31 AGUSTUS–6 SEPTEMBER 2026
LAGU 89 Manut karo Yéhuwah
”Ngrungokké Tenanan” Pas Ngibadah
”Kudu ngrungokké tenanan.”—LUK. 8:18.
INTI
Alesané kudu nggatèkké pas ngibadah lan kudu piyé bèn isa ngupayakké kuwi.
1-2. (a) Piyé Yéhuwah mulang umaté? (Mazmur 23:1, 2, 5) (b) Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?
ANA akèh cara sing digunakké Yéhuwah kanggo mulang umaté. Awaké dhéwé mesthi setuju karo Daud sing ngomong, ”Yéhuwah kuwi Gembalaku. Aku ora bakal kekurangan apa-apa.”—Wacanen Mazmur 23:1, 2, 5.
2 Salah siji cara Yéhuwah mulang umaté kuwi liwat acara ibadah. Mungkin merga wis suwé dadi Seksi Yéhuwah, sing dibahas ing acara ibadah kayané dibolan-balèni. Kuwi isa waé marakké dadi males nggatèkké. Meskipun ngono, awaké dhéwé kudu tetep ngrungokké merga mesthi ana manfaaté. (2 Ptr. 1:12) Ing artikel iki bakal dibahas ngapa kok kudu nggatèkké pas ngibadah. Terus, ya bakal dibahas apa sing isa diupayakké karo sedulur sing mulang ing jemaat bèn hadirin isa luwih tertarik nggatèkké. Bar kuwi, ya ana saran-saran bèn awaké dhéwé isa luwih nggatèkké pas ngibadah. Nah sakjané pas ngibadah, awaké dhéwé lagi ngrungokké sapa, ta?
NGRUNGOKKÉ YÉHUWAH
3. (a) Omongané Yéhuwah ditulis ing endi? (b) Piyé umaté Yéhuwah nggunakké Alkitab pas mulang wong liya?
3 Kabèh sing ditulis ing Alkitab kuwi omongané Yéhuwah. (2 Tim. 3:16, 17) Yésus péngin wong-wong isa ngerti soal kuwi. Makané, kabèh sing Yésus ajarké dhasaré saka Alkitab. Nah, merga Yésus trampil banget, wong-wong wektu kuwi padha kagum lan ngomong, ”Kok isa wong iki nduwé akèh pengetahuan soal Kitab Suci? Dhèwèké kan ora tau sekolah agama.” (Yoh. 7:15) Wong Kristen jaman mbiyèn ya niru contoné Yésus. Misalé, Rasul Paulus lan Apolos. Meréka sering ngutip ayat-ayat Alkitab wektu mulang wong-wong. (Kis. 17:2, 3; 18:24, 28) Saiki, Seksi Yéhuwah ya ngupayakké sing padha. Kabèh artikel, ceramah, lan vidéo kuwi dhasaré saka Alkitab. Terus, sing éntuk tugas mulang ing acara ibadah ora mung macakké Alkitab, tapi ya njelaské kuwi bèn padha ngerti karepé Yéhuwah. Makané, wong-wong sing lagi waé mèlu ngibadah biasané kagum merga ndelok dhéwé nèk sing dibahas ing acara ibadahé Seksi Yéhuwah dhasaré saka Alkitab.—Luk. 24:32.
4. Nèk nggatèkké pas ngibadah, apa manfaaté?
4 Dadi, ngrungokké sing dibahas ing acara ibadah kuwi padha waé lagi ngrungokké Yéhuwah. Nèk bener-bener nggatèkké, dadi isa ngerti karepé Yéhuwah lan ngerti carané manut Dhèwèké. Yéhuwah mesthi seneng nèk awaké dhéwé gelem ngrungokké omongané lan manut Dhèwèké.—WB. 27:11.
NGAPA KOK KUDU NGGATÈKKÉ PAS NGIBADAH?
5. Merga sayang Yéhuwah, awaké dhéwé bakal piyé? (Yohanes 4:23, 24; 1 Yohanes 5:3)
5 Sayang Yéhuwah. (Mat. 22:37) Semakin akèh sing dipelajari, bakal semakin sayang Yéhuwah. Merga sayang Yéhuwah, awaké dhéwé bakal gelem ngrungokké lan manut Dhèwèké. Terus, ya bakal ngupaya bèn ngibadahé sesuai karo sing dikarepké Yéhuwah.—Wacanen Yohanes 4:23, 24; 1 Yohanes 5:3.
6. Pas ngibadah, awaké dhéwé diajari apa?
6 Sayang wong liya. (Mat. 22:39) Pas ngibadah, awaké dhéwé diajari bèn isa mbantu sedulur seiman lan wong-wong sing durung kenal Yéhuwah. Misalé, awaké dhéwé diajari carané bèn isa mulai omong-omongan pas nginjil. Awaké dhéwé isa nggatèkké sedulur-sedulur sing éntuk tugas siswa pas pertemuan ibadah tengah pekan. Terus, ya isa sinau saka brosur Sayang Kabèh Wong Kunci Ndadèkké Murid bèn isa ngerti sifat-sifat apa sing kudu diupayakké pas nginjil.
7. Apa alesan liyané kudu nggatèkké pas ngibadah?
7 Bèn isa bahagia saiki lan ing masa depan. Kaya sing diomongké Yéhuwah ing umaté jaman mbiyèn, awaké dhéwé kudu manut Yéhuwah bèn isa bahagia saiki lan urip saklawasé ing masa depan. (PT. 32:44-47) Tapi merga saiki akhir jaman, tetep manut karo Yéhuwah kuwi ora selalu gampang. Makané nèk nggatèkké pas ngibadah, awaké dhéwé dibantu bèn tetep manut Yéhuwah lan semangat nglayani Dhèwèké. (Mat. 24:42-44; Why. 1:3) Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya bakal dikuwatké bèn sabar ngentèni janjiné Yéhuwah kelakon.—Rm. 8:25.
PIYÉ BÈN HADIRIN LUWIH TERTARIK NGGATÈKKÉ?
8. Ngapa kok sedulur sing éntuk tugas mulang kudu ngupaya luwih trampil?
8 Sedulur sing éntuk tugas mulang ing jemaat, khususé sing éntuk ceramah, kudu ngupaya bèn luwih trampil. Dhèwèké kudu persiapan tenanan bèn sing disampèkké bener-bener saka Alkitab. Nèk ngono, hadirin isa éntuk manfaat. Sing durung Seksi Yéhuwah dadi isa ngerti ajaran sing bener, lan sing wis dadi Seksi Yéhuwah imané isa tambah kuwat. Dadi iki tugas sing penting. Aja disepèlèkké. Upayakna saran-saran sing bakal dibahas ing paragraf 9-13. Mémang saran-saran iki khususé kanggo sing éntuk ceramah, tapi ya isa ditrapké kanggo kabèh sing éntuk bagian ing acara ibadah.—2 Tim. 4:2; Tit. 1:9.
9. Pas ceramah, ngapa kok aluré kudu jelas?
9 Aluré kudu jelas. Njenengan mesthi péngin ta hadirin isa mudheng karo sing njenengan sampèkké? Nèk ceramahé njlimet, hadiriné dadi mumet lan akhiré males ngrungokké. Nah bèn aluré jelas, kudu piyé? (1) Ing awal ceramah, sebutna apa waé gagasan utamané. (2) Jelasna gagasan utamané siji-siji. Tapi pas arep ganti gagasan, isa mandheg sedhéla bèn hadirin ngerti nèk njenengan arep njelaské gagasan berikuté. (3) Ing akhir ceramah, sebutna manèh gagasan-gagasan utamané.
10. Ngapa kok kudu seneng karo bahan sing mèh disampèkké?
10 Seneng karo bahané. Nèk seneng karo bahané, njenengan bakal semangat nyampèkkéné lan hadirin ya bakal tertarik nggatèkké kuwi. (WB. 2:4, 5; Kis. 4:20) Makané kudu persiapan tenanan. Renungna ayat-ayat lan poin-poin ing bahané. Sedulur lanang saka Amerika Serikat sing umuré 70-an crita soal ceramah sing dhèwèké rungokké pas isih enom. Wektu kuwi, ceramahé mbahas soal pentingé ngrenungké Alkitab. Dhèwèké ngomong, ”Sing ceramah semangat banget nyampèkkéné. Aku isa ngrasakké nèk dhèwèké seneng banget karo bahané lan wis ngrasakké dhéwé manfaaté. Bar krungu ceramah mau, aku tambah semangat maca Alkitab lan ngrenungké kuwi. Aku ya dadi tambah cedhak karo Yéhuwah.”
11. Piyé bèn hadirin isa éntuk manfaat saka ceramahé njenengan? (1 Timotius 4:13-16)
11 Mikirké kebutuhané hadirin lan ngandhani carané ngetrapké. Nèk mikirké kebutuhané hadirin, dadi isa ngekèki naséhat sing luwih spésifik, ora mung sing terlalu umum. Misalé Rasul Paulus. Dhèwèké ngekèki Timotius beberapa naséhat sing spésifik bèn Timotius isa tetep cedhak karo Yéhuwah pas nglayani ing Éfésus. (Wacanen 1 Timotius 4:13-16.) Njenengan ya isa ngekèki naséhat sing spésifik nèk mikirké kebutuhané hadirin. Hasilé, hadirin dadi isa ngerti carané ngetrapké naséhat saka Alkitab.
12. Ngapa kok kudu wajar wektu ceramah?
12 Latihan nganggo swara bèn nyampèkkéné wajar. Ngupayaa bèn nyampèkkéné kaya lagi omong-omongan ketimbang mung maca bahané. Ing brosur Carané Bèn Trampil Maca lan Mulang disebutké, ”Kudu wajar wektu ngomong bèn wong liya ngerti nèk awaké dhéwé tulus lan perduli.” Nèk nyampèkkéné wajar, hadirin dadi tertarik, paham karo sing dibahas, lan akhiré isa ngetrapké sing dirungokké.
13. Apa manfaaté nèk njaluk saran karo sedulur sing luwih berpengalaman? (Deloken gambar.)
13 Njaluk saran karo sing luwih berpengalaman. Mungkin isa nduduhi cathetané njenengan ing sedulur kuwi bèn dicèk. Sakliyané kuwi, ya isa njaluk tulung dhèwèké ngrungokké pas njenengan latihan. Gunakna sarané bèn ceramahé njenengan dadi luwih apik. (WB. 1:5) Kadhang awaké dhéwé ora ngerti ceramahé awaké dhéwé wis jelas apa durung. Nah, wong liya isa ngandhani bagian endi sing kudu digawé luwih jelas. Nèk ngupaya luwih trampil, hadirin dadi isa luwih paham lan isa ngetrapké sing dibahas.a
Bèn isa luwih trampil, njaluka saran karo sedulur sing luwih berpengalaman (Deloken paragraf 13)
PIYÉ BÈN ISA LUWIH NGGATÈKKÉ PAS NGIBADAH?
14. Piyé carané niru sing nulis Mazmur 119? (Mazmur 119:24, 111, 167)
14 Menghargai tuntunané Yéhuwah ing acara ibadah. Awaké dhéwé butuh tuntunané Yéhuwah, apamanèh saiki keadaané ”angèl diadhepi lan berbahaya”. (2 Tim. 3:1) Makané, meskipun sing disampèkké ing acara ibadah kayané dibolan-balèni, kuwi kudu tetep digatèkké. Awaké dhéwé isa niru contoné sing nulis Mazmur 119 sing selalu menghargai tuntunan saka Yéhuwah.—Wacanen Mazmur 119:24, 111, 167.
15. Piyé bèn isa terus menghargai sing disampèkké ing acara ibadah?
15 Awaké dhéwé kudu terus menghargai kabèh sing disedhiakké Yéhuwah kanggo umaté. Aja nganti kaya wong Israèl ing padhang belantara. (Pa. 16:15, 31) Awalé pas dikèki manna, wong Israèl seneng merga rasané énak lan bergizi. Tapi suwé-suwé, meréka bosen merga kudu mangan kuwi saben dina. (Wi. 21:5) Apa pelajarané? Mungkin sing dibahas ing acara ibadah kayané dibolan-balèni. Tapi aja nganti nganggep kuwi ora penting. Awaké dhéwé péngin menghargai kabèh sing dibahas ing acara ibadah merga kuwi tuntunan saka Yéhuwah. Bahan-bahané ya wis disiapké tenanan karo budhak sing setya. Nèk nggatèkké sing dibahas ing acara ibadah, awaké dhéwé dadi isa nggawé keputusan sing nyenengké Yéhuwah lan akhiré isa urip saklawasé.—WB. 3:13, 16-18; Yoh. 17:3.
16. Apa sing diupayakké beberapa sedulur bèn isa luwih nggatèkké pas ngibadah? (Deloken kothak ”Piyé Meréka Isa Nggatèkké Pas Ngibadah?”)
16 Nyoba saran-saran iki. Gatèkna apa sing diupayakké beberapa sedulur iki. Sedulur Ashley, sing wis nglayani Yéhuwah luwih saka 30 taun, crita, ”Nurutku, persiapan kuwi penting. Nèk ora persiapan, aku dadi ora isa mèlu njawab lan akhiré pikiranku ing endi-endi.” Sedulur József, sing wis nglayani Yéhuwah selama 52 taun, ngomong, ”Meskipun topiké wis bola-bali tak rungokké, aku selalu ngupaya nggolèki hal anyar sing isa tak pelajari. Terus, nèk misalé sing ceramah nyampèkkéné kurang apik, aku ngupaya bèn luwih fokus karo isi ceramahé ketimbang karo carané nyampèkké.”
17. Apa manèh sing isa diupayakké bèn isa luwih nggatèkké pas ngibadah? (Deloken gambar.)
17 Njenengan ya isa nyoba saran-saran iki bèn isa luwih nggatèkké pas ngibadah. (1) Mangané aja akèh-akèh bèn ora ngantuk. (2) Teka luwih gasik bèn isa nggolèk lungguhan sakdurungé acarané mulai. (3) HP utawa tablèté isa diatur ora metu swarané bèn ora ngganggu liyané. Terus ya aja dolanan kuwi selama acara. (4) Pikirna soal topik sing bakal dibahas. (5) Fokus karo sing ceramah utawa sing éntuk bagian. Aja malah ndeloki liyané. (6) Isa nggawé cathetan singkat utawa nggambar poin-poin pentingé. (7) Mèlu maca ayat-ayat sing disampèkké, lan pikirna hubungané ayat kuwi karo sing lagi dibahas. (8) Pikirna piyé sing lagi dibahas kuwi isa dienggo mbantu sedulur seiman utawa wong sing awaké dhéwé temoni pas nginjil. (9) Sakdurungé teka ing pertemuan wilayah utawa gabungan wilayah, isa ndelok daftar acarané. Gatèkna téma, judhul-judhul ceramahé, lan ayat-ayat kunciné. (10) Pas mèlu pertemuan wilayah utawa gabungan wilayah, ngupayaa wis lungguh pas musik utawa vidéo musiké disetèl.
Aja nganti dadi ora fokus nggatèkké merga dolanan HP utawa tablèt (Deloken paragraf 17)
TERUS ”NGRUNGOKKÉ” YÉHUWAH
18. Ngapa kok kudu ”ngrungokké tenanan” pas ngibadah?
18 Liwat acara ibadah, Yéhuwah lagi nuntun umaté ing ”dalan sing bener”. (Mzm. 23:3; 31:3) Awaké dhéwé butuh dituntun Yéhuwah bèn isa terus nggawé keputusan sing bener. Makané, kudu ”ngrungokké tenanan” lan ngetrapké sing wis dipelajari pas ngibadah. (Luk. 8:18) Nèk gelem terus dituntun Yéhuwah, awaké dhéwé bakal bahagia saiki lan isa urip saklawasé ing masa depan.—Mzm. 119:2, 14.
LAGU 87 Acara Ibadah Kuwi Nguwatké
a Njenengan isa éntuk saran-saran liyané nèk maca brosur Carané Bèn Trampil Maca lan Mulang lan buku Memperoleh Manfaat dari Pendidikan Sekolah Pelayanan Teokratis.