6-12 JULI 2026
LAGU 98 Yéhuwah Mulang Liwat Kitab Suci
Manfaaté Pathokan ing Alkitab
”Kowé [kudu] ngabdi marang Gusti Allah nggunakké kabèh pikiranmu.”—RM. 12:1.
INTI
Sing dimaksud pathokan kuwi apa, lan piyé cara nitèniné wektu maca Alkitab.
1-2. (a) Kapan Alkitab ditulis? (b) Ngapa kok isiné isih bermanfaat nganti saiki?
ALKITAB kuwi buku sing umuré wis tuwa banget. Buku pertamané ditulis kira-kira 3.500 taun kepungkur, terus buku terakhiré rampung ditulis kira-kira 2.000 taun kepungkur. Tapi, naséhaté Gusti Allah sing ana ing njeroné isih bermanfaat nganti jaman saiki. (Ibr. 4:12; 2 Tim. 3:16, 17) Akèh sing wis mbuktèkké kuwi.
2 Ana loro alesan ngapa kok Alkitab isih bermanfaat nganti saiki. Sing pertama, isiné kuwi asalé saka ”Gusti Allah sing urip”, Pencipta sing paling wicaksana. (1 Tim. 4:10; Rm. 16:26, 27) Keloro, pathokan ing Alkitab ora bakal kadaluwarsa. Pathokané selalu bermanfaat nganti kapan pun lan kanggo masalah apa pun.
3. Apa waé sing bakal dibahas ing artikel iki?
3 Ing artikel iki bakal dibahas: Sing dimaksud pathokan ing Alkitab kuwi apa? Apa manfaaté pathokan? Pas maca Alkitab, piyé carané nitèni apa pathokané? Terus ya bakal dibahas piyé Yésus nduduhké carané nitèni pathokan saka suatu hukum.
SING DIMAKSUD PATHOKAN ING ALKITAB
4. Sing dimaksud pathokan kuwi apa?
4 Pathokan kuwi ajaran ing Alkitab sing dadi dhasar kanggo nggawé hukum. Kadhang hukum kuwi dhéwé sing ya dadi pathokané. (Mat. 22:37) Pathokan luwih unggul timbang hukum sing spésifik. Hukum kuwi penerapané terbatas, soalé mung isa berlaku ing situasi lan wektu tertentu. Tapi, pathokan isa ditrapké ing macem-macem situasi lan tetep berlaku nganti kapan pun. (Mzm. 119:111) Pathokan ya isa disebut alesané Yéhuwah ngekèki hukum tertentu. Saka pathokan, mengko dadi ngerti pikiran lan perasaané Yéhuwah. Ing saben hukumé Yéhuwah, mesthi ana pathokan sing dadi dhasaré. Hukum mungkin kudu diubah, tapi nèk pathokan ora bakal berubah nganti kapan pun.—Yés. 40:8.
5. Kèkana perumpamaan soal bédané hukum karo pathokan. (Deloken gambar.)
5 Perumpamaané ngéné: Ibu ngekèki préntah anaké sing isih cilik, ”Aja ndemèk kompor.” Gatèkna nèk ”aja ndemèk kompor” kuwi hukum utawa préntahé. Tapi, pathokan utawa alesan saka hukum kuwi yaiku: Nèk nyekel sesuatu sing panas, mengko isa terluka. Berarti sing ora éntuk didemèk kuwi ora mung kompor thok, tapi ya setrika, pemanas, utawa barang-barang liyané sing panas sing isa marakké terluka. Kuwi ya isa ditrapké ing endi waé, ora mung ing omah thok. Nah, pas bocah kuwi saya gedhé, mungkin ibuné wis ora perlu ngekèki préntah, ”Aja ndemèk kompor”. Tapi pas dhèwèké masak nganggo kompor, dhèwèké bakal ngati-ati soalé éling nèk kompor kuwi panas lan isa melukai.
Hukum mungkin kudu diubah, tapi nèk pathokan ora bakal berubah nganti kapan pun (Deloken paragraf 5)
MANFAAT PATHOKAN ING ALKITAB
6. (a) Ing Alkitab, Yéhuwah ngekèki apa? (b) Apa buktiné nèk Yéhuwah percaya karo umaté?
6 Merga sayang banget lan ora péngin umaté cilaka, Yéhuwah ngekèki hukum sing spésifik. (Yak. 2:11) Sakliyané kuwi, Yéhuwah ya mbantu awaké dhéwé memahami pathokan saka hukum kuwi. Dadi, meskipun ora kabèh situasi ana hukum spésifiké, tetep isa nggawé keputusan sing bener nganggo pathokan ing Alkitab. Nah, kuwi sakjané bukti nèk Yéhuwah percaya karo umaté. Awaké dhéwé éntuk nggawé keputusan sing mbuktèkké nèk sayang lan manut karo Dhèwèké.—Gal. 5:13.
7. Kèkana perumpamaan sing nduduhké gunané pathokan ing Alkitab. (Deloken gambar.)
7 Nah, bèn ngerti gunané pathokan ing Alkitab, pikirna perumpamaan iki: Ing dalan, ana akèh rambu-rambu lalu lintas. Biasané ana rong jenis rambu. Ana rambu sing isiné larangan, misalé rambu soal batas kecepatan maksimum utawa tandha ”Stop”. Nèk kuwi dilanggar, mesthi ana hukumané. Tapi, ana rambu-rambu sing mung ngélingké soal kemungkinan bahaya. Misalé, nèk dhaérah kuwi rawan kecelakaan utawa ana bocah sing ngerti-ngerti nyebrang. Rambu-rambu kaya ngono isa mbantu sopir kanggo nduwé pertimbangan sing apik lan ngati-ati nyetiré. Terus nèk pas lagi udan, bakal luwih ngati-ati manèh. Nah padha kaya ngono, sakliyané manut préntah sing jelas disebutké ing Alkitab, awaké dhéwé ya kudu memahami pathokan ing Alkitab bèn isa menghindari pikiran lan perbuatan sing isa marakké Yéhuwah ora seneng.
Pathokan ing Alkitab isa diumpamakké kaya rambu-rambu sing ngélingké kemungkinan bahaya (Deloken paragraf 7)
8. Menurut Roma 12:1, 2, apa manfaaté nèk seneng nggolèki pathokan ing Alkitab?
8 Ana manfaat liyané nèk seneng nggolèki lan ngetrapké pathokan ing Alkitab. Kuwi isa marakké awaké dhéwé dadi terlatih kanggo memahami pandhangané Yéhuwah. Nah, wektu maca kisah ing Alkitab, golèkana pelajarané. Coba pikirna ngapa kok Yéhuwah nganti péngin kisah kuwi ditulis ing Alkitab, lan apa manfaaté kuwi kanggo awaké dhéwé. Nèk melakukan kuwi, berarti awaké dhéwé lagi ’nggunakké kabèh pikiran’ bèn isa ngerti ”apa waé sing apik, sing sempurna, lan sing nyenengké Dhèwèké”.—Wacanen Roma 12:1, 2.a
9. Apa manèh manfaaté nèk ngetrapké pathokan ing Alkitab? (Ibrani 5:13, 14)
9 Nèk berupaya ngetrapké pathokan ing Alkitab, awaké dhéwé mengko isa dadi wong Kristen sing luwih apik. Hubungan karo Yéhuwah ya isa dadi luwih akrab. (Wacanen Ibrani 5:13, 14.) Nèk cah cilik, mungkin kudu dikèki akèh aturan bèn ngerti apa sing éntuk lan ora éntuk. Meréka mungkin gelem manut, tapi alesané merga wedi dihukum. Tapi nèk awaké dhéwé, ora kabèh-kabèh diatur karo Yéhuwah. Yéhuwah percaya nèk awaké dhéwé bakal nggawé keputusan sing bener sing isa marakké Dhèwèké seneng.—Mzm. 147:11; WB. 23:15, 26; 27:11.
NITÈNI PATHOKAN SAKA SUATU HUKUM
10. Piyé carané nitèni pathokan ing Alkitab?
10 Bèn isa nitèni pathokan ing Alkitab, wektu maca kisah ing Alkitab, renungna pikiran lan perasaané Yéhuwah saka kisah kuwi. Terus, golèkana alesané Yéhuwah ngekèki hukum tertentu. Semakin memahami alesané, mengko ya dadi semakin paham pandhangané Yéhuwah. Tapi bèn isa ngono, kudu ndonga njaluk bantuané Yéhuwah lan berupaya mikir tenanan. (WB. 2:10-12) Misalé pikirna, ’Ngapa kok Yéhuwah ngekèki hukum iki? Nèk perbuatan ing kisah iki dilarang Yéhuwah, piyé perasaané Yéhuwah soal perbuatan-perbuatan sing mirip kaya kuwi? Apa sing isa tak pelajari saka kisah iki lan piyé ngetrapkéné?’ Nèk isa ngerti apa alesan lan pelajaran saka hukum lan kisah sing ditulis ing Alkitab, mengko dadi isa nggawé keputusan sing bener sing isa nggawé Yéhuwah seneng.
11. Wektu Ceramah ing Gunung, piyé Yésus nduduhké carané nitèni pathokan saka suatu hukum? (Deloken gambar.)
11 Wektu Ceramah ing Gunung, Yésus nduduhké piyé carané nitèni pathokan saka suatu hukum. Ayo mbahas telu contoné. Gatèkna nèk bar nyebutké suatu hukum, Yésus njelaské alesané Yéhuwah ngekèki hukum kuwi. Bar kuwi, awaké dhéwé bakal mbahas piyé pathokan kuwi isih berlaku nganti saiki lan manfaaté.
Liwat Ceramah ing Gunung, Yésus nduduhké carané nitèni pathokan saka hukumé Gusti Allah (Deloken paragraf 11)
12. Saka hukum ing Matius 5:21, 22, apa pathokané? (Deloken gambar.)
12 Wacanen Matius 5:21, 22. Hukum: ”Aja matèni.” Apa pathokan saka hukum kuwi? Yéhuwah ora seneng nèk umaté sengit karo wong liya, embuh kuwi liwat omongan, perbuatan, utawa mung ing njero ati. Meskipun ora nganti matèni, tapi nèk sengit lan ”terus nesu marang seduluré” utawa ”nyebut seduluré nganggo kata-kata sing ngrendhahké”, kuwi berarti wis nglanggar pathokan saka hukum kuwi. Lha ngapa? Soalé kuwi kabèh sing marakké wong isa akhiré dadi matèni.—1 Yoh. 3:15.
13. Piyé pathokan ing Matius 5:21, 22 isa ditrapké saiki? (Deloken gambar.)
13 Pathokan ing Matius 5:21, 22 kuwi ngetrapkéné piyé? Aja terus-terusan nesu utawa dendam. (Km. 19:18; Ayb. 36:13) Soalé, kuwi mengko isa marakké awaké dhéwé dadi sengit karo wongé, terus omongané dadi nylekit utawa malah melakukan sesuatu sing kejem. (WB. 10:12) Misalé, mungkin dadi nggosip utawa mitnah. Kuwi isa marakké réputasiné wong dadi èlèk. (WB. 20:19; 25:23) Dadi, bahkan sakdurungé ana média sosial, blog, internèt, utawa aplikasi pesan, Yésus wis ngekèki pathokan sing jelas soal bahayané sarana modèrn kuwi. Makané, aja nganti ngomong, ngetik, utawa nyebarké hal-hal sing nduduhké nèk sengit karo wong, soalé kuwi mengko isa marakké wong liya dadi mèlu sengit karo wong kuwi.
(Deloken paragraf 12-13)
14. Saka hukum ing Matius 5:27, 28, apa pathokané? (Deloken gambar.)
14 Wacanen Matius 5:27, 28. Hukum: ”Aja laku jina.” Apa pathokan saka hukum kuwi? Yéhuwah ora mung ora seneng karo hubungan sèks sing ora pantes, tapi ya bahkan pikiran sing isa marakké wong akhiré melakukan hubungan sèks sing ora pantes. Yésus njelaské nèk wong terus ndeloki wong liya sakliyané bojoné nganti nduwé kepénginan kanggo hubungan sèks karo wong kuwi, kuwi berarti dhèwèké wis dosa. Dadi, nèk ngerti-ngerti kepénginan kaya ngono muncul, kudu langsung ditolak, meskipun kuwi butuh perjuangan. (Mat. 5:29, 30) Pathokan kuwi ya berlaku kanggo wong Kristen sing durung nikah.
15. Piyé pathokan ing Matius 5:27, 28 isa ditrapké saiki? (Deloken gambar.)
15 Pathokan ing Matius 5:27, 28 kuwi ngetrapkéné piyé? Aja nganti mikirké hal-hal sing saru-saru. (2 Sam. 11:2-4; Ayb. 31:1-3) Wong Kristen sing rohaniné apik jelas ora bakal nonton, maca, utawa ngrungokké kabèh jenis pornografi. Terus ya ora bakal mikir, ’Aku kan mung ndelok, sing penting ora melakukan.’ Terus ya ora bakal mikir, ’Ora apa-apa ah iki tak tonton, kan ora patia saru.’ Pas jamané Yésus, durung ana perangkat èlèktronik, film, utawa foto. Tapi saka pathokan sing dijelaské Yésus, awaké dhéwé dadi ngerti piyé perasaan lan pikirané Yéhuwah soal gambar utawa vidéo sing saru-saru. Terus ya dadi ngerti nèk Yéhuwah bener-bener ora seneng nèk umaté ngirim chat, foto, utawa vidéo sing saru. Nèk ngetrapké pathokan kuwi, wong sing wis nikah bakal tetep setya karo bojoné. (Mal. 2:15) Sakliyané kuwi, nèk éling pathokan kuwi, kabèh umaté Yéhuwah ora soal sing wis nikah utawa durung, ora bakal melakukan hal-hal sing akhiré isa marakké meréka melakukan hubungan sèks sing ora pantes.—WB. 5:3-14.
(Deloken paragraf 14-15)
16. Saka hukum ing Matius 5:43, 44, apa pathokané? (Deloken gambar.)
16 Wacanen Matius 5:43, 44. Hukum: ”Kowé kudu nresnani wong liya.” Apa pathokan saka hukum kuwi? Yéhuwah péngin umaté sayang karo kabèh wong. Wong Yahudi pas jamané Yésus nganggep nèk hukum kuwi berarti meréka éntuk nyengiti mungsuh-mungsuhé. Tapi, Yésus ngerti nèk karepé Yéhuwah dudu ngono. Yéhuwah pénginé kabèh wong, ora soal saka suku utawa bangsa apa, kudu disayangi.—Mat. 5:45-48.
17. Piyé pathokan ing Matius 5:43, 44 isa ditrapké saiki? (Deloken gambar.)
17 Pathokan ing Matius 5:43, 44 kuwi ngetrapkéné piyé? Merga sayang karo kabèh wong, awaké dhéwé ora bakal mèlu perang lan ora bakal mihak. (Yés. 2:4; Mi. 4:3) Terus, ya bakal apikan karo wong-wong sing béda suku, negara, budaya, utawa agama. (Kis. 10:34, 35) Sakliyané kuwi, ya bakal seneng ngampuni wong sing wis nglarani awaké dhéwé utawa nglarani wong sing awaké dhéwé sayangi.—Mat. 18:21, 22; Mrk. 11:25; Luk. 17:3, 4.
(Deloken paragraf 16-17)
NGUPAYA TERUS MANUT PATHOKAN ING ALKITAB
18. (a) Apa sing kudu terus diupayakké? (b) Apa sing bakal dibahas ing artikel berikuté?
18 Bersyukur banget merga ora kabèh-kabèh diatur Yéhuwah. Yéhuwah péngin umaté nggawé keputusan berdasarkan pathokan ing Alkitab. (1 Kor. 14:20) Dadi, wektu arep nggawé keputusan, terusa ”ngupaya bèn paham karo karepé Yéhuwah”. (Éf. 5:17) Awaké dhéwé melakukan kuwi dudu merga wedi dihukum, tapi merga sayang lan péngin nggawé Yéhuwah seneng. Nah, bèn isa nggawé keputusan sing nggawé Yéhuwah seneng, ana bantuan liyané sing wis disedhiakké Yéhuwah yaiku hati nurani. Kuwi sing bakal dibahas ing artikel berikuté.
LAGU 95 Dalan sing Bener Saya Padhang
a Yéhuwah ora ngekèki hukum kanggo saben situasi. Makané bèn isa nggawé keputusan sing bener, umaté kudu mikirké pathokan-pathokan ing Alkitab sing sesuai karo situasi sing lagi diadhepi. Terus, ya kudu nggunakké kesanggupan kanggo mikir. Nah, kuwi sing kudu dilakukan wong-wong Kristen jaman mbiyèn, terutama sing mauné agamané Yahudi. Soalé, meréka sakdurungé wis terbiasa manut aturan-aturan sing digawé para pemimpin agamané.