”Njenengan ndelok aku malah sakdurungé aku lair.”—MAZMUR 139:16
Gusti Allah Ngerti Tenan soal Njenengan
SINAU SAKA CARANÉ MANUNGSA DICIPTAKKÉ
Salah siji conto hubungan sing paling cedhak ing antarané manungsa yaiku wong sing kembar idéntik. Wong-wong kuwi biasané nduwé ikatan batin sing kuwat karo kembarané. Nancy Segal, direktur saka Twin Studies Centre, sing ya nduwé kembaran ngomong, ”Wong-wong sing nduwé kembaran isa ngerti maksud omongané kembarané tanpa perlu dijelaské.” Ana wong wédok liya sing nduwé kembaran ngomong, ”Aku isa ngerti kabèh soal kembaranku, terus kembaranku ya isa ngerti kabèh soal aku.”
Kok isa ngono? Menurut hasil penelitian kuwi ora mung merga lingkungan utawa carané wong tuwa nggedhèkké, tapi terutama merga wong sing kembar idéntik kuwi nduwé gèn sing padha.
COBA DIPIKIR: Pribadi sing isa nyiptakké lan ngrancang hal-hal sing luar biasa kuwi mesthi ngerti tenan soal awaké dhéwé. Daud, sing nulis Mazmur ngomong, ”Njenengan nglindhungi aku ing wetengé ibuku. Njenengan isa ndelok balung-balungku wektu Njenengan nggawé aku ing panggonan sing ora isa didelok sapa-sapa . . . Njenengan ndelok aku malah sakdurungé aku lair. . . . Kuwi kabèh wis ditulis ing buku-Mu.” (Mazmur 139:13, 15, 16) Mung Gusti Allah sing ngerti tenan soal gèn sing awaké dhéwé duwèni lan soal kabèh sing wis dialami sing akhiré isa mbentuk sifat-sifaté awaké dhéwé. Kuwi kabèh nggawé yakin nèk Gusti Allah bener-bener ngerti tenan soal awaké dhéwé.
ANA KETERANGAN APA ING ALKITAB?
Daud ndonga, ”Oh Yéhuwah, Njenengan ndelok sing ana ing njero atiku lan ngerti kabèh soal aku. Njenengan ngerti pas aku lungguh lan pas aku ngadeg. Senajan ana ing panggonan sing adoh, Njenengan ngerti isi pikiranku. Oh Yéhuwah, Njenengan wis ngerti sing arep tak omongké, malah sakdurungé aku ngomong apa-apa.” (Mazmur 139:1, 2, 4) Yéhuwah ngerti tenan soal perasaané awaké dhéwé lan ”mriksa kabèh niat lan pikiran”. (1 Babad 28:9; 1 Samuèl 16:6, 7) Apa sing isa dipelajari saka ayat-ayat kuwi soal Gusti Allah?
Mungkin awaké dhéwé ora isa nyritakké kabèh uneg-uneg ing ati wektu ndonga. Tapi, Gusti Allah ngerti apa sing awaké dhéwé lakukan lan ngapa kok awaké dhéwé nglakoni kuwi. Ora mung kuwi thok, Gusti Allah ya ngerti nèk awaké dhéwé péngin nglakoni sing apik, meskipun kadhang kuwi ora kelakon merga awaké dhéwé ora sempurna. Gusti Allah nyiptakké manungsa bèn saling menyayangi. Dadi Dhèwèké mesthi seneng nèk pikiran lan perbuatané awaké dhéwé dhasaré rasa sayang.—1 Yohanes 4:7-10.
Ora ana sing ora digatèkké karo Gusti Allah. Wong liya mungkin ora ngerti kesusahan sing awaké dhéwé alami, tapi Gusti Allah ngerti.
Ayat-ayat sing nguwatké
”Yéhuwah nggatèkké wong sing bener, lan Dhèwèké ngrungokké wektu wong kuwi njaluk marang Dhèwèké.”—1 PÉTRUS 3:12.
Gusti Allah janji, ”Aku bakal mènèhi kowé pemahaman, lan Aku bakal ngajari kowé bèn isa nindakké sing bener. Aku bakal nggatèkké kowé lan mènèhi kowé naséhat.”—MAZMUR 32:8.
GUSTI ALLAH GAMPANG MESAKKÉ
Awaké dhéwé isa luwih tabah wektu ngadhepi kesusahan merga ngerti nèk Gusti Allah ngertèni keadaan lan perasaané awaké dhéwé. Kuwi sing dialami karo Anna saka Nigeria. Dhèwèké ngomong, ”Aku kerep mikir, apa urip iki mémang berharga, merga aku ngalami akèh masalah sing nggawé strès. Aku iki randha, kudu ngopèni anak wédok sing lara hidrosefalus (ana akèh cairan ing otaké). Terus, aku ya lara kanker payudara lan kudu dioperasi, kémoterapi, lan radioterapi. Aku kewalahan banget merga aku lan anakku wédok padha-padha kudu dirawat ing rumah sakit.”
Apa sing mbantu Anna ngatasi masalahé? ”Aku mikirké ayat-ayat sing nguwatké, contoné Filipi 4:6, 7, sing isiné, ’Gusti Allah bakal mènèhi kowé rasa ayem sing ora isa dipahami manungsa.’ Saben mikirké ayat kuwi, aku ngrasa cedhak banget karo Yéhuwah, merga ngerti nèk Yéhuwah luwih paham soal aku daripada aku dhéwé. Aku ya dikuwatké karo para sedulur seiman.
”Meskipun isih kudu berjuang, keadaanku lan anakku wédok suwé-suwé dadi luwih apik. Aku lan anakku ngerti nèk Yéhuwah terus ngancani, mula aku ngupaya bèn ora nduwé pikiran sing négatif. Yakobus 5:11 ngyakinké aku, ’Awaké dhéwé nganggep wong-wong sing sabar kuwi wong-wong sing bahagia. Kowé wis krungu soal Ayub sing sabar lan akhiré diberkahi Yéhuwah. Kuwi mbuktèkké nèk Yéhuwah kuwi gampang mesakké lan nduwé rasa sayang.’” Yéhuwah ngerti tenan apa sing dialami Ayub. Dadi awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah mesthi ya paham karo kabèh kesusahané awaké dhéwé.