Wektu Ngalami Bencana Alam
NÈK tau ngalami bencana alam, njenengan mesthi isa ngrasakké apa sing dirasakké wong-wong sing slamet saka bencana alam. Wong-wong kuwi biasané dadi trauma, bingung, kuwatir, ngrasa ora trima, lan ngalami mimpi buruk. Akèh sing putus asa nganti ora nduwé semangat urip manèh.
Wektu kélangan kabèh sing diduwèni merga bencana alam, njenengan isa waé ngrasa kuwatir lan strès. Njenengan mungkin ngrasa péngin nyerah waé. Tapi, ing Alkitab dijelaské ngapa kok njenengan kudu tetep nduwé semangat urip. Ing Alkitab ya disebutké nèk njenengan isa ngrasakké urip sing bahagia ing masa depan.
JANJI SING NGUWATKÉ SAKA ALKITAB
Ing Yakobus 5:11 disebutké, ”Awaké dhéwé nganggep wong-wong sing sabar kuwi wong-wong sing bahagia.” Sakwisé ngalami bencana alam, njenengan mungkin ngrasa ora nduwé harapan manèh. Tapi nèk njenengan sabar lan ora nyerah, keadaané isa dadi luwih apik.
Ing Alkitab disebutké nèk ”ora bakal ana manèh wong sing nangis lan sambat merga susah”. (Yésaya 65:19) Kuwi bakal kelakon wektu Kerajaané Gusti Allah nggawé bumi dadi firdaus. (Mazmur 37:11, 29) Bencana alam bakal ora ana manèh. Awaké dhéwé ya ora bakal kèlingan manèh karo keadaan sing nggawé awaké dhéwé sedhih. Gusti Allah janji, ”Kabèh sing mbiyèn kelakon ora bakal diéling-éling manèh, lan kuwi ora bakal ana manèh ing ati.”—Yésaya 65:17.
Gusti Allah péngin ngekèki njenengan ”masa depan lan harapan”, yaiku urip sing bahagia pas Kerajaané Gusti Allah mréntah. (Yérémia 29:11) Harapan kuwi isa nggawé njenengan tetep nduwé semangat urip. Sally, sing disebutké ing artikel sakdurungé, ngomong, ”Ngrenungké berkah-berkah pas Kerajaané Gusti Allah mréntah isa mbantu awaké dhéwé tetep kuwat wektu ngadhepi masalah lan ora strès manèh.”
Njenengan isa sinau luwih akèh soal berkah-berkah sing bakal dirasakké pas Kerajaané Gusti Allah mréntah ing bumi. Kuwi bakal nggawé njenengan tetep nduwé semangat urip lan yakin nèk bencana alam ora bakal ana manèh ing masa depan.