Daftar Isi
BAGIAN 1 NGAPA NGLAYANI YÉHUWAH MANÈH?
Umaté Yéhuwah sing dicathet ing Alkitab ya ngalami masalah sing padha kaya awaké dhéwé saiki. Yéhuwah nggatèkké lan mbantu meréka. Yéhuwah ya janji nèk bakal mbantu awaké dhéwé. Yéhuwah kuwi Gembala sing penyayang. Yéhuwah bakal nggolèki umaté sing ngedoh lan ngejak meréka nglayani Dhèwèké manèh.
Bagian 1 ”Sing Ilang Bakal Tak Golèki”
BAGIAN 2-4 PERASAAN SING ISA WAÉ MARAHI ANGÈL KANGGO NGLAYANI YÉHUWAH MANÈH
Umaté Gusti Allah sing setya kadhang ya isa ngrasa kuwatir, lara ati, lan ngrasa bersalah. Kuwi isa waé mempengaruhi hubungané meréka karo Yéhuwah. Gatèkna piyé carané Yéhuwah mbantu umaté bèn isa semangat manèh, isa bersatu manèh karo sedulur-sedulur, lan isa bahagia manèh.
Bagian 2 ’Akèh Masalah sing Ngepung saka Ngendi-endi’
Bagian 3 Meskipun Ana ”Alesan kanggo Tersinggung”
Bagian 4 ”Tulung Dosaku Disingkirké”
BAGIAN 5 CARANÉ NGLAYANI YÉHUWAH MANÈH
Pikirna apa buktiné nèk Yéhuwah péngin njenengan akrab manèh karo Dhèwèké. Njenengan ya isa nggolèki pengalamané sedulur-sedulur sing nglayani Yéhuwah manèh, piyé sedulur-sedulur ing jemaat nyambut meréka, lan carané para pinituwa mbantu bèn isa semangat nglayani Yéhuwah.