PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w26 April hlm. 8-13
  • Janjiné ”Gusti Allah sing Bener” Mesthi Ditepati

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Janjiné ”Gusti Allah sing Bener” Mesthi Ditepati
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ”GUSTI ALLAH SING BENER” ISA DIPERCAYA
  • UPAYANÉ ”GUSTI ALLAH SING BENER” BÈN JANJINÉ KELAKON
  • ”GUSTI ALLAH SING BENER” NGUMPULKÉ WONG-WONG SING MANUT
  • YAKIN NÈK JANJINÉ YÉHUWAH MESTHI KELAKON
  • Jawaben Pertanyaan-Pertanyaan Iki
    Daftar Acara Pertemuan Wilayah 2025-2026 karo Wakil Kantor Cabang
  • Rendah Hati Ngakoni Nèk Ana Hal-Hal sing Awaké Dhéwé Ora Ngerti
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Jawaben Pertanyaan-Pertanyaan Iki
    Daftar Acara Pertemuan Wilayah 2025-2026 karo Pinituwa Wilayah
  • Percaya karo Yéhuwah, sing Paling Berkuasa ing Alam Semesta
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
w26 April hlm. 8-13

8-14 JUNI 2026

LAGU 8 Yéhuwah sing Nglindhungi

Janjiné ”Gusti Allah sing Bener” Mesthi Ditepati

”Oh Yéhuwah, Njenengan Gusti Allah sing bener, sing wis nebus aku.”—MZM. 31:5.

INTI

Isa tambah percaya nèk Yéhuwah mesthi nepati kabèh janjiné, termasuk nyingkirké Sétan.

1. Menurut Mazmur 31:​2-5, sapa sing isa dipercaya?

SAIKI, akèh wong ora jujur lan seneng nipu. Misalé, ana sing dodolan tapi barang sing diedol ora sesuai karo sing diiklanké. Sing liyané ora jujur wektu nglaporké pajeg ing pemerintah. Bahkan, ya ana sing dikhianati karo kanca cedhaké. Makané, akèh wong ngrasa angèl percaya karo liyané. Tapi isih ana sing isa awaké dhéwé percaya. Ing Mazmur 31:​2-5 (Wacanen.) disebutké nèk Yéhuwah kuwi ”Gusti Allah sing bener”. Kabèh omongané Yéhuwah kuwi mesthi bener, lan Dhèwèké ora tau ngapusi. Dadi, awaké dhéwé isa yakin nèk kabèh janjiné Yéhuwah mesthi bakal ditepati.

2. Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?

2 Ing artikel iki bakal dibahas ngapa kok Yéhuwah isa dipercaya. Terus, ya bakal dibahas apa waé sing wis diupayakké Yéhuwah bèn janjiné isa kelakon, termasuk janjiné kanggo nyingkirké Sétan. Ngrenungké pembahasan iki isa marakké awaké dhéwé semakin kendel ngandhani wong-wong soal Yéhuwah.

”GUSTI ALLAH SING BENER” ISA DIPERCAYA

3. Ngapa Yéhuwah isa dipercaya?

3 Yéhuwah isa dipercaya merga Dhèwèké kuwi Pencipta. Dhèwèké sing nyiptakké kabèh, termasuk langit lan bumi. (PD. 1:1; Mzm. 36:9; Why. 4:11) Nah pas nyiptakké, Yéhuwah ya ora asal-asalan. Dhèwèké nyedhiakké sing dibutuhké karo ciptaané bèn tetep urip, misalé udara lan banyu. Kuwi mbuktèkké nèk Yéhuwah ora mung mahakuwasa, tapi ya ngerti sing paling apik kanggo ciptaané. Makané awaké dhéwé isa percaya karo Yéhuwah. Nèk manut tuntunané, mesthi isa terus bahagia saiki nganti sukmbèn.

4. Apa buktiné nèk Yéhuwah sayang manungsa?

4 Yéhuwah isa dipercaya merga Dhèwèké sayang manungsa. Yéhuwah ngekèki manungsa kehidupan. (PD. 1:26) Terus, Yéhuwah ya nyiptakké manungsa ora kaya robot, tapi dikèki kebébasan kanggo milih. Yéhuwah ya nggawé bumi dadi panggonan sing indah bèn isa dienggoni manungsa. (Mzm. 115:16) Terus, Adam lan Hawa ya dikèki tugas sing nyenengké yaiku nggawé bumi dadi firdaus. (PD. 1:28; 2:15) Sakliyané kuwi, meréka ya isa menikmati panganan sing énak-énak, dolanan karo kéwan sing lucu-lucu, lan liyané. Yéhuwah péngin manungsa isa menikmati kehidupan. Kuwi bukti nèk ”katresnané Yéhuwah . . . ana saklawasé”.—Mzm. 103:17.

5. (a) Pas Adam lan Hawa ora manut, apa berarti Yéhuwah gagal nepati janjiné? Jelasna. (b) Sebutna beberapa conto janjiné Yéhuwah sing wis ditepati. (Deloken kothak ”Janjiné Yéhuwah Selalu Ditepati”.)

5 Yéhuwah isa dipercaya merga selalu nepati janjiné. Misalé, ing Alkitab disebutké nèk Yéhuwah nggawé bumi ”bèn dienggoni manungsa”. (Yés. 45:​18, 19) Tapi bar kuwi ana masalah. Adam karo Hawa ora manut lan akhiré dihukum mati. Apa kuwi berarti Yéhuwah gagal nepati janjiné? Ora. Yéhuwah mesthi nepati janjiné. (Yés. 46:​10, 11) Makané, Adam karo Hawa isih dikèki kesempatan kanggo nduwé anak. Terus, Yéhuwah ya ngekèki Yésus dadi tebusan bèn keturunané Adam isa nduwé harapan urip saklawasé ing bumi.—Yoh. 3:16.

Janjiné Yéhuwah Selalu Ditepati

Iki beberapa janjiné Yéhuwah sing wis ditepati:

  • Wong Israèl bakal nduwé dhaérah dhéwé, lan dhaérah kuwi ”akèh susu lan maduné”.—Pa. 3:​6-8; PT. 27:3.

  • Mésias bakal teka ing bumi lan dadi tebusan kanggo manungsa.—Yés. 53:​11, 12.

  • Kabar apik bakal diwartakké ing sak donya bèn wong-wong isa kenal karo Yéhuwah sakdurungé Armagédon teka.—Mat. 24:14.

Apa njenengan éling conto liyané?

UPAYANÉ ”GUSTI ALLAH SING BENER” BÈN JANJINÉ KELAKON

6. Yéhuwah janji apa sakwisé Adam karo Hawa ora manut?

6 Sing marakké Adam karo Hawa ora manut kuwi ”ula sing pertama, sing disebut Iblis lan Sétan”.a (Why. 12:9; PD. 3:​4, 5; Yoh. 8:44) Makané, Yéhuwah janji nèk Sétan bakal disingkirké. (PD. 3:15) Sakdurungé disingkirké, Sétan bakal mempengaruhi wong-wong bèn dadi pengikuté. Tapi, tetep ana sing milih manut karo Yéhuwah.

7. Sapa waé sing dadi pengikuté Sétan, lan mengko meréka bakalé piyé?

7 Sing dadi pengikuté Sétan kuwi akèh. Ana para malaékat lan manungsa. Meréka ora gelem manut karo Yéhuwah. Makané, Yéhuwah janji nèk Sétan karo para pengikuté bakal disingkirké ing wektu sing wis ditentokké.—Dan. 2:44; Rm. 16:20.

8. Sakwisé dadi Raja, Yésus ngapa? (Deloken gambar.)

8 Apa sing marakké awaké dhéwé yakin nèk Sétan lan para pengikuté bakal disingkirké? Ana sing wis diupayakké Yéhuwah. Taun 1914, Yéhuwah nglantik Yésus dadi Raja. Sakwisé dadi Raja, Yésus perang nglawan Sétan lan para malaékat sing mbrontak. Sétan karo para pengikuté kalah lan akhiré diuncalké ing bumi. (Why. 12:​7-9) Merga wis diuncalké ing bumi, fokusé Sétan ya mempengaruhi wong-wong ing bumi. Makané, keadaan bumi saiki kacau banget. Ing Alkitab disebutké, ”Cilaka kowé, hé bumi lan laut, merga Iblis wis marani kowé. Dhèwèké nesu banget merga ngerti wektuné mung tinggal sedhéla.” (Why. 12:12) Tapi ora suwé manèh, Yésus bakal nyingkirké Sétan lan para pengikuté. (Why. 6:2) Bar kuwi kelakon, jenengé Yéhuwah bakal diluhurké. (Mzm. 45:​4-6) Kabèh wong bakal ngerti nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener lan janjiné selalu ditepati.—Yèh. 38:23.

Gambar: Peristiwa-peristiwa sing kelakon ing bumi kèt taun 1914. 1. Sétan, sing digambarké dadi naga gedhé sing endhasé pitu, diuncalké ing bumi. 2. Pasukan tentara sing lagi ndhelik ing mburiné gundhukan lemah lan siap-siap nyerang. 3. Asap merga ledakan bom. 4. Ibu lagi meluk anaké sing nangis karo lungguh ing pinggir dalan. 5. Tentara sing siap némbak. 6. Wong lanang sing lagi mlaku ing antarané puing-puing bangunan. 7. Pabrik sing nyebabké polusi udara. 8. Wong-wong mlaku nganggo masker. 9. Wong démo bentrok karo polisi.

World War I: U.S. National Archives photo; bomb: USAF photo; pandemic: blvdone/stock.adobe.com; riot: inhauscreative/E+ via Getty Images

Kèt taun 1914, keadaan donya dadi tambah kacau (Deloken paragraf 8)


”GUSTI ALLAH SING BENER” NGUMPULKÉ WONG-WONG SING MANUT

9. Apa sing lagi dikumpulké Yéhuwah?

9 Meskipun ana sing mbrontak, tapi ya ana sing manut Yéhuwah. Saiki Yéhuwah lagi ”ngumpulké kabèh sing ana ing swarga lan ing bumi marang Kristus”. (Éf. 1:10) ”Kabèh sing ana ing swarga” kuwi maksudé wong-wong sing dipilih Yéhuwah kanggo mréntah bareng Yésus ing swarga. Terus, ”kabèh sing ana . . . ing bumi” kuwi maksudé wong-wong sing bakal urip saklawasé ing bumi. Meréka saiki semangat mbantu wong-wong bèn ngerti nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener lan Sétan kuwi sing ngapusi.

10. Piyé carané Yéhuwah ngumpulké wong-wong? (Wahyu 14:​6, 7)

10 Yéhuwah lagi ngumpulké wong-wong liwat gawéan nginjil. Meskipun sing dikongkon nginjil kuwi manungsa, tapi malaékat ya mbantu. Meréka ngarahké umaté Yéhuwah bèn isa nemokké wong-wong sing péngin kenal karo Yéhuwah. (Wacanen Wahyu 14:​6, 7.) Selama iki, Babilon Gedhé, utawa agama palsu sak donya, digunakké Sétan kanggo ngajarké sing salah soal Yéhuwah. (Why. 18:​2, 4) Makané pas nginjil, umaté Yéhuwah ngandhani wong-wong nèk ajaran kuwi ora bener. Ora suwé manèh, kabèh agama palsu bakal disingkirké, lan Yéhuwah bakal diluhurké.—Why. 17:16.

11. Apa buktiné nèk Seksi Yéhuwah bener-bener nglayani Gusti Allah?

11 Yéhuwah ngundang wong-wong saka latar belakang sing béda-béda bèn dadi umaté. (Why. 7:​9, 10) Pas krungu ”kabar apik”, meréka langsung ngerti nèk kuwi sing bener lan péngin dadi bagian saka umaté Yéhuwah. (Mrk. 13:10) Terus kaya ramalané Nabi Maléakhi, saiki dadi kétok jelas sapa sing nglayani Gusti Allah lan sing ora. Nabi Maléakhi ngomong, ”Kowé bakal ndelok manèh bédané wong sing bener lan sing jahat, bédané wong sing nglayani lan sing ora nglayani Gusti Allah.” (Mal. 3:18) Merga semangat nginjil lan tingkah lakuné apik, Seksi Yéhuwah nduduhké nèk bener-bener nglayani Gusti Allah.

12. Ngapa kok martakké kabar apik isa marakké karepé Yéhuwah kelakon?

12 Nèk martakké ”kabar apik soal Kerajaan”, awaké dhéwé ora mung manut préntahé Yésus, tapi ya mèlu nggenepi ramalan ing Alkitab. (Mat. 24:14; 28:​18-20) Terus, wong-wong isa nduwé kesempatan dadi muridé Yésus lan isa nduwé harapan urip saklawasé, kaya karepé Yéhuwah. Iki kesempatan sing luar biasa isa digunakké Yéhuwah bèn karepé kelakon.

YAKIN NÈK JANJINÉ YÉHUWAH MESTHI KELAKON

13. Sapa sing dadi targèt utamané Sétan, lan ngapa?

13 Ora suwé manèh, Sétan bakal disingkirké. Sétan ”nesu banget merga ngerti wektuné mung tinggal sedhéla”, makané dhèwèké ngupaya mempengaruhi luwih akèh wong. (Why. 12:​12, 13) Targèt utamané kuwi wong-wong sing dipilih munggah swarga. Lha ngapa? Soalé meréka ”manut karo préntahé Gusti Allah lan éntuk tugas kanggo mènèhi kesaksian soal Yésus”. (Why. 12:17; 14:12) Terus, sapa waé sing ndhukung meréka ya dadi targèté Sétan.

14. Yéhuwah bakal piyé pas umaté diserang? (Deloken gambar.)

14 Sakwisé agama palsu dihancurké, pengikuté Sétan nyerang umaté Yéhuwah. Tapi Yéhuwah ora bakal meneng waé. Dhèwèké bakal perang nglawan meréka, lan perang kuwi disebut perang Armagédon. (Why. 16:​13, 14, 16) Yéhuwah bakal nggunakké Yésus lan pasukané kanggo nylametké umaté. Terus, wong sing jahat, sing seneng ngapusi, lan sing ora jujur bakal disingkirké. (Why. 19:​19-21; 21:8) Pas kuwi, kabèh bakal ngerti nèk mung Yéhuwah Gusti Allah sing bener lan isa dipercaya.

Yésus karo pasukané numpak jaran putih lan nyerang tentara ing bumi. Yésus nganggo panah lan malaékat liyané nganggo pedhang.

Yésus lan pasukané ngalahké pengikuté Sétan ing perang Armagédon (Deloken paragraf 14)


15. Yéhuwah janji apa, lan ngapa kok isa yakin nèk kuwi mesthi kelakon? (Yésaya 65:​16, 17) (Deloken gambar.)

15 Mémang saiki isih ana akèh wong sing seneng ngapusi lan ora jujur. Tapi ana sing isa awaké dhéwé percaya, yaiku Yéhuwah. Yéhuwah lagi ngumpulké wong-wong bèn isa dadi umaté. Yéhuwah janji nèk bakal mberkahi umaté saiki lan ing masa depan. Awaké dhéwé yakin kuwi mesthi kelakon merga Yéhuwah kuwi ”Gusti Allah sing bener”. (Wacanen Yésaya 65:​16, 17.) Makané, awaké dhéwé ora perlu kuwatir soal masa depan. Ing Roma 8:​38, 39, Rasul Paulus ngomong, ”Ora ana sing isa nggawé Gusti Allah ora sayang manèh karo awaké dhéwé, embuh kuwi kematian, urip, malaékat, pamréntah, kuwasa, apa waé sing ana saiki, apa waé sing bakal ana sukmbèn, kabèh sing ana ing ndhuwur, kabèh sing ana ing ngisor, utawa ciptaan liyané. Ora ana sing isa nggawé Gusti Allah ora sayang manèh karo awaké dhéwé. Rasa sayangé kuwi diduduhké liwat Kristus Yésus, Gustiné awaké dhéwé.”

Wong tuwa karo anaké lanang lan wédok lagi lungguh ing téras omahé karo ndelok pemandhangan sing indah. Ana badak sing lagi mangan rumput.

Ing donya anyar, kabèh masalah sing ana saiki bakal disingkirké lan ora bakal diéling-éling manèh (Deloken paragraf 15)


16. Nurut njenengan, ngapa kok Yéhuwah isa dipercaya?

16 Saka pembahasan iki, awaké dhéwé wis ngerti ngapa kok Yéhuwah isa dipercaya. Dhèwèké kuwi Pencipta, sayang manungsa, lan selalu nepati janjiné. Terus, mau ya wis dibahas nèk Yéhuwah lagi ngundang wong-wong bèn dadi umaté. (Yés. 60:22; Za. 8:23) Sedhéla manèh, Yéhuwah ya bakal nyingkirké Sétan. Seneng banget rasané isa nglayani Yéhuwah, Gusti Allah sing bener. Mesthi perasaané awaké dhéwé kaya Daud sing ngomong, ”Muga-muga Yéhuwah . . . dipuji. Mung Dhèwèké sing tumindaké luar biasa. Muga-muga jenengé sing luhur dipuji nganti saklawasé. Muga-muga kemuliaané ana ing bumi.”—Mzm. 72:​18, 19.

APA JAWABANÉ?

  • Ngapa kok ”Gusti Allah sing bener” isa dipercaya?

  • Apa waé sing wis diupayakké Yéhuwah bèn isa nepati janjiné?

  • Ngapa kok isa yakin nèk janjiné Yéhuwah mesthi kelakon?

LAGU 2 Yéhuwah Jeneng-Mu

a Iki maksudé malaékat sing mbrontak nglawan Yéhuwah. Ing Alkitab mémang ora disebutké jenengé. Tapi biasané disebut ”Sétan”, sing artiné ”Penentang”, lan ”Iblis”, sing artiné ”Tukang Mitnah”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2026 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim