COBANEN IKI
Bèn Isa Paham Perumpamaan ing Alkitab
Ana akèh perumpamaan ing Alkitab, tapi ya ana akèh sing ora paham. (Mat. 13:13) Bèn isa paham perumpamaan ing Alkitab, kudu piyé? Cobanen iki:
Ngerti sik lagi mbahas apa lan perumpamaané apa. Misalé, Wahyu 3:3 lagi mbahas soal tekané Yésus, lan kuwi diumpamakké kaya maling.
Nggolèki persamaané. Isa mikirké persamaan antara perumpamaané karo sing lagi dibahas.
Kesimpulané kudu cocog karo tujuan perumpamaané. Beberapa persamaan isa marahi wong dadi salah paham karo perumpamaané. Misalé kaya perumpamaan ing Wahyu 3:3 mau. Tekané Yésus mémang diumpamakké kaya maling, tapi kuwi ora berarti Yésus bakal dadi maling. Tujuan saka perumpamaan kuwi sakjané kanggo nduduhké nèk tekané Yésus ora ana sing ngerti lan ora disangka-sangka.