PENGALAMAN
Aku Wis Nglayani Yéhuwah Selama 70 Taun ing Kuba
AKU lair taun 1947 ing Kuba, salah siji pulau sing indah ing Kepulauan Karibia. Kuba ana ing antarané Laut Karibia lan Samudra Atlantik. Nah, wong tuwaku nduwé anak telu, aku karo adhiku wédok loro. Kami manggon ing désa sing jenengé Esmeralda.
Pas kaé, uripé kami nyaman lan cukup secara ékonomi. Ing désa kuwi, omahku cedhak karo omahé tante, om, lan mbahku.
Kira-kira pas umurku limang taun, wong tuwaku mulai sinau Alkitab karo Sedulur Walton Jones. Dhèwèké kuwi Seksi Yéhuwah sing semangat. Bèn isa mara ing désaku, dhèwèké kudu mlaku kira-kira sepuluh jam. Nah pas dhèwèké teka, keluargaku bakal ngumpul ing omahé mbahku kanggo mbahas Alkitab karo dhèwèké. Akhiré wong tuwaku, Om Pedro, lan Tante Ela dibaptis dadi Seksi Yéhuwah. Saiki, Tante Ela umuré wis mèh 100 taun lan isih merintis ing Kuba.
Pas kaé, Seksi Yéhuwah terkenal ing Kuba merga kerep nginjil saka omah ing omah. Kami biasané mlaku karo nggawa tas sing isiné akèh bacaan. Seneng isa sempet nglayani Yéhuwah pas ”keadaané apik”, merga pas kaé Seksi Yéhuwah isih bébas ngibadah. Tapi, ora suwé bar kuwi keadaané berubah.—2 Tim. 4:2.
MULAI ORA BÉBAS NGIBADAH
Pas umurku kira-kira limang taun, Bapak karo Om Pedro lunga luar kota kanggo mèlu pertemuan wilayah. Tapi selama perjalanan, meréka kena tipes merga ngombé banyu sing ora resik. Nah bar bali, Omku rambuté rontok parah. Tapi sayangé Bapakku mati, padahal umuré isih 32 taun.
Sakwisé Bapak mati, Ibu ngejak kami manggon bareng karo masé ing désa Lombillo. Meskipun adoh saka om, tante, lan mbahku, kami tetep semangat nglayani Yéhuwah.
Aku dibaptis ing waduk cedhak Lombillo tanggal 26 Agustus 1957. Pas kuwi, umurku sepuluh taun. Nah, taun 1959 keadaané berubah, merga taun kuwi Kuba mulai dikuwasani karo komunis.
Pamréntah sing anyar péngin nduwé akèh tentara. Kuwi mesthi dadi masalah kanggo Seksi Yéhuwah, merga kami kan ora mungkin dadi tentara lan ora bakal mèlu-mèlu urusan politik. Akibaté, Seksi Yéhuwah dilarang ing Kuba. Terus, ya ana atusan sedulur sing dipenjara. Pas ing penjara, beberapa ana sing nganti digebugi lan dikèki panganané mung sithik. Bahkan kadhang panganané ya dicampuri getih, sing jelas-jelas ora bakal isa dipangan karo sedulur-sedulur.
Meskipun lagi dilarang, kami ngupaya terus ngibadah. (Ibr. 10:25) Kami bahkan tau ngadakké pertemuan wilayah ing peternakan utawa panggonan liyané sing aman. Aku kèlingan pas kaé ana sedulur sing nawani nganggo kandhang dombané kanggo dadi panggonan pertemuan wilayah. Kami ora sempet ngresiki kandhang kuwi, bahkan domba-dombané ora ditokké sik. Dadi pas kaé, sing teka ing pertemuan wilayahé ora mung dombané Yéhuwah, tapi ya domba tenanan.—Mi. 2:12.
Kami bersyukur banget merga sedulur-sedulur ngupaya bèn bahan-bahan sing dienggo ngibadah isa tetep ana. Misalé, ana loro sedulur sing ditugasi kanggo nyiapké, nyampèkké, lan ngrekam kabèh ceramah pertemuan wilayah. Ceramahé kuwi direkam ing kasèt bèn isa dikirim ing kabèh wilayah ing Kuba. Nah merga ngrekamé ndhelik-ndhelik, dadi ya nggolèk panggonan rekamané asal waé, sing penting aman. Makané, kadhang ing rekamané ana swara pitik utawa swara liyané. Terus, kadhang ana panggonan pertemuan wilayah sing ora ana listriké, padahal kanggo nyetèl rekamané butuh listrik. Dadi piyé bèn rekaman isa disetèl? Sedulur-sedulur nganggo generator. Pas kaé, generatoré kuwi dinamo sing diputer nganggo sepédha. Dadi, bakal ana sedulur sing nggenjot sepédhané bèn generatoré isa ngasilké listrik. Mémang kami ora isa sebébas sedulur-sedulur ing negara liyané, tapi kami seneng merga isa tetep ngibadah lan cedhak karo Yéhuwah.—Néh. 8:10.
DADI PERINTIS LAN WONG TUWA
Pas aku umur 18, aku mulai merintis biasa ing kutha Florida. Setaun bar kuwi, aku ditugasi dadi perintis istiméwa ing kutha Camagüey. Nah pas ing kana, aku ketemu karo Emilia, sedulur wédok sing ayu banget saka Santiago de Cuba. Kami mulai pacaran lan ora nganti setaun nikah.
(Kiwa) Mèlu Sekolah kanggo Pinituwa ing Camagüey, Kuba, taun 1966
(Tengen) Pernikahané kami, taun 1967
Bar nikah, aku kerja ing pabrik gula duwèké pamréntah. Makané aku karo Emilia ora isa merintis manèh. Meskipun ngono, kami ngupaya bèn isa tetep nduwé wektu kanggo kegiatan rohani. Aku kerja kèt jam telu ésuk nganti jam sewelas awan. Sakjané aku ora pati seneng tangi ésuk. Tapi, aku milih jadwal kuwi bèn isa tetep nginjil lan teka ing kabèh pertemuan ibadah bareng karo bojoku.
Taun 1969, Gustavo, anak pertamané kami, lair. Ora suwé bar kuwi, aku ditawani dadi pinituwa wilayah. Aku nampa tugas kuwi. Pas kaé ing Kuba, nèk pinituwa wilayah nduwé anak, kuwi ora apa-apa. Mémang aku karo Emilia dadi sibuk banget. Tapi, kami seneng merga isa nglayani sedulur-sedulur. Selama nglayani dadi pinituwa wilayah, kami nduwé anak manèh. Anakku sing keloro jenengé Obed, lan sing ketelu Abner. Bar kuwi, kami nduwé anak wédok, jenengé Mahely.
Selama nglayani dadi pinituwa wilayah, aku isa ndelok dhéwé piyé Yéhuwah mberkahi umaté ing Kuba. Terus, kami ya ngrasakké dhéwé piyé Yéhuwah mbantu kami ndhidhik anak-anak bèn sayang karo Dhèwèké. Bar iki, bakal tak critani pengalamané kami pas Seksi Yéhuwah isih dilarang ing Kuba.
NGLAYANI PAS SEKSI YÉHUWAH ISIH DILARANG
Tantangan sing diadhepi sedulur-sedulur ing Kuba saya abot. Balai Ibadah ora éntuk dienggo, para utusan injil diusir saka Kuba, sedulur-sedulur enom dipenjara, lan kantor cabang ing Havana ya ditutup.
Pas dadi pinituwa wilayah
Merga keadaané kaya ngono, kami mung isa ngunjungi jemaat-jemaat pas akhir pekan. Merga mung isa akhir pekan, dadi kunjungané selama rong minggu. Nah, bèn ora terlalu menarik perhatian, kami biasané numpak sepédha lan ora nggawa akèh barang. Terus, kunjungané kami ya ora diumumké pas pertemuan ibadah. Kunjungané digawé kaya dolan ing omahé keluarga. Merga digawé kaya ngono, kadhang kami lali nèk sakjané lagi tugas dadi pinituwa wilayah, soalé suasanané mémang kaya ngunjungi keluarga dhéwé. (Mrk. 10:29, 30) Tapi kami kudu tetep ngati-ati, soalé kerep dietutké lan ditakon-takoni karo polisi. Terus, sedulur-sedulur sing nampa kami ing omahé ya isa waé mèlu dicekel polisi.—Rm. 16:4.
Selama masa-masa kuwi, kami isa ndelok dhéwé piyé sedulur-sedulur nduduhké sifat murah hati meskipun ora nduwé akèh dhuwit. Misalé, merga ing beberapa dhaérah nyamuké akèh, sedulur-sedulur gelem nyilihi klambuné bèn kami turuné isa pénak, padahal meréka nduwéné mung siji. Terus, ya ana sing gelem nampa kami ing omahé, padahal kanggo mangan waé meréka angèl. Dadi kadhang kami nggawa panganan dhéwé bèn isa dibagi karo meréka.
Pas ngunjungi jemaat-jemaat, kami ora isa nggawa kabèh anaké kami. Paling kami mung ngejak siji, terus sing liyané dititipké ing ibuku lan adhiku wédok. Tapi sakjané, nggawa bayi selama perjalanan kuwi ana manfaaté. Kami dadi isa ndhelikké publikasi ing tas sing isiné popok reged. Polisi mesthi wegah ta ngglédhah tas kaya ngono?
Aku kagum banget karo bojoku, merga dhèwèké isa ngurus anak-anak tapi ya tetep ndhukung aku dadi pinituwa wilayah. Nèk aku dhéwé, bèn isa ngunjungi sedulur-sedulur, ya kudu ngatur wektu kerjaku. Kadhang aku kudu njupuk lembur seminggu pisan utawa pindho bèn akhir pekané aku ora kerja. Tapi bar kuwi, aku munggah jabatan dadi kepala tim. Mula pitung dina kudu mlebu terus. Awalé aku bingung. Tapi jebulé, selama timku ana gawéan pas akhir pekan, meréka isa tak tinggal kanggo ngunjungi jemaat-jemaat. Kayané bosku ya ora nggagas nèk aku ora mlebu kerja pas akhir pekan.
TETEP BAHAGIA MESKIPUN NGALAMI PERUBAHAN TUGAS
Kebaktian distrik pertama sakwisé Seksi Yéhuwah ora dilarang manèh ing Kuba, taun 1994
Taun 1994, sedulur-sedulur sing ngawasi gawéané Seksi Yéhuwah ing Kuba ngundang kabèh pengawas keliling, sing pas kaé jumlahé 80, kanggo mèlu pertemuan ing Havana. Aku seneng banget akhiré isa ketemu karo kanca-kanca. Ing pertemuan kuwi dibahas beberapa penyesuaian anyar ing organisasi. Tapi bar kuwi, ana pengumuman. Kami dikandhani nèk jeneng-jenengé para pengawas keliling bakal dikèkké ing pamréntah. Kami kagèt banget ta ya.
Meréka ngandhani kami nèk wis rapat karo pejabat pamréntah. Tujuané bèn hubungané Seksi Yéhuwah karo pamréntah isa luwih apik. Nah, pas rapat kuwi, para pejabat njaluk jeneng-jenengé para pengawas keliling. Bar dijelaské alesané, akhiré kami setuju jenengé kami dikèkké pamréntah. Kèt kuwi, hubungané Seksi Yéhuwah karo pamréntah dadi luwih apik.
Ora suwé bar kuwi, Seksi Yéhuwah ing Kuba isa luwih bébas ngibadah meskipun durung resmi diakui dadi agama ing Kuba. Belakangan, kami lagi ngerti nèk sakjané pamréntah wis ngerti beberapa jeneng pengawas keliling, tapi tetep péngin bèn dikèki daftar jeneng-jeneng kuwi.
Pas sasi September 1994, pamréntah ngijinké kantor cabangé Seksi Yéhuwah dibukak manèh. Akhiré gedhung sing wis ditutup selama 20 taun isa dienggo manèh.
Taun 1996, kami ditélpon sedulur saka Bètel lan diundang kanggo nglayani ing kono. Kami kagèt banget. Terus, aku ngomong nèk kami isih kudu ngopèni loro anak. Sedulur kuwi paham lan ngomong nèk bakal ngabari kami manèh. Belakangan, kami dikabari nèk kami tetep diundang kanggo nglayani ing Bètel. Kami nampa tugas kuwi lan akhiré pindhah ing Havana sak keluarga.
(Kiwa) Emilia ing Departemèn Menjahit ing kantor cabang Kuba
(Tengen) Peresmian Balai Pertemuan, taun 2012
Awalé, aku ora menikmati nglayani ing Bètel merga wis seneng karo tugasku dadi pinituwa wilayah. Pikirku, aku isa luwih akèh mbantu sedulur-sedulur nèk dadi pinituwa wilayah ketimbang nglayani ing kéné. Tapi sedulur-sedulur ing Bètel, khususé bojoku Emilia, mbantu aku bèn nduwé pandhangan sing bener. Suwé-suwé, aku isa menikmati lan bahagia nglayani ing Bètel.
(Kiwa) Wisuda Sekolah Alkitab bagi Pasangan Kristen, taun 2013
(Tengen) Panitia Cabang ing Kuba, taun 2013
Ing pertemuan wilayah karo bojoku, anakku wédok, lan mantuku
Aku karo Emilia saiki wis tuwa. Nèk ngéling-éling manèh pelayanané kami, kami seneng banget isa kenal karo akèh sedulur lan nglayani bareng meréka. Terus, kami ya seneng merga isa ndelok anak-anak, bahkan putu-putu kami, gelem nglayani Yéhuwah. Perasaané kami padha kaya Rasul Yohanes sing ngomong, ”Aku bahagia banget wektu krungu nèk anak-anakku terus manut karo apa sing bener.”—3 Yoh 4.
Nèk nganti saiki, berarti kami wis nglayani ing Bètel mèh 30 taun. Meskipun wis tuwa lan lara-laranen, kami ngupaya bèn isa tetep semangat ing penugasané kami. Selama 70 taun nglayani ing Kuba, kami mémang ngalami akèh tantangan. Tapi, kami isa tetep bahagia merga kami nglayani ”Gusti Allah sing bahagia”.—1 Tim. 1:11; Mzm. 97:1.