PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w26 Mei hlm. 8-13
  • Piyé Bèn Hati Nurani Sesuai karo Pathokan ing Alkitab?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Bèn Hati Nurani Sesuai karo Pathokan ing Alkitab?
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • HATI NURANI KUWI APA?
  • PIYÉ BÈN HATI NURANI ISA TERUS BERFUNGSI APIK?
  • CARANÉ BÈN NGERTI PATHOKAN SING COCOG
  • SELALU MASTÈKKÉ HATI NURANI BERFUNGSI APIK
  • Nglatih Hati Nurani Nganggo Hukum lan Pathokané Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
  • Hati Nurani sing Apik Nurut Gusti Allah
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
  • Carané Nggawé Keputusan sing Bener
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Manfaaté Pathokan ing Alkitab
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
w26 Mei hlm. 8-13

13-19 JULI 2026

LAGU 127 Bantu Aku Nyenengké Ati-Mu

Piyé Bèn Hati Nurani Sesuai karo Pathokan ing Alkitab?

”Saben wong bakal mikul tanggung jawabé dhéwé-dhéwé.”—GAL. 6:5.

INTI

Hati nurani sing sesuai karo pathokan ing Alkitab isa bermanfaat kanggo nggawé keputusan sing bener.

1-2. (a) Manungsa dikèki karunia luar biasa apa? (b) Nèk menghargai karunia kuwi, kuduné Adam lan Hawa piyé?

KÈT awal diciptakké, manungsa dikèki karunia sing luar biasa, yaiku kebébasan kanggo milih. Kuwi berarti, ora kaya kéwan sing dikendhalèni naluri lan ora kaya robot sing wis diprogram, manungsa éntuk mutuské dhéwé arep berbuat apa. Adam, manungsa sing pertama, diciptakké mirip karo Gusti Allah. (PD. 1:​26, 27) Adam karo Hawa bébas mutuské dhéwé arep milih apa.

2 Adam karo Hawa kuduné bersyukur merga ora kabèh-kabèh diatur karo Yéhuwah. Yéhuwah mung ngongkon meréka ngopèni bumi, nduwé anak akèh, lan menghormati haké Yéhuwah kanggo nentokké apa sing éntuk lan ora éntuk dilakukan. (PD. 1:28; 2:​16, 17) Nèk bersyukur karo kabèh karunia saka Yéhuwah, kuduné Adam lan Hawa dadi sayang Yéhuwah, péngin nggawé Yéhuwah seneng, terus dadi tergerak kanggo manut préntah sing sederhana kuwi. Kuwi ya bukti nèk meréka menghargai karunia kebébasan kanggo milih.—WB. 23:15.

3. Apa buktiné nèk Adam lan Hawa ora menghargai karunia kebébasan kanggo milih?

3 Tapi kenyataané, meréka sengaja ora manut. Meréka mung mikirké kepentingané dhéwé lan ora sayang karo Yéhuwah. Meréka ya ora menghargai kebébasan kanggo milih sing wis dikèki Yéhuwah. (PD. 3:​1-7) Akibaté, nganti saiki kabèh keturunané menderita gara-gara keputusan kuwi.—Rm. 5:12.

4. (a) Menurut Galatia 6:​5, awaké dhéwé nduwé tanggung jawab apa? (b) Karunia liyané apa sing bakal dibahas ing artikel iki?

4 Saben dina, awaké dhéwé kudu nggawé akèh keputusan. Kuwi isa marakké urip dadi rumit. (Wacanen Galatia 6:5.) Ana beberapa keputusan sing gampang digawé, tapi ya ana sing angèl. Nah, piyé bèn isa nggawé keputusan sing nggawé Yéhuwah seneng? Kudu ngakoni sik nèk butuh bantuané Yéhuwah. (WB. 16:3; Yér. 10:23) Yésus sing sempurna waé butuh bantuané Gusti Allah, apamanèh awaké dhéwé. (Ibr. 5:7) Nah, bèn isa nggawé keputusan sing nggawé Yéhuwah seneng, manungsa wis dikèki Yéhuwah karunia liyané, yaiku hati nurani. Kuwi sing bakal dibahas ing artikel iki.

