TOKOH ALKITAB
Luwih Wedi karo Yéhuwah, Kaya Obaja
Pas jamané Raja Ahab, wong Israèl akèh-akèhé nyembah Baal. Raja Ahab kuwi jahat lan ora nyegah wektu wong Israèl nyembah Baal. Tapi, ana pengawas istanané raja sing jenengé Obaja, sing ”kèt enom” ngajèni Yéhuwah lan wedi nggawé Yéhuwah ora seneng. (1 Raj. 18:1-13) Wektu kuwi, bojoné Ahab yaiku Ratu Izebèl mréntahké bèn kabèh nabiné Yéhuwah dipatèni. Obaja ngerti nèk kudu melakukan sesuatu. Obaja ndhelikké 100 nabiné Yéhuwah lan nyedhiakké panganan kanggo mereka selama masa kelaparan. Kuwi bukti nèk Obaja kendel. Soalé, ndhelikké nabi siji waé sakjané bahaya banget. Obaja kudu ngati-ati bèn aja nganti konangan karo atusan nabi palsu balané raja lan ratu.—1 Raj. 18:19.
Obaja mesthi ya wedi karo Ahab, tapi dhèwèké luwih wedi karo Yéhuwah. Makané, dhèwèké wani toh nyawa kanggo nglindhungi umaté Yéhuwah liyané. Apa sing isa ditiru saka Obaja? Nèk manggon ing negara sing kegiatané Seksi Yéhuwah dilarang, awaké dhéwé ya kudu luwih wedi karo Yéhuwah. Nèk wedi karo Yéhuwah, mengko bakal wani nulungi sedulur-sedulur ing masa-masa sulit.