Wektu Ditinggal Mati Wong sing Disayangi
WEKTU ditinggal mati karo wong sing disayangi, mungkin perasaané njenengan dadi ora karuan. Njenengan mungkin ngrasa sedhih, kesepian, bingung, ora trima, gela, lan wedi. Njenengan mungkin ya dadi ora nduwé semangat urip manèh.
Ngrasa sedhih merga ditinggal mati wong sing disayangi kuwi ora salah. Kuwi malah nduduhké nèk njenengan sayang banget karo wong kuwi. Tapi, piyé carané bèn njenengan ora terus-terusan ngrasa sedhih?
SARAN-SARAN SING ISA MBANTU
Meskipun kétoké rasa sedhih kuwi ora isa ilang, njenengan isa nyoba ngetrapké saran-saran iki:
RASA SEDHIH AJA DITAHAN-TAHAN
Saben wong nduwé cara sing béda-béda kanggo nduduhké rasa sedhihé, lan suwéné berduka ya ora padha. Nangis isa nggawé njenengan ngrasa luwih lega. Vanessa, sing disebutké mau, ngomong, ”Sakwisé nangis, aku ngrasa lega.” Sofia, sing ditinggal mati karo adhiné wédok, ngomong, ”Aku ora ngupaya kanggo nglalèkké adhiku meskipun kuwi nggawé atiku lara banget. Tapi, aku ngerti nèk suwé-suwé rasa sedhihku bakal berkurang.”
CRITAKNA PERASAANÉ NJENENGAN
Njenengan mungkin péngin dhèwèkan pas lagi sedhih. Tapi wektu sedhih, njenengan mbutuhké bantuané wong liya. Jared, sing umuré 17 taun, ngomong, ”Wektu bapakku mati, aku crita karo wong liya soal perasaanku. Mungkin meréka ora paham karo perasaanku. Tapi, bar kuwi aku ngrasa lega.” Janice, sing disebutké ing artikel pertama, ngomong, ”Aku ngrasa dikuwatké wektu crita karo wong liya soal perasaanku. Aku ngrasa meréka paham karo perasaanku lan aku ora ngrasa dhèwèkan.”
NAMPA BANTUAN
Ana dokter sing ngomong, ”Wong sing ditinggal mati karo wong sing disayangi isa ngrasa luwih tenang nèk gelem nampa bantuan saka kanca-kanca lan keluargané.” Kanca-kancané njenengan mungkin péngin mbantu tapi bingung carané piyé. Mula, njenengan isa ngandhani meréka apa sing njenengan butuhké.—Wulang Bebasan 17:17.
NGGOLÈK PENGHIBURAN SAKA GUSTI ALLAH
Tina ngomong, ”Bojoku lara kanker lan akhiré mati. Mbiyèn, nèk ana apa-apa, aku crita karo bojoku. Saiki, aku mung isa crita karo Gusti Allah. Saben ésuk, aku ndonga. Aku bener-bener ngrasa nèk Gusti Allah nguwatké aku.” Tarsha, sing umuré 22 taun wektu ditinggal mati karo ibuné, ngomong, ”Aku bener-bener dikuwatké wektu maca Alkitab saben dina. Kuwi mbantu aku nduwé pikiran sing positif.”
MBAYANGKÉ PAS WONG SING DISAYANGI DIURIPKÉ MANÈH
Tina crita manèh, ”Mbiyèn, aku mikir nèk sing aku lan anak-anakku butuhké kuwi bojoku, dudu harapan diuripké manèh. Tapi saiki, sakwisé patang taun, aku dadi ngerti nèk harapan kuwi sing wis nguwatké aku. Aku ngrasa ayem wektu mbayangké isa ketemu manèh karo bojoku.”
Mungkin rasa sedhih sing njenengan rasakké ora langsung ilang. Tapi, pengalamané Vanessa isa nguwatké njenengan. Vanessa ngomong, ”Mungkin awaké dhéwé mikir nèk ora bakal isa ngatasi rasa sedhih. Tapi, suwé-suwé kuwi bakal berkurang.”
Meskipun bakal tetep kangen karo wong sing disayangi sing wis mati, njenengan kudu tetep nduwé semangat urip. Gusti Allah péngin mbantu njenengan bèn isa tetep bahagia. Ora suwé manèh, Gusti Allah bakal nguripké wong sing wis mati. Dadi, njenengan isa ketemu manèh karo wong sing disayangi. Wektu kuwi, njenengan ora bakal sedhih manèh.