HATI NURANI KUWI APA?

5. (a) Hati nurani kuwi apa? (b) Apa waé perané hati nurani? (Roma 2:​14, 15)

5 Wektu diciptakké, manungsa dikèki Yéhuwah kemampuan bèn isa mbédakké sing bener lan sing salah. Kuwi sing disebut hati nurani. Bahkan wong sing ora ngerti hukumé Gusti Allah ya nduwé hati nurani. (2 Kor. 4:2) Hati nurani isa menghakimi. Nèk bar mikir utawa melakukan sing salah, rasané dadi ora pénak. Tapi sewaliké, nèk sing dipikirké utawa dilakukan bener, rasané pénak. (Wacanen Roma 2:​14, 15.) Hati nurani ya isa ngélikké bèn ora melakukan sing salah. (1 Sam. 26:​8-11) Terus ya isa nyemangati bèn melakukan sing bener. Meskipun nduwé kebébasan kanggo milih, ora berarti saben pilihané awaké dhéwé mesthi nggawé Yéhuwah seneng. Hati nurani sing bakal nduduhké pilihan kuwi bener apa salah.

6. Ngapa kok hati nurani ora selalu bener?

6 Tapi, hati nurani isa salah, ora selalu bener. Merga awaké dhéwé ora sempurna, dadi hati nurani ya ora sempurna. Terus kebudayaan, kepénginan sing salah, utawa carané wong didhidhik keluargané, isa mempengaruhi hati nurani dadi ora apik. Ing Alkitab disebutké nèk hati nurani isa dadi ”lemah”, ”najis”, ”mati rasa”, lan bahkan ”jahat”. (1 Kor. 8:12; Tit. 1:15; 1 Tim. 4:2; Ibr. 10:22) Hati nurani sing kaya ngono ora isa nduduhké sing bener lan sing salah. Kuwi kaya timbangan sing wis rusak lan kudu didandani. Padha kaya ngono, hati nurani ya kudu tetep dijaga bèn terus berfungsi apik. (1 Ptr. 3:16) Carané piyé?

PIYÉ BÈN HATI NURANI ISA TERUS BERFUNGSI APIK?

7-8. (a) Bèn hati nuraniné terus berfungsi apik, apa sing kudu dilakukan? (b) Kèkana perumpamaan sing nduduhké manfaaté pathokan ing Alkitab. (Deloken gambar.)

7 Bèn hati nuraniné terus berfungsi apik, saben dina kudu maca Alkitab lan berupaya memahami sing bener lan sing salah menurut pandhangané Yéhuwah. Kuwi berarti kudu mempelajari soal hukumé Gusti Allah. Tapi kaya sing disebutké ing artikel sakdurungé, hukum sing spésifik kuwi mung isa berlaku ing situasi tertentu. Makané ya kudu memahami pathokan bèn ngerti pikiran lan perasaané Yéhuwah ing macem-macem situasi.—Yés. 55:9.

8 Bayangna ana wong sing arep menuju suatu tempat ngliwati padhang gurun, sing babar blas durung ana jaluré lan ora ana tandha-tandha penunjuk jalané. Mémang nèk ndelok matahari, dhèwèké mungkin dadi isa ngira-ngira arah sing arep dituju. Tapi, bakal luwih apik nèk dhèwèké nduwé péta sing isiné ancer-ancer sing jelas. Soalé, nèk nduwé péta sing kaya ngono, mengko isa dadi yakin nèk arahé wis bener lan ya isa langsung sadhar nèk misalé salah arah. Nah, kaya péta sing isiné ancer-ancer sing jelas mau, ing Alkitab ya ana pathokan-pathokan. Nèk hati nurani selalu disesuaikké karo pathokan ing Alkitab, mengko awaké dhéwé isa tekan tujuan, yaiku nggawé Yéhuwah seneng.

Wong lagi mlaku ing padhang gurun. Dhèwèké ndeloki péta lan ancer-anceré kanggo mastèkké arahé wis bener.

Pathokan ing Alkitab kuwi kaya ancer-ancer sing jelas ing dalan, sing marakké yakin nèk arahé wis bener (Deloken paragraf 8)


9. Menurut Roma 9:​1, bèn hati nurani isa terus berfungsi apik, awaké dhéwé butuh apa?

9 Bèn hati nurani isa terus berfungsi apik, awaké dhéwé butuh roh suciné Gusti Allah. (Wacanen Roma 9:1.) Nèk dituntun roh suci, mengko dadi isa ngerti pandhangané Gusti Allah. Roh suci ya isa ngekèki semangat lan kekuwatan kanggo melakukan karepé Yéhuwah. (Flp. 2:13) Nah, piyé bèn isa éntuk roh suciné Yéhuwah?

10. Bèn isa éntuk roh suci, kudu piyé? (Lukas 11:​10, 13)

10 Ndonga njaluk roh suci. (Wacanen Lukas 11:​10, 13.) Yakina nèk Yéhuwah bakal murah hati ngekèki roh suciné. (Yoh. 3:34) Kuwi bakal dikèkké akèh banget kanggo wong-wong sing gelem manut tuntunané. (WB. 1:23; Yak. 1:5) Nah, bèn hati nurani isa terus berfungsi apik, apa manèh sing kudu dilakukan?

11. (a) Kuduné apa tujuané awaké dhéwé urip? (b) Ngapa kok kudu mastèkké hati nurani berfungsi apik?

11 Terus berupaya nggawé Yéhuwah seneng. (WB. 8:​34, 35) Tujuané awaké dhéwé urip kuwi kanggo nggawé Yéhuwah seneng. Bèn isa terus mastèkké hati nuraniné berfungsi apik, kudu terus fokus karo tujuan kuwi. Soalé bèn isa nduwé hati nurani sing berfungsi apik, kudu selalu mikirké pandhangan lan perasaané Yéhuwah. Nduwé hati nurani sing apik kuwi penting. Terutama merga saiki ana akèh situasi sing ora ana petunjuk spésifiké ing Alkitab, padahal awaké dhéwé kudu nggawé keputusan soal kuwi. Misalé soal hiburan, gawéan, pendidikan, utawa hubungan karo wong liya. Dadi, piyé bèn isa nggawé keputusan sing nggawé Yéhuwah seneng?—2 Kor. 1:12.

12. Piyé ngertiné nèk hati nuraniné isih berfungsi apik? (Éfésus 5:10)

12 Ngrenungké isiné Alkitab. (Mzm. 49:3) Wektu maca Alkitab, golèkana pathokan-pathokané bèn isa ngerti pandhangané Yéhuwah. (Wacanen Éfésus 5:10.) Nah, selama hati nuraniné isih sesuai karo pathokan ing Alkitab, kuwi berarti hati nuraniné isih berfungsi apik. (WB. 2:​4-9, 11-13) Tapi nèk hati nuraniné mulai melèncèng, pathokan ing Alkitab isa ngarahké manèh bèn hati nuraniné balik ing arah sing bener.—Ibr. 5:14.

13. Apa sing aja nganti dilakukan? Kèkana contoné.

13 Aja nggawé keputusan sik lagi nggolèk pathokan sing ndhukung keputusan kuwi. Wong Israèl sing tetep ing Yéhuda sakwisé Yérusalèm dihancurké taun 607 S.M ngomong karo Yérémia, ”Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahmu ngandhani aku dalan sing kudu tak liwati lan apa sing kudu tak tindakké.” (Yér. 42:​3-6) Tapi sakdurungé ngomong ngono, meréka sakjané wis nggawé keputusan sik. Nah, wektu petunjuké Yéhuwah béda karo sing dikarepké, meréka milih nuruti karepé. Akibaté, meréka cilaka. (Yér. 42:​19-22; 43:​1, 2, 4) Dadi sakdurungé nggawé keputusan, golèki sik pathokan ing Alkitab bèn ngerti pandhangané Yéhuwah. Bar kuwi, lagi nggawé keputusan sesuai pathokan kuwi.

14. Ngapa kok kudu nggawé keputusan berdasarkan pathokan ing Alkitab?

14 Nggawé keputusan berdasarkan pathokan ing Alkitab. (Mat. 7:​24-29; Yak. 1:​23-25) Nèk melakukan kuwi, berarti bukti nèk gelem dituntun roh suci. Hasilé, Yéhuwah ya bakal terus ngekèki roh suciné. (Kis. 5:32) Tapi, nèk ora gelem manut tuntunané roh suci, mengko isa ”nggawé roh suciné Gusti Allah dadi sedhih”. (Éf. 4:30; Yés. 63:10; Kis. 7:51) Bahkan, Yéhuwah dadi ora gelem ngekèki roh suciné manèh. (Mzm. 51:11; 1 Tés. 5:19) Akibaté mesthi ora apik, soalé awaké dhéwé butuh banget kekuwatan saka roh suci.—Éf. 3:16.

CARANÉ BÈN NGERTI PATHOKAN SING COCOG

15-16. (a) Bèn isa éntuk pathokan sing cocog, nggolèkiné piyé? (b) Pathokan apa waé sing isa dienggo mbantu sing sinau Alkitab bèn ora ngrokok manèh?

15 Manfaatna sarana riset saka organisasi. Bèn isa ngetrapké pathokan ing Alkitab, kudu ngerti sik pathokan sing cocog. Nah, nggolèkiné piyé? Misalé ngéné, sing sinau Alkitab péngin ngerti ngapa kok ngrokok kuwi ora éntuk. Mungkin dhèwèké mikir, ’Ing Alkitab kan ora ana préntahé. Ngertiné nèk kuwi salah saka endi?’ Nah, piyé carané mbantu dhèwèké bèn ngerti pathokan sing cocog soal ngrokok? Gunakna Panduan Riset untuk Saksi-Saksi Yehuwa ing bagian ”Tembakau dan Merokok”. Ing kono mengko ana réferènsi ing artikel ”Bagaimana Pandangan Allah Soal Merokok?” (Deloken Menara Pengawal 1 Juni 2014.) Nah, ing artikel kuwi ana ayat lan pathokan apa waé soal ngrokok?

16 Ana lima pathokan sing disebutké ing artikel kuwi: (1) Yéhuwah ora seneng awaké dhéwé dadi budhaké sesuatu sing isa marakké mati. (Rm. 6:16) (2) Badan kudu dijaga bèn ora najis. (2 Kor. 7:1) (3) Yéhuwah péngin awaké dhéwé nglayani Dhèwèké sepenuh jiwa. (Mat. 22:37) (4) Yéhuwah ora seneng nèk awaké dhéwé marakké wong liya cilaka. (Mat. 22:39; 1 Kor. 10:24) (5) Yéhuwah isa ngekèki kekuwatan kanggo melakukan sing bener. (Flp. 4:13) Dadi, meskipun ing Alkitab ora ana hukum spésifik soal ngrokok, tapi sing sinau Alkitab isa ngerti pandhangané Yéhuwah saka pathokan-pathokan kuwi.

17. Wektu arep nyiapké acara pernikahan, piyé calon mantèn isa ngerti pathokan Alkitab sing cocog?

17 Nah, nèk arep ngrencanakké acara pernikahan, nggolèki pathokané piyé? Isa nggolèki ing Panduan Riset bagian ”Pernikahan dan Resepsi”. Saka beberapa artikel ing kono, ana enem pathokan sing isa dipikirké: (1) Ing acara kuwi sing kuduné diluhurké kuwi Yéhuwah. (1 Kor. 10:​31, 32) (2) Pakaiané kudu tetep sopan, sederhana, lan pantes. (1 Tim. 2:9; 1 Ptr. 3:​3, 4) (3) Kuwi dudu kesempatan kanggo menonjolkan diri, kaya wong-wong ing donya saiki. (Yoh. 17:14; Yak. 1:27; 1 Yoh. 2:​15, 16) (4) Kudu mastèkké acarané tetep bermartabat lan terencana. (1 Kor. 14:40) (5) Nèk ana minuman keras sing arep disuguhké ing resèpsi, pastèkké ora ana sing mabuk. Acarané aja nganti dadi ”pésta bébas”. (Gal. 5:21) (6) Kudu ana sing dikèki tanggung jawab kanggo ngawasi.—Yoh. 2:​8, 9.

18-19. (a) Sarana riset apa manèh sing isa digunakké? (b) Wektu mutuské arep teka ing suatu perayaan, piyé carané nggolèki pathokan nganggo sarana riset kuwi? (Deloken kothak ”Apa Pathokané Yéhuwah soal Hal-Hal Iki?”)

18 Sarana riset liyané sing isa digunakké kuwi buku Tuntunan saka Alkitab. Ing buku kuwi, ana ayat-ayat sing wis dibagi-bagi sesuai topiké. Ing saben topik, ana pertanyaan lan ayat sing isa dipikirké bèn isa ngerti pathokan ing Alkitab. Misalé wektu mutuské arep teka ing suatu perayaan utawa peringatan, isa mbukak ing topik ”Perayaan lan Peringatan”, ing bagian ”Perayaan sing ora éntuk dirayakké wong Kristen”.

19 Ing bagian kuwi ana pertanyaan, ”Ngapa kok ora éntuk ngrayakké perayaan sing ana hubungané karo agama palsu? (1 Kor. 10:21; 2 Kor. 6:​14-18; Éf. 5:​10, 11).” Bar kuwi, ana conto-conto perayaané. Terus ing bagian ”Memperingati hari besar nasional”, ana pathokan-pathokan sing isa dipikirké wektu dikon mèlu perayaan kanggo memperingati pergerakan politik lan sosial, memperingati perayaan sing ana hubungané karo perang, lan mèlu perayaan utawa upacara sing tujuané kanggo ngunggul-unggulké wong-wong sing dianggep penting. Rasané mesthi bersyukur merga liwat organisasiné, Yéhuwah ngekèki sarana riset bèn hati nuraniné awaké dhéwé isa berfungsi apik.

Apa Pathokané Yéhuwah soal Hal-Hal Iki?

Buku Tuntunan saka Alkitab kuwi isiné pathokan-pathokan sing isa ditrapké ing macem-macem situasi. Pas Ibadah Keluarga, golèkana pathokan-pathokan saka topik-topik iki:

  • Dadi Kancané Donya

  • Dhuwit

  • Hiburan

  • Jujur

  • Mèlu Kegiatan Agama Palsu

  • Ngapura

  • Ngapusi

  • Ngombé Minuman Keras

  • Ngrampungké Masalah karo Wong Liya

  • Nyembah Brahala

  • Ora Mèlu-Mèlu Urusan Politik

  • Perbuatan sing Salah

  • Pornografi

SELALU MASTÈKKÉ HATI NURANI BERFUNGSI APIK

20. Nèk hati nuraniné berfungsi apik, apa hasilé?

20 Hati nurani kudu terus berfungsi apik. Bèn isa kaya ngono, butuh bantuan roh suciné Yéhuwah. Berarti, kudu ndonga njaluk roh suci lan gelem manut tuntunané. Sakliyané kuwi, gunakna pathokan ing Alkitab. Nah nèk hati nuraniné berfungsi apik, hasilé bakal nggawé keputusan sing sesuai karepé Yéhuwah. Kuwi bukti nèk nganggep kebébasan kanggo milih kuwi karunia sing berharga banget. Ayo terus manfaatké kabèh karunia saka Yéhuwah kuwi lan ngrasakké dhéwé nèk Alkitab bener-bener bermanfaat.—2 Tim. 3:​16, 17; Ibr. 4:12.

APA JAWABANÉ?

  • Hati nurani kuwi apa?

  • Piyé bèn hati nurani isa terus berfungsi apik?

  • Apa manfaaté pathokan ing Alkitab wektu arep nggawé keputusan?

LAGU 135 Anak-Ku, Gawéa Seneng Ati-Ku

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2026 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim