PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp19 No. 2 hlm. 14-15
  • ALESANÉ Kudu Tetep Semangat Urip

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • ALESANÉ Kudu Tetep Semangat Urip
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2019
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Gusti Allah Perduli karo Njenengan
  • Gusti Allah Bakal Mbantu lan Nuntun Njenengan
  • Ana Harapan ing Masa Depan
  • Naséhat ing Alkitab kanggo Wong sing Péngin Bunuh Diri
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Wektu Ditinggal Mati Wong sing Disayangi
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2019
  • Donga—Gunané kanggo Panjenengan
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2015
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2019
wp19 No. 2 hlm. 14-15
Wong wédok lagi maca Alkitab

ALESANÉ Kudu Tetep Semangat Urip

Faizal kudu operasi jantung kira-kira setaun sakwisé bojoné mati. Dhèwèké ngomong, ”Wektu maca buku Ayub, aku yakin nèk Yéhuwah mesthi nduwé alesan nyathet kisahé Ayub. Wektu ana kisah ing Alkitab sing cocog karo keadaané awaké dhéwé, kuwi bener-bener nguwatké. Awaké dhéwé kudu tetep semangat urip.”

Tarsha isih enom wektu ibuné mati. Dhèwèké ngomong, ”Merga kenal karo Gusti Allah, awaké dhéwé isa nduwé harapan lan tetep bahagia meskipun kudu ngadhepi akèh masalah. Yéhuwah isa nguwatké lan mbantu awaké dhéwé saben dina.”

ARTIKEL-ARTIKEL sakdurungé nyebutké soal masalah-masalah sing isa nggawé njenengan ora nduwé semangat urip manèh. Wektu ngadhepi masalah, njenengan isa waé mikir nèk ora ana sing perduli karo njenengan lan akhiré péngin nyerah waé. Tapi, njenengan isa yakin nèk Gusti Allah perduli lan nganggep njenengan berharga.

Sing nulis Mazmur 86 ngomong, ”Aku njaluk tulung marang Njenengan pas aku susah, merga Njenengan bakal mbantu aku.” (Mazmur 86:7) Njenengan mungkin mikir, ’Piyé carané Gusti Allah nulungi aku ”pas aku susah”?’

Gusti Allah mémang ora langsung nyingkirké masalahé njenengan. Tapi, Gusti Allah janji nèk Dhèwèké bakal nggawé njenengan ngrasa ayem. Ing Alkitab disebutké, ’Aja nguwatirké apa waé. Tapi, ing kabèh keadaan, kowé kudu terus ndonga njaluk tuntunané Gusti Allah lan terus ngucap syukur. Nèk kowé nindakké kuwi, Gusti Allah bakal mènèhi kowé rasa ayem sing ora isa dipahami manungsa sing bakal njaga ati lan pikiranmu.’ (Filipi 4:6, 7) Saiki, gatèkna ayat-ayat Alkitab ing ngisor iki sing nduduhké nèk Gusti Allah sayang karo awaké dhéwé.

Gusti Allah Perduli karo Njenengan

”Ora ana manuk [emprit] siji waé sing disepèlèkké Gusti Allah. . . . Kowé luwih berharga timbang akèh manuk emprit.”​—Lukas 12:6, 7, cathetan ngisor.

SING ISA DIPIKIRKÉ: Akèh wong nganggep nèk manuk emprit kuwi ora berharga. Tapi, Yéhuwah perduli karo manuk-manuk kuwi. Manuk emprit kuwi ciptaané Yéhuwah, lan Dhèwèké nganggep kabèh ciptaané berharga. Manungsa mesthi luwih berharga timbang manuk emprit. Manungsa kuwi ciptaané Yéhuwah sing paling luar biasa ing bumi merga diciptakké ”mirip” Gusti Allah lan nduwé kemampuan kanggo niru sifat-sifaté Yéhuwah.​—Purwaning Dumadi 1:26, 27.

”Oh Yéhuwah, Njenengan ndelok sing ana ing njero atiku lan ngerti kabèh soal aku. . . . Njenengan ngerti isi pikiranku. . . . Tulung deloken pikiranku sing marahi aku kuwatir.”​—Mazmur 139:1, 2, 23.

SING ISA DIPIKIRKÉ: Yéhuwah bener-bener ngerti sak kabèhé soal njenengan. Dhèwèké ngerti perasaan lan pikirané njenengan. Wong liya mungkin ora ngerti masalah sing lagi njenengan alami. Tapi, Yéhuwah perduli lan péngin mbantu njenengan. Kuwi sebabé njenengan kudu tetep nduwé semangat urip.

Gusti Allah Bakal Mbantu lan Nuntun Njenengan

”Oh Yéhuwah, rungokna dongaku. Muga-muga Njenengan ngrungokké wektu aku njaluk tulung. . . . Rungokna aku. Cepet jawaben aku wektu aku njaluk tulung. . . . Dhèwèké bakal ngrungokké dongané wong mlarat.”​—Mazmur 102:1, 2, 17.

SING ISA DIPIKIRKÉ: Kèt mbiyèn, Yéhuwah ora nglalèkké kesusahan sing dialami manungsa. (Mazmur 56:8) Kuwi termasuk kesusahané njenengan. Gusti Allah nganggep njenengan berharga. Mula, Gusti Allah éling kabèh masalah lan kesusahan sing njenengan adhepi.

”Aja kuwatir merga Aku Gusti Allahmu. Aku bakal nyemangati kowé. Aku bakal nulungi kowé. . . . Aku, Yéhuwah Gusti Allahmu, . . . ngomong karo kowé, ’Aja wedi, Aku bakal nulungi kowé.’”​—Yésaya 41:10, 13.

SING ISA DIPIKIRKÉ: Gusti Allah siap mbantu njenengan wektu ngalami masalah.

Ana Harapan ing Masa Depan

”Merga tresna banget karo wong-wong ing donya iki, Gusti Allah nganti gelem mènèhké Anaké siji-sijiné, supaya saben wong sing nduduhké iman marang Anaké ora mati, ning isa urip saklawasé.”​—Yohanes 3:16.

SING ISA DIPIKIRKÉ: Gusti Allah sayang banget karo njenengan nganti gelem ngorbanké Yésus kanggo njenengan. Njenengan dadi isa nduwé harapan urip bahagia saklawasé.a

Nèk ngadhepi akèh masalah lan akhiré ora nduwé semangat urip manèh, njenengan isa sinau Alkitab lan percaya karo janji-janjiné Gusti Allah. Kuwi bakal nggawé njenengan bahagia lan tetep nduwé semangat urip.

a Bèn ngerti luwih akèh soal piyé carané éntuk manfaat saka korban tebusané Yésus, deloken vidéo Memperingati Kematiané Yésus sing ana ing www.jw.org/jv. Deloken ing bagian KETERANGAN SOAL SEKSI-SEKSI YÉHUWAH > PERINGATAN.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2026 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim