Wektu Ngalami Masalah
Contoné, Sally,a sing manggon ing Amerika Serikat. Dhèwèké kélangan kabèh hartané merga kena badai. Sally ngomong, ”Aku strès banget. Aku wis ora kuwat ngadhepi iki.”
Piyé nèk awaké dhéwé ditinggal mati karo wong sing disayangi? Janice, sing manggon ing Australia, ngomong, ”Wektu anakku lanang loro-loroné mati, rasané aku ora péngin urip manèh. Aku njaluk karo Gusti Allah bèn aku mati waé.”
Conto liyané yaiku Daniel sing kecéwa wektu ngerti bojoné selingkuh. Daniel ngomong, ”Wektu bojoku ngakoni nèk dhèwèké selingkuh, atiku lara banget. Saking kecéwané, aku bola-bali lara nganti pirang-pirang sasi.”
Majalah Warta Penting iki bakal ngrembug ngapa kok kudu tetep nduwé semangat urip wektu
Ngalami bencana alam
Ditinggal mati wong sing disayangi
Nduwé bojo sing ora setya
Lara parah
Ngalami déprèsi nganti péngin bunuh diri
Saiki, ayo dirembug saran-saran sing isa mbantu awaké dhéwé wektu ngalami bencana alam.
a Ana jeneng-jeneng ing majalah iki sing dudu jeneng asliné.