SEKILAS FAKTA MENARIK ING ALKITAB
Jala
Beberapa muridé Yésus kuwi nelayan. (Mrk. 1:16-20) Meréka biasa nganggo jala pas nggolèk iwak ing Laut Galiléa.
Jala kuwi biasané digawé saka tali utawa benang rami sing dianyam dadi jaring-jaring. Ukuran bolongan jalané bergantung karo mèh nggolèk iwak sing kaya apa. Nèk iwak sing cilik, bolongané ya luwih rapet. Ana loro jenis jala. Sing pertama, ana jala sing diuncalké. Jala jenis iki ana pemberat ing ujung-ujungé. Bar diuncalké, jalané bakal kleleb lan njebak iwak-iwak sing ana ing ngisoré. Sing keloro, ana jala sing diedhunké ing laut, terus disèrèt kanggo nangkep iwaké. Jala jenis iki ana pemberat ing ngisoré, terus ing ndhuwuré ana pelampung saka kayu.
Jala kuwi biasané larang. Makané kudu selalu dirawat sakwisé dienggo. Lukas tau nyathet soal para nelayan sing ”ngumbah jala-jalané”. (Luk. 5:2) Jalané diresiki bèn lumpuré ilang. Bar kuwi, jalané bakal dipépé. (Yèh. 47:10) Jala ya isa suwèk merga kecanthol watu ing ngisor laut utawa merga éntuk iwaké kakèhan. (Luk. 5:6) Ing Alkitab tau disebutké nèk Yakobus lan Yohanes ”ndandani jala”, kayané nganggo jarum lan benang rami.—Mat. 4:21.
Pétrus, Andréas, Yakobus, lan Yohanes wis biasa nganggo jala. Makané pas ngundang meréka kanggo dadi muridé, Yésus ngomong, ”Mèlua aku. Kowé bakal tak dadèkké tukang njala manungsa.”—Mrk. 1:17.