PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w26 April hlm. 26-31
  • Semakin Akrab karo Bojo

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Semakin Akrab karo Bojo
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SARAN KANGGO SING LAGI NGGOLÈK BOJO
  • SARAN KANGGO SUAMI ISTRI
  • PIYÉ NÈK ANA MASALAH?
  • Naséhat soal Carané Nggolèk Pasangan Hidup
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Urip Bebojoan Kuwi Anugrah
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
  • Urip Bebojoan sing Rukun lan Bahagia
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
  • Nyuwuna Tuntunané Gusti Allah Bèn Ayem Tentrem
    Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
w26 April hlm. 26-31

29 JUNI–5 JULI 2026

LAGU 131 Sing Yéhuwah Dadèkké Siji

Semakin Akrab karo Bojo

”Ana kanca sing luwih akrab timbang sedulur kandhung.”—WB. 18:24.

INTI

Perkawinan isa bahagia nèk suami istri hubungané akrab lan sayang karo Yéhuwah.

1. Ngapa kok nduwé sahabat kuwi hadiah saka Yéhuwah?

NDUWÉ sahabat sing sayang karo Yéhuwah lan sayang karo awaké dhéwé kuwi mesthi ”nggawé ati seneng”. (WB. 27:9) Meréka péngin awaké dhéwé bahagia, gelem menghibur pas awaké dhéwé sedhih, lan gelem ngekèki naséhat. Terus meréka ya isa dipercaya. Sahabat sing kaya ngono kuwi hadiah saka Yéhuwah.—Yak. 1:17.

2. Ngapa kok suami istri kudu ngupaya bèn semakin akrab? (Matius 19:6)

2 Suami istri kudu dadi sahabat. Loro-loroné kudu ngupaya bèn hubungané semakin akrab. Nèk ngupayakké kuwi, meréka isa ngrasakké nèk meréka ”dudu loro manèh, ning siji”. (Wacanen Matius 19:6.) Tapi nèk ora ngupayakké kuwi, dadi isa ngrasa kesepian, ora bahagia, lan gampang padu. Ing artikel iki bakal dibahas carané bèn suami istri hubungané isa semakin akrab. Tapi, ayo mbahas sik saran-saran sing bermanfaat kanggo sing lagi nggolèk bojo.

SARAN KANGGO SING LAGI NGGOLÈK BOJO

3-4. Ana saran apa kanggo sing lagi nggolèk bojo? (Wulang Bebasan 18:22)

3 Sakdurungé nggawé keputusan, biasané awaké dhéwé bakal mikirké untung ruginé. Apa manèh nèk keputusan kuwi mempengaruhi awaké dhéwé seumur hidup. Mesthi bakal dipikirké tenanan.

4 Salah sijiné soal milih bojo. Kuwi kudu dipikirké tenanan, merga awaké dhéwé lagi milih wong sing bakal ngancani awaké dhéwé seumur hidup. Sing nggawé perkawinan kuwi Yéhuwah. Dhèwèké péngin awaké dhéwé éntuk pasangan sing apik. Makané cocog nèk njaluk tuntunan saka Yéhuwah. (Wacanen Wulang Bebasan 18:22; Yés. 48:​17, 18) Tuntunané kuwi ana ing Alkitab. Makané sakdurungé milih bojo, kudu mikirké pathokan-pathokan ing Alkitab.

5. Ngapa kok kudu nggolèk bojo sing padha-padha umaté Yéhuwah?

5 Bar dibaptis, awaké dhéwé dadi sahabaté Yéhuwah. (Mzm. 25:14) Makané nèk péngin nikah, golèka sing padha-padha sahabaté Yéhuwah. (1 Kor. 7:39) Kuwi bukti nèk manut tuntunané Yéhuwah. Hasilé awaké dhéwé isa éntuk bojo sing apik. (WB. 19:14) Terus, ya ora bakal kena masalah merga nikah karo sing dudu umaté Yéhuwah. (2 Kor. 6:14) Nggolèk bojo sing dudu umaté Yéhuwah kuwi keputusan sing ora apik. Tapi, ana sing kaya ngono merga ora isa nemokké Seksi Yéhuwah sing cocog utawa mikir nèk wong sing dudu umaté Yéhuwah kuwi akhiré isa sinau Alkitab. Aja nganti nduwé pikiran sing kaya ngono.

6-7. Pertanyaan apa waé sing kudu dipikirké selama pacaran?

6 Tapi mémang, ora kabèh sing wis dibaptis mesthi cocog didadèkké bojo. Nèk lagi pacaran, coba pikirna pertanyaan-pertanyaan iki: ’Piyé sikapé dhèwèké karo keluargané? Apa wongé perduli lan sopan? Sapa waé kancané? Piyé tanggepané nèk ana sing béda pendhapat karo dhèwèké? Dhèwèké kaku utawa seneng ngalah nèk kuwi ora nglanggar pathokan ing Alkitab? Piyé pandhangané soal dhuwit?’

7 Terus ya isa mikirké iki: ’Apa dhèwèké sayang karo Yéhuwah lan ngupaya niru sifat-sifaté? Nèk soal nglayani Yéhuwah, apa kami nduwé tujuan sing padha? Terus mengko nèk wis nikah, apa dhèwèké isa mbantu aku terus semangat nglayani Yéhuwah? Apa aku yakin dhèwèké isa dadi bojo sing apik?’ (Kol. 3:​9, 10) Nèk njenengan sedulur wédok, apa sedulur lanang kuwi isa dadi kepala keluarga sing apik? (1 Kor. 11:3) Nèk njenengan sedulur lanang, apa sedulur wédok kuwi isa ngajèni lan bakal tetep ndhukung meskipun njenengan ora sempurna lan isa nggawé salah? Butuh wektu bèn isa ngerti kuwi kabèh. Makané selama pacaran, ngupayaa bèn isa bener-bener kenal karo dhèwèké.

8-9. Apa manèh sing kudu diupayakké selama pacaran? (Deloken gambar.)

8 Terus selama pacaran, ya isa ngupaya nggolèk informasi luwih akèh soal pacaré njenengan. Njenengan isa takon karo wong-wong sing kenal dhèwèké soal réputasiné. Misalé, apa dhèwèké dikenal dadi wong sing rendah hati, apikan, lan ora kaku? Gatèkna pengalamané Sedulur Sarah saka Guyana Prancis, sing saiki wis nikah karo sedulur sing jenengé Daniel. Dhèwèké crita, ”Mbiyèn pas pacaran, aku takon pendapaté wong liya soal Daniel. Misalé aku takon karo sedulur sing sak kos karo Daniel, karo pinituwa lan sedulur-sedulur wédok ing jemaaté, lan karo kanca-kanca sing kenal karo kami berdua.” Njenengan ya isa takon soal masa laluné utawa hal-hal liyané sing perlu njenengan ngerti, bèn mengko ora dadi masalah sakwisé nikah.

9 Sakwisé beberapa waktu, mungkin njenengan ndelok dhéwé utawa ngerti saka wong liya soal sifat-sifaté sing èlèk. Kuwi aja disepèlèkké merga isa dadi pertimbangan hubungané arep lanjut utawa putus.a Saiki, ayo mbahas piyé suami istri isa ngupaya bèn hubungané semakin akrab.

Wong sing pacaran lagi ngobrol pas ramah tamah.

Pas pacaran, kudu ngupaya saling mengenal (Deloken paragraf 8-9)


SARAN KANGGO SUAMI ISTRI

10. Apa sing isa diupayakké suami istri bèn semakin akrab?

10 Suami istri kudu ngupaya nduwé wektu bareng-bareng. Meréka isa kegiatan bareng, crita sing dialami dina kuwi, crita sing lagi dipikirké lan dirasakké, terus ya isa nduduhké rasa sayang. Nèk ngupayakké kuwi, meréka isa semakin akrab.

11. Apa sing isa marakké hubungané suami istri dadi ora apik?

11 Suami istri sing akrab mesthi pénginé bareng-bareng terus. Mémang kadhang ora isa selalu kaya ngono. Tapi nèk ora bareng-barengé suwé, kuwi bahaya. Misalé, ana sing suwé ninggalké bojoné merga kerja ing luar negri. Mungkin nggolèk dhuwité dadi gampang, tapi kuwi isa marakké masalah ing perkawinan.

12-13. (a) Apa sing diupayakké beberapa suami istri bèn isa kerep bareng-bareng? (Deloken gambar.) (b) Bojo luwih penting timbang sapa? (Deloken kothak ”Endi sing Kudu Diutamakké?”)

12 Gatèkna piyé beberapa suami istri ngupaya bèn isa kerep bareng-bareng. Sedulur Leah saka Guam crita, ”Aku seneng nèk ngapa-ngapa bareng karo bojoku. Dadi kami jarang banget kegiatan dhéwé-dhéwé.” Roxanne saka Amerika Serikat crita, ”Merga padha-padha sibuk, kami nggawé jadwal bèn isa bareng-bareng.” (Bandhingna Amos 3:3.) Damien saka Prancis ngomong, ”Aku ngupaya bèn isa seneng karo hobiné bojoku. Bojoku ya ngono.” (Mat. 7:12) Katie saka Amerika Serikat ngomong, ”Kami sepakat ana waktu-waktu tertentu ora dolanan HP bèn isa ngobrol.”

13 Tapi sing paling penting, ngupayaa nduwé wektu bareng-bareng kanggo kegiatan rohani. Myriam saka Prancis crita, ”Saben ésuk, kami maca Alkitab. Terus, kami mbahas apa waé sing isa ditrapké. Aku ya seneng pas ndonga karo bojoku, merga aku dadi isa ngerti sepira sayangé dhèwèké karo Yéhuwah.” Katie sing disebutké mau ngomong, ”Kami paling seneng pas isa nginjil bareng. Aku dadi isa ngerti sepira sayangé bojoku karo Yéhuwah. Bojoku ya dadi isa ngerti rasa sayangku ing Yéhuwah. Terus, kami ya isa saling belajar.”—WB. 27:17.

Wong sing pacaran mau akhiré wis nikah lan saiki lagi kémah.

Kudu nduwé wektu bareng-bareng karo bojo bèn isa semakin akrab (Deloken paragraf 12-13)


Endi sing Kudu Diutamakké?

Yéhuwah, bojo, wong tuwa, sedulur-sedulur, lan tugas-tugas saka organisasi kuwi penting. Tapi endi sing kudu diutamakké?—Flp. 1:10.

  1. 1. Yéhuwah. Hubungané njenengan karo Yéhuwah kuwi kudu sing paling penting. (Mat. 6:33; Mrk. 12:30) Aja nganti merga péngin nyenengké bojo, malah nggawé Yéhuwah sedhih.—Kis. 5:29; bandhingna Purwaning Dumadi 2:​16, 17; 3:6.

  2. 2. Bojo. Njenengan karo bojo kuwi wis dadi ”sak daging”. Makané, kudu menyayangi bojo kaya menyayangi diri sendiri.—PD. 2:​24, cathetan ngisor; Éf. 5:​28, 29, 33.

  3. 3. Wong liya lan tugas-tugas saka organisasi. Njenengan mesthi péngin perduli karo wong tuwa, keluarga, lan sedulur seiman. Terus, njenengan mesthi ya gelem ngrampungké tugas-tugas saka organisasi. Tapi, Yéhuwah péngin bèn njenengan luwih ngutamakké bojo timbang kuwi kabèh.—1 Tim. 5:8.

PIYÉ NÈK ANA MASALAH?

14-15. Pas ngadhepi masalah, ngapa kok suami istri kudu ngrampungi kuwi? Kèkana perumpamaan.

14 Merga ora sempurna, suami istri ora bébas saka masalah. Ing Alkitab disebutké nèk ”wong sing nikah bakal ngalami akèh kesusahan”. (1 Kor. 7:28) Pas ngadhepi kuwi, suami istri kudu ngupaya ngrampungi masalahé lan ora pisah. Lha ngapa?

15 Perumpamaané ngéné. Nèk ana bangunan bersejarah sing rusak, mesthi bakal didandani, ta? Meskipun ndandaniné suwé lan butuh akèh dhuwit, mesthi bakal tetep diupayakké. Lha ngapa? Merga bangunan kuwi berharga. Padha kaya ngono, perkawinan kuwi ya berharga. Mémang kadhang suami istri ngadhepi masalah, lan kuwi marakké hubungané dadi ora akrab. Tapi kaya bangunan mau, hubungané meréka isa diperbaiki. Mémang kuwi butuh wektu lan upaya. Tapi, Yéhuwah seneng nèk suami istri ngupaya ngrampungi masalahé lan tetep bareng-bareng. (Mal. 2:16) Kuwi bukti nèk meréka ngajèni Yéhuwah sing nggawé perkawinan.

16. Piyé pathokan ing 1 Korintus 13:​4-8a isa mbantu suami istri sing lagi ngadhepi masalah? (Deloken gambar lan kothak ”Bantuan Bèn Akrab karo Bojo”.)

16 Pas ngadhepi masalah, aja cepet-cepet mutuské pisahan. (1 Kor. 7:​10, 11) Coba pikirna, ’Apa sing isa tak upayakké bèn hubungané kami kuwat manèh?’ Misalé, isa sinau carané nduduhké katresnan kaya sing disebutké ing 1 Korintus 13:​4-8a. (Wacanen.) Pikirna endi sing kudu diupayakké. Timbang langsung mutuské pisahan, pikirna apa sing isa njenengan upayakké kanggo ngrampungi masalahé lan isa akrab manèh karo bojo. Njaluka bantuané Yéhuwah liwat donga. Terus, ya isa nggolèk saran saka pinituwa, saka sedulur sing berpengalaman, utawa ing publikasi saka organisasi. Nèk ngendelké Yéhuwah, hubungané suami istri ”ora gampang dipedhot”.—Pkh. 4:12.

Pasangan mau lagi mbahas masalah ing omah. Pas lagi crita, istriné nganti nangis. Sing lanang ngrungokké tenanan karo ngelus pundhaké bojoné. Ing méjané, ana Alkitab sing kebukak lan brosur Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem.

Aja cepet-cepet mutuské pisah pas ana masalah (Deloken paragraf 16)


Bantuan Bèn Akrab karo Bojo

Organisasiné Yéhuwah wis nyedhiakké akèh publikasi bèn suami istri isa semakin akrab lan isa ngrampungi masalah. Njenengan wis tau nyoba sing endi?

  • Brosur Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

  • Sèri vidéo Carané Bèn Keluarga Bahagia

  • Sèri artikel ”Bantuan kanggo Keluarga”

  • Artikel-artikel ing bagian ”Suami Istri lan Wong Tuwa” sing ana ing jw.org

17. Piyé sing lagi nggolèk bojo karo sing wis nikah isa bahagia?

17 Yéhuwah péngin kabèh umaté bahagia, termasuk sing lagi nggolèk bojo lan sing wis nikah. Kanggo sing lagi nggolèk bojo, kudu ngati-ati pas milih pasangan. Terus kanggo sing wis nikah, ngupayaa bèn hubungané njenengan karo bojo isa semakin akrab. Pas ngadhepi masalah, aja cepet nyerah. Terusa ngendelké Yéhuwah. Hasilé njenengan karo bojo mesthi bahagia.—Pkh. 9:9.

APA JAWABANÉ?

  • Ana saran apa kanggo sing lagi nggolèk bojo?

  • Piyé bèn suami istri hubungané isa semakin akrab?

  • Suami istri kudu piyé pas ngadhepi masalah?

LAGU 132 Aku Kowé Dadi Siji

a Nèk péngin ngerti saran-saran liyané bèn isa luwih kenal karo pacaré njenengan, wacanen artikel sing judhulé ”Naséhat soal Berpacaran Menurut Alkitab”, khususé ing subjudhul ”Bèn Luwih Kenal karo Wongé”, sing ana ing Warta Penting Mei 2024.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2026 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim