PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp19 No. 2 hlm. 4-5
  • Wektu Ngalami Bencana Alam

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Wektu Ngalami Bencana Alam
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2019
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • JANJI SING NGUWATKÉ SAKA ALKITAB
  • Apa Njenengan Wis Siap?
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2020
  • Pasrahna Rasa Kuwatir marang Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Piyé Carané Bèn Tetep Tabah Meskipun Lagi Kuwatir?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
  • Saran kanggo Wong Lanang Bèn Ora Strès
    Topik Liyané
Delok Kabèh
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2019
wp19 No. 2 hlm. 4-5
Wong lanang loro lungguh lan ing sekitaré ana bangunan sing hancur

Wektu Ngalami Bencana Alam

”Wektu ndelok kabèh hartaku ilang merga tanah longsor lan banjir, aku dadi putus asa.”​—Andrew, Sierra Leone.

”Sakwisé badai, aku mulih ing omahku. Kabèh sing tak duwèni entèk ludhes. Kuwi nggawé aku lemes. Anakku wédok nganti nangis merga sedhih banget.”​—David, Kepulauan Virgin.

NÈK tau ngalami bencana alam, njenengan mesthi isa ngrasakké apa sing dirasakké wong-wong sing slamet saka bencana alam. Wong-wong kuwi biasané dadi trauma, bingung, kuwatir, ngrasa ora trima, lan ngalami mimpi buruk. Akèh sing putus asa nganti ora nduwé semangat urip manèh.

Wektu kélangan kabèh sing diduwèni merga bencana alam, njenengan isa waé ngrasa kuwatir lan strès. Njenengan mungkin ngrasa péngin nyerah waé. Tapi, ing Alkitab dijelaské ngapa kok njenengan kudu tetep nduwé semangat urip. Ing Alkitab ya disebutké nèk njenengan isa ngrasakké urip sing bahagia ing masa depan.

JANJI SING NGUWATKÉ SAKA ALKITAB

Ing Yakobus 5:11 disebutké, ”Awaké dhéwé nganggep wong-wong sing sabar kuwi wong-wong sing bahagia.” Sakwisé ngalami bencana alam, njenengan mungkin ngrasa ora nduwé harapan manèh. Tapi nèk njenengan sabar lan ora nyerah, keadaané isa dadi luwih apik.

Ing Alkitab disebutké nèk ”ora bakal ana manèh wong sing nangis lan sambat merga susah”. (Yésaya 65:19) Kuwi bakal kelakon wektu Kerajaané Gusti Allah nggawé bumi dadi firdaus. (Mazmur 37:11, 29) Bencana alam bakal ora ana manèh. Awaké dhéwé ya ora bakal kèlingan manèh karo keadaan sing nggawé awaké dhéwé sedhih. Gusti Allah janji, ”Kabèh sing mbiyèn kelakon ora bakal diéling-éling manèh, lan kuwi ora bakal ana manèh ing ati.”​—Yésaya 65:17.

Gusti Allah péngin ngekèki njenengan ”masa depan lan harapan”, yaiku urip sing bahagia pas Kerajaané Gusti Allah mréntah. (Yérémia 29:11) Harapan kuwi isa nggawé njenengan tetep nduwé semangat urip. Sally, sing disebutké ing artikel sakdurungé, ngomong, ”Ngrenungké berkah-berkah pas Kerajaané Gusti Allah mréntah isa mbantu awaké dhéwé tetep kuwat wektu ngadhepi masalah lan ora strès manèh.”

Njenengan isa sinau luwih akèh soal berkah-berkah sing bakal dirasakké pas Kerajaané Gusti Allah mréntah ing bumi. Kuwi bakal nggawé njenengan tetep nduwé semangat urip lan yakin nèk bencana alam ora bakal ana manèh ing masa depan.

Ayat-Ayat Alkitab sing Isa Direnungké

Perlu cukup istirahat.

”Luwih apik istirahat sedhéla timbang kerja keras akèh, merga kuwi kaya ngupaya ngoyak angin.”​—Pengkhotbah 4:6.

Para peneliti ngomong nèk keadaané wong sing ngalami trauma isa tambah parah nèk dhèwèké kurang turu. Dadi, cukup istirahat kuwi penting.

Critakna perasaané njenengan.

”Rasa kuwatir nggawé wong dadi ora semangat, ning omongan sing apik nggawé wong dadi semangat.”​—Wulang Bebasan 12:25.

Wong sing tau ngalami bencana alam isa ngrasa dikuwatké lan éntuk bantuan sing dibutuhké nèk nyritakké perasaané karo keluarga utawa kanca-kanca.a

Bayangna harapan ing masa depan.

”Sesuai karo janjiné Gusti Allah sing awaké dhéwé entèni, ana langit anyar lan bumi anyar. Ing kana wong-wong bakal terus nindakké apa sing bener.”​—2 Pétrus 3:13.

a Wong sing terus-terusan ngrasa strès utawa kuwatir mungkin perlu priksa ing dokter.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2026 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim