PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp19 No. 2 hlm. 12-13
  • Wektu Péngin Bunuh Diri

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Wektu Péngin Bunuh Diri
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2019
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • NGGOLÈK BANTUAN
  • DÉPRÈSI BAKAL DISINGKIRKÉ
  • Naséhat ing Alkitab kanggo Wong sing Péngin Bunuh Diri
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • 2 | ’Ayat-Ayat Kuwi Mènèhi Penghiburan’
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2023
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2019
wp19 No. 2 hlm. 12-13
Wong wédok lagi lungguh karo ndelok ing kadohan lan ana Alkitab sing kebukak ing méja

Wektu Péngin Bunuh Diri

”Aku terus-terusan ngrasa kuwatir, sedhih, lan ora nduwé semangat urip manèh. Rasané aku péngin mati waé.”​—Adriana, Brasil.

NÈK tau ngrasa kaya ngono, njenengan mungkin isa ngerti perasaané Adriana. Dokter ngomong nèk Adriana ngalami déprèsi klinis.

Terus, ya ana wong Jepang sing jenengé Kaoru. Dhèwèké kudu ngrawat wong tuwané sing wis tuwa lan lara-laranen. Kaoru ngomong, ”Aku tau ngrasa strès banget pas kerja. Aku nganti ora doyan mangan lan ora isa turu. Luwih apik nèk aku mati waé.”

Ana manèh wong lanang saka Nigeria sing jenengé Ojebode. Dhèwèké ngomong, ”Aku terus-terusan ngrasa sedhih lan nganti nangis. Mula, aku nggolèk cara bèn isa bunuh diri.” Mémang, Ojebode, Kaoru, lan Adriana akhiré ora sida bunuh diri. Tapi, saben taun kira-kira ana 800.000 wong ing sak donya sing bunuh diri.

NGGOLÈK BANTUAN

Wong sing bunuh diri kuwi akèh-akèhé wong lanang. Wong-wong kuwi biasané isin kanggo nggolèk bantuan. Tapi, Yésus ngomong nèk wong lara mbutuhké dokter. (Lukas 5:31) Dadi, nèk mulai nduwé pikiran péngin bunuh diri, njenengan ora perlu isin kanggo nggolèk bantuan. Akèh wong sing ngalami kaya ngono ngrasakké manfaaté nampa perawatan keséhatan. Ojebode, Kaoru, lan Adriana saiki ya isa ngrasa luwih tenang merga nampa perawatan keséhatan.

Wong sing déprèsi mungkin perlu ngombé obat sing diresèpké dokter, konsultasi karo dokter, utawa loro-loroné bèn isa luwih tenang. Wong kuwi ya mbutuhké keluarga lan kanca-kanca sing perduli, sabar, lan ndhukung dhèwèké. Yéhuwah ya nyedhiakké bantuan liwat Alkitab.

DÉPRÈSI BAKAL DISINGKIRKÉ

Wong sing déprèsi biasané ora isa langsung mari lan kudu éntuk perawatan keséhatan. Dhèwèké ya perlu nggawé penyesuaian. Nèk lagi berjuang ngatasi déprèsi, élinga nèk njenengan nduwé masa depan sing nyenengké. Kuwi sing diupayakké Ojebode. Dhèwèké ngomong, ”Aku mbayangké wektu janji ing Yésaya 33:24 kelakon. Wektu kuwi, ora bakal ana wong sing lara.” Kaya Ojebode, njenengan ya isa éntuk penghiburan saka Gusti Allah sing janji nèk ”rasa lara” ora bakal ana manèh ing ”bumi anyar”. (Wahyu 21:1, 4) Kuwi artiné manungsa bakal bébas saka kabèh penyakit termasuk déprèsi. Ing masa depan, kabèh sing nggawé njenengan déprèsi ”ora bakal diéling-éling manèh, lan kuwi ora bakal ana manèh ing ati”.​—Yésaya 65:17.

Ayat-Ayat Alkitab sing Isa Direnungké

Gusti Allah memahami perasaané njenengan.

”Aku, Yéhuwah Gusti Allahmu, bakal nyekel tanganmu tengen lan ngomong karo kowé, ’Aja wedi, Aku bakal nulungi kowé.’”​—Yésaya 41:13.

Yéhuwah sing paling ngerti perasaané awaké dhéwé lan péngin mbantu awaké dhéwé.

Ngrenungké Alkitab.

”[Èlia] njaluk mati waé. Dhèwèké kandha, ’. . . Oh Yéhuwah, jupuken waé nyawaku!’”—1 Para Raja 19:4.

Ojebode ngomong, ”Wektu ngrenungké Alkitab, aku dadi ngerti nèk Nabi Èlia ya tau ngrasakké apa sing tak rasakké.”

Sinau saka conto-conto ing Alkitab.

”Aku [Yésus] wis njaluk marang Gusti Allah kanggo kowé [Pétrus] supaya imanmu tetep kuwat.”​—Lukas 22:32.

Sakwisé ora ngakoni Yésus nganti ping telu, Rasul Pétrus ngrasa sedhih banget. Kaoru ngomong, ”Pengalamané Pétrus mbantu aku ngerti nèk Yéhuwah lan Yésus perduli karo perasaané Pétrus. Iki bener-bener nguwatké aku.”

Ing masa depan, kabèh sing nggawé njenengan déprèsi ”ora bakal diéling-éling manèh, lan kuwi ora bakal ana manèh ing ati”.​—Yésaya 65:17

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2026 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim