PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w26 Februari hlm. 2-7
  • Cara Memperlakukan Keluarga sing Durung Seiman

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Cara Memperlakukan Keluarga sing Durung Seiman
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • BAKAL TERGERAK KANGGO MBANTU NÈK NDUWÉ RASA MESAKKÉ
  • KUDU PIYÉ NÈK DIÈLÈK-ÈLÈK?
  • TERUS SABAR LAN NDUWÉ HARAPAN
  • DUDUHNA NÈK SAYANG KARO MERÉKA
  • AJA NYERAH
  • Jawaben Pertanyaan-Pertanyaan Iki
    Daftar Acara Pertemuan Wilayah 2025-2026 karo Pinituwa Wilayah
  • Nggawé Keputusan sing Mbuktèkké Nèk Ngendelké Yéhuwah
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
  • Apa Ajaran Dhasar Isih Ana Manfaaté kanggo Njenengan?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Jawaben Pertanyaan-Pertanyaan Iki
    Daftar Acara Pertemuan Wilayah 2025-2026 karo Wakil Kantor Cabang
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
w26 Februari hlm. 2-7

6-12 APRIL 2026

LAGU 82 ”Kaya Cahaya sing Bersinar”

Cara Memperlakukan Keluarga sing Durung Seiman

”Aja nyerah nindakké apa sing apik.”—GAL. 6:9.

INTI

Piyé bèn isa tetep nduwé hubungan sing apik karo keluarga sing durung seiman, lan nèk isa, ngekèki kesaksian karo meréka.

1-2. Apa waé sing mungkin marakké hubungan karo keluarga sing durung seiman dadi ora apik?

YÉSUS ngerti kecenderungané manungsa kuwi nèk éntuk kabar sing nyenengké biasané sing dicritani sik kuwi keluargané. Makané dhèwèké tau ngomong karo wong lanang sing péngin dadi muridé, ”Balia marang keluargamu, lan critakna kabèh sing wis ditindakké Yéhuwah kanggo kowé.”—Mrk. 5:19.

2 Wektu pertama kali ngerti ajaran sing bener, merga saking senengé, mungkin langsung péngin nyritani keluarga. Tapi, isa waé meréka malah dadi ora seneng. Utawa merga saking semangaté, dadi nyeramahi terus lan marakké meréka tersinggung. Nah, piyé bèn isa tetep nduwé hubungan sing apik karo keluarga, tapi ya tetep manut pathokané Yéhuwah?

3. Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?

3 Ing artikel iki bakal dibahas: (1) Apa manfaaté nèk nduwé rasa mesakké karo keluarga sing durung seiman? (2) Kudu piyé nèk omongané utawa perbuatané meréka nglarani ati? (3) Apa manfaaté nèk tetep sabar lan terus berharap? (4) Piyé carané nduduhké nèk sayang karo meréka?

BAKAL TERGERAK KANGGO MBANTU NÈK NDUWÉ RASA MESAKKÉ

4. Karo wong-wong sing ora berminat karo beritané, Yésus piyé?

4 Yésus gelem ngupayakké akèh hal kanggo mbantu wong-wong sing ora berminat karo beritané. Ing perumpamaané, Yésus madhakké upayané kanggo mbantu wong Yahudi bèn akhiré beriman lan dadi muridé kuwi kaya upayané tukang kebon sing luwih saka telung taun nyoba akèh cara bèn wit arané isa thukul lan ngetokké buah. (Luk. 13:​6-9) Yésus gelem melakukan kuwi merga nduwé rasa mesakké. Yésus isa memahami situasiné meréka lan gelem sabar mbantu meréka.

5. Apa sing marakké Yésus dadi ngrasa mesakké karo wong Yahudi?

5 Yésus ngrasa mesakké merga dhèwèké ndelok dhéwé nèk wong Yahudi dadi ora beriman karo Yéhuwah kuwi merga ora diajari para pemimpin agamané. Meréka kaya ”domba tanpa gembala”. (Mrk. 6:34) Sakdurungé kematiané, Yésus tau nangisi kutha Yérusalèm. Soalé, dhèwèké ngerti nèk akèh wong ing kutha kuwi bakalé mati merga ora nduwé iman karo Yéhuwah lan Yésus. (Luk. 19:​41-44) Kaya Yésus, nèk awaké dhéwé nduwé rasa mesakké, mesthi bakal tergerak kanggo ngandhani keluarga sing durung seiman soal ajaran sing bener.

6. Ngapa kok kudu sabar karo keluarga sing durung seiman? (Galatia 6:9)

6 Wacanen Galatia 6:9. Nèk saiki ana keluarga sing durung gelem nampa ajaran sing bener, tetepa sabar lan ora nyerah ”nindakké apa sing apik”. Kanggo nampa sesuatu sing anyar lan akhiré beriman karo Yéhuwah kuwi butuh wektu. Élinga, mbiyèn wektu njenengan ”ora nduwé harapan lan ora kenal karo Gusti Allah”, ana wong sing sabar lan ora nyerah mbantu njenengan kenal Yéhuwah. (Éf. 2:12) Saiki, dadia wong sing kaya ngono kanggo keluargané njenengan.

KUDU PIYÉ NÈK DIÈLÈK-ÈLÈK?

7. Apa waé sing mungkin marakké adhi-adhiné Yésus ora langsung beriman karo Yésus?

7 Meskipun mungkin adhi-adhiné Yésus krungu soal mukjijaté Yésus ing Galiléa, tapi meréka ora langsung beriman karo Yésus. (Luk. 4:​14, 22-24; Yoh. 7:5) Mémang ing Alkitab ora disebutké alesané ngapa. Tapi, wektu kuwi wong Yahudi akèh sing ora percaya Yésus merga wedi diedohi wong Yahudi liyané. (Yoh. 9:​18-22) Sing liyané mungkin ya ngerti cilikané Yésus, makané ora percaya Yésus kuwi Mésias. (Mrk. 6:​1-4) Isa waé hal-hal kuwi sing ya marakké adhi-adhiné Yésus ora langsung beriman. Nah, mungkin keluargané njenengan durung gelem nampa ajaran sing bener ya merga hal-hal kuwi.

8. Apa sing mungkin marakké keluarga sing durung seiman ngomong utawa melakukan sesuatu sing nglarani ati?

8 Pikirna alesané ngapa kok meréka nganti ngomong utawa melakukan kuwi. Adhi-adhiné Yésus mungkin termasuk ing antarané sedulur-seduluré Yésus sing ngelokké Yésus ”wis édan”. (Mrk. 3:21) Lha ngapa kok meréka nganti ngomong kaya ngono? Wektu kuwi, Yésus sibuk banget nginjil lan marèkké wong nganti ora kober mangan. (Mrk. 3:20) Nah, mungkin merga kuwi, meréka nganggep Yésus wong sing fanatik. Padha kaya ngono, mungkin keluarga sing durung seiman ya mikir nèk awaké dhéwé fanatik. Nah, nèk kaya ngono, duduhna liwat omongan lan perbuatan nèk awaké dhéwé ora kaya sing meréka pikirké.

9. Piyé bèn keluarga sing durung seiman akhiré nduwé pandhangan sing bener soal Seksi Yéhuwah? (1 Pétrus 3:​1, 2) (Deloken gambar.)

9 Buktèkna liwat perbuatan. Isa waé keluarga sing durung seiman nduwé pandhangan sing salah soal Seksi Yéhuwah. Nah, pandhangan kuwi isa berubah nèk meréka ndelok perbuatan utawa omongané awaké dhéwé. (Wacanen 1 Pétrus 3:​1, 2.) Misalé, ana sedulur wédok sing bojoné ora seiman. Isa waé sing lanang nesu nèk kerep ditinggal bojoné, meskipun lungané kanggo nginjil utawa ngibadah. Nah, bèn sing lanang ora nesu, mungkin sedulur wédok kuwi isa nyesuaikké jadwalé bèn tetep nduwé wektu karo bojoné. Misalé nginjilé nèk pas bojoné ora ing omah utawa lagi ana akèh kegiatan. Nèk gelem nggawé penyesuaian, mungkin suwé-suwé bojoné dadi nduwé pandhangan sing bener soal Seksi Yéhuwah.

Gambar: 1. Sedulur wédok sing bojoné ora seiman nyiapké bekal lan kopi kanggo bojoné sakdurungé bojoné mangkat kerja. 2. Bar kuwi, dhèwèké nginjil karo sedulur wédok liyané. Dhèwèké nduduhké ayat Alkitab saka HP-né kanggo ibu-ibu sing ditemoni.

Omongan lan perbuatané awaké dhéwé isa marakké bojo sing durung seiman akhiré nduwé pandhangan sing bener soal Seksi Yéhuwah (Deloken paragraf 9)f


10. Nèk niru Yésus, kudu piyé wektu dièlèk-èlèk?

10 Wektu dièlèk-èlèk, ora perlu selalu ditanggepi. Yésus mbiyèn ya tau dilokké ”nggragas lan seneng mabuk”. Tapi dhèwèké ora nesu lan pilih meneng waé. Dhèwèké mung nduduhké liwat perbuatané bèn wong-wong ndelok dhéwé kenyataané. (Mat. 11:19; bandhingna Yohanes 2:​2, 6-10.) Padha kaya Yésus, wektu dièlèk-èlèk, ora perlu selalu ditanggepi. Saben dina, duduhna waé nèk awaké dhéwé bahagia. Mungkin bar ndelok kuwi, keluarga sing durung seiman dadi ngerti sing bener kuwi piyé, lan nèk éntuk informasi sing ora bener soal Seksi Yéhuwah, meréka ora bakal gampang percaya.

TERUS SABAR LAN NDUWÉ HARAPAN

11. Meskipun adhi-adhiné ora langsung beriman, Yésus tetep piyé?

11 Wektu Yésus nggawé mukjijaté sing pertama ing kutha Kana, kétoké adhi-adhiné ya ana ing kono. (Yoh. 2:​11, 12) Tapi meréka ora beriman karo Yésus. Apa bar kuwi Yésus putus hubungan lan ora perduli manèh karo meréka? Ora. Ing Alkitab disebutké nèk kira-kira telung taun bar peristiwa ing Kana mau, hubungané Yésus isih tetep apik karo adhi-adhiné. (Yoh. 7:​5-8) Kuwi nduduhké nèk Yésus terus sabar lan nduwé harapan adhi-adhiné suatu saat bakal beriman.

12. Bèn isa terus berharap suatu saat keluarga sing durung seiman akhiré gelem nglayani Yéhuwah, isa ngéling-éling soal apa?

12 Nèk éling Yéhuwah kuwi gampang mesakké, awaké dhéwé isa terus berharap keluarga sing durung seiman mengkoné gelem nglayani Yéhuwah. Sakwisé sengsara gedhé dimulai, isih ana kesempatan kanggo mihak Yéhuwah. Sapa ngerti pas agama palsu dihancurké, meréka dadi éling nèk wis tau dicritani soal kuwi, terus akhiré mutuské nglayani Yéhuwah.a (Why. 17:16) Tapi bahkan kèt saiki, nèk meréka lagi kesulitan, ya kudu sak isa-isané mbantu. Nèk ngrasakké kasih sayangé awaké dhéwé, sapa ngerti meréka dadi gelem nampa ajaran sing bener.

DUDUHNA NÈK SAYANG KARO MERÉKA

13. Meskipun sibuk nglayani Yéhuwah, tapi kuwi aja nganti marakké keluarga sing durung seiman dadi mikir piyé?

13 Aja nganti kesibukan kanggo nglayani Yéhuwah marakké keluarga sing durung seiman dadi mikir nèk awaké dhéwé wis ora nduwé wektu kanggo meréka utawa wis ora sayang manèh karo meréka. (Mat. 7:12) Nah, berarti kudu piyé? Gatèkna saran-saran iki.

14-15. Apa waé carané nduduhké nèk sayang karo keluarga sing durung seiman? Critakna conto saka Sedulur Anna.

14 Aja putus hubungan. Kerep-kerepa komunikasi karo meréka. Njenengan isa nduduhké nèk sayang karo meréka nèk berinisiatif ngubungi meréka sik. Misalé wektu lagi liburan, dolan, utawa kumpul-kumpul, isa nge-chat meréka lan ngirimi foto-foto pas kuwi. Njenengan ya isa ngekèki hadiah sederhana utawa surat.

15 Gatèkna pengalamané Sedulur Anna ing Armenia. Keluargané kerep kumpul-kumpul bareng, terutama pas acara ulang taun utawa hari-hari raya. Wektu Anna dadi Seksi Yéhuwah, keluargané kuwatir mengko hubungané meréka karo Anna dadi adoh. Meréka ya kuwatir nèk Anna mengko dadi ora bahagia. Terus, apa sing dilakukan Anna? Anna crita, ”Aku kerep ngunjungi keluargaku lan crita soal kegiatan lan kesibukanku saiki. Aku ya ngejak meréka ing omahku lan tak kenalké karo para sedulur. Saiki keluargaku kenal karo para sedulur lan ya isa akrab karo meréka. Bahkan keluargaku ya ngomong nèk saiki aku kétok luwih bahagia lan meréka wis ora nguwatirké aku manèh.”

16. Apa buktiné nèk Yésus perduli karo Yakobus adhiné? (Deloken cathetan ngisor.)

16 Tetep duduhna nèk perduli. Sakwisé diuripké manèh, Yésus langsung nemoni Yakobus secara pribadi. (1 Kor. 15:7) Yakobus mesthi seneng banget merga ngrasakké nèk Yésus isih sayang lan perduli karo dhèwèké. Mungkin pas kuwi Yakobus akhiré yakin nèk Yésus kuwi Mésias. Bar ditemoni Yésus, Yakobus mungkin ya langsung ngandhani keluarga liyané lan ngyakinké meréka nèk Yésus kuwi Mésias.b—Kis. 1:14.

17. Piyé contoné ngetrapké Roma 12:15? (Deloken gambar.)

17 Wacanen Roma 12:15. Nèk nduduhké nèk perduli karo keluarga sing ora seiman, embuh pas meréka lagi seneng utawa susah, isa waé mengko sikapé meréka dadi luwih apik.c Misalé, wektu bayiné lair, awaké dhéwé isa ngekèki ucapan selamat utawa ngekèki hadiah. Utawa nèk meréka lagi sedhih merga bar ditinggal mati, isa menghibur meréka liwat chat, surat, utawa ngekèki bantuan praktis. Tapi aja lali, takon kabaré meréka kuwi ora mung pas saat-saat kaya ngono kuwi thok. Awaké dhéwé péngin secara rutin nge-chat, télpon, utawa ngunjungi meréka.

Sedulur wédok saka gambar sing mau, lagi selfie karo bojoné lan ibu maratuwané sing dudu Seksi Yéhuwah. Ibu maratuwané lungguh ing kursi roda.

Nèk awaké dhéwé terus nduduhké nèk perduli, sikap lan pandhangané keluarga sing durung seiman soal Seksi Yéhuwah isa dadi luwih apik (Deloken paragraf 17)g


Soal Nekani Acara Pernikahan utawa Pemakamané Keluarga sing Ora Seiman

Biasané keluarga bakal ngumpul wektu ana acara pernikahan utawa pemakaman. Nah, sakdurungé mutuské arep teka apa ora, pikirna beberapa pathokan ing Alkitab iki:

  • Ing acara kuwi mengko, apa bakal ana ritual keagamaan utawa adat istiadat sing ora sesuai pathokan ing Alkitab? (2 Kor. 6:​14, 15)

  • Nèk misalé ana lan njenengan mutuské kanggo teka, apa njenengan bakal wani nolak kanggo ora mèlu-mèlu? (WB. 22:3)

  • Apa keluarga sing ora seiman ngerti nèk njenengan ora bakal mèlu ritual-ritual kuwi?

  • Apa pengaruhé kanggo para sedulur nèk njenengan teka ing acara kuwi padahal acarané diadakké ing tempat ibadah? (Flp. 1:10)

Ora soal apa sing diputuské, pastèkna keluarga sing ora seiman éntuk informasi sing jelas, terus nyampèkkéné ya sing sopan. Sing paling penting, keputusané kuwi kudu sing nggawé Yéhuwah seneng.e

18. Piyé carané niru Andréas?

18 Kenalna karo sedulur seiman. Wektu ngerti nèk Yésus kuwi Mésias, Andréas langsung nemoni Pétrus lan ngenalké dhèwèké ing Yésus. (Yoh. 1:​40-42) Awaké dhéwé ya isa niru Andréas. Misalé, ajaken keluarga sing durung seiman teka ing pertemuan ibadah utawa acara ramah tamah, terus kenalna karo sedulur-sedulur seiman. Nèk bergaul langsung karo Seksi Yéhuwah, mengko meréka isa ngerti dhéwé Seksi Yéhuwah kuwi wong-wong sing kaya apa.

19. Meskipun keluarga ora bener-bener paham kepercayaané awaké dhéwé, awaké dhéwé kudu tetep piyé? (1 Pétrus 3:15)

19 Wacanen 1 Pétrus 3:15. Keluarga sing durung seiman isa waé ora bener-bener paham ngapa kok awaké dhéwé ora gelem ngrayakké hari raya utawa melakukan kebiasaan tertentu manèh. Tapi meréka biasané bakal éling sikap lan carané awaké dhéwé memperlakukan meréka. Dadi meréka mesthi seneng nèk awaké dhéwé tetep apikan lan menghargai meréka. Misalé, gelem nyedhiakké wektu kanggo ngunjungi, mangan bareng, lan ngekèki meréka hadiah.

AJA NYERAH

20. Apa sing menarik saka contoné Yakobus?

20 Mémang pas Yésus isih ing bumi, Yakobus durung gelem dadi muridé. Tapi akhiré Yakobus dadi muridé Yésus. (Gal. 1:​18, 19; 2:9) Yakobus mesthi akhiré ya bener-bener ngrenungké ajarané Yésus. Buktiné, akèh pelajaran penting sing disebutké ing suraté mirip karo sing diajarké Yésus wektu Ceramah ing Gunung.d

21. Ngapa kok aja nyerah kanggo terus ngapiki keluarga sing durung seiman?

21 Meskipun wis diapiki, isa waé keluarga sing durung seiman ya tetep ora gelem nampa ajaran sing bener utawa tetep ora seneng karo awaké dhéwé. Tapi aja nyerah. Ayo terus ngapiki meréka, soalé kuwi berarti niru Yéhuwah lan Yésus sing selalu apikan, bahkan karo wong-wong sing tanggepané ora apik. (Luk. 6:​33, 36) Nèk terus diapiki, sapa ngerti suwé-suwé pandhangané meréka isa berubah, mungkin ya dadi éling karo hal-hal sing awaké dhéwé critakké ing meréka. Terus, nèk mengko akhiré meréka mutuské nglayani Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi bakal bahagia banget.

APA JAWABANÉ?

  • Apa manfaaté nèk nduwé rasa mesakké karo keluarga sing durung seiman?

  • Ngapa kok kudu terus sabar lan nduwé harapan?

  • Piyé carané mbuktèkké nèk sayang karo keluarga sing durung seiman?

LAGU 60 Nylametké Wong-Wong

a Deloken artikel ”Carané Yéhuwah Ngadili Selama Sengsara Gedhé” ing Warta Penting Mei 2024, halaman 11, paragraf 11-13.

b Paling ora ana loro adhiné Yésus, yaiku Yakobus lan Yudas, sing akhiré dadi Kristen sakwisé Yésus mati lan diuripké manèh.

c Deloken kothak ”Soal Nekani Acara Pernikahan utawa Pemakamané Keluarga sing Ora Seiman”.

d Bandhingna Yakobus 1:2 karo Matius 5:​11, 12; Yakobus 1:19 karo Matius 5:22; Yakobus 1:22; 2:24 karo Matius 7:21; Yakobus 2:13 karo Matius 5:7; 6:​14, 15.

e Nèk péngin ngerti keterangan luwih akèh soal kuwi, deloken ”Pertanyaan Pembaca” ing Menara Pengawal 15 Mei 2002 lan 15 November 2007.

f PENJELASAN GAMBAR: Sakdurungé nginjil, sedulur wédok nyiapké panganan sik kanggo bojoné.

g PENJELASAN GAMBAR: Sedulur wédok kuwi ya ngunjungi ibu maratuwané sing dudu Seksi Yéhuwah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2026 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim