PENGALAMAN
Aku Dilatih Yéhuwah Kèt Enom
AKU KAGÈT banget wektu dikèki slip tugas. Ing kono tulisané, ”David Splane, 8 April 1953: ’Martakké soal Akhir Donya.’” Aku takon karo sedulur sing ngekèki slip iki, ”Iki apa?” Sedulur mau njawab, ”Iki tugasmu ing Sekolah kanggo Mulang Alkitab.a Kowé bakal nyampèkké ceramah.” Aku njawab, ”Lho aku ora ndaftar kok.”
Sakdurungé tak lanjutké critané, aku mèh crita sik piyé aku dadi Saksi Yéhuwah. Aku lair ing Calgary, Kanada. Pas kuwi isih Perang Donya II. Sekitar taun 1948, ana perintis sing ndhodhog lawang omah kami, jenengé Donald Fraser. Ibuku ditawani sinau Alkitab, lan dhèwèké gelem. Ibu seneng banget karo sing dipelajari saka Alkitab. Tapi merga lara parah, Ibu ora isa rutin teka ngibadah. Meskipun ngono, Ibu terus nggawé kemajuan lan dibaptis taun 1950. Sayangé rong taun bar kuwi, Ibu mati. Meskipun wektu kuwi durung sinau Alkitab, Bapak setuju nèk acara pemakamané diurus karo Seksi Yéhuwah.
Beberapa hari sakwisé pemakaman, aku dijak teka ngibadah karo sedulur wédok sing jenengé Alice. Mbiyèn pas Ibu isih séhat lan isa teka ing pertemuan ibadah, kami tau kenalan ing Balai Ibadah. Tapi aku takon sik karo Bapak. Bapak ngéntukké lan bahkan gelem mèlu merga péngin ngucapké maturnuwun karo sedulur sing nyampèkké ceramah ing pemakamané Ibu. Pas kuwi, pertemuan ibadah sing kami tekani isiné Sekolah kanggo Mulang Alkitab lan Piwulang kanggo Nginjil. Dadi ana siswa-siswa sing dilatih. Mbiyèn, Bapak tau kursus carané ngomong ing ngarepé wong akèh (public speaking). Dadi wektu ndelok siswa-siswa nyampèkké bagiané, Bapak seneng banget. Kèt kuwi Bapak mulai rutin teka, padahal awalé mung péngin teka pisan kuwi thok. Suwé-suwé, dhèwèké ya teka ing pertemuan ibadah akhir pekan.
Pas kaé, pinituwa sing mandhu bakal nyebutké jenengé siswa-siswa. Terus sing disebutké jenengé bakal njawab, ”Hadir.” Aku ya péngin jenengku disebutké. Makané, aku ngomong karo pinituwa sing mandhu. Pinituwané seneng lan ngalem aku. Tapi bar kuwi, dhèwèké ora ngandhani apa-apa manèh.
Jebulé kuwi padha waé aku ndaftar dadi siswa. Ing pertemuan ibadah minggu berikuté jenengku disebutké, terus aku njawab, ”Hadir.” Sedulur-sedulur padha seneng. Terus pas rampung pertemuan ibadah, meréka ya padha nyemangati aku. Nah kaya sing mau tak critakké ing awal, minggu berikuté aku éntuk slip tugas.
Wah, aku kagèt banget. Apa manèh pas kaé tugasé nyampèkké ceramah sing suwéné enem nganti wolung menit. Wektu kuwi, durung ana tugas maca Alkitab. Nah, Bapak sing mbantu aku nyiapké ceramah kuwi. Aku ya latihan nganti ping 20. Sakwisé nyampèkké ceramah, aku éntuk naséhat saka pinituwa sing mandhu. Sejak kuwi, aku ngrasakké dhéwé Yéhuwah nglatih aku liwat Bapak, sedulur-sedulur, lan organisasiné.
TERUS DILATIH
Tante Alice, sing sakdurungé ngejak aku teka ing pertemuan ibadah, ya nglatih aku nginjil. Pas kuwi, nginjilé macakké telung ayat sik, terus lagi nawakké buku. Nah pas giliranku, Tante Alice sik sing mulai omong-omongané. Terus aku sing macakké ayat pertama, keloro, nganti nawakké buku. Nah, suwé-suwé aku ora mung macakké ayat lan nawakké buku thok, tapi aku ya isa mulai omong-omongan sik. Sakwisé dibaptis taun 1954, Bapak ya nglatih aku nginjil. Bapak berupaya tenanan bèn aku sayang Yéhuwah. Kanggoné Bapak, nginjil lan ngibadah kuwi penting banget. Makané, kami selalu teka ngibadah lan selalu nginjil ing akhir pekan.
Pas sekolah mbiyèn, aku kuwi ora patia pinter. Tapi, sing tak pelajari selama 12 taun sekolah kuwi bermanfaat nganti saiki. Misalé merga sinau matematika, aku dadi isa ngerti carané étung-étungan. Terus, aku ya sinau basa Inggris. Aku dadi ngerti tata bahasa Inggris lan carané nulis artikel. Kuwi bermanfaat banget pas aku ditugaské ing Departemèn Penulisan.
Merga wong tuwaku seneng musik, aku ya dadi seneng musik. Pas aku umur pitung taun, aku mèlu lès piano. Tapi merga wektu kuwi aku ora tenanan sinauné, guru lèsku ngomong karo Bapak nèk mendhing sinauné mandheg waé.
Beberapa bulan bar kuwi, aku lès manèh karo guru liyané. Aku ora mung lès piano thok, tapi ya lès nyanyi. Makané aku dadi pinter main piano lan nyanyi, bahkan ya isa nyanyi nganggo nada tinggi. Merga swaraku lumayan apik, aku tau menang beberapa lomba. Pas kaé, aku péngin dadi guru musik bèn dhuwité isa tak enggo merintis. Makané mbiyèn aku kuliah musik. Tapi ternyata, wektuku entèk mung kanggo ngurusi musik lan persiapan ujian. Akhiré, taun 1963 aku mutuské mandheg kuliah lan dadi perintis biasa.
SENENGÉ MERINTIS
Sakwisé setaun merintis biasa, aku ditugaské dadi perintis istiméwa ing Kapuskasing, Ontario. Ing kono, aku dikancani perintis istiméwa sing jenengé Daniel Skinner. Dhèwèké kuwi luwih tuwa timbang aku. Mas Daniel nglatih aku carané ngorganisasi jemaat. Terus pas umur 20, aku dilantik dadi Panitia Dinas Sidang. Mula ana akèh sing kudu tak pelajari. Nah saiki, organisasi ya terus ngélingké pentingé nglatih sedulur-sedulur sing isih enom. Nèk gelem dilatih, meréka isa digunakké Yéhuwah kèt isih enom.
Nglayani ing Kapuskasing kuwi ora gampang. Misalé pas musim dingin kuwi atis banget. Suhuné kira-kira minus 33 derajat Celsius, bahkan isa nganti minus 44 derajat Celsius. Terus, nèk mèh ing endi-endi aku karo Mas Daniel biasané mlaku. Tapi, tetep ana akèh berkah sing tak rasakké merga nglayani ing kono. Salah sijiné ketemu sedulur wédok sing jenengé Linda Cole, sing belakangan dadi bojoku.
Linda kuwi seneng nginjil lan nduwé akèh kunjungan. Dhèwèké wongé ya ramah, apikan, lan perduli karo wong liya. Wong tuwané sing Seksi Yéhuwah kuwi mung ibuné, jenengé Goldie. Nèk bapaké, sing jenengé Allen, pas kuwi ora seneng karo Seksi Yéhuwah. Meskipun ditentang bojoné, ibuné Linda tetep ngejak Linda lan anaké sing liyané, sing jenengé John lan Gordon, mangkat ing pertemuan ibadah. Ibuné Linda ya nglatih anak-anaké bèn trampil nginjil. Akhiré, ibuné Linda lan kabèh anaké dadi perintis. Belakangan, bapaké Linda ya gelem sinau Alkitab lan dadi Seksi Yéhuwah sing semangat.
Taun 1965, aku diundang mèlu Sekolah kanggo Pinituwa lan Abdiné Jemaat ing Bètel Kanada. Ana akèh pelatihan sing tak tampa selama sesasi kuwi. Pas sekolah, aku ditawani ngisi formulir Sekolah Giléad. Sakjané aku ora kepikiran dadi utusan injil merga ngrasa ora sanggup. Tapi meskipun ngono, formuliré tetep tak isi. Akhiré aku diundang ing Sekolah Giléad kelas ke-42. Pas kuwi, umurku isih 21. Ing Sekolah Giléad, para instruktur biasané bakal nulis semacam rapor kanggo para siswané. Ing raporku sing pertama, aku éntuk saran bèn mempelajari luwih akèh soal organisasi. Kuwi saran sing tepat waktu, merga pas kuwi isih ana akèh sing durung tak ngertèni soal organisasi.
Salah siji pelatihan sing tak tampa ing Giléad kuwi carané berurusan karo wartawan saka stasiun TV, stasiun radio, lan kantor koran. Aku seneng banget nampa pelatihan kuwi. Pas kuwi, aku ora ngerti nèk jebulé pelatihan mau bermanfaat kanggo tugasku mengkoné. Kuwi bakal tak critakké mengko.
DITUGASKÉ ING SENEGAL
Bar lulus Sekolah Giléad, aku ditugaské ing Senegal, Afrika. Kanca utusan injilku jenengé Michael Höhle. Kami mangkat ing Senegal beberapa hari sakwisé wisuda. Pas kuwi, ing Senegal mung ana kira-kira 100 Seksi Yéhuwah.
Sakwisé beberapa bulan ing Senegal, aku diundang kanggo nglayani ing kantor cabang seminggu pisan. Wektu kuwi, kantor cabangé ora ing bangunan sing gedhé, tapi mung ing ruangan cilik ing omahé salah siji utusan injil. Pas kuwi, hamba cabangé jenengé Emmanuel Paterakis. Dhèwèké selalu ngélingké aku nèk kantor cabang iki dadi wakilé organisasiné Yéhuwah ing Senegal, meskipun kantoré mung cilik. Pas kuwi, kami éntuk tugas nulis surat kanggo nyemangati utusan injil ing Senegal. Merga kabèh isih manual, suraté kudu diketik siji-siji. Sing marahi tambah angèl kuwi ora éntuk ana kesalahan pas ngetik.
Benginé pas siap-siap arep mulih, Mas Emmanuel ngekèki aku amplop. Dhèwèké ngomong, ”David, iki ana surat kanggo kowé.” Bar tak bukak amplopé, jebulé kuwi surat sing tak ketik mau. Dadi saka kéné, aku sinau nèk ora soal kantor cabangé gedhé utawa cilik, kuwi kabèh tetep digunakké Yéhuwah kanggo nguwatké umaté.
Karo utusan injil liyané ing Senegal taun 1967
Aku akrab karo sedulur-sedulur ing jemaat. Biasané pas malem minggu, kami kumpul-kumpul. Nyenengké banget. Bahkan nganti saiki kami ya isih kontèk-kontèkan. Terus merga mbiyèn pas ing Senegal aku kerep nganggo basa Prancis, kuwi berguna pas aku ngunjungi cabang-cabang liyané sing nganggo basa Prancis.
Taun 1968, aku tunangan karo Linda. Bar kuwi, aku ngupaya nggolèk gawéan paruh waktu ing Senegal, bèn mengkoné bar nikah aku karo Linda isa merintis bareng ing kono. Tapi ternyata, merga aku wong asing, nggolèk gawéan ing kono kuwi angèl. Dadi aku bali ing Kanada. Terus aku karo Linda nikah. Bar kuwi, kami éntuk tugas dadi perintis istiméwa ing kutha Edmundston, New Brunswick. Kutha Edmundston kuwi cedhak karo perbatasan Provinsi Quebec.
Pernikahané kami taun 1969
MERINTIS ING NEW BRUNSWICK LAN QUEBEC
Sakdurungé kami teka, ing kono ora ana Seksi Yéhuwah. Mung ana beberapa wong sing lagi sinau Alkitab. Wong-wong ing kono akèh-akèhé Katolik. Mèh kabèh omah ing kono ana tulisan ”Ora Nampa Seksi Yéhuwah”. Tapi pas kuwi kami ora perduli, embuh ana tulisané kaya ngono utawa ora, ya tetep kami parani omahé. Gréja Katolik ya nganti nggawé pengumuman ing koran kanggo ngejak wong-wong nolak Seksi Yéhuwah. Pas kuwi ing Edmundston, sing Seksi Yéhuwah kuwi mung aku karo bojoku, terus Victor karo Velda Norberg. Dadi, kami ngerti sapa sing dimaksud karo meréka.
Aku ora bakal lali pas pertama kali dikunjungi karo pinituwa wilayah ing kono. Sakwisé kerja sama seminggu, dhèwèké ngomong, ”Kétoké ta Mas, sing paling apik saiki ngupaya bèn wong-wong ora mikir èlèk soal Seksi Yéhuwah.” Kami nyoba ngetrapké saran kuwi, lan hasilé apik banget. Suwé-suwé, wong-wong dadi ngerti bédané Seksi Yéhuwah karo pemimpin agama Katolik. Saiki, ana jemaat ing kutha kuwi.
Sakwisé kira-kira setaun nglayani ing Edmundston, kami ditugaské nglayani jemaat ing Quebec City. Sakwisé enem sasi nglayani ing kono, aku éntuk tugas anyar dadi pinituwa wilayah.
Selama 14 taun, kami nglayani ing Provinsi Quebec. Ing kono nyenengké banget. Ana akèh sing gelem dadi Seksi Yéhuwah. Pas kami ngunjungi jemaat-jemaat, mesthi ana sing lagi sinau Alkitab lan terus nggawé kemajuan nganti dibaptis.
DIKUWATKÉ KARO SEDULUR-SEDULUR SING KAMI LAYANI
Sedulur-sedulur sing kami kunjungi kuwi wong-wongé ceria, semangat, lan apa anané. Aku menghargai banget perjuangané meréka bèn isa nglayani Yéhuwah. Ana sing ditentang keluargané. Misalé, ana cah-cah enom sing dikon milih karo wong tuwané, mèh milih sinau Alkitab utawa metu saka omah. Meskipun dingonokké, meréka tetep milih sinau Alkitab. Yéhuwah mesthi bangga banget karo meréka.
Terus, aku ya péngin crita soal perintis biasa lan perintis istiméwa selama aku nglayani ing Provinsi Quebec. Akèh-akèhé, meréka saka dhaérah liya. Dadi sakliyané kudu sinau basa Prancis, meréka ya kudu sinau budaya ing dhaérah kono, sing wis terpengaruh ajaran agama Katolik.
Terus, sing dadi perintis istiméwa biasané kan ditugaské ing dhaérah plosok, dadi mesthi adoh saka sedulur-sedulur. Sakliyané kuwi, para perintis ya angèl nggolèk omah lan nggolèk gawéan merga akèh sing ora seneng karo Seksi Yéhuwah. Nah nèk wis éntuk omah, biasané nganti dienggoni papat pasang bèn mbayaré isa urunan. Meskipun ngono, meréka tetep semangat nginjil. Pas ana sing gelem sinau Alkitab, meréka ngupaya tenanan mbantu wong kuwi. Saiki, Provinsi Quebec wis ana akèh Seksi Yéhuwah. Dadi, akèh-akèhé perintis sing mauné nglayani ing kono pindhah ing dhaérah liya sing luwih mbutuhké.
Saben Setu ésuk, kami ngupaya nginjil karo cah enom ing jemaat sing kami kunjungi. Kami dadi ngerti tantangan apa waé sing meréka adhepi. Beberapa cah enom mau saiki ana sing dadi utusan injil utawa éntuk tugas liyané ing organisasi.
Pas kuwi, ana beberapa jemaat sing ora isa ngekèki kami ongkos perjalanan, dadi kuwi kudu kami tanggung dhéwé. Makané kadhang durung akhir bulan dhuwité kami wis entèk. Pas ngalami kuwi, kami mung isa ngendelké Yéhuwah, merga ya mung Dhèwèké sing ngerti keadaané kami. Kami yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal mbantu. Buktiné kami tetep isa ngunjungi jemaat-jemaat liyané.
KERJA SAMA KARO SEDULUR-SEDULUR SING BERPENGALAMAN
Pas kuwi ing Quebec, ana akèh kesempatan kanggo ngekèki kesaksian liwat radio, TV, lan koran. Aku kerep ditugaské bareng karo Sedulur Léonce Crépeault. Dhèwèké kuwi pinituwa wilayah sing wis biasa berurusan karo wartawan. Mas Léonce sakjané wis berpengalaman ing tugas kuwi. Tapi pas ketemu karo meréka, Mas Léonce tetep rendah hati. Dhèwèké bakal ngomong, ”Pak, aku karo kancaku iki mung penginjil. Dadi kami ora biasa nèk ngomong ing TV utawa radio. Tapi kami péngin bèn wong-wong isa ngerti soal pertemuané Seksi-Seksi Yéhuwah, sing isa ditekani karo akèh wong. Makané nèk njenengan ana saran, mangga lho Pak.” Makané, akèh stasiun TV, radio, lan kantor koran sing gelem kerja sama.
Aku éntuk tugas anyar nangani kasus-kasus sing isa waé dadi berita sing héboh. Aku kerja sama karo Sedulur Glen How. Dhèwèké kuwi pengacara Seksi Yéhuwah. Seneng banget isa kerja sama karo Mas Glen. Dhèwèké kuwi wongé kendel pas ngurusi masalah-masalah hukum, lan sing paling penting dhèwèké sayang karo Yéhuwah. Pelatihan sing tak tampa selama Sekolah Giléad lan pas aku kerja sama karo Mas Léonce, ya bener-bener bermanfaat ing tugasku iki.
Taun 1985, kami ditugaské ing Kanada bagian barat. Kuwi cedhak karo omahé bapakku. Dadi kami isa karo ngopèni dhèwèké. Sayangé telung sasi bar kuwi, Bapak mati. Tapi, kami tetep nglayani ing dhaérah kuwi nganti kami éntuk tugas anyar kanggo nglayani ing Bètel Amerika Serikat taun 1989. Ora krasa, aku wis dadi pinituwa wilayah mèh 19 taun. Selama kuwi ana akèh sedulur-sedulur sing wis gelem nampa kami ing omahé, njamu, lan bergaul karo kami. Kami bersyukur banget isa ngrasakké kasih sayangé meréka.
PINDHAH ING AMERIKA SERIKAT
Pas ing Bètel Brooklyn, aku ditugaské ing Departemèn Penginjilan. Ana akèh pelatihan sing tak tampa selama ing departemèn kuwi. Terus aku ya sinau, nèk durung ngerti kabèh faktané, aja kesusu nggawé kesimpulan. Taun 1998, aku dipindhah ing Departemèn Penulisan. Ana akèh sing kudu tak pelajari. Ing kono, aku seneng banget merga isa kerja sama karo Sedulur John Barr, sing pas kuwi dadi pengawasé Panitia Penulisan. Mas John kuwi sifat-sifaté apik banget. Terus, dhèwèké ya gelem nglatih aku. Aku bener-bener menikmati masa-masa kuwi.
Karo John lan Mildred Barr
Aku seneng banget isa kerja sama karo sedulur-sedulur ing Departemèn Penulisan. Meréka kuwi rendah hati lan selalu ngendelké Yéhuwah. Sedulur-sedulur kuwi ngerti nèk meréka isa berhasil dudu merga ketrampilané dhéwé, tapi merga roh suciné Yéhuwah.
Dadi dirigen ing paduan suara pas pertemuan tahunan 2009
Mbagi Alkitab pas pertemuan internasional 2014 ing Seoul, Korea Selatan
Aku karo Linda seneng banget merga isa ngunjungi sedulur-sedulur ing 110 negara. Pas ketemu karo utusan injil, anggota Panitia Cabang, lan pelayan sepenuh waktu khusus liyané, kami isa ndelok dhéwé sepira sayangé meréka karo Yéhuwah. Kami tersentuh banget pas ndelok piyé sedulur-sedulur tetep setya meskipun ing negarané lagi ana perang, ngadhepi masalah ékonomi, utawa dianiaya. Yéhuwah mesthi sayang banget karo meréka.
Selama puluhan taun iki wis ana akèh tugas sing tak tampa. Aku bersyukur banget merga Linda selalu ndhukung aku. Linda kuwi wongé apikan lan perduli karo wong liya. Dhèwèké gampang banget mulai omong-omongan karo wong liya. Wis ana akèh sing Linda bantu bèn isa nglayani Yéhuwah. Terus, dhèwèké ya mbantu sedulur-sedulur sing mauné ora aktif dadi semangat manèh nglayani Yéhuwah. Linda kuwi bener-bener hadiah saka Yéhuwah. Nah saiki kami wis tuwa, tapi bersyukuré mesthi ana sedulur-sedulur enom sing selalu siap mbantu kami.—Mrk. 10:29, 30.
Nèk ngéling-éling manèh pengalamanku selama 80 taun iki, aku bersyukur banget. Perasaanku padha kaya sing nulis Mazmur, sing ngomong, ”Oh Gusti Allah, Njenengan mulang aku kèt aku isih enom, lan nganti saiki aku terus nyritakké tumindak-Mu sing luar biasa.” (Mzm. 71:17) Aku bertékad péngin terus nglayani Yéhuwah seumur hidupku.
a Nèk saiki, kuwi bagian saka pertemuan ibadah tengah pekan.