suraté sing keloro, Pétrus njelaské kudu piyé wektu ngentèni dinané Yéhuwah teka. Wektu Pétrus nulis surat kuwi, dinané Yéhuwah durung teka lan ternyata tekané isih suwé banget. Tapi, Pétrus wis ngélingké wong-wong Kristen wektu kuwi kanggo ”terus mikirké” dinané Yéhuwah. (Wacanen 2 Pétrus 3:10-13.) Nah, nèk ”terus mikirké” dinané Yéhuwah, berarti ngerti nèk sedhéla manèh kuwi bakal teka. Kuwi ya berarti bakal ’mbuktèkké nèk ngabdi marang Gusti Allah’. Carané: Nggawé janji ngabdi lan dibaptis. Nèk gelem melakukan kuwi, Yéhuwah mesthi seneng banget.
SAIKI WEKTU SING PALING APIK KANGGO DIBAPTIS
16. Kapan wektu sing paling apik kanggo nggawé kemajuan lan dibaptis? (2 Korintus 6:1, 2) (Deloken gambar.)
16 Nèk péngin nggawé kemajuan lan dibaptis, ya saiki wektu sing paling apik. (Wacanen 2 Korintus 6:1, 2.) Tirunen contoné pejabat Étiopia. Bar memahami penjelasané Filipus lan ngerti nèk kudu ndang dibaptis, dhèwèké ora nunda-nunda manèh. Dhèwèké ora mikir, ’Isih ana akèh sing kudu tak pelajari. Apamanèh sepanjang perjalanan mengko kan mesthi ana panggonan liya sing isa dienggo baptis.’ Dhèwèké ora mikir kaya ngono. Pas ”tekan ing panggonan sing akèh banyuné”, dhèwèké langsung ngomong karo Filipus, ”Apa sing ngalangi aku kanggo dibaptis?” (Kis. 8:26, 27, 35-39) Nah bar dibaptis, ”pejabat kuwi ngrasa seneng”.
Nèk niru pejabat Étiopia, mesthi ora bakal nunda-nunda kanggo dibaptis (Deloken paragraf 16)a
17. Njenengan isa yakin soal apa?
17 Mungkin njenengan saiki isih ragu kanggo dibaptis. Isa waé merga wedi, ngrasa nèk kuwi terlalu angèl, utawa éntuk tekanan saka wong liya. Tapi, yakina nèk Yéhuwah bakal mbantu njenengan ngatasi hal-hal kuwi lan bèn njenengan isa terus dadi sahabaté. (Rm. 2:4) Nèk wis dibaptis, njenengan bakal bahagia banget merga ngerti nèk wis nggawé Yéhuwah seneng lan bakal ngrasa nèk hal-hal sing wis ditinggalké ora ana gunané manèh. (Flp. 3:8, 13) Njenengan ya dadi isa fokus karo berkah sing dijanjèkké Yéhuwah kanggo wong-wong sing gelem ngabdi lan dibaptis.—Kis. 3:19.
LAGU 38 Yéhuwah Bakal Nggawé Kowé Kuwat
a PENJELASAN GAMBAR: Kaya pejabat Étiopia sing ngandhani Filipus nèk dhèwèké péngin dibaptis, sing sinau Alkitab isa ngandhani pinituwa nèk péngin dibaptis.