22-28 JUNI 2026
LAGU 90 Nyemangati Liyané
Niru Yéhuwah sing Seneng Menghibur
”Nganggo penghiburan sing awaké dhéwé tampa kuwi, . . . awaké dhéwé isa menghibur wong liya.”—2 KOR. 1:4.
INTI
Dadi isa ngerti carané menghibur wong liya nèk sinau saka Yéhuwah, Yésus, lan umaté Yéhuwah jaman mbiyèn.
1. Ngapa kudu menghibur wong liya?
KABÈH umaté Yéhuwah mesthi ”ngalami akèh cobaan”, makané butuh dihibur. (1 Ptr. 1:6) Mesthi seneng nèk dihibur pas lagi susah. Makané, awaké dhéwé ya péngin menghibur sedulur-sedulur. (Mat. 7:12) Yéhuwah ngekèki conto carané ”menghibur wong liya sing ngalami kesusahan apa waé”. Yéhuwah péngin awaké dhéwé niru Dhèwèké bèn isa ”menghibur liyané”. (2 Kor. 1:3, 4; 1 Tés. 4:18) Nah, awaké dhéwé gelem menghibur ora mung merga dikongkon Yéhuwah, tapi merga mémang sayang karo sedulur-sedulur. Ing artikel iki bakal dibahas: (1) arti kata ”menghibur” sing disebutké ing Alkitab, (2) carané menghibur, lan (3) kudu piyé nèk butuh dihibur.
ARTI KATA ”MENGHIBUR”
2. Kata ”menghibur” sing disebutké ing Alkitab kuwi artiné isa apa waé?
2 Basa Yunani kanggo kata ”menghibur” artiné isa béda-béda. Kuwi isa berarti ”nguwatké”, utawa ”mènèhi naséhat”. (Rm. 12:8, cathetan ngisor) Terus, kuwi ya isa berarti ”wong sing teka kanggo ngancani”. Dadi, perumpamaané kuwi kaya wong sing cepet-cepet teka marani kancané sing lagi susah bèn isa ngekèki bantuan. Ora soal mbantuné piyé, tapi tujuané bèn wong sing dibantu kuwi isa tetep kuwat lan semangat manèh.
3. Apa sing isa ditiru saka Barnabas? (Deloken gambar.)
3 Ana conto saka umaté Yéhuwah jaman mbiyèn sing seneng menghibur wong liya. Jenengé kuwi Yusuf. Tapi biasané dikenal Barnabas, sing artiné ”Wong sing Nyemangati Wong liya”. (Kis. 4:36) Barnabas seneng mbantu sedulur seiman. Misalé, dhèwèké seneng nyambut Saul. Pas kuwi, Saul lagi waé dadi wong Kristen. Merga mbiyèné Saul kuwi kejem, akèh sedulur sing isih wedi karo Saul. Tapi Barnabas ora ngono. Dhèwèké gelem nyambut Saul lan ngenalké Saul ing para rasul. (Kis. 9:26-28) Merga sikapé cocog karo arti jenengé, ing Alkitab Barnabas ora tau manèh disebut nganggo jeneng asliné, yaiku Yusuf.
Sikapé Barnabas cocog karo arti jenengé (Deloken paragraf 3)
CARANÉ MENGHIBUR WONG LIYA
4. Apa salah siji cara menghibur wong liya? (Roma 1:11, 12)
4 Nèk isa, ngunjungi meréka. Yéhuwah isa nggunakké umaté kanggo menghibur. Misalé, Yéhuwah nggunakké malaékat kanggo nguwatké Nabi Èlia sing lagi sedhih. (1 Raj. 19:4-7) Rasul Paulus ya seneng menghibur sedulur-sedulur, makané péngin ngunjungi meréka. (Wacanen Roma 1:11, 12.) Pas ngunjungi sedulur-sedulur, aja kesusu. Sedhiakna wektu sing cukup bèn isa nguwatké meréka. (1 Kor. 16:7) Nèk ora isa teka langsung, tetep isa menghibur liwat télpon, surat, kartu ucapan, utawa chat. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé gelem digunakké Yéhuwah kanggo menghibur wong liya.
5. Ngapa kok menghibur sedulur-sedulur kuwi kadhang ora gampang?
5 Merga keadaané tambah angèl, ngunjungi sedulur-sedulur sing butuh dihibur kuwi ya ora gampang. Mbiyèn, Onésiforus ya kudu kendel pas mèh ngunjungi Paulus sing lagi dipenjara ing Roma. Onésiforus isa waé malah mèlu dipenjara utawa dipatèni. (2 Tim. 1:16-18) Sedulur-sedulur ing Rusia ya kendel kaya Onésiforus. Pas ana sedulur-sedulur sing digawa ing pengadilan, sedulur-sedulur liyané teka ing pengadilan kanggo ndhukung meréka. Padahal kuwi bahaya merga meréka isa waé mèlu dipenjara. Awaké dhéwé mesthi péngin niru contoné umaté Yéhuwah jaman mbiyèn lan saiki sing terus ngupaya menghibur liyané meskipun keadaané angèl.
6. Piyé carané niru Yéhuwah pas menghibur wong liya? (Deloken gambar.)
6 Ngrungokké meréka. Pas wedi banget merga arep dipatèni, Èlia ndonga karo Yéhuwah. Yéhuwah sakjané wis ngerti sing dialami lan sing dirasakké Èlia. Tapi Yéhuwah tetep gelem ngrungokké Èlia crita, bahkan meskipun critané kuwi dibolan-balèni. (1 Raj. 19:9, 10, 14) Yéhuwah ya gelem ngrungokké Habakuk pas dhèwèké crita piyé perasaané ndelok akèh kesusahan. Meskipun wektu crita kuwi seolah-olah Habakuk nyalahké Yéhuwah, tapi Yéhuwah ora nesu lan tetep gelem ngrungokké Habakuk. (Hab. 1:2, 3) Meskipun wis ngerti sing awaké dhéwé butuhké, Yéhuwah tetep gelem ngrungokké dongané awaké dhéwé. Piyé carané niru Yéhuwah? Isa sabar ngrungokké critané sedulur-sedulur. Pas meréka lagi crita, awaké dhéwé péngin ”cepet ngrungokké [lan] ora kesusu ngomong”, meskipun omongané ngawur utawa dibolan-balèni.—Yak. 1:19; Pkh. 7:9.
Kudu sabar pas ngrungokké sedulur liya sing lagi nyritakké masalahé (Deloken paragraf 6)
7. Piyé bèn isa ngerti sing dibutuhké wong liya?
7 Ngupaya memahami sing dibutuhké. Ora kaya Yéhuwah, awaké dhéwé ora ngerti isi atiné wong liya. Makané, aja ngrasa mesthi ngerti sing dibutuhké wong liya. Sing awaké dhéwé butuhké karo sing wong liya butuhké isa waé béda, meskipun masalah sing dialami padha. Makané, kudu sabar ngrungokké lan takon apa sing meréka butuhké.—WB. 20:5.
8. Piyé Yésus menghibur Marta karo Maria? (Deloken gambar.)
8 Gatèkna carané Yésus menghibur Marta lan Maria pas Lazarus mati. Sakwisé Marta nyritakké perasaané, Yésus ngandhani nèk Lazarus bakal diuripké manèh. Yésus ya mbantu Marta bèn yakin tenan karo janji kuwi. Tapi pas ketemu Maria sing lagi nangis, Yésus mèlu nangis lan takon kuburané Lazarus ing endi. (Yoh. 11:20-35) Apa sing isa dipelajari? Wektu arep menghibur, kudu ngupaya memahami sing dibutuhké wong kuwi bèn bantuané isa cocog. Meskipun masalahé padha, cara menghiburé isa béda.
Pas arep menghibur wong liya, kudu bener-bener memahami sik sing dibutuhké (Deloken paragraf 8)a
9. Piyé carané isa menghibur wong liya nganggo ayat-ayat Alkitab? (Roma 15:4, 5)
9 Nggunakké ayat-ayat Alkitab. Nèk macakké ayat-ayat Alkitab, wong sing dihibur isa dadi luwih yakin karo janji-janjiné Yéhuwah. (Wacanen Roma 15:4, 5.) Wong sing dihibur ya bakal ngrasa dikuwatké merga ngerti Yéhuwah perduli karo meréka. (Yés. 40:31) Piyé carané isa menghibur wong liya nganggo ayat-ayat Alkitab? Isa nggawé daftar ayat Alkitab sing menghibur. Misalé, isa nggolèk ing Tuntunan saka Alkitab ing topik ”Penghiburan”. Terus, ya isa njaluk bantuané Yéhuwah bèn awaké dhéwé isa éling ayat-ayat kuwi lan macakké ayat sing cocog pas menghibur wong liya.—Yoh. 14:26.
10. Pas menghibur, ngapa kok omongané kudu apikan?
10 Omongané kudu apikan. Kaya sing dibahas ing paragraf 2, kata ”menghibur” ya isa berarti ”mènèhi naséhat”. Kadhang pas menghibur, awaké dhéwé ya kudu mbantu wong kuwi bèn nduwé pandhangan sing bener soal masalahé. Nah, cara nyampèkkéné kudu apikan bèn wongé isa terhibur, ora malah lara ati. (WB. 12:18) Yéhuwah ngekèki conto soal kuwi. Pas kuwi, Èlia ngrasa gagal dadi nabiné Yéhuwah. Èlia ya ngrasa nèk mung dhèwèké sing isih nglayani Yéhuwah. Piyé tanggepané Yéhuwah? Yéhuwah ngandhani Èlia pandhangan sing bener, tapi ora nyalah-nyalahké dhèwèké. (1 Raj. 19:15-18) Kaya Yéhuwah, awaké dhéwé isa apikan pas menghibur wong liya. Kuwi termasuk pas nyampèkké ceramah lan ngekèki koméntar ing pertemuan ibadah. Awaké dhéwé péngin bèn apa waé sing disampèkké tetep nguwatké.
11. Apa manèh sing dibutuhké karo wong sing lagi ngadhepi masalah? (1 Yohanes 3:18)
11 Ngekèki bantuan sing dibutuhké. Sedulur-sedulur sing lagi ngadhepi masalah biasané ora mung butuh dihibur, tapi ya dibantu. (Wacanen 1 Yohanes 3:18.) Barnabas ngekèki conto soal kuwi. Dhèwèké ngedol tanahé bèn isa mbantu sedulur-sedulur sing miskin. (Kis. 4:36, 37) Jaman saiki, ya akèh sedulur-sedulur sing gelem mbantu liyané. Gatèkna pengalamané Gabriela saka Polandia. Pas kuwi, omahé rusak merga kebanjiran. Dhèwèké crita, ”Aku karo wong tuwaku bingung piyé carané ndandani omah kami. Tapi ana sedulur-sedulur saka jemaat liya sing ndandani omah kami. Saka pengalaman kuwi, aku bener-bener ngrasakké nèk Yéhuwah ngarahké umaté kanggo menghibur liyané.”
12. Ngapa kok nèk ora nyerah pas ngadhepi masalah kuwi isa nguwatké sedulur-sedulur?
12 Ora nyerah pas ngadhepi masalah. Paulus ngrasa dikuwatké merga wong Kristen ing Tésalonika tetep setya meskipun dianiaya. (1 Tés. 3:5-8) Paulus ya péngin tetep setya pas ngadhepi masalah bèn isa nguwatké sedulur-sedulur. (Kol. 2:1, 2) Saiki ya ngono. Nèk ora nyerah pas ngadhepi masalah, awaké dhéwé ya isa nguwatké sedulur-sedulur. Merga ndelok awaké dhéwé dibantu Yéhuwah, meréka isa yakin nèk Yéhuwah mesthi mbantu meréka.
13. Ngapa kok pas menghibur wong liya kudu sabar?
13 Kudu sabar. Kadhang upayané awaké dhéwé pas menghibur sedulur-sedulur ora langsung kétok hasilé. Makané, ing Alkitab disebutké nèk awaké dhéwé ”kudu terus menghibur”. Kuwi maksudé menghiburé ora mung pisan thok, tapi bola-bali. (1 Tés. 5:11, cathetan ngisor) Makané pas menghibur wong liya kudu sabar. (1 Tés. 5:14) Nah, kadhang awaké dhéwé ya butuh dihibur. Nèk ngono, kudu piyé?
KUDU PIYÉ NÈK BUTUH DIHIBUR?
14-15. Pas ngadhepi masalah, kudu piyé?
14 Ndonga karo Yéhuwah. Pas ngadhepi masalah, isa ndonga bèn ngrasa tenang. (Mzm. 94:19) Njenengan isa nyritakké kabèh sing dirasakké karo Yéhuwah. (Mzm. 62:8) Mémang Yéhuwah wis ngerti sing njenengan pikirké lan rasakké. Tapi nèk tetep gelem ndonga, kuwi bukti nèk beriman karo Dhèwèké. Yéhuwah mesthi njawab dongané wong sing kaya ngono. (Mrk. 11:24) Kuwi cocog karo Filipi 4:6, 7, ”Kowé kudu terus ndonga njaluk tuntunané Gusti Allah. . . . Nèk kowé nindakké kuwi, Gusti Allah bakal mènèhi kowé rasa ayem sing ora isa dipahami manungsa. . . . Gusti Allah bakal njaga ati lan pikiranmu.”
15 Njaluk bantuané sedulur liya. Sedulur-sedulur isa menghibur lan mbantu njenengan. Makané pas ngadhepi masalah, isa crita karo kanca ing jemaat utawa para pinituwa. Tapi ora kaya Yéhuwah, meréka ora selalu ngerti sing njenengan rasakké. Makané nèk butuh dihibur, ya kudu crita. (WB. 14:10) Ngomonga nèk njenengan lagi péngin dirungokké. Njenengan ya isa njaluk meréka nggolèkké ayat utawa artikel sing cocog.
16. (a) Pas menghibur, isa waé sedulur-sedulur piyé? (b) Apa sing kudu diéling-éling?
16 Kudu sabar lan gelem ngapura. Pas menghibur, mungkin sedulur-sedulur nggawé kesalahan. Misalé, kata-katané ora pénak dirungokké utawa nggawé jèngkèl. Makané kudu tetep sabar. (1 Kor. 13:4, 7) Kaya omongané Yakobus, ”Nèk wong ora tau salah ngomong, dhèwèké kuwi manungsa sing sempurna.” (Yak. 3:2) Élinga nèk sakjané niaté meréka kuwi apik. Meskipun pénginé menghibur, tapi meréka tetep isa nggawé kesalahan.—Mat. 26:41.
17. Apa tékadé awaké dhéwé?
17 Saiki awaké dhéwé butuh dihibur, soalé keadaané bakal dadi tambah angèl. Terus, mungsuhé Gusti Allah ya ngupaya bèn awaké dhéwé ora setya. Makané ayo terus saling menghibur.
LAGU 130 Kudu Seneng Ngampuni
a PENJELASAN GAMBAR: Pinituwa menghibur sedulur lanang sing lagi waé ditinggal mati bojoné. Pinituwa kuwi ngrungokké tenanan pas sedulur iki cerita. Pinituwa mau ya ngunjungi sedulur lanang lansia. Meréka crita-crita soal bojoné sedulur lansia kuwi, sing wis suwé mati.