PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • rj bagian 4 hlm. 10-11
  • Rasa Bersalah—”Tulung Dosaku Disingkirké”

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Rasa Bersalah—”Tulung Dosaku Disingkirké”
  • Balia Nglayani Yéhuwah
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ”Ayo Masalahé Awaké Dhéwé Dirampungké”
  • ”Wong sing Kesalahané Diapura . . . Bakal Bahagia”
  • Yakina Nèk Njenengan Wis Diampuni Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Apa Manfaat Pengampunané Yéhuwah kanggo Njenengan?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Yéhuwah Kuwi Gusti Allah sing Seneng Ngapura
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
  • Yéhuwah Mberkahi Wong-Wong sing Seneng Ngapura
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
Balia Nglayani Yéhuwah
rj bagian 4 hlm. 10-11

BAGIAN 4

RASA BERSALAH ”Tulung Dosaku Disingkirké”

”Gawéanku sing anyar gajiné luwih akèh, dadi keluargaku uripé isa luwih nyaman. Tapi merga gawéan iki, aku dadi mèlu-mèlu kegiatan sing ora sesuai pathokan ing Alkitab. Aku mèlu ngrayakké hari raya, ndhukung kegiatan politik, lan bahkan teka ing gréja. Wis 40 taun aku ora aktif. Kayané Yéhuwah ora bakal ngampuni aku. Aku terus-terusan ngrasa bersalah, merga ngerti sing bener tapi tetep nglakoni sing salah.”​—Martha.

PERASAAN bersalah isa dadi beban sing abot. Raja Daud nulis, ”Kesalahanku akèh banget nganti aku kewalahan, kaya beban sing abot sing ora sanggup tak tanggung.” (Mazmur 38:4) Beberapa wong Kristen ngrasa cilik ati merga mikir nèk Yéhuwah ora bakal ngampuni kesalahané meréka. (2 Korintus 2:7) Apa kuwi bener? Ora. Meskipun tau nggawé dosa gedhé, Yéhuwah gelem ngampuni lan ora bakal ninggalké njenengan.

”Ayo Masalahé Awaké Dhéwé Dirampungké”

Yéhuwah ora ninggalké wong-wong sing nggawé dosa. Malah, Yéhuwah sing nggolèki meréka. Ing perumpamaan soal anak sing ilang, Yésus madhakké Yéhuwah kaya bapak sing penyayang. Ing perumpamaan kuwi anaké ninggalké bapaké lan keluargané, terus urip sak karepé dhéwé. Tapi akhiré, anak kuwi mutuské kanggo bali. ”Pas dhèwèké isih adoh, bapaké ndelok dhèwèké. Bapaké ngrasa mesakké. Mula bapaké mlayu, ngrangkul, terus ngambung dhèwèké.” (Lukas 15:11-20) Apa njenengan péngin nyedhak karo Yéhuwah tapi ngrasa nèk ”isih adoh” saka Dhèwèké? Kaya bapak ing perumpamaané Yésus, Yéhuwah perduli banget karo njenengan. Yéhuwah péngin banget njenengan bali.

Piyé nèk ngrasa Yéhuwah ora bakal ngampuni merga njenengan nggawé akèh dosa utawa dosané gedhé banget? Élinga kata-katané Yéhuwah ing Yésaya 1:18, ”Ayo masalahé awaké dhéwé dirampungké. Senajan dosamu abang banget kaya getih, kuwi bakal dadi putih kaya salju.” Yéhuwah bakal ngampuni meskipun awaké dhéwé ngrasa nèk kesalahané awaké dhéwé ora isa diampuni.

Yéhuwah ora péngin njenengan cilik ati merga terus-terusan ngrasa bersalah. Piyé bèn isa yakin Yéhuwah bakal ngampuni, lan hati nuraniné njenengan dadi resik? Gatèkna loro cara sing dilakukan Raja Daud. Pertama Daud ngomong, ”Aku bakal ngakoni kesalahanku marang Yéhuwah.” (Mazmur 32:5) Élinga nèk Yéhuwah wis ngundang njenengan ndonga karo Dhèwèké bèn ’masalahé isa dirampungké’. Mula, ndongaa karo Yéhuwah, ngakoni dosa, lan critakna kabèh perasaané njenengan. Daud ya kaya ngono, mulané dhèwèké ndonga, ”Tulung dosaku disingkirké. . . . Oh Gusti Allah, Njenengan ora bakal nolak wong sing rendah hati lan sing ngrasa gela.”​—Mazmur 51:2, 17.

Keloro, Daud gelem nampa bantuané Yéhuwah liwat Nabi Natan. (2 Samuèl 12:13) Saiki, Yéhuwah wis nglatih para pinituwa kanggo mbantu wong-wong sing nggawé kesalahan supaya isa akrab manèh karo Dhèwèké. Pas njaluk bantuané para pinituwa, meréka bakal menghibur nggunakké ayat-ayat Alkitab lan ngejak ndonga supaya njenengan isa ngrasa ayem. Para pinituwa bakal mbantu supaya njenengan ora terus-terusan ngrasa bersalah lan isa akrab manèh karo Yéhuwah.​—Yakobus 5:14-16.

Loro pinituwa lagi ndonga bareng karo sedulur lanang sing ora aktif

Yéhuwah péngin njenengan nduwé hati nurani sing resik

”Wong sing Kesalahané Diapura . . . Bakal Bahagia”

Mungkin rasané angèl kanggo ngakoni dosané njenengan karo Yéhuwah, lan isin nèk mèh njaluk bantuané para pinituwa. Daud ya tau ngrasa kaya ngono. Selama beberapa waktu, dhèwèké ’ora ngakoni dosané’. (Mazmur 32:3) Tapi, akhiré Daud ngrasakké manfaaté merga gelem ngakoni dosané lan bertobat.

Manfaat sing paling gedhé yaiku Daud ngrasa bahagia manèh. Daud nulis, ”Wong sing kesalahané diapura, sing dosané diapura, bakal bahagia.” (Mazmur 32:1) Dhèwèké ya ndonga, ”Oh Yéhuwah, tulung bantu aku bèn isa ngomong, bèn aku isa muji Njenengan.” (Mazmur 51:15) Merga wis diampuni lan ora ngrasa bersalah manèh, Daud dadi péngin nyritakké soal Yéhuwah karo wong-wong.

Yéhuwah péngin njenengan nduwé hati nurani sing resik, ngrasa seneng, lan ora ngrasa bersalah pas nyritakké soal Yéhuwah karo wong liya. (Mazmur 65:1-4) Élinga nèk Yéhuwah wis ngundang njenengan bertobat, ’supaya Yéhuwah ngapura dosa-dosané njenengan lan nggawé njenengan seger manèh’.​—Kisah 3:19.

Martha ya ngrasakké kuwi. Dhèwèké crita, ”Anakku kerep ngirimi majalah Gatèkna! lan Warta Penting. Kuwi nggawé aku dadi péngin nyedhak manèh karo Yéhuwah. Tapi, sing paling angèl kuwi njaluk dosa-dosaku diampuni. Sakwisé beberapa waktu, akhiré aku isa ndonga karo Gusti Allah lan njaluk supaya kesalahanku diampuni. Aku ora nyangka, sakwisé 40 taun ninggalké Yéhuwah aku isa akrab manèh karo Dhèwèké. Iki nggawé aku yakin sapa waé sing wis ngedoh saka Yéhuwah, meskipun wis puluhan taun, mesthi isa nduwé kesempatan manèh kanggo nglayani lan disayangi Yéhuwah.”

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2026 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim