PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • rj bagian 2 hlm. 6-7
  • Rasa Kuwatir—’Akèh Masalah sing Ngepung saka Ngendi-endi’

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Rasa Kuwatir—’Akèh Masalah sing Ngepung saka Ngendi-endi’
  • Balia Nglayani Yéhuwah
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ”Kekuwatan sing Luar Biasa”
  • ”Deloken lan Rasakna Nèk Yéhuwah Kuwi Apikan”
  • ”Penyemangat sing Bener-Bener Tak Butuhké”
  • Dhèwèké Dilipur karo Gusti Allahé
    Tirunen Imané
  • Percaya karo Yéhuwah Wektu Lagi Susah Atiné
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
  • Kowé Tau Ngrasakké Dhèwèkan lan Wedi?
    Wulangen Anakmu
  • Yéhuwah Nguwatké Èlia
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
Delok Kabèh
Balia Nglayani Yéhuwah
rj bagian 2 hlm. 6-7

BAGIAN 2

RASA KUWATIR ’Akèh Masalah sing Ngepung saka Ngendi-endi’

”Sakwisé 25 taun nikah, aku karo suamiku cerai. Anak-anakku ninggalké Yéhuwah, aku lara parah, terus aku ya déprèsi. Rasané kaya paling sengsara sak donya. Aku wis ora kuwat manèh. Aku wis ora ngibadah lan akhiré ora aktif.”​—June.

KABÈH wong tau kuwatir, termasuk umaté Gusti Allah. Sing nulis Mazmur tau nulis, ”Aku ngrasa kuwatir banget.” (Mazmur 94:19) Yésus ya ngomong nèk ing akhir jaman, perasaan kuwatir isa marahi angèl kanggo nglayani Yéhuwah. (Lukas 21:34) Nèk njenengan piyé? Apa njenengan kuwatir soal dhuwit, keluarga, utawa keséhatan? Piyé Yéhuwah isa mbantu njenengan?

”Kekuwatan sing Luar Biasa”

Perasaan kuwatir ora isa diatasi dhéwé. Rasul Paulus nulis, ’Akèh masalah sing ngepung aku saka ngendi-endi. Aku bingung. Aku diantemi nganti tiba.’ Tapi, Paulus ya nulis nèk awaké dhéwé ora bakal ”nganti ora isa ngapa-ngapa”, ”putus asa”, lan ”mati”. Apa sing isa mbantu awaké dhéwé? ”Kekuwatan sing luar biasa” saka Yéhuwah.​—2 Korintus 4:7-9, cathetan ngisor.

Njenengan mesthi tau ngrasakké ”kekuwatan sing luar biasa” saka Yéhuwah. Misalé, sakwisé ngrungokké ceramah, njenengan dadi yakin banget nèk Yéhuwah sayang karo njenengan. Terus, pas nyritakké soal Firdaus, njenengan semakin percaya karo janjiné Yéhuwah. Dadi, merga teka ngibadah lan nyritakké soal Yéhuwah, awaké dhéwé isa éntuk kekuwatan kanggo ngatasi rasa kuwatir. Awaké dhéwé ya isa ngrasa ayem lan bahagia nglayani Yéhuwah.

”Deloken lan Rasakna Nèk Yéhuwah Kuwi Apikan”

Njenengan mungkin ngrasa nèk ana akèh banget sing kudu dilakukan. Misalé, Yéhuwah péngin awaké dhéwé ngutamakké Kerajaané lan ngupaya akrab karo Yéhuwah. (Matius 6:33; Lukas 13:24) Tapi, piyé nèk njenengan kekeselen merga ngadhepi tentangan, lara, utawa masalah keluarga? Utawa, piyé nèk gawéan nggawé njenengan ora nduwé akèh wektu kanggo jemaat? Mungkin rasané ora sanggup kanggo nglakoni kuwi kabèh. Kuwi ya isa marakké njenengan mikir nèk sing dijaluk Yéhuwah akèh banget.

Yéhuwah paham keadaané njenengan. Yéhuwah ora tau njaluk diluar kemampuané njenengan. Pas lagi kekeselen lan strès, Yéhuwah ngerti nèk njenengan butuh wektu bèn isa pulih manèh.​—Mazmur 103:13, 14.

Misalé, pikirna carané Yéhuwah nguwatké Nabi Èlia. Merga cilik ati lan wedi, Èlia melarikan diri ing padhang belantara. Apa Yéhuwah nyenèni lan ngongkon Èlia melakukan tugasé manèh? Ora. Yéhuwah ping pindho ngutus malaékaté kanggo nguwatké lan mènèhi Èlia mangan. Tapi sakwisé 40 dina, Èlia isih kuwatir lan wedi. Meskipun ngono, Yéhuwah tetep sabar. Apa manèh sing dilakukan Yéhuwah? Pertama, Yéhuwah ngyakinké nèk sanggup nglindhungi Èlia. Keloro, Yéhuwah menghibur Èlia nganggo ”swara sing alon lan lembut banget”. Kuwi nggawé Èlia dadi ngrasa ayem. Yéhuwah ya ngandhani nèk ana éwonan wong sing isih setya. Hasilé, Èlia semangat manèh kanggo nglayani dadi nabiné Yéhuwah. (1 Para Raja 19:1-19) Apa pelajarané? Pas Èlia kuwatir banget, Yéhuwah sabar lan perduli karo perasaané Èlia. Yéhuwah ora tau berubah. Yéhuwah sabar lan perduli karo perasaané njenengan.

Pas mikirké apa sing isa dilakukan kanggo Yéhuwah, njenengan perlu masuk akal. Aja mbandhingké sing isa dilakukan mbiyèn karo saiki. Kuwi kaya pelari sing wis ora latihan manèh selama beberapa bulan utawa beberapa taun. Nèk pelari kuwi péngin kaya mbiyèn manèh ya ora isa langsung, merga butuh wektu. Dhèwèké kudu latihan secara bertahap bèn kekuwatan lan staminané kaya mbiyèn manèh. Wong Kristen kaya pelari mau, perlu nduwé tujuan sing masuk akal. (1 Korintus 9:24-27) Upayakna sik sing paling gampang kanggo dilakukan. Misalé, isa ngupaya kanggo teka ngibadah sik. Bèn isa tercapai, njenengan isa ndongakké kuwi. Nèk wis ngupaya, njenengan bakal ’ndelok lan ngrasakké nèk Yéhuwah kuwi apikan’. (Mazmur 34:8) Élinga nèk saben upaya sing njenengan lakukan bèn isa cedhak manèh karo Yéhuwah kuwi berharga banget kanggo Yéhuwah.​—Lukas 21:1-4.

Ana wong lanang sing kewalahan karo gawéané

Yéhuwah ora tau njaluk diluar kemampuané awaké dhéwé

”Penyemangat sing Bener-Bener Tak Butuhké”

June sing dicritakké mau ngrasakké dhéwé bantuané Yéhuwah. June crita, ”Aku kerep ndonga njaluk bantuané Yéhuwah. Nah, mantuku ngandhani nèk ana pertemuan wilayah. Aku mutuské kanggo teka. Seneng banget isa ngumpul manèh karo umaté Yéhuwah. Kuwi dadi penyemangat sing bener-bener tak butuhké. Aku bahagia banget isa nglayani Yéhuwah manèh. Uripku dadi ana tujuané. Saiki aku ngerti nèk ora kudu ngadhepi masalahku dhèwèkan. Ana para sedulur sing siap mbantu. Aku bersyukur nduwé kesempatan kanggo nglayani Yéhuwah manèh.”

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2026 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim