PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • rj bagian 1 hlm. 4-5
  • ”Sing Ilang Bakal Tak Golèki”

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • ”Sing Ilang Bakal Tak Golèki”
  • Balia Nglayani Yéhuwah
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ”Domba sing Tak Opèni”
  • ”Muga-Muga Kabèh Dadi Kaya sing Mbiyèn Manèh”
  • Yésus Perduli karo Wedhus-wedhusé
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
  • ’Wedhus-wedhusingSun Bakal Sunpadosi’
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
  • Pangon sing Apik lan Rong Kandhang Wedhus
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
Balia Nglayani Yéhuwah
rj bagian 1 hlm. 4-5

BAGIAN 1

”Sing Ilang Bakal Tak Golèki”

Gembala nggolèki tenanan dombané sing ilang nganti tekan ndhuwur gunung

Ana domba sing kétok bingung. Pas lagi mangan ing padhang rumput, ujug-ujug domba kuwi kepisah saka domba-domba liyané. Domba kuwi kesasar ing hutan. Padahal ing kono ana akèh kéwan buas, lan domba kuwi ora ngerti kudu ngapa. Pas mèh bengi, domba kuwi krungu swara sing dikenal, kuwi swara gembalané. Gembalané mlayu marani domba kuwi, nggéndhong, lan nggawa domba kuwi mulih.

YÉHUWAH bola-bali madhakké nèk Dhèwèké kuwi kaya gembala. Dhèwèké ngomong, ”Aku dhéwé sing bakal nggolèki domba-domba-Ku, lan domba-domba-Ku bakal Tak opèni.”​—Yèhèzkièl 34:11, 12.

”Domba sing Tak Opèni”

Sapa kuwi dombané Yéhuwah? Kuwi maksudé wong sing sayang lan nglayani Yéhuwah. Ing Alkitab disebutké, ”Ayo awaké dhéwé sujud lan nyembah Gusti Allah. Ayo awaké dhéwé sujud ing ngarepé Yéhuwah sing nyiptakké awaké dhéwé. Dhèwèké kuwi Gusti Allahé awaké dhéwé, lan awaké dhéwé iki umaté. Awaké dhéwé kaya domba sing diangon karo Dhèwèké.” (Mazmur 95:6, 7) Kaya domba sing ngetutké gembalané, umaté Yéhuwah seneng ngetutké Gembalané. Apa meréka ora tau nggawé salah? Ora mungkin. Umaté Yéhuwah ya kadhang kaya domba sing ”kesebar” lan ”kesasar”. (Yèhèzkièl 34:12; Matius 15:24; 1 Pétrus 2:25) Meskipun ngono, pas ana umaté sing ngedoh, Yéhuwah selalu péngin wong kuwi bali.

Apa njenengan isih ngrasa nèk Yéhuwah kuwi Gembalané njenengan? Apa buktiné nèk saiki Yéhuwah isih dadi Gembala? Gatèkna telu bukti iki.

Yéhuwah nggatèkké kebutuhan rohaniné awaké dhéwé. Yéhuwah ngomong, ”Aku bakal mènèhi pangan domba-domba-Ku ing padhang rumput sing apik. . . . Domba-domba-Ku bakal manggon ing kana, ing padhang rumput sing apik. Domba-domba-Ku bakal mangan suket sing paling apik.” (Yèhèzkièl 34:14) Yéhuwah selalu nyukupi kebutuhan rohaniné awaké dhéwé ing wektu sing pas. Apa njenengan isih éling artikel, ceramah, utawa vidéo sing isiné cocog karo dongané njenengan? Nèk iya, kuwi bukti Yéhuwah perduli banget karo njenengan ta?

Yéhuwah nglindhungi lan ndhukung awaké dhéwé. Yéhuwah janji, ”Sing kesasar bakal Tak gawa bali, sing luka bakal Tak perban, lan sing ringkih bakal Tak kuwatké.” (Yèhèzkièl 34:16) Yéhuwah nguwatké sing lagi sedhih utawa kuwatir. Yéhuwah bakal marèkké dombané sing dilarani, bahkan nèk sing nglarani sedulur seiman. Yéhuwah bakal nggawa bali sing ngedoh saka Dhèwèké lan sing lagi cilik ati.

Yéhuwah nganggep awaké dhéwé berharga. Yéhuwah kandha, ”Domba-domba-Ku padha kesebar ing endi-endi, ning bakal Tak slametké saka kono. . . . Sing ilang bakal Tak golèki.” (Yèhèzkièl 34:12, 16) Yéhuwah isa nemokké dombané sing ilang. Nèk ana sing ilang, Yéhuwah mesthi ngerti lan langsung nggolèki. Pas nemokké dombané, Yéhuwah seneng banget. (Matius 18:12-14) Yéhuwah nyebut umaté ”domba-Ku, domba sing Tak opèni”. (Yèhèzkièl 34:31) Njenengan kuwi salah siji domba sing disayangi Yéhuwah.

Yéhuwah isa nemokké dombané sing ilang. Pas nemokké dombané, Yéhuwah seneng banget.

”Muga-Muga Kabèh Dadi Kaya sing Mbiyèn Manèh”

Ngapa Yéhuwah nggolèki lan péngin njenengan bali? Dhèwèké péngin njenengan bahagia. Yéhuwah janji bakal mènèhi domba-dombané ’berkah sing diesokké kaya udan’. (Yèhèzkièl 34:26) Yéhuwah ora tau ngapusi. Njenengan wis tau ngrasakké dhéwé ta berkahé Yéhuwah?

Coba diéling-éling pas njenengan pertama kali kenal karo Yéhuwah. Misalé, piyé perasaané njenengan pas pertama kali ngerti nèk Gusti Allah nduwé jeneng lan péngin njenengan isa urip saklawasé? Kaya apa senengé njenengan pas kumpul karo sedulur-sedulur? Terus pas nginjil, njenengan mesthi ngrasa seneng ta pas ketemu wong sing berminat?

Coba élingen masa-masa kuwi. Umaté Gusti Allah jaman mbiyèn tau ndonga, ”Oh Yéhuwah, tulung gawanen aku bali marang Njenengan, lan aku bakal ndang bali. Muga-muga kabèh dadi kaya sing mbiyèn manèh.” (Kidung Pangadhuh 5:21) Yéhuwah njawab donga kuwi, lan umaté bahagia merga nglayani Yéhuwah manèh. (Néhémia 8:17) Njenengan ya isa nglayani Yéhuwah kaya mbiyèn manèh. Yéhuwah mesthi bakal mbantu njenengan.

Mémang, kanggo nglayani Yéhuwah manèh kuwi ora selalu gampang. Apa waé alesané, lan piyé carané njenengan isa ngatasi kuwi?

Vidéo Pasedulurané Seksi-Seksi Yéhuwah Sadonya

Nèk ndelok vidéo Pasedulurané Seksi-Seksi Yéhuwah Sadonya, njenengan isa éling manèh kenangan sing nyenengké pas nglayani bareng karo sedulur-sedulur. Njenengan isa nonton vidéo kuwi ing jw.org.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2026 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim