13-19 APRIL 2026
LAGU 52 Janji Ngabdi
Dibaptis Kuwi Maknané Apa?
”Dadèkna wong-wong . . . dadi muridku. Baptisen wong-wong kuwi.”—MAT. 28:19.
INTI
Maknané dibaptis, ngapa kok kudu dibaptis, lan keterangan liya sing ana hubungané karo baptisan.
1. Apa buktiné nèk baptisan kuwi ajaran sing penting?
BAPTISAN kuwi acara sing nyenengké. Kuwi ya ajaran sing penting banget kanggo wong Kristen. Buktiné, ing dina pas jemaat Kristen terbentuk waé, Rasul Pétrus ceramah soal pentingé dibaptis lan ana akèh banget sing dibaptis. (Kis. 2:38, 40, 41) Sakliyané kuwi, Rasul Paulus ya nulis nèk ajaran sing kudu dipelajari pas awal-awal dadi muridé Yésus kuwi termasuk ajaran soal baptisan. (Ibr. 6:1, 2) Dadi, ajaran soal baptisan kuwi ajaran dhasar sing kudu bener-bener dipahami wong Kristen.
2. Ngapa kok kudu bener-bener paham ajaran soal baptisan?
2 Nèk pondhasiné kuwat, omah ora bakal gampang ambruk. Padha kaya ngono, nèk bener-bener paham ajaran soal baptisan, iman ya isa dadi tambah kuwat. Ajaran soal baptisan kuwi sesuatu sing kudu bener-bener dipahami kabèh, ora soal durung dibaptis utawa wis suwé dibaptis. Ing artikel iki bakal dibahas: Apa maknané dibaptis? Apa sing dilakukan pas acara baptisan? Terus, apa maksudé dibaptis nganggo jenengé Bapak, Anak, lan roh suci?
MAKNANÉ DIBAPTIS
3. Dibaptis kuwi nduduhké apa?
3 Wektu wong dibaptis, dhèwèké nduduhké ing ngarepé wong akèh nèk (1) bener-bener percaya ajaran ing Alkitab soal Yéhuwah lan Yésus, (2) wis bertobat, (3) wis nggawé perubahan bèn isa nglayani Yéhuwah, (4) yakin nèk Yésus sing isa nylametké, lan (5) wis ndonga lan janji karo Yéhuwah nèk arep nglayani Dhèwèké bareng karo umaté. Nah, nggawé janji ngabdi lan dibaptis kuwi awal saka pelayanan kanggo ngutamakké Yéhuwah saklawasé.
4. Sak awak dilelebké kabèh ing banyu kuwi artiné apa? (Deloken gambar.)
4 Wektu dibaptis, sak awak dilelebké kabèh ing banyu, terus diangkat metu.a Ing Alkitab, dibaptis ya dipadhakké kaya dikubur, terus diuripké manèh. (Bandhingna Kolose 2:12.) Nah, baptisan nglambangké perubahan sing wis dilakukan. Wektu dilelebké ing banyu, seolah-olah sifat, perbuatan, lan kebiasaan sing mbiyèn kuwi wis dikubur utawa ora dilakukan manèh. Terus wektu metu saka banyu, berarti sejak saat kuwi uripé mung dienggo melakukan karepé Gusti Allah.
Wektu dibaptis, njenengan nduduhké nèk sejak kuwi uripé ora dienggo nyenengké diri sendiri tapi mung dienggo nyenengké Yéhuwah (Deloken paragraf 4)
5. Upaya kanggo memenuhi syarat dibaptis kuwi isa dipadhakké kaya apa? Jelasna. (1 Pétrus 3:18-21)
5 Wacanen 1 Pétrus 3:18-21. Upaya kanggo memenuhi syarat dibaptis kuwi isa dipadhakké kaya upayané Nuh mbangun kapal sing gedhé. Nèk saiki lagi awal-awal belajar Alkitab lan ngerti nèk ternyata ana akèh banget sing kudu diupayakké bèn isa dibaptis, mungkin njenengan dadi ngrasa nèk kuwi kaya mbangun kapal gedhé. Tapi apa upaya kaya ngono mémang ana gunané? Iya. Élinga, Nuh isa slamet pas ana banjir gedhé merga manut persis karo petunjuké Yéhuwah. Nuh ya isa berhasil mbangun kapal merga beriman, manut, lan dibantu Yéhuwah. Nah kaya Nuh, njenengan ya mesthi isa ”nindakké kabèh préntahé Gusti Allah”.—PD. 6:22.
6. Apa maksudé baptisan isa ”nylametké”?
6 Ing 1 Pétrus 3:21 mau, Rasul Pétrus nulis nèk baptisan isa ”nylametké”. Maksudé apa? Ora berarti nèk wis dibaptis kuwi jaminan bakal dislametké utawa bébas saka dosa, soalé mung korban tebusané Yésus sing isa ’ngresiki saka kabèh dosa’. (1 Yoh. 1:7) Baptisan kuwi isa ”nylametké” soalé kuwi isa nuntun manungsa bèn akhiré urip saklawasé. Kok isa? Dibaptis kuwi bukti nèk manut Yéhuwah lan kuwi kesempatan kanggo ’njaluk bèn nduwé hati nurani sing apik’. Yéhuwah mesthi gelem nuruti. Dhèwèké bakal ngampuni dosa nganggo korban tebusané Yésus.
KETERANGAN LIYA SING ANA HUBUNGANÉ KARO BAPTISAN
7. Soal acara baptisan, pathokan apa waé sing isa dipikirké?
7 Apa ing Alkitab ana aturan-aturan rinci soal baptisan? Sing disebutké kuwi mung sak awak kudu dilelebké kabèh ing banyu. Tapi, ana pathokan-pathokan sing isa dipikirké bèn ngerti apa sing pantes dilakukan pas acara baptisan. Misalé, pakaian apa sing pantes dienggo calon baptis lan kudu piyé sikapé wong-wong sing ndelok acara baptisan. (1 Kor. 14:40; 1 Tim. 2:9) Biasané sing mbaptis kuwi pinituwa, tapi ora berarti pinituwa kuwi dadi diperlakukan istiméwa. (1 Kor. 1:14, 15) Terus, baptisan dianggep sah apa ora kuwi ora berdasarkan jumlahé sing nonton.—Kis. 8:36.
8. Ngapa kok pas acara baptisan calon baptis dikèki loro pertanyaan, lan pertanyaané apa? (Kisah 2:38-42) (Deloken gambar.)
8 Menurut Alkitab, bèn isa dislametké, wong kudu ngomong ing ngarepé wong akèh soal imané. (Rm. 10:9, 10) Kuwi dilakukan ora mung wektu nginjil, tapi terutama pas dibaptis. Makané pas acara baptisan, calon baptis bakal dikèki loro pertanyaan. Pertanyaan pertama: ”Apa njenengan wis bertobat saka dosa-dosané njenengan, nggawé janji ngabdi marang Yéhuwah, lan bener-bener percaya nèk njenengan isa dislametké mung liwat Yésus Kristus?” Saka pertanyaan kuwi, dadi ngerti apa mémang calon baptis wis melakukan hal-hal sing disebutké kuwi. Pas Péntakosta, Pétrus ya ngongkon wong-wong bertobat bèn isa dibaptis. Terus pertanyaan keloro: ”Apa njenengan paham nèk dibaptis kuwi berarti njenengan dadi salah siji Seksi-Seksi Yéhuwah lan dadi bagian saka organisasiné Yéhuwah?” Pertanyaan kuwi ngélingké nèk calon baptis wis janji bakal manut arahan organisasiné Yéhuwah lan nglayani Yéhuwah bareng karo para sedulur, kaya wong-wong sing bar dibaptis pas Péntakosta. (Wacanen Kisah 2:38-42.) Nah, nèk jawaban kanggo loro pertanyaan kuwi ”ya”, berarti calon baptis kuwi memenuhi syarat kanggo dibaptis.
Calon baptis ngomong ing ngarepé wong akèh soal imané (Deloken paragraf 8)d
9. Bèn isa nggawé Yéhuwah seneng, loro hal apa sing kudu dilakukan?
9 Isa waé ana calon baptis sing mikir, ’Perbuatan lan tingkah lakuku kan ora tau jahat, bahkan sakdurungé belajar Alkitab karo Seksi Yéhuwah. Aku ya ora tau nggawé dosa gedhé.’ Utawa ana sing mikir, ’Wong tuwaku kan Seksi Yéhuwah, dadi kèt cilik aku wis didhidhik bèn sayang Yéhuwah. Dadi ngapa kok aku kudu tetep bertobat lan dibaptis?’ Jawabané: Bèn isa nyenengké Yéhuwah. Élinga nèk kabèh wong kuwi kèt lair wis dosa, makané hubungané karo Yéhuwah dadi adoh. (Mzm. 51:5) Nah, wektu semakin kenal karo Yéhuwah, akhiré dadi menyadari nèk kudu ngutamakké sing dikarepké Yéhuwah. Makané dadi tergerak kanggo bertobat lan ora melakukan manèh hal-hal sing marakké Yéhuwah ora seneng. Bar kuwi dibaptis.—Kis. 3:19.
10. Nèk ing gréja mbiyèn wis tau dibaptis, ngapa kok kudu tetep dibaptis manèh dadi Seksi Yéhuwah?
10 Nah nèk ing gréja mbiyèn wis tau dibaptis, apa ya kudu dibaptis manèh dadi Seksi Yéhuwah? Ya. Soalé pas dibaptis ing gréja mbiyèn, durung ngerti ajaran sing bener soal Yéhuwah lan Yésus. Terus, meskipun pas dibaptis kuwi ya ndonga ngucap janji karo Gusti Allah, tapi janji kuwi ora berdasarkan pengetahuan sing bener soal karepé Gusti Allah. Ana wong-wong ing Éfésus jaman mbiyèn sing ya wis dibaptis. Tapi Rasul Paulus ngongkon meréka dibaptis manèh, soalé meréka mbiyèn kuwi dibaptisé ora merga nduwé pengetahuan sing bener soal ajarané Yésus.b (Kis. 19:1-5) Saiki ya ngono, menurut Yéhuwah baptisan dianggep sah nèk wong sing dibaptis kuwi dibaptis merga wis paham tenan karepé Gusti Allah.
”NGANGGO JENENGÉ BAPAK, ANAK, LAN ROH SUCI”
11. Apa maksudé dibaptis ”nganggo jenengé Bapak, Anak, lan roh suci”? (Matius 28:18-20)
11 Yésus ngongkon muridé dibaptis ”nganggo jenengé Bapak, Anak, lan roh suci”. (Wacanen Matius 28:18-20.) Apa maksudé? Ing Alkitab, kata ”jeneng” kuwi biasané berarti réputasiné wong, kedudukan, utawa wewenangé. Dadi dibaptis ”nganggo jenengé Bapak, Anak, lan roh suci” kuwi maksudé wong sing dibaptis kudu paham lan ngakoni wewenang lan kedudukané Bapak karo Anak lan perané roh suci. (Bandhingna Matius 10:41; deloken keterangan tambahan ”karena orang itu nabi” ing Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru Edisi Pelajaran.) Nah, ayo mbahas maksudé kuwi siji-siji.
12. Apa maksudé dibaptis nganggo jenengé Bapak? (Wahyu 4:11) (Deloken gambar.)
12 Nganggo jenengé Bapak. Kuwi berarti ngakoni Yéhuwah kuwi Bapak, Sing mènèhi urip, Gusti Allah sing Mahakuwasa, lan Sing nyiptakké sak kabèhé. (Wacanen Wahyu 4:11.) Kuwi ya berarti ngakoni nèk Yéhuwah sing ngrungokké donga, lan bakal nyebut jenengé wektu ndonga lan wektu crita soal Dhèwèké ing wong liya. (Mzm. 65:2) Terus, kudu ngakoni apa manèh? Pas Péntakosta, wong-wong sing ngrungokké ceramahé Pétrus wis ngerti soal Yéhuwah, tapi saiki meréka ya kudu ngakoni nèk Yéhuwah ngekèkiné keselamatan kuwi mung liwat Yésus.—Rm. 5:8.
Sakwisé dibaptis, kudu terus paham lan ngakoni wewenang lan kedudukané Bapak (Deloken paragraf 12)
13. Apa maksudé dibaptis nganggo jenengé Anak? (Deloken gambar.)
13 Nganggo jenengé Anak. Kuwi berarti ngakoni Yésus kuwi Anaké Gusti Allah siji-sijiné lan siji-sijiné ”dalan” sing isa marakké manungsa nduwé hubungan sing apik manèh karo Yéhuwah. (Yoh. 14:6) Kuwi ya berarti ngakoni nèk Yésus kuwi Penebus sing wis mati bèn awaké dhéwé isa urip saklawasé. Merga ngerti soal kuwi, makané dadi tergerak kanggo niru contoné saben dina ora mung pas dibaptis. (1 Yoh. 2:6) Misalé, ora soal apa sing diadhepi, bakal terus semangat nginjil kaya Yésus. (Luk. 4:43) Terus ya bakal setya karo Yéhuwah bahkan meskipun dianiaya. (2 Tim. 3:12) Sakliyané kuwi, ya bakal ngakoni nèk Yésus kuwi ”kepalané jemaat”, makané gelem manut wong-wong sing wis dhèwèké pilih kanggo mimpin lan ngopèni murid-muridé.—Éf. 4:8, 11, 12; 5:23.
Sakwisé dibaptis, kudu terus paham lan ngakoni wewenang lan kedudukané Anak (Deloken paragraf 13)
14. (a) Apa maksudé dibaptis nganggo jenengé roh suci? (Deloken gambar.) (b) Ana baptisan apa manèh kanggo wong-wong sing dipilih munggah swarga? (Deloken kothak ”Baptisan kanggo Wong-Wong sing Dipilih Munggah Swarga”.)
14 Nganggo jenengé roh suci. Kuwi berarti percaya ajaran sing bener soal roh suci. Roh suci kuwi kekuwatané Gusti Allah, dudu makhluk hidup utawa bagian saka Tritunggal. Kuwi ya berarti ngakoni nèk Yéhuwah nuntun para nabi lan para penulis Alkitab liwat roh suciné. Makané, awaké dhéwé gelem maca Alkitab saben dina lan ngetrapké isiné. (2 Ptr. 1:20, 21) Terus, kuwi ya berarti bakal ngati-ati bèn aja nganti nggawé dosa gedhé. Soalé, kuwi mengko isa marakké awaké dhéwé lan bahkan para sedulur ing jemaat dadi ora dikèki Yéhuwah roh suciné manèh.—Éf. 4:30.
Sakwisé dibaptis, kudu terus paham lan ngakoni perané roh suci (Deloken paragraf 14)
15. Apa kuduné tékadé awaké dhéwé?
15 Nèk wis dibaptis, terusa bertékad kanggo bener-bener memahami kabèh ajaran ing Alkitab soal baptisanc lan terus nepati janji ngabdi sing dilakukan sakdurungé dibaptis. Lha terus, piyé nèk durung dibaptis? Pikirna apa sing marakké ora ndang dibaptis. Ing artikel berikuté bakal dibahas saran-saran sing isa diupayakké bèn tergerak kanggo dibaptis.
LAGU 161 Aku Seneng Manut Yéhuwah
a Kata Yunaniné ”dibaptis” kuwi ba’pti-sma, kuwi artiné ”dilelebké”. Dadi wektu wong dibaptis, sak awak kudu dilelebké kabèh ing banyu, ora mung diciprati thok kaya sing diajarké ing beberapa agama.
b Wong-wong ing Éfésus kuwi sakdurungé dibaptis nganggo ”baptisan Yohanes”. (Kis. 19:3) Yohanes ngongkon wong Yahudi bertobat merga meréka wis nglanggar Hukum Musa, lan sing gelem bertobat akhiré dibaptis Yohanes. (Mrk. 1:4, 5) Tapi kèt Hukum Musa ora berlaku manèh, baptisané Yohanes ya wis ora berlaku. Sejak kuwi, mung ana ”baptisan siji” sing ditampa Gusti Allah lan isa marakké wong slamet.—Éf. 4:5.
c Deloken artikel ”Dibaptis Kuwi Apa?” ing sèri artikel ”Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab” ing jw.org lan ing JW Library®.
d PENJELASAN GAMBAR: Ing pertemuan wilayah, calon baptis ngadeg kanggo ngomong ing ngarepé wong akèh soal imané.