PERTANYAAN SAKA PEMBACA
Loro perjanjian apa sing dimaksud Rasul Paulus ing Galatia 4:24?
Sakwisé ngomongké soal bojoné Abraham, yaiku Sara lan Hagar, Paulus ngomong, ”Kuwi dadi gambaran. Wong wédok loro kuwi nggambarké perjanjian loro.” (Gal. 4:22-24) Mbiyèn, loro perjanjian kuwi maksudé perjanjian Hukum lan perjanjian anyar. Tapi sakwisé dipelajari manèh, kuwi kudu disesuaikké. Kayané sing dimaksud Paulus dudu perjanjian anyar, tapi perjanjian Abraham. Ayo nggatèkké alesané.a
Paulus ngomong nèk Hagar, budhak wédoké Abraham, kuwi artiné Gunung Sinai. (Gal. 4:25) Dadi, Hagar kuwi perjanjian Hukum sing digawé ing Gunung Sinai taun 1513 SM. (Pa. 19:5, 6) Merga ora sempurna, wong Yahudi ora isa manut kabèh sing ditulis ing Hukum Musa. Dadi, perjanjian Hukum mbantu meréka sadhar nèk meréka budhaké dosa. Terus, perjanjian Hukum ya mbantu wong Yahudi ngerti soal Mésias, merga mung Mésias sing isa manut karo kabèh sing ditulis ing Hukum Musa. Sakwisé Mésias ngorbanké nyawané, manungsa sing ora sempurna bakalé ora dadi budhaké dosa manèh. (Gal. 3:19, 24, 25) Pas kuwi kelakon, Hukum Musa wis ora dibutuhké manèh.—Rm. 10:4.
Terus, Paulus nduduhké bédané Hagar karo Sara. Sara kuwi ”wong wédok sing bébas”, sing nduwé keturunan ”merga janjiné Gusti Allah”. (Gal. 4:23) Janji kuwi disebut perjanjian Abraham. (Gal. 3:29; 4:28, 30) Kuwi perjanjian antarané Yéhuwah lan Abraham. Inti saka perjanjian kuwi ana ing Purwaning Dumadi 22:18, ”Liwat keturunanmu, kabèh bangsa ing bumi bakal éntuk berkah merga kowé wis ngrungokké omongan-Ku.”
Saka perjanjian Abraham, awaké dhéwé dadi ngerti soal ’keturunan’ sing disebutké ing janjiné Yéhuwah pas ing Taman Èden. (PD. 3:15) ’Keturunan’ kuwi bakalé saka keturunané Abraham. Belakangan, Paulus njelaské nèk ’keturunan’ sing utama kuwi maksudé Yésus Kristus. Sakliyané kuwi, Paulus ya ngomong nèk kabèh sing dadi ”duwèké Kristus”, yaiku 144.000, termasuk ’keturunan’ kuwi. (Gal. 3:16, 29; Why. 14:1-3) Merga ana perjanjian Abraham, kabèh wong sing manut karo Yésus bakalé diberkahi.
Nah, sakjané ngapa ta Paulus mbahas soal ”gambaran” iki? Dhèwèké péngin ngandhani wong Yahudi nèk tetep ngotot arep manut karo Hukum Musa bakalé dadi kaya Hagar. Meréka bakal terus-terusan dadi budhak, maksudé budhaké dosa. Tapi nèk gelem manut karo ”keturunané” Abraham sing utama, yaiku Yésus Kristus, meréka bakal bébas kaya Sara. Meréka ora bakal dadi budhaké dosa manèh. (Yoh. 8:32-34) Dadi nèk ora manut Yésus, meréka sakjané ora paham karo tujuan utamané perjanjian Hukum, yaiku kanggo mbantu wong-wong ngerti soal Mésias.
Paulus nulis surat iki kan kanggo jemaat Galatia. Nah, wong Kristen ing jemaat kuwi akèh-akèhé dudu wong Yahudi. Dadi, meréka sakjané ora perlu manut karo Hukum Musa. Tapi, meréka dipeksa karo beberapa wong Yahudi ing jemaat kuwi bèn manut Hukum Musa, misalé soal sunat. Paulus ngomong nèk kuwi ora masuk akal, merga sakjané kabèh wis ”bébas” sakwisé dadi muridé Yésus. Meréka ora perlu manut Hukum Musa.—Gal. 5:1, 10-14.
a Iki kanggo nyesuaikké pemahaman sing ana ing Menara Pengawal 15 Maret 2006 halaman 10-12.