PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • rj hlm. 2
  • Surat saka Pengurus Pusat

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Surat saka Pengurus Pusat
  • Balia Nglayani Yéhuwah
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Manfaaté Buku Ayub Wektu Arep Ngekèki Naséhat
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Kanca Sejati Ngekèki Wejangan sing Nggedhèkké Ati
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2016
  • Ayub Kuwi Sapa?
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
Balia Nglayani Yéhuwah
rj hlm. 2

Surat saka Pengurus Pusat

Sedulur-sedulur sing kami sayangi,

Ing Alkitab, ana akèh pengalamané wong-wong setya sing ngadhepi masalah kaya awaké dhéwé. Meréka ”nduwé perasaan kaya awaké dhéwé”. (Yakobus 5:17) Merga ngadhepi masalah, ana sing ngrasa susah lan kuwatir banget. Ya ana sing lara ati merga keluarga utawa sedulur seiman. Terus, ana sing ngrasa bersalah merga wis nggawé dosa.

Apa kuwi berarti meréka wis bener-bener ninggalké Yéhuwah? Ora. Akèh sing ngrasa kaya sing nulis Mazmur. Dhèwèké tau ndonga, ”Aku kesasar kaya domba sing ilang. Tulung golèkana abdi-Mu iki, merga aku ora lali karo préntah-Mu.” (Mazmur 119:176) Apa njenengan ya ngrasa kaya ngono?

Ana sedulur wédok sing lagi ndelok foto-foto karo ngéling-éling pas nglayani Yéhuwah wektu isih enom

Yéhuwah ora tau nglalèkké domba-dombané sing ngedoh saka Dhèwèké. Malah, Yéhuwah sing nggolèki meréka. Kerep-kerepé nggolèkiné liwat sedulur seiman. Coba renungna, piyé Yéhuwah mbantu Ayub pas dhèwèké ngalami akèh kesusahan. Ayub kélangan hartané, ditinggal mati karo sing disayangi, terus lara parah. Omongané kanca-kancané, sing kuduné nyemangati, malah nggawé Ayub tambah sengsara. Ayub ya tau nduwé pikiran sing salah. Meskipun Ayub ngalami kuwi kabèh, tapi dhèwèké ora ninggalké Yéhuwah. (Ayub 1:22; 2:10) Piyé carané Yéhuwah mbantu Ayub?

Salah siji cara Yéhuwah mbantu Ayub yaiku liwat Èlihu. Pas Ayub crita soal masalahé, Èlihu gelem ngrungokké terus ya gelem ngekèki naséhat. Tapi, piyé carané Èlihu naséhati Ayub? Apa dhèwèké nyenèni Ayub utawa nyalah-nyalahké bèn Ayub ngrasa bersalah? Ora. Merga dituntun roh suciné Gusti Allah, Èlihu nguwatké Ayub. Dhèwèké ngomong, ”Kanggoné Gusti Allah sing bener, aku ya padha kaya njenengan, aku ya digawé saka tanah liat. Dadi njenengan ora perlu wedi karo aku, utawa kepikiran karo omonganku.” (Ayub 33:6, 7) Èlihu ora nggawé Ayub dadi tambah sengsara. Tapi, Èlihu nguwatké lan nyemangati Ayub.

Pas nggawé brosur iki kanggo njenengan, kami ya ngupaya niru Yéhuwah. Kami ngrungokké lan mikirké sik keadaan karo perasaané wong-wong sing ngedoh saka Yéhuwah. (Wulang Bebasan 18:13) Terus, kami ndonga lan mriksa ing Alkitab piyé Yéhuwah mbantu umaté jaman mbiyèn pas ngadhepi masalah. Bar kuwi, kami nggolèk persamaan kisah-kisah ing Alkitab karo keadaané wong-wong ing jaman saiki. Kami péngin banget njenengan gelem maca brosur iki. Yakina, nèk kami sayang banget karo njenengan.

Pengurus Pusat Seksi-Seksi Yéhuwah

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2026 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim